8) KAWITANE WONG JAWA LAN KAWITANE WONG KANUNG
(Seri : VII. Dumadine negara LASEM)
(Dening
Mbah Guru Kawetokake dening Dewan Pengandhar Sabda Badra Santi ing Padhepokan
Argasoka)
VII.
Dumadine negara LASEM
Sawise
panjebluge Gunung Murya (Taun Masehi: 471), segara Teluk Kendheng kang
keblabaran blegedebane Gunung Murya lan klongsoran lemah gompinge Pegunungan
Kendheng-gamping mau, ing taun Masehi: 850, wis malih dadi dharatan: Pamotan,
Sulang, lasem, Rembang lan Juwana; wujude bumi isih katon banthak ngilak-ilak
cengkar, ning kana kene mung ana grumbul rerungkudan sarta wit Bogor (=Tal)
kang nggrembel gegrombolan. Mung sing cendhak perenge gunung, sing isih akeh
wit-witane subur ledhung-ledhung. Ing nalika jaman kuwi wis ana wong Kanung
saka desa Criwik lan Sindawaya padha mudhun bebadra mbubak bumi nyithak tegal
sawah karasan pekarangan ning bumi pagenengan sakulone Gunung Bugel,
dipangarsani wong aran: Ki Wekel. Wong-wong mau padha dadi Tani-pokol nandur
jagung-kodhok, kacang-tholo, lan tela elung; desa bubakan-mau katelah aran
desa: Tegalamba lan Karas (Karasmula, Karasgedhe, Karaskepoh). Wong-wong liyane
sing uga lunga bebadra nanging gemang bubak adoh-adoh, mung terima padha bubak
ning perenge Gunung Bugel lan Gunung Gebang sarta lembah sakulone nggunung sing
lemahe padha nyumber banyune ngembong dadi rawa, akeh iwake kutuk lan iwak sili
gedhe-gedhe; bumi kono sing didadekake desa karan desa Sumbersili (=saiki desa:
Sumbergirang, dipangarsani adhike Ki Wekel asmane: Ki Welug, wong pinter sing
akeh akale. Wong Sumbersili kuwi panggaotane mung Tani-ngothek undhuh-undhuh woh-wohan
kebon-alas utawa memet iwak rawa; wong-wong mau nduweni kapercayaan: Titah kuwi
wis duwe jadhangan pangan nalika Tumitah-Urip; sing nandur jambu-klethuk kuwi
Semut-getem nggondhol wiji jambu kletuk didokok elenge ngisor watu. Codhot,
kalong, lawa nggondol woh-wohan pelok beton lan kebroke padha rugol thukul
saenggon-enggon. Mula ora ana carane wong tani-ngothek kuwi padha repot-repot
nenandur; wit woh-ohan rak wis padha thukul-Dhewe amrah-saenggon-enggon,
iwak-iwak wis padha bebranahan tengkar-tumengkar Dhewe. Menusa ora nandur ora
ngingoni mungkari krapa kari memet misaya masang wuwu.
Ing
taun Masehi: 870, ana wong neneka saka negara Siyem, nedya bebadra cakalbakal
ning bumi pesisir kulone Gunung Argasoka, ndharate ning Sunglon ereng-erenge
Pongol pesisir mau; bareng wis mantrah desa kono mau dijenengake: Pereng.
Nggone bebadra mau dipangarsani Bhikku Agama Buddha asmane: Gam Swi Lang,
krandhah wargane padha nggalangake Sanggar lan Pasraman ning bumi sakidule
pongol pereng madhep ngulon. Wong-wong Jawa-Kanung nggone ngarani Pasraman mau
aran: Gambiran (=Saka asma: Gam Swi Lang owah aran: Gambiran). Kakek Gam Swi
Lang mulangake Agama Buddha-Kanung mundhi ngluhurake asmane Dattsu Dewi Sibah;
tumrape wong Siyem Dattsu Dewi Sibah kuwi dianggep Maharani sing wis sarira
Bodhisatva. Citrane Sang Dewi dipetha diukir wujud reca
Bodhisatva-Avalokitesvara cakrik Reca negara Keling/Keled Bodhisatva ngagem
makutha Praba-kudhup Melathi; reca didokok ning altar saburine reca Sang
Buddha. Wong Jawa-Kanung lan wong Siyem kuwi lawas-lawas padha sambung jodhon
sesilangan, ora ana sing mbedakake Trah asline utawa Kapercayan Agamane.
