Jineman Uler Kambang

0

 Jineman Uler Kambang


HURUF PEGON JAWA



Jineman Uler Kambang

Becik apa wong urip ing ngalam donya. 

Aja ninggal tata kelawan budi utama.

Yen digagas sing dawa urip mung sedela.


.... suwi anggundhuh kelapa.

Rugi gedhe wong urip ngumbar nafsune. 

Becik nganggo ditimbang bener lupute. 

Aja mingar minger, yen minger mundhak keblinger. Yen wus bacut kebenjut mung thenger thenger.





Lirik Uler Kambang


Janur gunung

Ukuran bunder pinola



Sayuk sayuk

Sayuk sedyamu dadekna

Ja lali lho kowe

Gotong royong nyambut gawe

Gones

Aja leren yen jangkane durung teka

Rujak rujak nangka rujake para sarjana

Aja ngaya dimen lestari widada

Gones

Ora butuh godhong kayu

Butuhku mung puji rahayu

Butuhku puji rahayu



Ya mas ya mas

Asung jarwa pangudange kadang wreda

Gones

Mamrih suka sagung kang samya miyarsa



Brambang sak sen telu

Berjuang dimen bersatu

Ya mas ya mas

Brambang sak sen lima

Berjuang kanggo negara

Gones

Salembar godhonge kara

Salembar godhonge kara

Kudu sabar lan narima

Mamrih suka sagung kang para miyarsa




Sendon Singa Tirta


Singa tirta mangsa jalma

Apa baya wus pinesthi wak mami

Wus pinesthi wak mami

Babo raganingsun

Ya rama

Sadhengaha lamun perak ora kena

Dasar nggegilani wulu anggateli



Rawe rawe umpama kembange rawe

Tarimakna karsane Ywang widi



Mung taberi ri ri ri

Lan setiti ti

Iku karsanipun

Ya bapak

Nora suwe Pangeran paring usada




Antuk daya ya ya

Wruhing rasa sa

Rasa mulya

Tan kendih mungkaring karsa

Lila legawa

Suka ing driya tan na suwala

Tan ana rasa sumelang

Kang peteng ginawe padhang

Cinaketna ing wewenang

Sawenang wenang kang tulus

Sinendal ngambali

Sinempen telenging ati

Manembah siang ratri

Sarana antuk aksami




Cahya katri tri ii

Wus nyawiji ji

Sak kedeping netra tan lenggana

Mbabar elar ira

Cumlorot kadi kartika



Gebyar gebyar sri kumenyar

Kadya kencana binobar

Sadengah tumingal

Rumesep reseping ati

Wadung jambe sru kacipta

Cumunduk sekar melati





Lirik Uler Kambang

Tirta_tirta wijil'e angkasa sayuk rukun rukun karo kancane ojo lali lho mas kowe gotong royong nyambut gawe.


Rama nyenyuwuna mring kasembadane sedya


kinclong alah_alah kinclong_kinclong guayane mubyar murup mencorong katon tejane gones yo...rama_ramane dhewe kawi lima putra pria Dhaywang Durna.


Pancasila dasare nagri utama ora pati ayu nanging ngregetake ya..lha ya... mas ya... lha ya ... mas ya... mas ya... mas, man eman_eman_eman rama.........(mandheg/pos)


lir puspita lir werneng kusumeh pura brambang sak sen lima berjuang labuh negara brambang sak sen telu berjuang dimen bersatu gones...


ora butuh godong kayu ya...mas ora butuh godong kayu butuhku tentrem rahayu


ora butuh kae_kae butuhku tentrem atine.



Kandungan isi atau makna dalam lirik jineman satu ini cukup dalam dan mempunyai nilai yang tinggi. Makna yang terkandung adalah mengingatkan manusia untuk selalu rukun, gotong-royong. Mengingatkan untuk selalu berdoa dan memuji Tuhan. Memberikan arahan untuk tidak meninggalkan dasar negara yaitu Pancasila. Memberikan semangat untuk membangun negara, walau kita berbeda namun tidak menjadi masalah, bukan harta dan dunia, namun persaudaraan dan ketentraman hidup dan jiwa yang kita butuhkan.




Imajier Nuswantoro 


Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)