SERAT WULANGREH – PUPUH MASKUMAMBANG
(Metafisika, Ontologi, dan Epistimologi dalam Serat Wulangreh Pupuh Maskumambang)
Kosa kata :
Metafisika : cabang filsafat yang mengkaji hakikat terdalam dari realitas, keberadaan (eksistensi), dan alam semesta, serta pertanyaan-pertanyaan yang melampaui ranah ilmu fisika, seperti apa yang ada, waktu, ruang, sebab-akibat, hingga jiwa dan Tuhan. Istilahnya berasal dari bahasa Yunani yang berarti sesudah atau di balik fisika, merujuk pada topik-topik yang berada di luar pengamatan empiris.
Ontologi : cabang filsafat yang mempelajari hakikat segala sesuatu yang ada (eksistensi) serta keberadaan yang ada atau mungkin ada. Istilah ini berasal dari bahasa Yunani ontos (ada/keberadaan) dan logos (ilmu/studi), yang pada dasarnya berarti ilmu tentang keberadaan.
Epistemologi : cabang filsafat yang membahas tentang hakikat, asal-usul, struktur, metode, validitas, dan tujuan ilmu pengetahuan, serta bagaimana manusia memperoleh dan memvalidasi pengetahuan tersebut. Kata ini berasal dari bahasa Yunani, episteme (pengetahuan) dan logos (teori atau ilmu).
1
Nadyan silih bapa biyung kaki nini, // sadulur myang sanak, // kalamun muruk tan becik, // nora pantes yen den nuta.
2
Apan kaya mangkono watekan iki, // sanadyan wong tuwa, //yen duwe watek tan becik, // miwah tindak tan prayoga.
3
Aja sira niru tindak kang tan becik, // nadyan ta wong liya, // lamun pamuruke becik, // miwah tindake prayoga.
4
Iku pantes sira tirua ta kaki //, miwah bapa biyang, // kang muruk watek kang becik, // iku kaki estokena.
5
Wong tan manut pitutur wong tuwa ugi, // anemu duraka, // ing dunya tumekeng akir, // tan wurung kasurang-surang.
6
Maratani ing anak putu ing wuri, // den padha prayitna, // aja na kang kumawani, // ing bapa tanapi biyang.
7
Ana uga etang-etangane kaki, // lilima sinembah, // dununge sawiji-wiji, // sembah lilima punika.
8
Ingkang dhingin rama ibu kaping kalih, // marang maratuwa, // lanang wadon kang kaping tri, // ya marang sadulur tuwa.
9
Kaping pate ya marang guru sayekti, // sembah kaping lima, // ya marang Gustinireki, // parincine kawruhana.
10
Pramilane rama ibu denbekteni, // kinarya jalaran, // anane badan puniki, // wineruhken padhang hawa.
11
Uripira pinter samubarange kardi, // saking ibu rama, // ing batin saking Hyang Widhi, // mulane wajib sinembah.
12
Pan kinarsakaken ing Hyang kang linuwih, // kinarya lantaran, // ana ing dunya puniki, // weruh ing becik lan ala.
13
Saking ibu rama margane udani,// mila maratuwa,// lanang wadon den bekteni,// aweh rasa ingkang nyata.
14
Sajatine rasa kang mencarken wiji, // sembah kaping tiga, // mring sadulur tuwa ugi//, milane sadulur tuwa.
15
Pan sinembah gegentine bapa iki, // pan sirnaning bapa, // sadulur tuwa gumanti, // ingkang pantes sira nuta.
16
Ing sawarah wuruke ingkang prayogi, // sembah kang kaping pat, // ya marang guru sayekti, // marmane guru sinembah.
17
Kang atuduh marang sampurnaning urip, // tumekeng antaka, // madhangken petenging ati, // ambenerken marga mulya.
18
Wong duraka ing guru abot pribadi, // pramila prayoga, // mintaa sih siyang ratri, // ywa nganti suda sihira.
19
Kaping lima dununge sembah puniki, // mring gusti kang murba, // ing pati kalawan urip, // miwah sandhang lawan pangan.
