APA ITU MOCOPAT ?

0

 APA ITU MOCOPAT  ?



https://syehhakediri.blogspot.com/2024/10/apa-itu-mocopat.html


Tembang macapat ingkang nggambar aken lelakon uripe menungsa wonten ing alam padhang.


1. MASKUMAMBANG 

Punika nyariosaken perkawis manungsa taksih

wonten alam ruh, ngantos pun tanem wonten ing

guwa garbaning simbok/ibu.


2. MIJIL

Punika lelakone /proses manungsa lair. Mijil utawi

mbrojol / metu si jabang bayi (manungsa)


3. SINOM

Nggambaraken manungsa rikala taksih timur,

ngantos taruna, kebak ing pangajab saha pangangen-angen.


4. KINANTI

Punika nyariosaken perkawis sapa sejatine aku iki, kagem  tumuju marang pangangen-angen / cita-cita

Kinanti punika werdinipun kanthi utawi tuntunan /seserepan, dados kagem mbuktekaken angen-angenipun saget kasunyatan perlu tuntunan.


5. ASMARADANA

Tegesipun nanungsa kang nembe kasmaran kayungyun. Menika nyritakaken perkawis asmara.


6. GAMBUH

Gambuh punika manungsa engkang ampun jumbuh, utawi dados manunggal, saget kasebat, sak 

sampun ipun andum katresnan engkang tumuju dateng urip bebrayan (palakrama/perkawinan)


7. DHANDANGGULA

Anggambaraken manungsa saksampunipun palakrama, urip pun lampahi tumuju dumateng papan , sandang pangan.


8. DURMA

Asalipun saking tembung darma, saksampunipun kacukupan sandang pangan, papan, kedah sedekah utawi sabyantau dumateng sak padaning urip.


9. PANGKUR

Pangkur punika saking tembung  mungkur, artosipun dados manungsa punika sak sampunipun ngamal, kedah nyingkuri hawa nafsu lan dur angkara.


10. MEGATRUH

Megatruh utawi megat ruh, dados pisahing nyawa saking badan kita, dados anggambaraken patining manungsa


11. PUCUNG

Pucung artinipun pocong, utawi jasad manungsa engkang pun bungkus kain mori. Dados hanamung nyritakanken raga manungsa punika namung kantun jasad engkang badhe pun kubur engkang pun bungkus kain mori.


Katur dumateng sesepuh pinisepuh babagan budaya engkang dahat kinabekten.

Monggo sesarengan ngudi kawruh babagan mocopat, mbok menawi kirang trep utawi kirang jumbuh monggo dipun koreksi dipun leresaken sareng-dareng ing pangajab saged kangge patuladan putro wayah

Nuwun



https://syehhakediri.blogspot.com/2024/10/apa-itu-mocopat.html


Sekar Mocopat Pangkur

(Kidung Lelipur Madya Ratri)

Katur mring para sesama

Haywa padha rebut bener sayekti

Elinga yen den bebendu

Purbaning kang kuwasa

Corona minongko pandadaran tuhu

Amemuji mring Hyang suksma

Mrih sirna pageblug yekti

(Hanamung damel lelipur ati)


Aksara Jawanipun :

ꦱꦼꦏꦂꦩꦺꦴꦕꦺꦴꦥꦠ꧀ꦥꦁꦏꦸꦂ

(ꦏꦶꦣꦸꦁꦊꦭꦶꦥꦸꦂꦩꦣꦾꦫꦠꦿꦶ)

ꦏꦠꦸꦂꦩꦿꦶꦁꦥꦫꦱꦼꦱꦩ

ꦲꦪ꧀ꦮꦥꦣꦉꦧꦸꦠ꧀ꦧꦼꦤꦼꦂꦱꦪꦺꦏ꧀ꦠꦶ

ꦄꦼꦭꦶꦔꦪꦺꦤ꧀ꦝꦺꦤ꧀ꦧꦼꦧꦼꦤ꧀ꦝꦸ

ꦥꦸꦂꦧꦤꦶꦁꦏꦁꦏꦸꦮꦱ

ꦏꦺꦴꦫꦺꦴꦤꦩꦶꦤꦺꦴꦁꦏꦺꦴꦥꦤ꧀ꦝꦣꦫꦤ꧀ꦠꦸꦲꦸ

ꦄꦩꦺꦩꦸꦗꦶꦩꦿꦶꦁꦲꦾꦁꦱꦸꦏ꧀ꦱ꧀ꦩ

ꦩꦿꦶꦃꦱꦶꦂꦤꦥꦒꦺꦧ꧀ꦭꦸꦒ꧀ꦪꦼꦏ꧀ꦠꦶ

(ꦲꦤꦩꦸꦁꦣꦩꦺꦭ꧀ꦊꦭꦶꦥꦸꦂꦄꦠꦶ)




KETERANGAN MOCOPAT

Tembang "Mocopat" perlu dipahami bahwa tembang ini adalah alunan sya'ir-sya'ir bersyarat makna dalam yang berisikan doa-doa dan pepuji kepada "Gusti Alloh SWT.".


"Tembang" itu sendiri bermakna "Temen Kumambang" artinya: kesungguhan hati didalam memohon petunjuk dengan penuh pengharapan dari lubuk hati yang dalam.


Sedangkan "MOCOPAT" itu bisa di artikan :

MOCO = membaca

PAT = empat anasir demesta yaitu elemen : Api, Udara, Air dan Tanah yang mana ke-empat itu adalah satu kesatuan unsur kehidupan seluruh makhluk hidup dan alam semesta yang selaras


Semua manusia  berasal dari asal usul kejadian (tercipta) dari ke 4 elemen itu dan diberi penghidupan "Jiwa/Ruh" berasal dari cahaya dan cahya berasal dari "Zat" itu sendiri yaitu "Gusti Zat Kang Moho Agung /ALLOH SWT."


Semoga generasi kita hingga after here, memahaminya dan jangan sampai spiritual, budaya dan keluhuran budi pekerti nusantara bergeser karena serbuan dari budaya asing, sehingga kita mengeluk-elukan bahkan memuja-mujanya sampai secara tidak sengaja melupakan budaya leluhur sebagai identitas kita sendiri.



Imajiner Nuswantoro 



Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)