LAMPAHAN PUDAK NGENDRAPRATHA

0

 LAMPAHAN PUDAK NGENDRAPRATHA





Jejer I Ngastina


Prabu Duryudana, Salya, Sangkuni, Karna, Kartamarma.


Ragum : Murcane Durna amarga lingsem anggone ora bias kasembadan ngrenah patine Pandawa, malah Pandawa antuk kanugrahan wujud Negara Ngamarta. Trus dielingke dening Prabu Salya antara Pendawa klawan Kurawa iku isih tunggal trah, mula ora becik lamun tansah sulaya. Ngendikane Salya dicentulani karo Sengkuni, matur yen tekan kapan wae antara pendawa klawan kurawa iku ora bakalbisa rukun. Trus Salya padu karo Sengkuni, dipisah karo Karna. Ingkeng baku wektu dina iki kepriye carane bisa nemoke maneh Durna amarga Durna iku minangka kekuawatane Kurawa besuk prang Baratayuda Jaya Binangun.


Tamu : Panakawan, matur diutus kadang Pandawa supaya ngaturake nawala sedahan sing isine nyuwun pangestu anggone bakal ngadani jumenengan Ngamarta. Petruk diwangsuli kon nunggu katrangan neng Alun-alun Kedatonan


Adegan  Njaba


Petruk dibantu Anoman sulaya karo Kurawa, prang kagol.


Sengkuni trus gawe rekadaya murih gagale upacara jumenengan Ngamarta, Budal.


Jejer II Jangkar Bumi


Prabu Naga Baginda, Raden Rupatala. Wadya.


Ragum : Krungu kabar ana Negara anyaran kang mapan ing tanah Jawa. Bakal dijajah supaya tambah agung kawibawane. Budalan


Gladagan Dwarawati


Prabu Kresna, Setyaki, Udawa.


Ragum : Anggone bakal ngadani upacara jumenengan ngera ngamarta bakal antuk pacobaning gusti.


Adegan prang simpang Wadya Dwarawati vs Wadya Jangkarbumi, simpang.


Gara-gara


Permadi, Panakawan




Imajiner Nuswantoro 


Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)