Geger Perjanjian Giyanti
Perjanjian Giyanti merupakan perjanjian yang menandai pecahnya Mataram Islam. Perjanjian Giyanti disetujui pada 13 Februari 1755 di Desa Giyanti, Dukuh Kerten, Jantiharjo, Karanganyar, Jawa Tengah. Perjanjian Giyanti melibatkan VOC dan perwakilan dari Mataram Islam yaitu Pakubuwana III dan Pangeran Mangkubumi.
Sejarah Perjanjian Giyanti
Awal mula pecahnya Mataram Islam diawali dari konflik saudara di Kasunanan Surakarta. Pada konflik tersebut terjadi perebutan tahta Mataram Islam antara Susuhunan Pakubuwana II, Pangeran Mangkubumi, dan Raden Mas Said atau Pangeran Sambernyawa. Raden Mas Said meminta haknya sebagai pewaris Mataram yang saat itu diduduki pamannya, Pakubuwana II.
Ayah Raden Mas Said bernama Arya Mangkunegara seharusnya menjadi Raja Mataram, karena merupakan putra sulung dari Amangkurat IV. Berdasarkan silsilah, antara Pakubuwana II dan Pangeran Mangkubumi merupakan saudara yaitu putra dari Amangkurat IV. Sedangkan Raden Mas Said merupakan cucu dari Amangkurat IV sekaligus keponakan dari Pakubuwanan II dan Pangeran Mangkubumi.
Namun, Arya Mangkunegara kerap melawan VOC sehingga diasingkan ke Sri Lanka hingga meninggal. VOC kemudian menunjuk putra dari Amangkurat IV yaitu Pangeran Prabusuyasa sebagai Raja Mataram dengan gelar Pakubuwana II. Pengangkatan ini membuat Raden Mas Said menuntut tahtanya begitu pula Pangeran Mangkubumi. Karena memiliki tujuan yang sama, Raden Mas Said dan Mangkubumi akhirnya bekerjasama untuk merebut tahta Mataram Islam dari Pakubuwana.
Wafatnya Pakubuwana II
Pada tanggal 20 Desember 1749, Pakubuwana II wafat. Hal ini kemudian dimanfaatkan Pangeran Mangkubumi untuk mengangkat dirinya menjadi penerus tahta Mataram Islam. Namun, VOC tidak mengakui pengakatan tersebut dan memilih putra Pakubuwana II, Raden Mas Soerjadi dengan gelar Pakubuwana III sebagai penerus tahta Mataram Islam.
Sebelum meninggal, Pakubuwana II dipaksa menandatangani perjanjian kewenangan VOC dalam mengangkat tahta raja dari Mataram Islam. Akibatnya, sempat terjadi dualisme penggunaan nama Pakubuwana III yaitu Mangkubumi di Yogyakarta dan Raden Mas Soejadi di Surakarta. Kondisi ini membuat Mangkubumi dan Raden Mas Said kemudian melancarkan perlawanan kepada VOC dan Pakubuwana III. Situasi ini dimanfaatkan VOC untuk memecah kekuasaan Mataram Islam. Mangkubumi diberikan penawaran setengah dari wilayah Mataram Islam yang dipegang Pakubuwana III.
Perjanjian Giyanti
Pada tanggal 22-23 September 1754, VOC mengundang Mangkubumi dan Pakubuwana III untuk membahas pembagian wilayah. Pertemuan ini menghasilkan kesepakatan pada 13 Februari 1755 dengan nama Perjanjian Giyanti yang membagi Mataram Islam menjadi dua yaitu Kasunanan Surakarta dan Kasultanan Ngayogyakarta.
Mangkubumi yang mendapatkan wilayah dari Mataram Islam kemudian mendirikan Kesultanan Ngayogyakarta Hadiningrat dengan gelar Sri Sultan Hamengkubuwana I.
Isi dari Perjanjian Giyanti
Isi dari Perjanjian Giyanti meliputi 9 pasal diantaranya :
1. Pengangkatan Mangkubumi menjadi Sultan Hamengkubuwana Senopati Ing Alang Ngabdurrahman Sayyidin Panotogomo Kalifatullah atau separuh Kerajaan Mataram.