Ing
taun Masehi: 880, Ki Welug nyuwita Bhikku Gam Swi Lang perlu meguru Ilmu Agama
Buddha lan ilmu-ilmu liyane. Sawise bontos lan lulus sakeehing piwulang, Ki
Welug diparingi titel Pujangga lan asma Wisudhan Kapujanggan, asma: Mbo
Widyabadra. Sawise mulih nuli mulangake Ilmu-Karya ning krandhah rakyate. Sing
luwih elok wong Sumbersili mau diwulang nggawe panganan:
Woh
Kamala dibesta gula digawe manisan.
Olah-olahan
lawuhan: Iwak rawa sawise diresiki nuli diwadhahi klenthing disap-sap
sega-jagung lan uyah, diperem limang dina nganti bosok gandane buwadheg arane:
Bekasem (utawa: Masin). Ngolahe: Dibothok diuled karo krambil enom parudan,
digawe lawuh mangan sega-jagung jangane elung utawa kangkung kela-asem rasane
ngabelani banget.
Lebar
mangan nganti ateb swarane seru: “Hwaeeeek. Aduh Semboooook segere!!!” Nuli
ngenyut manisan Kamala karo lenger-lenger lungguh lincak ora klamben kringete
gumrobyos, silir-silir angin semribit saka Gunung Bugel karo mambu gandane
kembang sangketan sengir-wangi; uripe wong Tani-ngothek Sumbersili sing
kayangono kuwi wis ngrasa girang seneng ayem. Ki Welug Widyabadra ngajak wong
Sumbersili nggawe bata gedhe-gedhe perlu digawe tembok nanggul sumberan kang
mili pating sreweh mbleberi Desa, banyune diilekake mlebu kali Semangu lan
Kemandhung mbajur ajor kali tegalamba terus mlebu rawa Narukan. Liya kuwi
wong-wong mau diwulang dadi Kundhi nggawe grabah-lemah, jothoke karan: Kundhen.
Uga diwulang dadi Pandhe jothoke karan: Pandheyan. Wong-wong wadon Kundhen
diwulang nggawe Ampo-lempeng, lemahe ngapek saka gompeng Palwadhak sing ana
lempunge kete-kuning yen wis dadi Ampo rasane rada gurih. Wondene wong-wong
Tani-pokol Tegalamba diwulang nandur pari sing tanpa mbutuhake diembong banyu,
bibite saka sumbangane wong-wong Siyem arane pari Gaga-rancah, dadine beras
aran: Krotog. (Aja diucapake muni: Gogo dipangan kebo loro!! Benere diucapake
muni pari Gaga, sing nandur wong tegalamba lan wong Karasmula, ditandur kulone
desa).
Adege banjar Karanggan dadi Kutha LASEM
Wong
Kanung Tani-ngothek lan Tani-pokol dipimpin Mpu Widyabadra kuwi padha guyub lan
seneng banget, dheweke nuli diangkat dadi Rangga (=Pemimpin Karya) sarta
pindhah nggawe panggonan karan banjar: Ke-ranggan = Kranggan. Ora lawas banjar
Kranggan kuwi malih reja kaya kutha, mbanjur dijenengake, kutha Lasem. Ngapek
aran saka tembung: Kama-la lan Beka-sem. Nalika ditetepake dadi kutha Lasem ing
masa Bedhidhing taun Masehi: 21 Juni 882 kanthi pahargyan gedhen. Mpu
Widyabadra nggawe pengetan Candrasengkala Taun Syaka: 804 = (Akarya: 4,
kombuling: 0, manggala; 8) : Akarya kombuling manggala.
Sasedane
Mpu Widyabadra (Ki Rangga) ing taun Masehi: 920, kutha Lasem-Argasoka suwene
nganti 425 taun tutug pangwasane Mpu Metthabadra ing taun Masehi: 1345, ora ana
dahuru lan sambekala. Negara Lasem kuwi bumine cengkar uripe Rakyate
kontit-kawuri banget katimbang karo Rakyate negara-negara gedhe Gunung Kidul
(Mataram-Parambwana, Daha, Kedhiri, Singasari); nanging pikire wong Lasem kuwi
padha ayem-mlekedhem sabar-darana. Mulane negara-negara gedhe mau ora ana sing
sudi nglajak utawa njajah. Lagi wiwit jaman Pangwasane Prabu Ayam-Wuruk
Majapait, birawane Patih Arya Gajah bandhol-perang Panglima Angkatan Laut
Majapait wong saka desa Mada (salore Kecamatan Plosso, Kabupaten Jombang);
Akuwu Lasem Mpu Metthabadra ditelukake, pemrentahan Lasem digingsir digantekake
Wakile yakuwi Dhampuawang Pr. Rajasawardhana kaipe Prabu Ayam-Wuruk.
