7) KAWITANE WONG JAWA LAN KAWITANE WONG KANUNG (Seri : VII. Adege negara MEDHANG-Metaram I)

0

7) KAWITANE WONG JAWA LAN KAWITANE WONG KANUNG

(Seri : VII. Adege negara MEDHANG - Metaram I)

 

(Dening Mbah Guru Kawetokake dening Dewan Pengandhar Sabda Badra Santi ing Padhepokan Argasoka)

 

 


VII. Adege negara MEDHANG-Metaram I

 

In taun Masehi: 725, ana wong Kanung wegig saka Medhang-Kamulaan (Teluk Lusi Blora) kang isih klebu trah-tedhake Dattsu Dewi Simah, asmane Hang Sanjaya. Dheweke ngajak wong-wong Medhang Kamulaan, wong-wong Keling lan wong-wong Rananggana, diajak bebadra nggalang Banjar papane ning bumi sawetane Gunung Dieng, punjere Banjar dumunung ning Adireja sawetane Gunung Buthak (Kabupaten Temanggung). Wong-wong mau ngumpul ning wong-wong Kanung sisane panjebluge Gunung Dieng sing manggon desa-desa: Gemawang, Kemiri, Limbangan, Boja,; wong-wong mau Agamane Hindhu-Kanung pemuja Lembu-Nandhi lan Lingga-Yoni. Hang Sanjaya nggone nggalang banjar lan punjere kutha dumunung ning Adireja kuwi perlune :

 

1.    Nedya nguripake penambangan wlirang sing wis pusa kanggo pedagangan maneh karo negara China.

2.    Supaya bisa cedhak nggone ngirup Desa-desa sing biyene dadi Krerehane Leluhur Endriya pra Astha.

3.    Sesambungan dagang karo negara Sabrang nggunakake plabuhan Teluk-Bodri sing ngongkang segara Jawa, nuli munggah pagenengan Singaraja, Sukareja, lan Candhirata mbanjur tutug Adireja. Hang Sanjaya menehi jeneng negarane mau aran: Medhang-Metriyem (Tegese: Babone saka Medhang), lawas-lawas tembung kuwi malih luntur dadi: Medhang-Metaram.

 

Wong Medhang-Metaram kuwi agamane rupa-rupa :

 

1.    Hang Sanjaya dhewe agamane Buddha-Kanung naluri saka Leluhur Keling Bhikku Janabadra.

2.    Wong-wong pinter mentereng-kutha agamane Hindhu-Chola.

3.    Wong kolod pemuja Lingga-Yoni pemundhi Sembok/Semak isih agama Hindhu-Kanung.

4.    Wong Cilik Sudra-papa urip rekasa rejekine ora mingsra, ora butuh ning Agama ora mikir swarga-neraka. Butuhe mung ngupaboga nggo nyampeti kaluwarga.

5.    Wong Medhang-Metaram kuwi sanajan Kapercayan lan Agamane rupa-rupa, nanging padha bisa rukun gotong-royong setya ning Negara/Praja. Nalika netepake adege negara Medhang-Metaram lan Undhang-undhang pranatane Praja, swarane sing menang : Wong sing ngagungake Sastra Palawa lan Taun Syaka.

 

Swarane wong sing ngugemi sastra lan titi taun jawa Hwuning dadi kalah, dianggep Kolod wis ora njamani (Sanepane dianggep kaya Baya-putih sing wis tuwek-loyo). Wusanane sastra Jawa-Purwa karangane Dattsu Agung Pucangsula Dewi Sibah, lan taun Jawa-Hwuning karangane Dhanhyang Kie Seng Dhang malih ora dikanggokake dadi kabur ilang. Negara Medhang-Metaram ngganti resmi ngunakake sastra Palawa lan taun Syaka nalika taun 654 (=Tahun Masehi: 732).

 

Tan Syaka kuwi taun Pengetan nalika jumenenge Raja Khaniska I wangsa Kushana, diwisuda dadi Narendra negara Chola India Kidul. Dadi dudu asli taune wong Jawa-Purwa.

 

Dongeng Crita-Legendha :

 

Pujangga Jawa nggawe crita Aji Saka (= Kabudayan Saka) ngalahake Baya-Putih (= Kabudayan Suci Jawa-Hwuning). Matine sampyuh perang abdi-loro Dora Sambada rebutan kerise Bendarane dikarang digawe Crita dumadine Sastra Jawa-Legena (Jawa-anyar):

 

HA NA CA RA KA

DA TA SA WA LA

PA DHA JA YA NYA

MA GA BA THA NGA

 

SIGEG

 


 



Bersambung :





Koleksi Artikel Imajiner Nuswantoro

Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)