2. Diusahakan kerjasama rakyat dibawah kekuasaan Kompeni dengan rakyat Kesultanan
3. Pepatih Dalem dan bupati menjalankan tugasnya masing-masing dan menjalankan sumpah setia kepada Kompeni di tangan gubernur.
4. Sri Sultan tidak memberhentikan Pepatih Dalem serta bupati sebelum memperoleh persetujuan Kompeni.
5. Sri Sultan mengampuni bupati selama peperangan memihak Kompeni.
6. Sri Sultan tidak menuntut hak atas Pulau Madura serta daerah pesisir, yang sudah diserahkan Sri Sunan Pakubuwono II terhadap Kompeni pada 18 Mei 1746.
7. Sri Sultan memberi bantuan kepada Sri Sunan Pakubuwono III.
8. Sri Sultan berjanji menjual terhadap Kompeni bahan makanan dengan harga tertentu.
9. Sultan berjanji menaati semua macam perjanjian yang sudah diadakan antara raja-raja Mataram dengan Kompeni.
Dampak Perjanjian Giyanti
Berikut adalah dampak Perjanjian Giyanti :
1. Terjadinya Pergeseran Nilai–Nilai Budaya dalam Masyarakat Mataram Islam
Dalam Perjanjian Giyanti sangat terlihat otoritas VOC dalam pemerintahan Mataram Islam. Hal ini sangat fatal karena akan menimbulkan kekacauan dalam sistem pemerintahan Mataram Islam.
2. Pecahnya Mataram Islam Menjadi Dua
Pasca disahkannya Perjanjian Giyanti, Mataram Islam terpecah menjadi dua yaitu Kerajaan Islam disebelah timur Sungai Opak yang dipimpin Susuhunan Pakubuwana III bernama Kasunanan Surakarta Hadiningrat. Sedangkan Mataram Islam bagian Sungai Opak dipimpin oleh Mangkubumi dengan gelar Sultan Hamengku Buwana I bernama Kasultanan Ngayogyakarta.
Babad Giyanti Gancaran (01): Dhusun Sala Katetepaken Dados Kuthanagara Enggal
Awignamastu nama Sidhi. Mugi Allah nebihaken kula dalasan panjenengan saking sedaya rubeda, amrih lancar anggen kula gadhah sedya anggancaraken serat Babad Giyanti, anggitanipun Raden Ngabei Yasadipura I. Derenging karsa tan saged ingampah malih, netepi mubaling raos mbabar cariyos ingkang sageda dados tepa palupi tumrap para mudha ing saindenging Nusantara.
Dene ingkang minangka lajering carita, inggih punika alaming nagari Surakarta Adiningrat duk nalika prastawa palihan nagari. Minangka purwakaning serat, kawiwitan nalika Kangjeng Sinuhun Pakubuwana kang kaping kalih wangsul angadhaton ing Kartasura.
Kacariyos ing satunggaling dinten pisowanan, Sang Nata pinarak ing dhampar kencana ingadhep para punggawa miwah santana sarta wadyabala Kumpeni. Cahyanira Sang Nata pindha bagaskara anrangi bumi, mbirat sakeh pepeteng tumuju maring cahya sejati. Ing ari punika sadaya punggawa miwah santana ngraos suka parisuka labet reruweting nagari sampun kendhang. Sang Nata sampun nglenggahi dhampar keprabon malih, mranata sakeh bala saha wangsul ngasta pusaraning adil ing nagari Kartasura.
Kala semanten para punggawa inggih sampun sami ngadhep ing Kartasura, saking pesisir lan mancanagara. Namung sawetawis punggawa ingkang boten sowan, kadosta adipati Madura Pangeran Cakraningrat lan Adipati Panaraga Raden Suradiningrat. Labet anggenipun taksih mranata nagarinipun piyambak-piyambak sabibaripun perang ageng mengsah wadyabala Cina.
Ugi wonten sawatawis santara ingkang dereng ngadhep. Duk alamipun nagara Kartasura resah awit pakartinipun wadyabala Cina, kathah para santana ingkang minglar saking keraton, kadosta: Pangeran Buminata, Pangeran Singasari, Pangeran Pamot lan Raden Mas Said ingkang sampun ajejuluk Pangeran Mangkunagara, saha Pangeran Mangkudiningrat. Tiga pangeran ingkang kasebat wingking putranipun Pangeran Arya Mangkunagara, kadang sepuhipun sang nata. Sasampunipun sang nata kondur angadhaton malih, para pangeran kalawau dereng kersa wangsul dhateng keraton.
