SERAT PARAMAYOGA PANGKUR
Paramayoga, Sasraningrat, 1894 (Babagan Pupuh 01–24) lan
Paramayoga, Sasraningrat, 1894 (Babagan Pupuh 01-44)
Pangkur
1. mungkuring tyas Sayid Anwar | datan nêdya mèstu rèhing sudarmi | mangkana osiking kalbu | yèn sun mêksih anuta | agamane jêng eyang suwargènipun | tan wun kasipatan ngaral | rumakêt lara lan pati ||
2. tanpa tuwas ngong tumitah | Sayid Anwar gya lolos saking nagri | sêdya lêlana angruruh | kang minăngka sarana | murih sagêd kalis ing roga myang lampus | dupi lampahira dungkap | sajawinirèng nagari ||
3. kacatur nuli kapanggya | lan kang eyang Malaekat Ijajil | binêkta umentar gupuh | dhumatêng tanah lulmat | dumunung nèng têpining jagad puniku | mila tan ajêg kataman | soroting pradănggapati ||
4. adhêm pêtênge kaliwat | goning tirta panguripaning bumi | tirta marta kamandhanu | têgêse toya gêsang | ingkang mêdal saking musthikaning mêndhung | Ijajil sapraptanira | ing ngriku gya mêsu kapti ||
5. dahad mêminta Hyang Suksma | katarima gya ana mêndhung prapti | Ijajil suka andulu | tan pae Sayid Anwar | rèh ngrasa yun kadugèn sasêdyanipun | ing ngriku gya katingalan | wontên musthika dumêling ||
6. mijil toyanira gêsang | asli saking sêgara rahmat suci | Sayid Anwar sigra ngunjuk | lan siram sariranya | malah risang darbe panêdyarsa mundhut | nanging kewran rèh tan ana | ingkang minăngka madhahi ||
7. Ijajil wus datan samar | marang Sayid Anwar osiking galih | nulya ingulungan gupuh | kanang cupu sêsotya | kagungannya Jêng Nabi Adam ing dangu | kang sirna dening prahara | wau cupu dèn wastani ||
8. cupu manik Asthagina | têgêsipun cupu ingkang darbèni | daya sawab warni wolu | kang sampun kanyataan | samubarang kaisèkakên ing ngriku | sayêkti tan kêna têlas | gya ngisèn banyu kayati ||
9. wusing kêbak nuli mentar | Sayid Anwar mrangguli sawiji wit | barindhil ngarang ronipun | anuli pinarpêkan | risang tampi sasmitanira Hyang Agung | wit iku arane rawan | akèh sawabira yukti ||
10. oyotirèng wau wrêksa | yèku dadi panguripaning bumi | isining jagad kang lampus | manawa kaungkulan | ing oyoting kang wrêksa rawan puniku | mulya tan sida pralaya | Sayid Anwar sigra ngambil ||
11. kanthi sukaning wardaya | yèku oyod ran lata maosadi | punika darunanipun | para dewa kagungan | pusakèng rat tirta marta kamandhanu | cupu manik Asthagina | saha lata maosadi ||
12. Sayid Anwar samentarnya | sangking tanah lulmat sêdyaning galih | kondur marang prajanipun | ing Kusnia Malebar | wus dilalah takdiring Hyang Maha Agung | bingung tan wruh ing marganya | kalunta jajah wanardi ||
13. sumêngka angganing arga | manjing jurang sirung kang sungil rumpil | kongsi pirang-pirang taun | tanbuh ingkang sinêdya | kacarita kalamun panêngênipun | dungkap panjênênganira | nênggih Kangjêng Nabi Edris ||
14. Sayid Anwar maksih tapa | midêr-midêr ngalaya jajah bumi | cakraning bawana kêmput | kacatur lampahira | dupi wau prapta ing pasisiripun | kang nama sagara Ngerak | yeka ing tanah Arabi ||
15. Sayid Anwar prapta miyat | yèn ing luhur wau kang jalanidhi | ana wujud dwi gumandhul | kăntha sipating janma | Sayid Anwar marpêki têtanya arum | kang tinanya tanggap nabda | wruhanira ingsun iki ||
16. aran Haruta Maruta | angsal ingsun malekat sing swargadi | ing nguni pêparab ingsun | Ngijan tuwin Ngijaya | nalika nèng sawarga tămpa sêsiku | ing Allah Kang Murbèng Jagad | puwara nèng kene mami ||
17. dene sun wus ora samar | yèn sirèku putrane Jêng Nabi Sis | kêkasihirèng Hyang Agung | Sayid Anwar duk myarsa | panabdane malekad kêkalih wau | ngungun sadarpa jrihira | mintaksama ngasih-asih ||
