Serat Nitisruti Pupuh Pucung 1 - 38
(Terjemahan dalam bahasa Indonesia)
Niti = aturan, sruti = kitab suci.
Layang Nitisruti kaanggit dening Pangeran Karanggayam ing Pajang. Rampung panulise disengkalani nganggo tetembungan “Jaladri bahni mahastra candra” (1534 C ) utawa taun 1612 M. Ing sakawit layang iki ditulis nganggo basa Kawi utawa basa Jawa Kuna, banjur di gubah nganggo basa Jawa anyar dening Ki Mangunwijaya, awujud tembang macapat ing taun 1928 M.
Isine piwulang kabecikan, lan carane wong urip ing alam donya. Layang iki moncer banget nalika taun 1900 an.
Nitisruti kedadeyan saka 8 pupuh yaiku :
1. Pupuh Dhandhanggula : 31 pada
2. Pupuh Sinom : 34 pada.
3. Pupuh Asmaradana : 35 pada.
4. Pupuh Mijil : 27 pada.
5. Pupuh Durma : 23 pada.
6. Pupuh Pucung : 38 pada.
7. Pupuh Kinanthi : 22 pada.
8. Pupuh Megatruh : 39 pada.
Ing ngisor iki cuplikan saka Nitisruti pupuh Pucung
Pucung
1.
Kang sinebut ing gesang ambeg linuhung,
kang wus tanpa sama,
iya iku wong kang bangkit,
amenaki manahe sasama-sama.
(Sing diarani nduweni watak luhur sing ora ana tandhingane yaiku wong sing bisa ngenaki / gawe kepenak, marang atine wong sapadha-padha)
2.
Saminipun kawuleng Hyang kang tumuwuh,
kabeh ywa binada,
anancepna welas asih,
mring wong tuwa kang ajompo tanpa daya.
(Sapepadhane kawulane Gusti kang urip kabeh aja dibedak-bedakake, nandura rasa welas asih marang wong tuwa sing jompo tanpa daya)
3.
Malihipun rare lola kawlas ayun,
myang pekir kasiyan,
para papa anak yatim,
openana pancinen sakwasanira.
(Lan maneh bocah lola sing mesakake, marang pekir miskin, wong papa, anak yatim iku openana sakuwasamu)
4.
Mring wong luput den agung apuranipun,
manungsa sapraja,
peten tyase supadya sih,
pan mangkana wosing tapa kang sanyata.
(Marang wong sing luput sing gedhe pangapuramu. Manungsa sanegara dipek / diambil, atine supaya asih tresna. Sing mangkono wosing / inti tapa kang sanyatane)
5.
Yen amuwus ywa umres rame kemruwuk,
brabah kabrabeyan,
lir menco ngoceg ngecuwis,
menek lali kalimput kehing wicara,
(Yen ngomong aja umres kemruwuk, mesthi akeh sing rumangsa kaganggu, kaya menco ngoceh, lali niyate jalaran kakehan gunem)
6.
Nora weruh wosing rasa kang winuwus,
tyase katambetan,
tan uninga ulat liring,
lena weya pamawasing ciptamaya.
(Ora ngerti apa sing diomongake, jalaran atine katutup, ora weruh ulat / pasemon, ora ngati-ati anggone mawas nalare)
7.
Dene lamun tan miraos yen amuwus,
luwung umendela,
anging ingkang semu wingit,
myang den dumeh ing pasmon semu dyatmika.
(Yen ora mirasa yen kandha aluwung menenga. Ing prakara kang wingit,lan duwea pasemon sing anteng)
8.
Yen nengipun alegog-legog lir tugu,
basengut kang ulat,
pasmon semu nginggit-inggit,
yen winulat nyenyengit tan mulat driya.
(Yen anggonmu meneng legog-legog kaya tugu, lan ulat besengut, semune ngigit-igit, yen dideleng nyenyengit ora ngresepake ati)
9.
Kang kadyeku saenggon-enggon kadulu,
ngregedi paningal,
nora ngresepake ati,
nora patut winor aneng pasamuwan.
(Kang kaya iku saenggon-enggon ketara ngregedi mripat, ora ngresepake ati, ora patut diwor ing pasamuan)
10.
Wong amuwus aneng pasamuwan agung,
yeka den sembada,
sakedale den patitis,
mengetanawarahe Panitisastra.
(Wong kandha ing pasamuwan agung kudu sembada, saunine kudu patitis, elinga wewarahe Panitisastra)
11.