Dene ingkang rumeksa kasugenganipun sang nata nalika manjing kadhaton inggih menika tigang bregada wadyabala Kumpeni ingkang dipun pandhegani Tuwan Mayor Baron Hohendorff, satunggaling kumendan ingkang wanter ing jurit, cukat ing karya lan wasis anenuju karsa narendra. Kala bedhahipun Kartasura katon sungkemira sang kumendhan, lan tansah atut pungkur dhateng sang nata. Anggenipun Tuan Komandan labuh labet sang aji boten mambu menawi bangsa sanes, ngasoraken sungkemipun para wadya Jawi piyambak. Marma sanget sihira sang prabu dhateng Tuwan Kumendan ngantos karsa amundhut kadang taruna, ambasakaken adhi. Ing sabarang karya sang nata tansah ngandelaken Tuwan Kumendhan Hohendorff.
Wonten malih punggawa ingkang dados andel-andelipun sang nata mranata nagari, inggih punika kadang taruna Pangeran Arya Mangkubumi. Kala timuripun asma Raden Mas Sujana. Satunggaling manggala prang ingkang mahambeg martatama ing reh pangulahing praja, tata titi sakalir pakarti lan caket karsaning nata. Amrantasi manawi tinuduh jurit, saben prang linulutan wadya saha keringan dening satru. Duk nalika Martapura madeg baris wonten Sukawati, boten wonten satunggal bupati ingkang saged mrantasi. Dupi Pangeran Mangkubumi ingkang tinuduh jurit, Martapura kasoran. Marma sanget kasok sihipun nang nata dhateng kang rayi. Mila Pangeran Mangkubumi lajeng kapatah dados senapatining prang ing nagari Kartasura.
Ugi boten kantun, punggawa ingkang dados manggalaning prabupati lan prawadya, inggih punika sang mantrimuka Raden Adipati Pringgalaya. Pepatih njawi lan taksih sadherek ipe sang nata. Jejeripun Adipati Pringgalaya minangka patih jawi kaampingan patih lebet Raden Adipati Sindureja.
Ing ari pisowanan punika sang nata sampun lenggah ing dhampar rukmi wonten ing sitibentar. Lenggah caket ing ngayun Kangjeng Pangeran Adipati Anom Amengkunagara Sudibya Rajaputra Mataram. Gya Jeng Pangeran Arya Mangkubumi senapati ngalaga ing Kartasura, nuli para santana andher ing kanan-keringipun sang prabu. Boten kantun Tuan Kumendhan lan para opsir Kumpeni, samya sumewa lenggah ing kursi, wonten ing ngadhap kapernah bangsal manguntur tangkil. Kasambet tiyang keparak gandhek ing kanan kering. Dene kang manggen ing pagelaran sang mantrimuka kekalih, Raden Adipati Pringgalaya lan Raden Adipati Sindureja, nuli para nayaka aji lan sagung bupati jawi. Sinambungan para bupati pesisir lan mancanagara ingkang sowan sabalane.
Wiyosipun sang nata ing sitibentar ing ari punika datan pae lawan padatan, duk maksih jaman reja. Nanging ing jero tyas sang nata tansah oneng menggalih risakipun praja, saha kahanan ing kadhaton. Isining kadhaton sampun binesmi dening wadyapala China. Dangu-dangu raosing driya tansaya ngranuhi amimbuhi rerantaning batos. Lhah, punika ta pangandikanira sang nata ingkang kawijil ing lesan:
“Heh, sira Dipati, kadarpaning tyas ingwang, tan kena sinayut arsa angalih nagara. Desa endi kang prayoga ing sisih wetan, sun arsa mbangun kuthanagara? Adipati lan sira Adhi Hohendorff, padha lumakua. Pikiren papan endi kang becik.”
