RASA WELAS ASIH KAYA DENE BANYU KANG TANSAH BISA NGURIPI (Setat Sekar Jinarwi dening Sri Harto Jati)

0

 RASA WELAS ASIH KAYA DENE BANYU KANG TANSAH BISA NGURIPI

(Setat Sekar Jinarwi dening Sri Harto Jati)




Sasampune angsal idi paliliahipun Maha resi Wasista daya-daya Prabu Kausika nyandak lembu subala tinuntun arsa kagawa dhateng  kedhaton Kandhawa prasta (indraprata-kuno). Sakawit Lembu Subala lulut bareng ngancik wonten tengahe ara-ara lembu Subala balela medal luhe saking sela-selane mata.


Gumun Prabu Kausika atase kewan wae iya duwe rasa ora beda manungsa tumuli sinabet pecut lembu Subala anjelih sora kanthi tata jalma :


Lembu Subala : " Adhuh Sinuhun semanten sapudhenda paduka dhateng ingon-ingon kang ala punapa ta dosa kula keparenga paring dhawuh."


Kausika : " Jagad dewa bathara, eling-eling ingon-ingonne resi Wasista atase kewan wae bisa tata jalma, ora idep mlorot drajade kanalendranku gunem karo kewan.


He Subala dosamu ora nurute parentahe sesembahanku  gung kang linuwih ditulis dadi seratan pepali suci kang unine kabeh saisine jagad kalebu kowe kudu manut takpurba wasesa sinembelih kangga dhaharaning Sun ."


Lembu Subala : " Ha...ha...., ratu ora pantes diajeni, paduka dedasar  seratan tinulis pribadi sinebaraken dening  cundaka nagara Kandhawaprasta, ing aku-aku paranparane sesembahan  kang linuwih tumurun saka sang guru ?


Duwe karep apa ngaku saka  sesembahanmu  dadak nganggo lantaran apa ora bisa muni dewe yen pancen kuwasa?  demit brekasaan bae bisa misiki  tanpa lantaran."


Kausika : "  Kewan wani depak bun-buan ngremehake gegembolane Nalendra wus kaloka suci apa klakon takjing-jing bangkemu?"


Dados panca bakah prabu Kusika lumawan Lembu Subala , nadyan ijen tanpa rewang lembu Subala matak aji Sindung liwung  gedhene ora beda gunung keprapal kaprawasa lumayu salang tunjang prajurit Kandhawaprasta.

Prabu Kausika didak tanpa bisa bangga sambat ngayuwara jaluk mati, tuwuh rasa welase lembu subala ngluwari pangidake tumuli paring sabda :


Lembu Subala : " Adhuh sinuhun sewu-sewu kalepatan kula geageng pangaksami paduka sinuhun. Sejatosipun paduka sanes tandhing kula lamgkung wibawa kuncarane asma luhur negari paduka manawi paduka wantun lumawan Maha Resi Wasista .


Prabu Kausika : "Ora Subala , aku sing luput  ya gene sira gelem ngluwari pangidakmu?" 


Lembu Subala : "Dhuh Sinuhun, ngelingi Kang Kawasa asipat welas asih dene sipat punika kagaduh dening titahe awujud rasa, makaten piyandel kula kang kula pitaya bilih wisike kang Kawasa punika  lantaran rasa Welas asih. Welas asih  kula dumateng paduka boten benten welas dhateng badan kula priyangga. Inggih paduka inggih subala sejatosipun sanes Subala tuwin Paduka ananging panguwasane Kawasa.


Boten wonten daya upaya ing jagad raya punika sedaya karegem wonten panguwasane Kang Maha Kawasa. Upama wayang Panjenengane Dalang kang Agung. Boten wonten titah ingkang mrucut uwal saking panguwasane.


Jroning Wedhasuci  mungel sinten antuk pulunge Hyang Maha Suci bangkit mangulah kawruh kawicaksanan aran sepuh sepi ing hawa awas laraning atunggil"


Prabu Kasika : "Iya tak eling-eling kebecikanmu, lemah-lemah teles Kang Maha Kawasa kang bales , Subali andum basuki muga-muga besok ketemu maneh."


Rumaos dikilane dhadhane dening Resi Wasita diwirang-diwirangake  kalawan ingon-ingone wujud pedhet, kondur wonten Kandhawaprasta nyengkakaken ngaluhur raden  Hayu (Hoya/gajahoya) dados nalendra tumuli Kausika genturaken tapa.

Pirang-pirang warsa nggone semadi antuk nugrahane Hyang Giri nata wujud panah Bramastra  lan wenang ngampil sanjatane Bathara guru, Kausika lumurug perang nenantang Resi Wasita.


Kausika :"Hek.. resi Wasita aja amung ingon-ingonmu sing ora bejaji, nyata-nyatablanang seblakna dhadhamu tampanana Bramastra klakon lebur dadi awu."


Bramasta lumepas tinadahan dhadha dening Resi Wasista kaya amung diecoki lemut, gawe murina para dewa tumuli angrocok gegaman ananging aber tanpa paedah. Lingsem Kausika mire saking payudan amangun tapa wonten pinggire kali Pamalini (Banyumas kali pamali).


Dangu anggenipun tapa damel gojinge kahayang Suralaya, lemah dadi sangar iber-iberan padha mati kesawaban benter atine prabu Kausika, iwak-iwak wonten kali padha ngungsi bebasan jalma mara jalma mati. Wahuta bathara Indra kesawaban panase Prabu Kausika boten kiyat anandhang tumuli ngutus bethari Herawati anggota sang tapa kesiku dadi baya.

 

Dewi Mahenaka tumurun nyaketi Sang tapa  kanthi rasa tresna asih  reresik cecawis ubarampene sang yoga. Wudar anggenipun samadi kepareng  anggarwa dewi Mahenaka omah-omah wonten pinggire Kali Pamalini , klakon peputra putri tininggal minggat dening Kausika nerusake tapa semanten ugi Bathari Mahenaka wangsul makayangan.


Bayi wadon nangis kekejer  kasangsang oyot-oyotan  ana pinggire kali tinunggu dening manuk sakunta. Tangise bayi kapireng dening Resi Kanwa tumuli dipun pundut wangsul ing griya kaparingan nami Dewi Sakuntala.  Nunggak semi kaliyan manuk Sakunta kang kagungan rasa boten mentala nyumurupi bayi ingkang boten gadah dosa.  Ewa semamten tiyang sepuhipun amburu tekad  mbambung tanpa petung kecalan rasa kamanungsane amung kekarepane kudu klakon.


Resi Kanwa gulawentah Dewi Sakuntala mawi rasa asihing sesami, boten ngemungke manungsa nadyan kutu-kutu walang ataga tansah di asihi. Ing tembene Dewi Sakuntala nurunaken Darah Bharata inggih nagari HASTINAPURA.


Wasana manawi wonten ukara ingkang boten mranani dhiri kula nyuwun agunging pangaksami.


RAHAYU RAHAYU RAHAYU


Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)