20
Wong neng dunya wajib manuta ing gusti, // lawan dipun awas, // sapratingkah dipunesthi, // aja dupeh wus awirya.
21
Nora beda putra santana wong cilik, // yen padha ngawula, // pan kabeh namaning abdi, // yen dosa ukume padha.
22
Yen rumangsa putra santana sireki, // dadine tyasira, // angediraken sireki, // tan wurung anemu papa.
23
Ngungasaken yen putra santaneng aji, // iku kaki aja, //wong suwita nora keni, //kudu wruh ing karyanira.
24
Yen tinuduh marang sang mahanarpati, // sabarang tuduhnya, // iku estokena ugi, // karyanira sumngkemana.
25
Aja mengeng ing parentah sang siniwi, // den pethel aseba, // aja malincur ing kardi, // aja ngepluk asungkanan.
26
Luwih ala alaning jalma ngaurip, // wong ngepluk sungkanan, // tan patut ngawuleng aji, // angengera sapa-sapa.
27
Amilua ing bapa biyung pribadi, // kalamun sungkanan, //datan wurung densrengeni, // milawanana pinala.
28
Mapan kaya mangkono ngawuleng gusti, // kalamun leleda, // tan wurung manggih bilai, // ing wuri aja ngresula.
29
Pan kinarya dhewe bilainireki, // lamun tinemenan, // sabarang karsaning gusti, // lair batin tan suminggah.
30
Mapan ratu tan duwe kadang myang siwi, // sanak prasanakan, // tanapi garwa kakasih, // amung bener agemira.
31
Kukum adil adat waton kang den esthi, // mulane ta padha, // den rumeksa marang gusti, // endi lire wong rumeksa.
32
Dipun gemi nastiti angati-ati, // gemi mring kagungan, // ing gusti ywa sira wani, // anggagampang lawan aja.
33
Wani-wani nuturken wadining Gusti, // den bisa arawat// ing wawadi sang siniwi, //nastiti barang parentah.
34
Ngati-ati ing rina miwah ing wengi,// ing rumeksanira, // lan nyadhang karsaning gusti,// dudukwuluhe atampa.
Metafisika dalam Filsafat Jawa
Metafisika berasal dari bahasa Yunani yaitu meta ta physika yang berarti hal-hal yang terdapat sesudah fisika. Metafisika adalah ilmu pengetahuan mengenai yang ada sebagai yang ada, yang dilawankan misalnya yang ada sebagai yang digerakkan atau yang ada sebagai yang dijumlahkan.
Contoh metafisika dalam Serat Wulangeh pupuh Maskumambang
(12)
Pan kinarsakaken ing Hyang kang linuwih, // kinarya lantaran, // ana ing dunya puniki, // weruh ing becik lan ala.
(19)
Kaping lima dununge sembah puniki, // mring gusti kang murba, // ing pati kalawan urip, // miwah sandhang lawan pangan.
(29)
Pan kinarya dhewe bilainireki, // lamun tinemenan, // sabarang karsaning gusti, // lair batin tan suminggah.
(32)
Dipun gemi nastiti angati-ati, // gemi mring kagungan, // ing gusti ywa sira wani, // anggagampang lawan aja.
(33)
Wani-wani nuturken wadining Gusti, // den bisa arawat// ing wawadi sang siniwi, //nastiti barang parentah.
(34)
Ngati-ati ing rina miwah ing wengi,// ing rumeksanira, // lan nyadhang karsaning gusti,// dudukwuluhe atampa.
Dalam contoh serat tersebut dapat disimpulkn bahwa semua berpusat dan kembali kepada Tuhan yang Maha Kuasa. Dan dalam pupuh tersebut kita diajarkan untuk mengesakan Tuhan dan tidak melakukan hal-hal diluar tuntunan, karena jika kita taat akan perintah Tuhan maka keberuntungan akan menghampiri kita.
Ontologi dalam Filsafat Jawa
Ontologi merupakan bagian dari filsafat yang paling umum. Ontologi merupakan metafisika umum, yang membahas dan mempersoalkan tentang adanya segala sesuatu yang ada. Ontologi dalam filsafat Jawa dapat dilihat dalam Serat Wulangreh, yang dari awal sudah berdasarkan dengan kenyataan. Ontologi dalam serat Wulangreh terdapat pada pupuh dibawah ini :
Wong neng dunya wajib manuta ing gusti, // lawan dipun awas, // sapratingkah dipunesthi, // aja dupeh wus awirya.