Patih kekalih wotsantun atur sandika, sumedya enggal nglampahi. Sang nata nuli jengkar angedhaton. Para punggawa kang sinewaka gya luwaran. Tuwan Kumendhan lan patih kekalih myang para nayaka njawi abudhalan sareng saari nenitik desa wetan praja kang pyayoga kangge nggalih nagari. Sareng sampun titi pariksane, Tuwan Kumendhan anggalih bilih desa Kadipala papan ingkan proyogi kangge yasa kedhaton enggal. Risang mantrimuka kekalih anayogyani. Desa Kadipala enggal ingkukur badhening kang puri. Nanging sawatawis punggawa semang ing galih. Tumenggung Anggawangsa, Tumenggung Puspanagara lan Tumenggung Mangkuyuda mupakat bilih ing temba, anut jangka, nagari Kadipala badhe dados nagari ingkang langkung arja, nanging cacade enggal risak.
Raden Tumenggung Anggawangsa angling, “Dhuh Ki Lurah, saking panawang kula, dhusun Sala langkung prayogi kinarya kedhaton, badhe tulus basuki lan wimbuh-wimbuh arja. Kukuh sarta bakuh, mulyaning tlatah Jawa, ambaludag donya sabrang angajawi, sirna lelakon yuda.”
Raden Adipati kekalih nyarujuki jangkaning Ki Anggawangsa.
Tuwan Kumendhan anambungi, “Saudara kekalih, lan sagung bupati, desa Sala sanget awonipun. Papane ledhok datan warata, lan malih kacelaken banawi. Anut pamanggih kula langkung sae Kadipala. Ewa makaten yen Kadipala tan prayogi, suwawi nitik mangetan malih.”
Ki Patih kekalih lan para tumenggung nayogyani, lajeng lumampah mangetan nyabrang banawi. Horeg para warga agung ningali wonten priyagung tedhak. Datan lami prapteng ing papan ingkang wiyar, name Sanasewu. Tuwan Kumendhan ngrembagi sae kinarya praja. Sang mantrimuka kekalih tetanya maring Raden Anggawangsa.
Ki Anggawangsa aturipun: “Dhuh Ki Lurah, suwawi tan liyan saking dhusun Sala. Saking petang ulun, yen wonten wetan bengawan tiyang Jawi badhe wangsul agami Budha malih. Lan, ugi tansah tukar padu kaliyan rowing sabab benten keyakinan.”
Sang nindyamantri kekalih lan Tuwan Kumendhan kala miyarsa aturipun Ki Anggawangsa naming saged gedheg-gedheg, semu ngungun maring waskithanipun sang tumenggung. Nanging ingkang radi pakewed, dene papan ingkang jangkanipun sae pinanggih ledhok ngrawa-ngrawa, sungil lan ugi prenah tepi bengawan. Nanging wusana sang patih kekalih, Tuwan Kumendhan tuwin para bupati sarembag bila bakal kedhaton katemtokaken ing desa Sala.
Ki patih kekalih lan Tuwan Kumendhan saha para bupati lajeng wangsul dhateng Kartasura saperlu sowan ngarsanipun sang nata angaturaken lampahing dinuta, purwa madya lan wasana.
Sang nata ngandika, “Heh, Dipati, ingsung amarengi desa Sala minangka kedhaton anyar. Tumuli sira rakita.”
Sang mantrimuka kekalih lengser madal pasilan saperlu mundhi dhawuh sang nata.
Babad Giyanti Gancaran (02) : Kabar Surakarta Badhe Katamuan Gurnadur Jenderal
Sang nindyamantri kekalih lan Tuwan Kumendhan sampun lengser saking ngarsa sang katong, sigra dhawuh mring sagung bupati nayaka jroning praja lan tumenggung mancanagari miwah pesisir, andikaken samekta ing kardi, bandha bau lan kriya kangge yasa kadhaton enggal. Enjingipun sampun bidhal maring dhusun Sala.
Datan kawarna ing enu, sang patih kekalih tuwin Tuwan Kumendhan sampun prapta ing dhusun Sala. Sigra ambabadi badhening puri, tinata binabanjar ing sapantesipun. Wong-wong cilik ing desa Sala kinen ngalih maring desa liyan sami. Oreg polahipun kang sami beboyongan.
Wus tinata-tata, rinarakit, sakeh siti ledhok ingurugan, ingukur amba-dawane. Nanging reh kasusu pager bumi kang puri among jinaro kemawon. Wadya alit gumregut, leksan kang anambut karya. Dene kontha-kanthane nagari anelad ing Kartasura. Paripurnaning pangupakarti Adipati Pringgalaya lan Adipati Sindureja marak sang prabu atur uninga sampating kardi gennya mbadheni puri.