Kang kalebu musthikaning rat puniku,
sujanma kang bisa,
ngarah-arah wahyaning ngling,
yektinira aneng ngulat kawistara.
(Kang kalebu manungsa kang unggul ing jagad yaiku wong sing bisa ngarah-arah wetuning wicara, kang satemene ana ing ulat / pasemin, wis katon)
12.
Ulat iku nampani rasaning kalbu,
wahyaning wacana,
pareng lan netya kaeksi,
kang waspada wruh pamoring pasang cipta.
(Ulat wadana, praen) iku nuduhake rasaning ati, wetuning kandha bareng karo soroting mripat. Sing waspada weruh marang pamoring pasang cipta)
13.
Milanipun sang Widhayaka ing dangu,
kalangkung waskitha,
uninga salwiring wadi,
saking sampun putus ing cipta sasmita.
(Mulane ing dhek biyen sang Widhayaka banget waskitha, weruh sakabehe wadi / rahasia, saka wis putus ing cipta sasmita)
14.
Wit wosipun ngagesang raosing kalbu,
kumedah sinihan,
ing sasamaning dumadi,
nging purwanya sinihan samaning janma.
(Jalaran wose urip iku rasaning ati, kudu ditresnani ing sapepadhane urip, jalaran wiwitane ditresanani sapadhane manungsa)
15.
Iku kudu sira asiha rumuhun,
kang mangka lantaran,
kudu bangkit miraketi,
mring sabarang kang kapyarsa katingalan.
(Yaiku kowe kudu tresna asih luwih dhisik, sing dadi lantaran, kudu bisa ngraketi marang sabarang sing kaprungu lan sing katon)
16.
Iya iku kang mangka pangilonipun,
bangkita ambirat,
ingkang kawuryan ing dhiri,
anirnakna panacad maring sasama.
(Yaiku sing kanggo pengilon bisaa ngilangake sing katon ing awake, ngilangake panacad marang sapepadhane manungsa)
17.
Kabeh mau tepakna ing sariramu,
paran bedanira,
kalamun sira mangeksi,
solah bawa kang ngewani lawan sira.
(Kabeh iku tepakna awakmu, kepriye bedane yen kowe ndeleng solah bawa sing njengkelake atimu)
18.
Nadyan ratu ya tan ana paenipun,
nanging sri narendra,
iku pangiloning bumi,
enggonira ngimpuni sihing manungsa.
(Sanadyang ratu iya ora ana bedane. Nanging ratu kanggo pengilon donya anggone ngimpun tresnaning manungsa)
19.
Mapan sampun panjenengan sang aprabu,
sinebut narendra,
ratuning kang tata krami,
awit denya amenaki tyasing janma.
(Jalaran wis diangkat dadi ratu, diarani narendra, ratune tata krama. Jalaran anggone ngenaki marang atine para manungsa)
20.
Kang kawengku sajagad sru kapiluyu,
kelu angawula,
labet piniluta ing sih,
ing wusana penuh aneng pasewakan.
(Sing diwengku kabeh padha kapiluyu / seneng katut ngawula jalaran saka tresna. Ing wusana kebah ana ing pasewakan)
21.
Milanipun bangkit nentremaken kayun,
saking anggenira,
bangkit mrih arjaning bumi,
de genira angraharjaken bawana.
(Mulane sing bisa nentremake ati saka anggone ngupaya tentreme bumi, ngraharjakake / mensejahterakan bawana)
22.
Wit genipun anggung anggelar wuwuruk,
wuwulang ing kuna,
tinulad linuru-luri,
winarahken lawan manising wacana.
(Jalaran tansah nggelar anggone mulang, wulangan kuna-kuna, diconto lan diuri-uri. Diwulangake kanthi manising tembung)
23.
Kanthi alus raras aris wahyeng wuwus,
winantu santosa,
ing tyas nityasa prihatin,
sing dennyarsa amamayu ayuningrat.
(Kanthi alus laras, sareh anggone kandha / gomong dilambari kasantosane ati kang tansah prihatin. Sing dikarepake amemayu ayuning bumi)
24.
Yeku ratu tetap kawawah amengku,
murba amisesa,
sesining kang bumi-bumi,
wibawanya mrabawani sabawana.
(Yaiku ratu kawasa amengku, mrentah lan nguwasani saisine bumi. Wibawane mrebawani sajagad)
25.
Trusing kayun sih marma mring kawlas-ayun,
mring pekir kasiyan,
para papa anak yatim,
wong pariman pinupu lan ingopenan.