Nora beda putra santana wong cilik, // yen padha ngawula, // pan kabeh namaning abdi, // yen dosa ukume padha.
Yen rumangsa putra santana sireki, // dadine tyasira, // angediraken sireki, // tan wurung anemu papa.
Ngungasaken yen putra santaneng aji, // iku kaki aja, //wong suwita nora keni, //kudu wruh ing karyanira.
Yen tinuduh marang sang mahanarpati, // sabarang tuduhnya, // iku estokena ugi, // karyanira sumngkemana.
Aja mengeng ing parentah sang siniwi, // den pethel aseba, // aja malincur ing kardi, // aja ngepluk asungkanan.
Luwih ala alaning jalma ngaurip, // wong ngepluk sungkanan, // tan patut ngawuleng aji, // angengera sapa-sapa.
Amilua ing bapa biyung pribadi, // kalamun sungkanan, //datan wurung densrengeni, // milawanana pinala.
Terjemahan :
Orang hidup di dunia wajib mematuhi Tuhan-nya // dan juga harus waspada // segala tingakh lakunya harus diperhatikan // jangan karena telah serba bisa.
Tidak ada bedanya anak kerabat rakyat baisa // jika sedang mengabdi // karena semunya adalah abdi // jika salah maka hukumannya akan sama.
Jika dirimu merasa sebagai putra pejabat // menjadikan pikiranmu // membingungkan dirimu // yang apda akhirnya akan menemukan kesengsaraan hidup.
Karena menandalkan sebagai putra pejabat // wahai anakku janganlah begitu // orang yang sedang mengabdi tidak boleh semaunya sendiri // harus memahami apa yang menjadi kewajibannya.
Jika disuruh apapun oleh sang Rarja // atas segala perintahnya // maka jalankanlah // tugasmu laksanakan dengan kesungguhan.
Jangan membantah perintah dari majikanmu // sering-seringlah menghadap // jangan menghianati perintahnya // janganlah selalu merasa sungkan.
Sangat tidak baik atas manusia hidup // orang yang bersifat sungkan // tidak patas mengabdi kepada raja // lebih baik mengabdi kepada siapa saja.
Ikutlah kepada ayah ibunya sendiri // jika pun bersifat sungkanan // pada akhirnya pun dimarahi // dan juga akan dijelek-jelekan.
Epistimologi dalam Filsafat Jawa
Epistimologi merupakan salah satu bagian atau cabang filsafat tentang pengetahuan adalah logika yang memuat logika formal yang mempelajari azas-azas atau hukum-hukum memikir, yang harus ditaati supaya dapat berfikir dengan benar dan mencapai kebenaran. Dalam Serat Wulangreh pupuh diatas merupakan bagian yang meceritakan tentang babon sangyaning pangawikan Jawi atau induk dari segala ilmu pengetahuan. Di dalam pupuh diatas banyak menjelaskan tentang etika menghormati orang lain yang lebih tua, cara berperilakum, pengetahuan yang bertalian dengan agama, juga dalam pupuh diatas dijelaskan mengenai prinip ketuhanan seperti yang telah dijelaskan di atas.
MASKUMAMBANG & TERJEMAHANNYA
01
Nadyan silih bapa biyung kaki nini, sadulur myang sanak, kalamun muruk tan becik, nora pantes yen den nuta.
(Meskipun ayah, ibu, kakek, maupun nenek jika nasihatnya tidak baik, maka jangan kau dengar, tidak patut kau turuti)
02
Apan kaya mangkono karepaneki, sanadyan wong liya, kalamun watake becik, miwah tindake prayoga.
(Demikian seharusnya. Meskipun orang lain, namun memiliki tabiat dan tingkah lakunya yang baik)
03
Iku pantes yen sira tiruwa ta kaki, miwah bapa biyung, amuruk watek kang becik, iku kaki estokena.