Sang Prabu gya ndhawuhaken tata-tata anetepi adat watoning narpati lamun angalih praja. Sang Prabu lan prameswari sampun angrasuk busana luhung kang pinatik sesotyadi, sorote pindha laban sumunu, dahat lengeng sinatmata. Tanapi para badhaya, manggung lan srimpi wus maharjeng busana. Garwanipun sang nindyamantri kekalih miwah garwanipun para pangeran lan bupati sapanekare ugi sampun ngrasuk busana adi.
Para bupati jero praja punapa dene mancanagara lan pasisir tuwin wadyabala sampun sami samekta ing pagelaran. Sadaya bupati sami ngagem cara basahan. Dene Tuwan Kumendhan sampun nunggil barisipun wadyabala Kumpeni. Tan lami sang nata miyos saking kadhaton, tedhak sitinggil ingayap pra biyada. Rerangkening adicara pindah nagari sampun kawiwitan. Kebut para wadyabala, abusekan saprajagung. Pinengetan angkatipun saking Kartasura ing ari Buda, wanci enjing, wimbaning lek kaping saptawelas, wulan Sura, tahun Je, sinengkalan kombuling pudya kapyarsi ing nata, utawi tahun 1670.
Tedhakira sang nata kinurmatan drel sanjata kaping tiga, sinauran swara mriyen agung magenturan anggegeteri. Slompret tambur musikan suling, bendhe barung monggang kodhok ngorek angungkung, pradangga munya ngerangin ing samargi-margi. Oreg tiyang sanagari. Kapiyarsa swaraning janmi binarung lawan tabuhan mawarni-warni. Drel sanjata kaseling mriyem ageng, sinambut pangeriking turanggagung kadya belah-belaha bumi.
Lampahing wadyagung alerap-lerap pindha ombaking samudera. Kang ing ngarsa badhe waringin kurung bektan saking Kartasura. Nuli kasambung bangsal pangrawit ingusung wewentahan, dwipangga ingayap sratine, kuda titian sang prabu jinajaran para abdi gamel. Ing wuri pra punggawa mantri lan panewu, bupati nayaka njawi sami nitih kuda den songsongi ingiring upacara tinindhihan sang nindyamantri kekalih. Gya sumambung wadyabala kumpeni cacah gangsal bregada, dipun pandhegani Tuan Mayor Hohendorff jajar kaliyan Kangjeng Gusti Pangeran Adipati Anom Amengkunagara.
Ing wingkingipun sumambung para pangulu, ulama ketib juru suranata lan para pengageng tanah pradikan. Lajeng wurinipun sumambung pusaka Kyai Cengkal Baladewa. Nuli para pangeran ingkang ngayap rata Sang Prabu. Ing kanan keringipun ingayap keparak ingkang mangagem busana sarwa abrit samya angampil upacara banyak dhalang lan sawunggaling.
Lajeng wurinipun malih tandhu joli jempana adi aselur tan pedhot, yeku ingkang tinitihan prameswari miwah para putri kadhaton lan swamining pra punggawa. Lajeng ing wingkingipun sumambung para abdi gedhong. Ing wingkingipun malih pusaka-pusaka kraton Jawi mawarni-warni winadhanan kandhaga sinongsongan jenar ingapit para prajurit. Sumambung wuntat pra prajurit wahana kuda. Barisan prajurit katutup sagunging bupati pesisir lan mancanagara sabalane.
Ing samargi-margi tansah tinabuh pradangga ingkang munya angerangin, ndadosaken swasana regeng lan gumyak. Ugi swaraning musikanan wadya Kumpeni, slompret tambur suling bendhe kendhang umyung gumuruh. Lampahing wadya aselur ngebeki margi, ngantos mbalabar. Lampahing wadya yen kaeksi saking mandrawa pindha samudera wutah. Wonten watawis gangsal leksa tiyang ingkang lumampah.
