Kresna Gugah
(Basa Jawi)
Nalika Prabu Kresna dadi dutane para Pandawa supaya nyuwun Negara Ngastina sesigar semangka dibagi dening Kurawa marang Pandawa. Sak durunge Prabu Kresna kang dadi dutane Pandawa, Prabu Drupada lan Prabu Matswapati wis tau nglampahi dadi dutaning Pandawa. Nanging kalorone sesepuh Pandawa mau ora ngasilake kekarepane Pandawa kang karep mbatalake perang Baratayudha Jayabinangun, kanthi nyigar semangka Praja Ngastina.
Prabu Kresna kang didereake marang Raden Setyaki sowan menyang Praja Ngastina. Nanging Patih Sengkuni kasil anggone mbujuk Prabu Duryudhana supaya ngukuhi bumi Ngastina. Yen mengkono, pratandha yen Bharatayuda bakal kalaksanan.
Prabu Kresna kang medal saking Praja Ngastina, manahipun duka amargi senajan Prabu Kresna menika titisane Hyang Wisnu nanging durung bisa memahayu-hayuning bawana kanthi mbatalake perang gedhe Baratayudha. Prabu Kresna kang didereake marang Raden Setyaki banjur menyang Balekambang Jalatundha, salah sawijining pasanggrahan ing Dwarawati. Ing kono, Prabu Kresna arep tapa nendra awujud tiwikrama yaksa kang gedhene sak gunung anakan, lan Raden Setyaki kudu njaga gerbang Balekambang Jalatunda.
Tapane Prabu Kresna wis kasebar menyang ngendi-ngendi, nganti tekan para Kurawa, Pandawa, lan Prabu Baladewa kadang sepuhe Prabu Kresna. Para Kurawa lan Pandawa oleh wangsit seka Jawata, menawa sapa sing bisa nggugah tapane Prabu Kresna, kang bakal unggul ing perang Baratayudha.
Para Kurawa lan prajurit Ngastina enggal budhal menyang Dwarawati lang mesanggrah ing Saraswati. Prabu Baladewa uga, mesanggrah ing Tlagawana. Lan Pandawa mesanggrah ing Jeruk Manis. Para Kurawa lan Pandawa, uga Prabu Baladewa wis wiwit mlebu ing gerbang Balekambang Jalatundha kang dijaga dening Raden Setyaki.
Prabu Duryudhana lan adhi-adhine kang nggugah dhisik, kanthi cara kasar. Prabu Duryudhana nabok-nabok pupu kiwane Prabu Kresna, iku bakal dadi srana matine Prabu Duryudana ing Baratayudha. Kurawa ora kasil anggone nggugah tapane Prabu Kresna. Prabu Puntadewa tanggap ing sasmita. Prabu Puntadewa ngerti menawa sukmane Prabu Kresna munggah ing kayangan. Banjur Prabu Puntadewa paring dhawuh marang Arjuna supaya ngraga sukma, nututi sukmane Prabu Kresna kang ana ing kayangan.
Ing kayangan, sukmane Prabu Kresna sowan ing ngarsane Sang Girinata. Ora suwe, sukmane Arjuna uga sowan ing kayangan, banjur ngajak sukmane Prabu Kresna bali menyang ngarcapada. Sukmane Prabu Kresna lan Arjuna banjur bali menyang ragane ing ngarcapada. Saknalika, Prabu Kresna tangi lan badar ngawujud manungsa meneh.
Pungkasan Rembang :
Lakon Kresna Gugah ing jagad pewayangan Jawi nyritakaken usaha Pandawa lan Kurawa kang sami-sami nggugah (mangunaken) Prabu Kresna ing Dwarawati sadurunge perang Baratayuda. Arjuna (makili Pandawa) milih Kresna, dene Duryudana milih bala wadya Dwarawati. Iki nggambarake kahanan milih kabecikan lan kawicaksanan tinimbang kekuasaan fisik.
Ringkesan Lakon Kresna Gugah:
- Kahanan: Perang Baratayuda wis cedhak. Kurawa lan Pandawa padha-padha golek pambiyantu marang Prabu Kresna minangka titisaning Wisnu.
-Panggonan: Ing kraton Dwarawati, Kresna lagi turu (gugah) lan weling ora kena dihudhangake.
- Pilihan: Duryudana lungguh ing sandhing sirah (ndelok kanthong dhuwit/kekuwatan), dene Arjuna lungguh ing sandhing sikil (pasrah lan ngurmati).
- Hasil: Kresna milih mbantu Arjuna/Pandawa amarga teka luwih dhisik lan nduweni sifat utama, dadi penasihat spiritual (bukan prajurit fisik), dene bala Dwarawati dipasrahake menyang Kurawa.
- Piwulang: Nggambarake kejujuran, keadilan, lan kawicaksanan pemimpin (Kresna).
Imajiner Nuswantoro