Itu pantas kau tiru, Nak, begitu pula jika ayah dan ibu memiliki nasihat yang baik, maka turutilah, Nak.
04
Wong tan manut pitutur wong tuwa ugi, pan nemu duraka, ing dunya praptaning akhir, tan wurung kasurang-surang.
(Orang yang tidak mentaati orang tua itu durhaka, dia akan kena kutuk sejak hidup di dunia sampai di alam akhir)
05
Maratani mring anak putu ing wuri, den padha prayitna, aja sira kumawani, ing bapa tanapi biyang.
(Hingga kelak ke anak cucu. Oleh karena itu, perhatikan sungguh-sungguh, jangan engkau kurang ajar kepada ayah atau ibu)
06
Ana uga etung-etungane kaki, lelima sinembah, dununge sawiji-wiji, sembah lelima punika.
(Ada juga yang disebut dengan lima sujud (bakti), Nak. Adapun kelima jenis sujud (bakti) itu adalah :)
07
Kang dhingin rama ibu kaping kalih, marang maratuwa, lanang wadon kaping katri, ya marang sadulur tuwa.
(Yang pertama ayah dan ibu, kedua kepada mertua baik laki-laki maupun perempuan, ketiga kepada saudara tua)
08
Kaping pate marang guru sayekti, sembah kaping lima marang Gustinira yekti, parincine kawruhana.
(Keempat kepada guru, sedangkan kelima kepada raja (atasan).
Adapun penjelasannya adalah
09
Pramila rama ibu den bekteni, kinarya jalaran, anane badan puniki, kinawruhan padhang hawa.
(Mengapa ayah dan ibu harus dibaktikan, sebab keduanya adalah perantara yang menyebabkan kita hadir di dunia)
10
Uripira pinter samubarang kardi, saking ibu rama, ing batin saking Hyang Widdhi, milane wajib sinembah.
(Semua kepandaianmu bermula dari ayah dan ibu yang secara mata batin berasal dari Yang Mahakuasa. Oleh karena itu (mereka) patut kau sembah.)
11
Ya mulane maratuwa jalu estri, pan wajib sinembah, angsung kabungahan tuwin, aweh rasa ingkang nyata.
(Mengapa kedua mertuamu patut kau sembah, sebab mereka memberimu kebahagiaan dan kenikmatan sejati)
12
Katanipun sadulur tuwa puniki, pan wajib sinembah, gegentening bapa benjing, mulane guru sinembah.
(Sementara saudara tua harus kau sembah karena ia adalah ganti ayah kelak. Adapun guru wajib disembah karena)
13
Kang atuduh sampurnanning urip, tumekeng antaka, madhangken pethenging ati, anuduhaken marga mulya.
(Yang menunjukkan kesempurnaan hidup sampai datangnya kematian, menerangkan gelapnya hati, menunjukkan jalan kemulyaan)
14
Wong duraka ing guru abot sayekti, milae den padha, mintaa sih ywa nganti, suda kang dadi sihira.
(Orang yang dikutuk guru sangat berat, oleh karena itu mengharaplah kasih sayang guru kepadamu jangan sampai berkurang)
15
Kaping lima dununge sembah puniki, mring Gusti Kang Murba, ing pati kalawan urip, aweh sandhang lawan pangan.
(Adapun sembah yang kelima adalah kepada raja yang berkuasa atas hidup dan matimu, memberimu sndang dan pangan)
16
Wong neng dunya kudu manut marang Gusti, lawan dipunawas, sapratingkahe den esthi, aja dumeh wus awirya.
(Orang yang hidup seyogyanya berbakti kepada raja serta menjaga segala tindakan agar selalu benar, jangan sombong meskipun sudah berkuasa)
17
Nora beda putra santana wong cilik, yen padha ngawula, pan kabeh namaning abdi, yen dosa kukume padha.
(Tidak berbeda antara putra raja dan kerabat raja dengan rakyat jelata dalam hal mengabdi. Bukankah kedudukan abdi semuanya sama di mata hukum ?)
18
Yen rumasa putra santana sireki, dadine tyasira, angendiraken sayekti, nora wurung anemu papa.