Sasampunipun lumampah watawis dangu, wadyagung prapta ing dhusun Sala. Para prajurit gya ngrakit papan. Bangsal pangrawit ingetrap aneng tarub ageng pagelaran. Sang nata tumuli lenggah ing bangsal pangrawit, para wadya andher sumewa. Sang nata dhawuh wiwit dinten punika dhusun Sala ingalih nama dados nagari Surakarta Adiningrat. Ki pangulu ngulama lan ketib sigra dedonga wilujeng. Sri nata lajeng andhawuhaken nanem waringin kurung sakembaran. Ing ler ingkang mandhegani sang nindyamantri kekalih. Dene ing kidul dipun tanem dening para bupati mancanagari. Sasampunipun tinanem kaurmatan mawi drel sanjata lan mriyem.
Adicara pindhah nagari sampun paripurna, sang nata manjing kadhaton. Para punggawa sami luwaran mring pondhoknya sowang-sowang. Tiyang Kumpeni sinung pakuwon ing wetan alun-alun kapernah ler kadhaton.
Sampun tulus sri narapati ngadhaton ing nagari Surakarta, datan wonten sangsayane. Nadyan dhusun Sala ledhok mandhukul, awit sinantosan dening para santara bupati punggawa mantri, sampun satata rakiting nagari.
Watara tigang wulan wusing pindhah nagari, wonten serat saking Gurnadur Jenderal mring Tuwan Mayor. Wigatining serat sung weruh lamun Jenderal arsa pepanggih lan Sri Narendra. Jenderal arsa uninga kadhaton anyar, sekaliyan arsa njajah tanah Jawi saperlu mariksa loji lan tanah-tanah ingkang risak duk nalika perang Pacina. Tamat pamaosing serat, Tuwan Kumendhan age-age canthel atur nyuwun sowan Kangjeng Sri Bupati. Sampunya ingandikan Mayor singra laju malebet dhatulaya.
Tuwan Mayor matur, “Dhuh pukulun Sri Bupati, amba atur uninga dhateng Tuwan, yen ulun tampi serat saking kaki Tuwan Jenderal. Raosing kang serat, menawi pareng ing kayun Tuwan Jenderal arsa prapta nagari Tuwan, sowan mring padukaji. Rehne paduka mentas karya kitha enggal. Pun Kaki Jenderal lampahe mangetan njujug Madura ngiras amariksa sakathahing dhusun-dhusun ingkang risak duk kala perang Pacina. Saking wetan rawuh ngriki, sampuning pepanggihan konduripun mangilen medal tanah Mataram.”
Sang Nata angandika, “Banget renaningsun dene Kaki Jenderal sarju ing galih martinjo nagari mami. Besok apa nggone prapta?”
Tuwan Kumendhan aturipun, “Rawuhipun Tuwan Jenderal dereng mawi tembaya, kalamun pareng kawula arsa siyaga bandha kinarya mbadheni suyasa ingkang prayoga kagem pakuwon rawuhipun pun Kaki Jenderal.”
Sri Narendra ngandika, “Adhi, panjenenganingsun wus marengi aturira. Sira sarembauga lawan adipati sakarone.”
Kumendhan atur sandika, lajeng jawat asta pamit medal. Samana sampun sarembag kaliyan Ki Patih kekalih. Datan lami sampun sampat bandha bau tuwin kriya. Saksana enggal kawiwitan pandamele suyasa kang badhe kagem pakuwonipun Tuwan Gurnadur Jenderal.
Babad Giyanti Gancaran (3): Mayor Hohendhorff Pepanggihan Kaliyan Pangeran Mangkunagara
Risang Dipati kekalih lawan Kumendhan Hohendorff nembe sengkud mandhegani padamelan yasa pakuwon kangge leremipun Tuan Gurnadur Jenderal. Kasaru praptanipun duta saking Betawi anama Ki Grebong. Duta mundhi nawala saking Pangeran Pancuran. Gatining nawala mangimur amrih Pangeran Mangkunagara wangsul bekti dhateng Sang Nata lan makempal kaliyan wadyabala Kumpeni. Mayor Hohendorff sampun anduga karsanira para Rad Kumpeni ing Jakarta. Duta sampun kinen laju mring pakuwoning Pangeran Mangkunagara ing Panambangan.
