DHANDANGGULA
Pangudangku sira anak mami
Muga bisa dadi patuladhan
Jumbuh lesan lan atine
Satuhu lan mituhu
Ati jujur luhur ing budi
Aja ninggal agama,
Tindak lampahipun
Teguh kukuh ing prasetya
Darbe rasa, wani mati hangrungkebi
Mbelani nusa bangsa
Dhandanggula
Nuswantara Gati asuh asih,
irah pambuka wigaring wastra,
manjing arum wewangine,
ati Dhara satuhu,
sigrak dhemes mrik leluri,
Akas luhur kaskayan,
gegulang ring tenun,
usadeng sir sih wruh asah,
nuwun leluhur pun Gusti amberkahi,
gumebyar salamiya.
Dhandanggula Pawukon
Sinta Landêp: Wukir lan Kurantil
Tolu Gumbrêg: Warigalit lawan
Warigagung Julungwangi
Sungsang Galunganipun
Kuuningan: Langkir Măndhasih
Julungpujut lan Pahang
Kruwlut Mrakèh Tambur
Madhangkungan Maktal Wuywa
Manail Prang: Bakat Bala Wugu Ringgit
Klawu Dhukut Selarga
Bawa Ali-ali Dhandanggula
Jenang gula glali aja lali
Ali ali niki sulih kula
Aja dianggep sepele
Kula mbotena melu
Amung ati tansah nggondheli
Yen dadi lara gela
Sedih rinten dalu
Ketok ketoken kewala
Nganti anti mbesuk apa bakal bali
Yen bali beja kula
Ngelmu pari tansaya isi tansaya tumungkul Serat Nitisuri, Dhandanggula bait ke-27 (Filosofi Dari Sebuah Padi)
"Sebab orang pandai yang unggul telah memiliki kemampuan melihat kemahiran orang, tak terlihat pada raut mukanya, tampak sepi tapi menghimpun, menguasai segala kepandaian.
Maka dari itu jangan ketahuan dalam penglihatan orang lain, ditutupi dengan perpaduan rahasia, keselarasan tindakan baik dan tenang bila ketahuan orang lain."