18. alon matur manuhara | dhuh pukulun lamun parênging galih | kawula nyuwun pituduh | wijanging kawruh tama | kang nirnakkên mêmala malaning kalbu | mrih sumilak anarawang | Karut Maruta nuruti ||
19. Sayid Anwar gya winulang | kasunyatan kawruh ubênging bumi | lakuning surya sitèngsu | utawa taranggana | winarsitan ngèlmu wruh ing basanipun | makluk sèsining rat raya | Sayid Anwar wus pratitis ||
20. ing sanalika rumăngsa | brastha sanggya mêmalanirèng bumi | mangkana malih umatur | dhuh sang sampurnèng guna | yèn kaparêng kawula mangke nênuwun | mugi panduka nêdahna | kanyataaning swargadi ||
21. amba kumacèlu priksa | Harut Marut mangkana amangsuli | hèh ta kaki wruhanamu | lamun sirarsa wikan | marang kăntha-kanthaning swargadi luhung | age sira umentara | anuruta bêngawan Nil ||
22. kaprênah pracimantara | kalêt-lêtan talatah tanah Mêsir | sang sinung ngling sukèng kalbu | samêndhang nora ngira | lamun iku sinasarkên marma lalu | wisata saksana prapta | sawanganing bangawan Nil ||
23. gya nurut ilining tirta | saking êlèr mangidul munggèng têpi | tan antara dangu rawuh | ing têmpuran bêngawan | têmah amung juga rawa kang kadulu | wiyar tan pae samodra | risang kawêkèn ing galih ||
24. dènnyarsa nurut bangawan | rèhning kathah sasimpanganing warih | têmah kèndêl lampahipun | jêgrêg nir kang budaya | cinarita nèng ngriku nulya manêkung | ngêningkên tyas mrih katêkan | kang dadya brangtaning galih ||
SERAT PARAMAYOGA PANGKUR
Paramayoga, Sasraningrat, 1894 (Pupuh 01–44)
Pangkur
1. Dèwi Rawati samana | kacarita pan sampun anggarbini | dupi praptèng mangsanipun | babar jalu putranya | warnanira pêkik kang cahya sumunu | tan siwah lan ingkang rama | sampun sinungan wêwangi ||
2. ing rama Hyang Darmajaka | diwasanya kang putra anglangkungi | nênggih ing subratanipun | cinêndhak caritanya | Sang Hyang Darmajaka wau kambil mantu | dening Sang Prabu Sikandha | ratu jin Selan nagari ||
3. dhinaupkên lan putrinya | kang panêngran nênggih Dèwi Sikandhi | nutug dèniramong lulut | dupi antara lama | wus patutan gangsal putri kang pambayun | Dèwi Darmani namanya | panênggak kakung wêwangi ||
4. Darmana ugi Hyang Dwija | Hyang Triyatra pamade kang sumêndhi | dene ta sumêndhinipun | Sang Hyang Caturkanaka | anama Hyang Păncarêsi wragilipun | samana Prabu Sikandha | lumuntur sihirèng galih ||
5. nyèlèhkên kêprabonira | marang mantu dene Sikandha Aji | linggar angalih kadhatun | wau Hyang Darmajaka | awibawa ngrênggani kaprabonipun | para wadya jin ing Selan | sadaya sumuyut sami ||
6. nahên kang jumênêng nata | amangsuli carita Dyah Rawati | salinggaring putranipun | wau Hyang Darmajaka | nuli anggarbini malih sang rêtnayu | ambabar jalu putranya | ing warni kêlangkung pêkik ||
7. ramèbu langkung sukanya | wus sinungan têngran dening sudarmi | Sang Hyang Wênang parabipun | dene wêning kang cahya | luwih saking kang raka tuhu pinunjul | diwasa sru brangtanira | pan wus pirang-pirang warsi ||
8. tapa sajroning dahana | tuwin tapa anèng sajroning bumi | tapa jroning samodra gung | tapa sumangsang wrêksa | ngluhur mega tapèng guwa wana gunung | têlas saliring atapa | langkung dènnya mati ragi ||
9. kang sinêdya ngungkulana | saisining jagad ywana mapaki | ing guna kasêktènipun | sakarsa-karsanira | jinurungna dening Hyang Kang Mala Luhur | dhasaring kusumaning jan | trah nabi kapati brangti ||
10. angantêpi tapanira | rèh Hyang Suksma sipat rahman sayêkti | kasêktènira jinurung | malah sêsilih aran | nênggih Sang Hyang Utipati kang jêjuluk | iya Hyang Suksma Kawêkas | mindha Ingkang Murbèng Bumi ||