Datan winarna lampahe Ki Grebong, sampun pepanggihan lawan Pangeran Mangkunagara. Serat sampun tinampan, binuka sinuksmeng kalbu. Mangkana ungeling serat :
“Pustaka pinandara saliring pudya raharja, saking manah ening kadang wredha kang winilut sangsaya aneng Jakarta, ajejuluk Pangeran Arya Pancuran. Mugi katura ari mami kang dadya woding ati, satriyagung bebisike Pangeran Mangkunagara, kang ambeg santa budya, budiman anrus martayu, tumuse ngasturi ngambar. Mardu mardawa arjanti, jujur ing saparibawa, ambawani pangulahe kridhaning tyas parotama, tumamem ing silarja, memaniking tyas ngumala.
Wiyose kanang kinteki, yayi mas, mugi anirnakna baraning bramantya saha berata kang sandea. Rehning kabubuh sepuh pun kakang dadya nempuh byat ngumbar berawaning ati, cumanthaka atur dununging reh kang sayogya. Lamun datan katampa sayekti cintaka muput, lir keneng papa pantaka.
Boten pisan nedya anyenyela karsaning kadang ingkang sampun ambeg gunawan. Sajatosipun tumrap kaprawiran ing asmaralaga, yayi, sinten kang purun tumanggah kalawan sira ariningong. Yen ta amung sababagira, yekti bakal nungkul sumungkem. Nanging tandukira yayi, lamun sisip ing kalbu cacat temen juwarane. Bebasan mirong kampuh jingga, liripun mbalela ratu miwah mangsah Kumpeni kang balane tanpa wilangan. Sayekti tanpa timbang.
Mila pun kakang kumedah atur pamrayoga, kalamun condhong ing karsa, leheng kondura age, ambebana sihing nata. Kadi langkung utama suwita wong tuwa, dhasar madeg narendra. Dene ta lamun yayi sanggarunggi mring Walanda, panggiha pun kakang dhewe. Awit pangandika Kangjeng Gurnadur Jenderal datan liyan karsanipun amung amrih raharjanira.
Dhuh yayi, suwawi anggen kula asung pirembag dhinahara yekti sae. Umpami datan arsaa mung ngumbar derenging karsa, tan ngeman sedulur tilarane Kangjeng Rama. Lhah, pun kakang atur uning, ramanta kang sawarga atilar putra gangsal. Kang jalu sakawan, wanita sajuga. Ingkang jalu wayahe kuwawa ngembat watang.”
Satamating panupeksi kang kintaka, Kangjeng Pangeran trenyuh ing tyase, sru karantan maring kadang kang wonten Jakarta. Alola linglung wulangun dening tinilar ing rama. Lan jroning tyas katetangi menget lampahaning rama kang dahat karya wirage. Ngantos dangu Pangeran datan ngandika, kembeng-kembeng arawat luh tinenggak-tenggak tan kena.
Saberating wiyadi Pangeran ngunandika, “Babo, limut temen ingong yen bebasaning manungsa lir sarah ing samodra. Sarah manungsane, samodra minangka Hyang Suksma. Saparan-parane sarah akontrang-kantring winasesa dening tirta. Karep pribadi tan duwe. Mangkono uga manungsa, tan wajib yen suwala ing takdire Hyang Mahaluhur. Mung kudu suka narima.”
Saksana Kangjeng Pangeran ngandika dhateng utusan, “Heh Grebong, sira matura marang Kumendhan Hohendorff, rembug kang wus sun tupiksa jroning nawala abanget panuwuningsun. Sih marmane kadang tuwa sayekti ingsun pikir pamrih kang marang raharja. Nora pisan sun mung suka angas karta, tan anut rehing raja lan Kumpeni kang ageng, apadene tan ajrih marang Hyang Suksma. Wis, mung iku wangsulan mami. Lan sira mundura, angasoa maring pondhok.”
Ki Grebong atur sembah lan mundur maring pamondhokan. Sampuning kalih dalu wangsul dhateng Surakarta laju tumameng loji umarek Tuwan Kumendhan. Wus tinutur sadaya dhawuhipun pangeran. Suka Tuwan Kumendhan mirengaken aturipun Ki Grebong, ginalih lamun sanyata. Ki Grebong nulya kinen bali manggihi Kangjeng Pangeran saperlu atur uning yen Tuwan Mayor arsa pepanggihan priyangga aneng desa Picis. Ki Grebong lajeng umangkat laju, Tuwan Kumendhan lumebeng puri.