Adege Kraton LASEM Dewi Indu-Purnamawulan
Prabu
Ayam-Wuruk tindak Lasem karo rayi nak-dulur misan Dewi Indu Purnamawulan garwa
Pr. Rajasawardhana. Dewi Indu diwisudha dadi Prabu-putri Lasem; ing nalika taun
Masehi: 1351, manggon Puri Kriyan (Tilase saiki dadi Wisma Yatim Piatu Jl. Raya
Lasem) Kaendahane lan Tataraharjane kutha Lasem kecathet ning buku Sabda
Badra-Santi dening Mpu Santibadra.
Kraton Majapait ambruk
Jamane
Sri Kertabhumi (Kertawijaya) ratu Majapait, kaluhurane nanendra wis malih
surem, awit para Penggedhe nayaka-praja wis padha mangro-tingal ora bekti ning
Narendra; pikire ora setya ning Praja:
Padha
slingkuh ngenthu-enthu donya-rajabrana.
Wis
ganti ngidhep ing Gusti ning Agama liya, ora ngidhep Agamane negara Majapait.
Penggedhe-penggedhe
pesisir lor wilayahe Majapit wis padha mbalela, malih ganti bekti ning Shunan
Seh maulana Maghribi.
Uripe
Kawula rakyat majapait wis klendran ora kopen, bumi alas lan bengawan Brantas
diebrakake Penggedhe; bregat-bregat dutebangi kanggo mbangun dalem brenggi.
Sri
Kertabumi dimusuhi Girindrawardhana Adipati Kedhiri rebutan waris kuwasa Tedhak
Leluhur Kedhiri. Girindrawardhana gemang dikwasani Sri Kertabumi Majapait,
wekasane thukul daruru pembrontakan ning Kutha Majapait.
Negara
Majapait diprawasa kedhiri, dipit karo negara Pesisir kang musat ning
Kashunanan Gresik. Negara Majapahait rontog rusak korat-karit sirna ing taun
Syaka: 1400, di Candrasengkala: (Sirna: 0, wuk: 0, kertaning: 4, bumi: 1) =
Taun Masehi 1478.
Nalika
geger pembrontakan kuwi ana Mpu Guru asmane Pr. Santibadra, pujangga Seni
Budaya Majapait pangkat: Tumenggung ing Wilwatikta; ditawan
Penggedhe-pembrontak Majapait, nanging Mpu Guru bisa lolos kondur ning Lasem
karo abdine telu. (Kacritakake ning buku Sabda Badra-Santi). Satekane Lasem
kojur, awit kutha Lasem wis dadi negara Islam dikwasani Adipati-putri Maulani
Malokhah, kang isih kapernah putra mantu-ponakan dhewe. Eyang Pr. Mbu Guru
trima ngalah lumengser dadi Sramana mertapa ning Gunung Tapa’an-Ngargasoka,
ngiras mulangake Ilmu Endriya pra Astha ning para Pendhita-pendhita Kanung
Ngargapura Lasem, sarta ngarang Pustaka Sabda Badra-Santi (Begja-Rahayu).
Nggone dadi Sramana ning kono tutug sepuh seda ing taun Masehi: 1527,
awu-layone dikubur ning pundhen Tapa’an kono nunggal sakluwat kumpul karo
awu-layone para Dhanhyang leluhur Agung Ngargapura Lasem, yakuwi :
1.
Eyang Kie Seng Dhang Dhatu Tanjungputri, seda ing taun
Jawa-Hwuning: 30 (=200 taun sadurunge Taun Masehi). Sing dikubur ning kono mung
Reliqe, dudu awu-layone.
2.
Eyang Hang Sambadra Dhatu Pucangsula, seda ing taun
Masehi: 425.
3.
Eyang Dewi Si Ba Ha (Dewi Sibah) Dattsu Pucangsula,
seda ing taun Masehi: 445.
4.