(Jika kau merasa sebagai putra raja atau kerabat raja, itu artinya kau menyombongkan diri, hal ini akan menyebabkan kesulitan bagimu)
19
Angungasken putra sentananeng Aji, iku kaki aja, wong suwita nora keni, kudu wruh ing karyanira.
(Janganlah kau mengagungkan diri sebagai putra raja, Anakku orang yang mengabdi (kepada raja) tidak boleh demikian, kau harus tahu kewajiban)
20
Yen tinuduh marang Sang Maha Narpati, sabarang tuduhnya, iku estokna ugi, karyanira sungkemana.
(Jika diperintah oleh Sri Baginda, apapun bentuk printahnya, maka hormati dan taati perintahnya)
21
Aja mengeng ing parentah sang siniwi, den pethel aseba, aja malincur ing kardi, lan aja ngepluk sungkanan.
(Janganlah menghindar pada perintah raja. Rajinlah menghadap dan jangan malas menjalankan tugas. Jangan sering terlambat dan menolak tugas)
22
Luwih ala-alane ing wong ngaurip, wong ngepluk sungkanan, tan patut ngawuleng aji, angengera sapa-sapa.
(Seburuk-buruknya orang hidup adalah bangun terlambat dan menolak kewajiban. Jika mengabdi kepada raja bahkan mengabdi kepada siapapun, hal itu tidak layak)
23
Angengera ing bapa biyung pribadi, yen ngepluk sungkanan, nora wurung den srengeni, binalang miwah pinala.
(Ikut pada ayah maupun ibu sekalipun, jika bangun terlambat dan menolak kewajiban pasti dimarahi, disambit, atau dipukul)
24
Apa kaya mangkono ngawuleng aji, yen ngepluk sungkanan, tan wurung manggih bilahi, ing wuri aja ngresula.
(Demikan pula mengabdi kepada raja, jika bangun terlambat dan malas akan celaka, (jika terjadi hal demikian) jangan kau menyesal di belakang hari)
25
Pan kinarya dhewe bilahine ugi, lamun tinemenan, sabarang karyaning Gusti, lahir batin tan suminggah.
(Bukankah celakanya itu hasil kerjanaya juga? Jika kau bersungguh-sungguh secara lahir batin, jangan kau menghindar)
26
Mapan Ratu tan duwe kadang myang siwi, sanak prasanakan, tanapi garwa kekasih, amung bener agemira.
(Karena memang raja tidak memiliki putra, saudara, dan kerabat, demikian puia (raja) tidak memiliki istri atau kekasih, yang dipegang hanya aturan)
27
Kukum adil adat waton kang denesthi, mulane ta padha, den rumeksa marang Gusti, endi lire wong rumeksa.
(Hukum yang adil dan adat istiadat, itu yang dijalankan raja. Oleh karena itu, jagalah. Adapun cara menjaga raja adalah)
28
Dipun gemi nastiti ngati-ati, gemi mring kagungan, ing Gusti ywa sira wani, anggegampang lawan aja
(Hidup hemat, teliti, damn hati-hati. Janganlah kau menggampangkan milik raja, juga jangan)
29
Wani-wani nuturken wadining Gusti, den bisa rerawat, ing wewadi sang siniwi, nastiti barang parentah.
(sekalipun berani membocorkan rahasia raja. Simpanlah rapat-rapat rahasia raja dan cermati selurruh perintahnya.)
30
Ngati-ati ing rina kalawan wengi, ing rumeksanira, lan nyadhong karsaning Gusti, Dudukwuluhe kang tampa.
(Cermatilah segala milik raja dan berhati-hatilah siang dan malam sambil menerima perintah raja (dudukwuluhe adalah isyarat pola tembang berikutnya, yaitu dudukwuluh)
Sumber Referensi :
- Wibawa, Sutrisna. 2013. Filsafat Jawa. Yogyakarta. UNY Press
- Serat Wulangreh pupuh Maskumambang, diakses melalui http://kianomsawukir.blogspot.com/2015/10/terjemah-serat-wulangreh_72.html?m=1 diakses pada Senin 26 November 2018.
Artikel dirangkum oleh Imajiner Nuswantoro