Prapteng byantara Sang Narpati Kumendhan alon aturira, “Pukulun, yen kapanujon ing karsa, ulun arsa pepanggihan lawan putra Tuwan pun Pangeran Mangkunagara. Sampun samadosan wonten dhusun Picis. Badhe ulun purih mantuka suwita ing ngrasa paduka. Aywa kongsi karya reresah dhateng tiyang padhusunan.”
Sri Narendra ngandika arum, “Adhi sun mangayubagya. Nanging sumelanging tyas mami, kaya-kaya durung nyata si Said kasaguhane. Adate mung nanggakrama supaya den umbara. Sapungkure kang rembug karya aru-ara wong desa malih. Ewa mangkana Adhi, rehning wus jangji panggihan, prayoga mangkata age. Bokmenawa dadi kanyatan nedya mulih maring praja, panjenenganingsun kang bakal paring pangan lan pangkat.”
Kumendhan gya pamit mijil. Enjingipun lajeng mangkat, amung bekta sajuga upas lan rowang Jawa amung tiga. Datan samekta bala. Prapteng Picis wus kepanggih lan Pangeran Mangkunagara aneng wetaning banawi. Pangeran ugi tan mbekta bala, amung tiyang sakawan kang ndherek. Sawusnya jawat asta kekalihipun ngunjuk anggur gawanipun Tuwan Kumendhan, nuli wawan sabda.
Kumendhan micara manis, “Dhuh Pangeran, kadiparan yen kalantur karsa jengandika karya risak wong padesan, sinten ingkang kecalan. Marma kula matur sakalangkung, mugi dhahara pirembag prayogi saking Pangeran Pancuran kang sampun kamot ing serate. Lepat paduka dhateng Sang Nata ingkang sampun kalampahan, kula kang nanggel antuk pangaksama.”
Pangeran lega ing galih mireng rembagipun Kumendhan Hohendorff, dene sagah nanggel leburing sadaya dosa. Pangeran arsa mituhu rembag kondur mring praja. Kekalihipun nulya ngunjuk anggur malih. Pangeran waspada paningale maring pedange Tuwan Kumendhan, kumacelu ayun weruh. Kumendhan datan lenggana. Pedang nuli ingaturaken.
Pangeran narik pedhang sarwi ngandika, “Sudara, pedhang punika dede pedhang Walanda. Sae wangunipun lir pedhang damelan Jawa.”
Tuwan Kumendhan nauri, “Leres pedhang suduk Jawa. Rama paduka ingkang paring wasiyat, kala aneng Pranaraga. Candhabirawa aranipun. Marma pedhang punika saben ari miwah ratri tan kenging pisah sacengkang, tansah kula sandhing. Awit kathah kramatira wasiyat saking Mataram.”
Pedhang nuli sinung wangsul dhateng Tuwan Kumendhan. Gya Kumendhan ayun uning wangkinganipun Pangeran kang katon pelag sarasahe. Dhuwung sampun tinampekaken, tinarik mring Kumendhan. Sanget ngungun Kumendhan aningali pelaging wangunira dhuwung. Dhuwung lajeng kasarungaken malih lan katur wangsul mring Pangeran. Sampuning nutug kekalihe denya sami paguneman, Tuwan Kumendhan pamitan arsa atur uning dhateng Sang Prabu. Kekalihipun jawat asta lajeng bubaran. Tuwan Kumendhan nyabarang banawi ing Picis, Pangeran laju dhateng Panambangan. Nanging sajroning galih Pangeran tan arsa mituhu rembagipun Kumendhan. Menapa ingkang sampun kawijil namung dhapur ananggakrami kemawon.
Kacariyos, Tuwan Kumendhan sampun prapta ing nagari Surakarta, lajeng malebet kadhaton saperlu atur uninga Sang Nata, purwa, madya lan wasana anggenipun pepanggihan lawan Pangeran Mangkunagara. Sawusnya antara lami den anti Pangeran tan ana prapta, taksih madeg baris lan mbebahak padhusunan. Nanging Kumendhan datan maelu malih awit saweg gelak pakaryan suyasa bakal kagem pakuwonipun Gurnadur Jenderal. Pangeran Mangkunagara sakadangipun sami nutug anggenira ngumbar kasuran.
Ana candhake……
Koleksi artikel Imajiner Nuswantoro