DWARANING KANDHA

0

 DWARANING KANDHA




Dwaraning kandha asal saking tembung Dwaran / Wudharan = Wedharan = Wudhar = Ucul.

Kandha = Tembung = wicara = tutur = ucap = pangucap.

Dwaraning Kandha = ngudhari tembung = medhar micara.


Dwaraning kandha, dwara iku lawang.

Kandha iku pangucap karepe pambukaning kandha.


Dwara = konten, pintu, lawang

Pambukaning Gunem / ucap

Lantaraning omong

Sami kaliyan talang atur = (sulih pangandikan)


Dwaraning kandha wenganing wicara.

artosipun punopo nggeh =

Dwaraning.

Dwara + ing

Dwara : pintu, gerbang , gapura (tutuk)

Kandha : suwara, ucapan, pangucap, tembung

Wenaning

Wenga + ing

wenga = menga, mbukak, bukak.

Wicara : pangandikan, omongan.

Mangga dipun ronce piyambak


Dwaraning kandha wenganing wicara artinya adalah pintu menuju kebijaksanaan bicara atau bisa menginterpretasikan sebagai kunci untuk berbicara dengan bijaksana. 

Ini adalah ungkapan yang mengandung makna tentang pentingnya berbicara atau berkomunikasi dengan bijaksana dan penuh pertimbangan.


Menawi mboten lepat mekaten tegesipun, menawi lepat nyuwun pangaksami nglenggana cubluking pangetosan, kirangipun seserepan.

Mugi para pana saget ngleresaken kalepatan kula sarta kersa paring pangapura. 

Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)