Kautamaning Laku
ꦏꦻꦴꦠꦩꦤꦶꦁꦭꦏꦸ
1. Wong eling ing ilmu sarak dalil sinung kamurahaning Pangeran
2. Wong amrih rahayuning sesaminira sinung ayating Pangeran
3. Angawruhana Ngilmu Gaib, nanging aja tinggal Ngilmu Sarak, iku paraboting urip kang utama
4. Aja kurang pamariksanira lan den agung pangapuranira
5. Agaweya kabecikan marang sesamanira tumitah, agaweya sukaning manahe sesamaning jalma
6. Aja duwe rumasa bener sarta becik, rumasaa ala sarta luput, den agung panalangsanira ing Pangeran Kang Maha Mulya, lamun sira ngarasa bener lawan becik, ginantungan bebenduning Pangeran
7. Angenakena sarira, anyem-ayemna nalanira, aja anggrangsang samubarang kang senedya, den prayitna barang karya
8. Elinga marang Kang Murbehing Jagat, aja pegat rina lawan wengi
9. Atapna geniara, tegese den teguh yen krungu ujar ala
10. Atapna banyuara, tegese ngeli, iku nurut saujaring liyan, datan nyulayani
11. Tapa ngluwat tegese mendhem atine aja ngatonake kabecikane dhewe