11. Sang Hyang Wênang pangancasnya | sinêbuta pangraning bumi langit | sasar-sasare linantur | samana Sang Hyang Wênang | angalangi ing wana myang gunung-gunung | nèng wukir Kêling kèndêlnya | pan arsa gêlar kasêktin ||
12. sêdyèng tyas pinangerana | mring pra janma miwah kang darbe nagri | nyipta kaswargan di luhung | jumurung nèng antara- | nirèng mega lan langit katon gumantung | wisma mas parabot rêtna | rêtna maneka mêpaki ||
13. saking mandrawa katingal | balêrêngi tinon pating karêlip | mawèh sunaring pandulu | yèn têngange baskara | ujwalanya kandhih kang surya mawêlu | kanan keringe malela | papêthetan amêpaki ||
14. manêdhêng patra kusuma | kamarutan gănda rum mulêt wangi | yèn tinon asring anglangut | abanjar bêbanjêngan | lir jinajar ujure alajur-lajur | tambuh kaendahanira | kaswarganing wukir Kêling ||
15. tanpa wus rinênggèng gita | kunêng mangkya gênti ingkang winarni | ratuning Kêling puniku | apan jin kamanungsan | sami saking trahing jin wiwitanipun | Prabu Ari aranira | jin Saraba kang sêsiwi ||
16. jin Sarabaku kadangnya | Sri Palija kang madêg ratu nguni | nagri Kêling duk rumuhun | Prabu Sadik têngrannya | ing Banggala pasrah karaton mring sunu | sawusnya pasrah mring putra | gya madêg ratu nèng Kêling ||
17. kasor adu kasantikan | lan Sri Ari Sang Adik asrah nagri | lan ngaturkên putrinipun | Dyah Wisawati nama | wus kagarwa ing sira Sang Ari Prabu | patutan èstri satunggal | warnanirayu linuwih ||
18. diwasa dèrèng akrama | sinung têngran ing rama Dyah Saoti | mangkana Sang Ari Prabu | apan sampun miyarsa | tatela trang yèn ing wukir Kêling ngriku | ana anyar anênêka | anyipta kaswargan adi ||
19. wisma mas luhuring arga | wus misuwur nama Hyang Utipati | dene mindha asmanipun | Sang Hyang Lata wal Ujwa | wong ing Kêling sadaya wus samya anut | mangèstuti mring sang prapta | sru duka Sang Prabu Ari ||
20. sumêdya angayonana | mring kasaktinira kang anèng wukir | ing ratri mêsat mring gunung | ngungkuli ing luhurnya | kaping tiga Prabu Ari tiba kantu | cinarita wus pêpanggya | Sang Hyang Wênang lan Sri Ari ||
21. Natèng Kêling lon lingira | sun têtanya sapa aranmu janmi | tuwin ngêndi pinangkamu | lan apa sêdyanira | Sang Hyang Utipati angandika arum | sira tanya aran ingwang | ingsun Sang Hyang Utipati ||
22. iya Hyang Suksma Kawêkas | Sang Hyang Wênang iku jêjuluk mami | Sri Ari nabdèsmu sêndhu | nganggo Suksma Kawêkas | dene pindha asmane Sang Murbèng Tuwuh | Utipati Sang Hyang Wênang | dene bangêt gêgilani ||
23. nèng kene apa sêdyanta | Sang Hyang Wênang mangkana amangsuli | ingsun ora darbe kayun | amung nut karêping tyas | praptèng kene amung nut paraning suku | Sri Ari sugal wuwusnya | hèh ladak Si Utipati ||
24. ngling malih Sang Ari Nata | ingsun tanya manèh sira wong ngêndi | Hyang Wênang sumambung wuwus | sira têtanya mring wang | yêkti nora beda lawan pinangkamu | saka suwung marang ana | praptèng kene wukir Kêling ||
25. Sri Ari kaku tyasira | asru mojar sira nèng kene wukir | dene ta wani jêjuluk | pindha Kang Murbèng Jagad | yèn sanyata sun pêsthèkkên sira wêruh | wadakanirèng sasmita | babare kang gaib-gaib ||
26. samêngko sun arsa wikan | kanyatane gonira kumaluwih | mêmindha Sang Murwèng Tuwuh | musthi usiking jagad | lamun cabar têtêp sira ngaku-aku | poma aja kewran sira | sun darbe patakon nuli ||
27. wêcanên ingkang pramana | tuwa êndi sira lan jênêng mami | Sang Hyang Wênang sukèng kalbu | gya nabda tuwa ingwang | Prabu Ari sru kagyat sumambung wuwus | manawa sanyata tuwa | pêsthi sira nyumurupi ||