(Terusing ati tresna marang wong sangsara uripe, marang pekir miskin, wong kang kesrakat, anak yatim, wong pepriman dirawat lan diopeni)
26.
Para pandung dursila binujung-bujung,
sesukering jagad,
sinrang siningkerken tebih,
para cidra doracara pinisesa.
(Maling, lan wong ala diuber-uber jalaran dadi malane jagad, ditumpes, disingkirake sing adoh, wong ngapusi padha diukum)
27.
Pinrih ayu maria alaku dudu,
dadi santa setya,
yen meksih meksa tan yukti,
pinrawasa siyasate sinangetan.
(Supaya dadi becik, mareni anggone tindak ala, dadi becik. Yen isih meksa ora gelem dipeksa diukum sing luwih abot)
28.
Sang sinuwun denira matrapken kukum,
adil awarata,
prasasat samodra agni,
nadyan aneng siluk sungil kawasesa.
(Sang ratu anggone matrapake ukum kudu adil, ngibarate samodra geni, sanadyan ndhelik ana ngendi bae, angel, lan panggonan kang sungil uga kudu diukum)
29.
Kang tinuju sanggyaning kang laku dudu,
tan ana sawala,
ing agnyeng sri narapati,
saking adil traping kang pidana dhendha.
(Sing dituju yaiku wong sing tumindak sing ora bener kudu diukum nganti ora sing suwala / nglawan marang parentahe ratu, saka adil anggone matrapake paukuman)
30.
Temahipun misuwur ing rat sadarum,
tetep amisesa,
sesining kang bumi-bumi,
sabawana kabeh karoban prabawa.
(Wusanane misuwur ing sajagad, lan tetep nguwasani saisining bumi, sajagad kabeh kalah prabawa)
31.
Wulangipun satata mintir lumintu,
sakehing tumitah,
winruhken ing tata krami,
asatemah samya tut nurut trapsila.
(Wulangane ditata kanthi becik, lan mintir / terus menerus, ora ana kendhate. Sakabehe manungsa diweruhake marang tata krama, wusanane kabeh tunduk, patuh nindakake kabecikan / aturan)
32.
Paminipun acucundhuk sekar arum,
gung kongas mengambar,
mitonken warnaning sami,
sumawuring jagad pndha tirtamarta.
(Upamane wong cundhuk kembang ganda wangi, gandane ngambar-ngambar lan nuduhake warnane sing endah, sumebar ing saindenganing jagad pindha / kaya tirtamarta)
33.
Sagungipun kang sinung wulang wuwuruk,
wineruhken marang,
salwiring kang para wadi,
samya sayuk yek rumeksa arjeng praja.
(Sakabehe sing nduweni wenang mulang muruk, dituduhake (diweruhake) sakabehe kang dadi rahasia / wadi, supaya padha njaga karaharjaning negara)
34.
Wit sang ratu kang dadya esthining kalbu,
mung arjaning jagad,
kagunan wolung prakawis,
gung ginelung gumeleng dadya sajuga.
(Jalaran sang Ratu sing digayuh mung karaharjaning negara. Kagunan / kepandaian, wolung prakara digelung /dipadukan, dadi siji)
35.
Kang ginilut tinulat tinurut-turut,
warah wurukira,
sri Ramawijaya nguni,
mring kang ari sang Gunawan Wibisana.
(Sing diperdi kanthi temen, diconto lan diturut yaiku wulange Ramawijaya jaman biyen marang rayine sang Gunawan Wibisana)
36.
Rinten dalu ameleng kagunan wolu,
ginunem ginulang,
ginilut tan kena lali,
saben dina mung angesthi Asthabrata.
(Rina wengi sing dipikirake mung kagunan (kepandaian) 8 prekara, digulang, disinau aja nganti lali. Saben dina tansah nggegulang Asthabrata)
37.
Kang rumuhun anunulat lampahipun,
Hyang Endra bathara,
anggung angglar tata krami,
maring janma sajagat rat pramudhita.
(Sing kawitan nyonto lakune (tindake) Bathara Endra sing tansah nggelar (mulang) tata krama marang manungsa sajagad pramudhita)
38.
Tandukipun tinindakken mrih pakantuk,
ing pangreksanira,
lan paramartaning kapti,
kinanthenan lumintuning dana boja.
(Tanduke perbuatan) ditindakake supaya oleh anggone ngreksa praja, supaya dadi bungahe ati dikantheni tansah menehi dana marang kawula)
Koleksi Artikel Imajiner Nuswantoro