12. Aprang sabil tegese perang sajroning jajanira priyangga ana perang bratayuda perang ati ala lan ati becik samangsa sira bisa nyegah sabarang cipta ala, pratanda menang perang sabil
꧋꧇꧑꧇꧉ ꦮꦺꦴꦁꦌꦭꦶꦁꦆꦁꦆꦭ꧀ꦩꦸꦱꦫꦏ꧀ꦝꦭꦶꦭ꧀ꦱꦶꦤꦸꦁꦏꦩꦸꦫꦲꦤꦶꦁꦥꦔꦺꦫꦤ꧀
꧋꧇꧒꧇꧉ ꦮꦺꦴꦁꦄꦩꦿꦶꦃꦫꦲꦪꦸꦤꦶꦁꦱꦼꦱꦩꦶꦤꦶꦫꦱꦶꦤꦸꦁꦄꦪꦠꦶꦁꦥꦔꦺꦫꦤ꧀
꧋꧇꧓꧇꧉ ꦄꦔꦮꦿꦸꦲꦤꦔꦶꦭ꧀ꦩꦸꦒꦆꦧ꧀ꦤꦔꦶꦁꦄꦗꦠꦶꦁꦒꦭ꧀ꦔꦶꦭ꧀ꦩꦸꦱꦫꦏ꧀ꦆꦏꦸꦥꦫꦧꦺꦴꦠꦶꦁꦈꦫꦶꦥ꧀ꦏꦁꦈꦠꦩ
꧋꧇꧔꧇꧉ ꦄꦗꦏꦸꦫꦁꦥꦩꦫꦶꦏ꧀ꦱꦤꦶꦫꦭꦤ꧀ꦝꦺꦤ꧀ꦄꦒꦸꦁꦥꦔꦥꦸꦫꦤꦶꦫ
꧋꧇꧕꧇꧉ ꦄꦒꦮꦺꦪꦏꦧꦺꦕꦶꦏꦤ꧀ꦩꦫꦁꦱꦼꦱꦩꦤꦶꦫꦠꦸꦩꦶꦠꦃ꧈ꦄꦒꦮꦺꦪꦱꦸꦏꦤꦶꦁꦩꦤꦲꦺꦱꦼꦱꦩꦤꦶꦁꦗꦭ꧀ꦩ
꧋꧇꧖꧇꧉ ꦄꦗꦣꦸꦮꦺꦫꦸꦩꦱꦧꦼꦤꦼꦂꦱꦂꦠꦧꦼꦕꦶꦏ꧀ꦫꦸꦩꦱꦄꦄꦭꦱꦂꦠꦭꦸꦥꦸꦠ꧀ꦣꦺꦤ꧀ꦄꦒꦸꦁꦥꦤꦭꦁꦱꦤꦶꦫꦆꦁꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦏꦁꦩꦲꦩꦸꦭꦾ꧈ꦭꦩꦸꦤ꧀ꦱꦶꦫꦔꦫꦱꦧꦼꦤꦼꦂꦭꦮꦤ꧀ꦧꦼꦕꦶꦏ꧀ꦒꦶꦤꦤ꧀ꦠꦸꦔꦤ꧀ꦧꦼꦧꦼꦤ꧀ꦝꦸꦤꦶꦁꦥꦔꦺꦫꦤ꧀
꧋꧇꧗꧇꧉ ꦄꦔꦺꦤꦏꦺꦤꦱꦫꦶꦫ꧈ꦄꦚꦺꦩ꧀ꦄꦪꦺꦩ꧀ꦤꦤꦭꦤꦶꦫ꧈ꦄꦗꦄꦁꦒꦿꦁꦱꦁꦱꦩꦸꦧꦫꦁꦏꦁꦱꦼꦤꦼꦣꦾ꧈ꦣꦺꦤ꧀ꦥꦿꦪꦶꦠ꧀ꦤꦧꦫꦁꦏꦂꦪ
꧋꧇꧘꧇꧉ ꦄꦼꦭꦶꦔꦩꦫꦁꦏꦁꦩꦸꦂꦧꦺꦲꦶꦁꦗꦒꦠ꧀ꦄꦗꦥꦼꦒꦠ꧀ꦫꦶꦤꦭꦮꦤ꧀ꦮꦼꦔꦶ
꧋꧇꧙꧇꧉ ꦄꦠꦥ꧀ꦤꦒꦼꦤꦶꦪꦫ꧈ꦠꦼꦒꦼꦱꦼꦣꦺꦤ꧀ꦠꦼꦒꦸꦃꦪꦺꦤ꧀ꦏꦿꦸꦔꦸꦈꦗꦂꦄꦭ
꧋꧇꧑꧐꧇꧉ ꦄꦠꦥ꧀ꦤꦧꦚꦸꦮꦫ꧈ꦠꦼꦒꦼꦱꦼꦔꦼꦭꦶ꧈ꦆꦏꦸꦤꦸꦫꦸꦠ꧀ꦱꦻꦴꦗꦫꦶꦁꦭꦶꦪꦤ꧀ꦣꦠꦤ꧀ꦚꦸꦭꦪꦤꦶ
꧋꧇꧑꧑꧇꧉ ꦠꦥꦔ꧀ꦭꦸꦮꦠ꧀ꦠꦼꦒꦼꦱꦼꦩꦼꦤ꧀ꦝꦼꦩ꧀ꦄꦠꦶꦤꦺꦄꦗꦔꦠꦺꦴꦤꦏꦺꦏꦧꦺꦕꦶꦏꦤꦺꦣꦼꦮꦼ
꧋꧇꧑꧒꧇꧉ ꦄꦥꦿꦁꦱꦧꦶꦭ꧀ꦠꦼꦒꦼꦱꦼꦥꦼꦫꦁꦱꦗꦿꦺꦴꦤꦶꦁꦗꦗꦤꦶꦫꦥꦿꦶꦪꦁꦒꦄꦤꦥꦼꦫꦁꦧꦿꦠꦪꦸꦣꦥꦼꦫꦁꦄꦠꦶꦄꦭꦭꦤ꧀ꦄꦠꦶꦧꦼꦕꦶꦏ꧀ꦱꦩꦁꦱꦱꦶꦫꦧꦶꦱꦚꦼꦒꦃꦱꦧꦫꦁꦕꦶꦥ꧀ꦠꦄꦭ꧈ꦥꦿꦠꦤ꧀ꦝꦩꦼꦤꦁꦥꦼꦫꦁꦱꦧꦶꦭ꧀
Imajiner Nuswantoro
ꦆꦩꦗꦶꦤꦺꦂꦤꦸꦱ꧀ꦮꦤ꧀ꦠꦺꦴꦫꦺꦴ