Eyang Rangga Widyabadra, Mpu sing cakalbakal kutha
Lasem; seda ing taun Masehi: 920.
5.
Mula ning Pundhen Gunung Tapa’an kuwi sejatine ana
kubur awu-layone leluhur Agung lima. Asmane sing nonjol-kaloka mung Eyang Mpu
Guru Pr. Santibadra, sabab Eyang Mpu Guru wis ninggali Karangan Sloka wasita
Adiluhung Pustaka Sabda Badra-Santi minangka gegaran kanggo Ulah Kautaman
tumuju ning kabegjan lan Karahayon.
6.
Nganti wektu-siki Pundhen Gunung Tapa’an kuwi isih
wujud Pundhen kang mung dicungkup sarwa prasaja-banget, mung nganggo pager
bethek-kayu tanpa omah pangauban udan/panas kanggo para Petirakat
Tuguran/Nyekar kang padha rawuh sumewa ning kono. Pangestine Wong-wong nggunung
kono kang padha mbesiki lan memundhi Pundhen Leluhur Ngargapura kuwi padha
ngantu-antu.
Catetan
:
Muga-muga
enggal anaa Priyagung/Wiryawan/Dhanawan padha kesdu mangastuti mbangun omah
Pangauban sarta nggawekake dalan tumuju munggah ning laladan Pundhen Tapa’an
kono, supaya ing tembe ndadekake regeng-rejane Desa kono dadi papan Pariwisata;
wong desa Ngasinan mbanjur bisa bukak-dhasar nggawe warung jajanan, panganan
lan omben-omben kanggo nglayani para Wisata kang mbutuhake isen-isen.
Dhek
jaman kuna, suwargi kakek Kanung R. Panji Karsono ing Kemendhung Laem, sok
masitani krabat-kadange Wong-wong Gunung Ngarga; kanthi dikidungake:
“Mangastuti
uggyaning Ibu-pertiwi, sukalila mbangun Taman-Argasoka; Nagri: Jladri ardi wana
khudup-mlathi.”
Dhek
biyen dhek isih jaman penjajahan Landa, akeh wong-wong Tuwa sing apal
rengeng-rengeng nembangake Slokane Mbah Panji sing aneh ngono kuwi, nanging
wong-wong mau ora ngreti jluntrunge lan tegese Warsitane kidung kuwi. Yen ana
wong sing wani takon ning Mbah Buyut Kanung, jawabe iya mung sarwa pralampita :
“Mbesuk nggeeeer ! Yen wong Jawa wis
akeh sing padha ra i ketan, wis kemba Mangan-jali ning wong Tuwa; para-putri
ora risi nganggo kathok-cekak sa-nduwure cingklok. Para priyayi dines-resmi
kathokan landhung ngagem pici, katon bregas miyatani. Lha ing kono titi-wancine
para Janma kang Luber-arta luhur-budi, pada memetri mbanun Pudhen-suci kapetha
Candhi. Buyut dhewe iki wis ora menangi jaman kuwi!!!!”
TAMAT
Sigeg :
Sigeg tegese mati tumrape aksara (huruf),
dadi sandhangan panyigeg wanda yaiku sandhangan kang digunakake kanggo
ngganteni aksara sigeg (huruf mati). Aksara sigeg (huruf mati) kang diganteni
nganggo sandhangan iki ana telu, yaiku : A. ng, nga, h B. m, h, lan nga C. h, r
, lan ng D. u, h, r
Tambahan
Keterangan :
·
Taun Sejarah diganti taun Masehi, kanggo nggampakake
pamikire para Sutresna Sejarah.
·
Negara Pucangsula, Medhang-Kamulaan, Keling,
Rananggana, isih nggunakake Taun Jawa Hwuning lan Sastra Jawa-Purwa.
·
Negara Medhang-Mataram I, lan Mataram II (Parambwana),
wis nggunakake sastra Palawa lan taun Syaka.
·
Negara Medhang-Mataram I,. Kedhiri, Majapait, Lasem,
nggunakake Taun-Syaka
Babon sejarah :
·
Saka Cathetan lan Critane swargi Kakek-kakek Kanung
Ngargapura
·
Saka Critane Singkek-singkek suku Chaow Syuhu-Gwamia, lan
Shinsey engkong Tya An guru Bhs Kwo le Lasem, taun Masehi: 1930
·
Pustaka Sabda Badra-Santi
Koleksi Artikel Imajiner Nuswantoro