SEKAR MIJIL NGUDANG PUTU
Gung panuwun konjuk marang Gusti
Paring putu wadon
Kang satuhu sulistya warnane
Dadya janma kang ambeg utami
Lantip lan mumpuni
Sarta budiluhur
Pamujine ingkang Yayahwibi
Mring Gusti Hyang Manon
Jinangkunga sanitya ing tembe
Dadya putri wasis migunani
Dhiri myang agami
Sesami sadarum
Dadya siwi gemi lan nastiti
Aywa seneng boros
Hanganggowa sarwa sacukupe
Sarwa-sarwi kudu sing premati
Taberi nyelengi
Mrih uripe makmur
Ngudi ngelmu kudu sing taberi
Aja amung waton
Hangudia kabeh salwiring reh
Ngelmu becik tumraping ngaurip
Lamun urip mukti
Ywa lali sedulur
Aja lali mangesthi mring Gusti
Aywa kongsi lowong
Ngonjuk sokur ing sabendinane
Kang asihe anggung mbanyumili
Mring titah sabumi
Satulusing kalbu