28. mungguh kaananing asal | asaling jin lan asalmu pribadi | pratelakna sun yun ngrungu | yèn sira ngaku tuwa | Sang Hyang Wênang nêbda hèh rungokna prabu | sira trahing Janbanujan | asale Jan sêka gêni ||
29. beda lawan asal ingwang | sadurunge jagad iki dumadi | asale para jin durung | kabèh pan durung ana | maksih suwung wangwung kang dhihin tumuwuh | yaiku mung cahyaningwang | aran cahya kang pinuji ||
30. murwani gumlaring jagad | ingarani kabèh isining bumi | tan liyan wit cahyaningsun | marmane aywa merang | panêmbahmu sira marang jênêng ingsun | rèh sira wus kalah tuwa | aywa kalantur sang aji ||
31. manêmbah Lata wal Ujwa | kèh siranggêb kang gawe bumi langit | lênging tyasmu trang kaliru | beda lan jênêng ingwang | wruh ing wadi asal mulaning tumuwuh | pandoming Suksma Kawêkas | kapusthi ninging tyas mami ||
32. Sri Ari dupi miyarsa | sanalika dahat ngungun ing galih | ing rèh rumăngsa tan gayuh | mring babaring sasmita | têmah nungkul lan ngaturkên putrinipun | Dèwi Saoti kagarwa | wau mring Hyang Utipati ||
33. wêktu punika sadaya | wong ing Kêling gung alit ngidhêp sami | mring Hyang Wênang krana kanut | nênggih narendranira | sarta nganggêp lamun punika satuhu | wantahe Lata wal Ujwa | kahyangan pucaking wukir ||
34. duk samantên Sang Hyang Wênang | nuli kundur dhatêng Dewata nagri | Hyang Nurasa kang kawuwus | sèlèh kaprabonira | marang putra Hyang Wênang jumênêng ratu | kocap gya tunggal kaanan | kalawan ingkang sudarmi ||
35. sipat roroning atunggal | lir angganing kalak kênanga mami | Hyang Wênang lan garwanipun | anutug sih-sinihan | tan antara lama garbini sang ayu | praptèng măngsa nuli babar | jalu warnanira pêkik ||
36. kang cahya gumilang-gilang | lir wimbaning basănta andhadhari | dening sudarma wus sinung | panêngran Sang Hyang Tunggal | diwasanya rêmên lêlana anglangut | duk samana Sang Hyang Tunggal | lêlana nis saking puri ||
37. angalaya tanpa sêdya | tan antara lama Dèwi Saoti | garbini malih dupi wus | andungkap lèking măngsa | nuli babar priya kang cahya sumunu | sampun sinungan pêparap | Hyang Wêning dening sudarmi ||
38. kunêng gantya kang winarna | sarêngane lêlakon tanah Mêsir | nênggih kang jumênêng ratu | Kangjêng Nabi Suleman | narendra gung minulya karatonipun | mangrèh saisining jagad | ngwiyat dharat myang jaladri ||
39. wus têrang pamyarsanira | yèn para jin sadaya ingkang sami | dumunung satlatahipun | nênggih pulo Dewata | sami murtat tan wontên purun tumundhuk | dhatêng panjênênganira | sangêt dukanya jêng nabi ||
40. dhêdhawah mring para wadya | mikut pra jin kha[4] samya malik kapti | kang măngka manggalanipun | jin Sakar prawirèng prang | sampun bidhal sabawa umung gumuruh | pating clorot tan petungan | praptaning don campuh jurit ||
41. jin ing Dewata kasoran | mêksa mangsah têmah tan măngga pulih | Hyang Wênang duka kêlangkung | matêk aji kêmayan | kang minăngka pangêkêsing satru luhung | jin Sakar sawadyanira | kataman kêmayan nuli ||
42. nglentroh tan bisa gulawat | kadyangganing kapuk dipun wusoni | prawira Sakar gya nungkul | Hyang Wênang suka ing tyas | gya andangu mring Sakar paran witipun | dene Jêng Nabi Suleman | kasaktènira ngluwihi ||
43. lan kèdhêp sèsining jagad | uwong alang têtaga kata kumlip | sumuyut padha angratu | mangkana turnya Sakar | awit saking Nabi Suleman puniku | darbe pusaka kalpika | kang nama Maklukat Gaib ||
44. Sang Hyang Wênang gya dhêdhawah | mring jin Sakar kalpika pinrih ngambil | jin Sakar sandika gupuh | mêsat maring awiyat | praptèng Mêsir mancala warna ing ngriku | sanalika salin rupa | jiblès Jeng Suleman Nabi ||