Kari hanggana raras begawan kesawasidhi jroning panggalih rumaos bagya labed wus paripurna denira hanggayuh pakaryan agung dadya warana tumuruning nugraha sigra hangracut sesintren lukar busana kapandhitan babar sawantah Narendra Dwarawati Prabu Sri Bathara Kresna

0

 Kari hanggana raras begawan kesawasidhi jroning panggalih rumaos bagya labed wus paripurna denira hanggayuh pakaryan agung dadya warana tumuruning nugraha sigra hangracut sesintren lukar busana kapandhitan babar sawantah Narendra Dwarawati Prabu Sri Bathara Kresna 




Kari hanggana raras, sang wikudibya begawan kesawasidhi, ing cipta wus uninga sapa sejatine satrya kang kawasa nampani kanugrahaning bathara luhung, jroning penggalih muhung meminta pituduhing hyang sukmana bisane pratitis denira milih warana, kasaru sowane satrya panengahing pandhawa risang harjuna, lon lonan denira lumaksana kahebegan trapsila dupi prapta wiwaraning pacrabakan nulya hamuwus,


Kawula nuwun, nuwun amit kaliman pasang tabe mugi tinebihna iladina lepata tulak manu dhumawaha tawang towang kula pun harjuna sowan mring sang wikudibya....


Jahning yaning talaga kadi langit

Mahambang tang pas wulan upama neka Ooo.....

Lintang tulya panjrah sumawur Ooo...


Begawan kesawasidhi

Raden, padha kanthi karaharjan praptanira ing pertapan kene   

 

Harjuna

Kawula nuwun, angsal pangestunipun sang maharsi raharja lampah kula, amung pangabekti kula kunjuka sahandap pepada


Begawan kesawasidhi

Banget panarima ingsun raden, teja teja sulaksana tejane kang anyar katon ing wuri ngendi kang pinangka ngarep apa kang sinedya tigas kawuryan sapa sinambat ing wewangi raden


Harjuna

Kawula nuwun, saking praja ngamarta wijil kawula dene sedya kula hanyenyadhang tumuruning wahyu keprajan ingkang sudhi hamastani kawula pun harjuna


Begawan kesawasidhi 

Raden apa ora kliru lakumu, awit ing kene ora ana apa apa, ing papan sepi anane sarwa sepa adoh karameyan lan nora ana kang sira gayuh


Harjuna

Duh, sang ayogi osiking manah kula ngebahaken suku ngrejet teken pancadriya, pari kedhah kula sowan dumateng sang ayogi, ewadene ing ngiki mboten wonten wujudipun wahyu keprajan mboten dados punapi mbok menawi pepesthening jagad harjuna mboten kinawasa ngampil kamulyaning bawana


Begawan kesawasdhi

Harjuna mestine sira rumangsa masgul, awit adoh sira saka ngamarta prapta ing pertapan kutharunggu pinanggya begawan kesawasidhi sarana ngambah marga kang luwih rungsit lan luwih ewuh parandene tibane papan tan antuk karya


Harjuna

Duh sang ayogi menawi harjuna tebih saking raos makaten, awit saking wiwitan kawula sampun nggarjita menawi wahyu kamulyan punika sanes wewenanging titah, ananging kawula kedah hangrembyah sarana lampah ingkang jumbuh kaliyan osiking manah, ing cipta mboten hanggeganta sagedipun kasembadan sayekti muhung hanyenyandhang mbok menawi saget kasinungan pramila sanadyan harjuna mboten saged hanampi, rumaos tebih saking masgul tanapi kuciwa kintening manah kula dereng jumbuh kalamun katraju lelabedipun harjuna tumrap bebrayan agung kaliyan wahyu inqkang tumurun


Lir sad padengsun tumiling hangulati

Puspita ingkang mendhem endah kang warni

Midhering taman anon sekar warsiki


Begawan kesawasidhi

Raden harjuna, sanadyan sira wurung hanggayuh wahyuning kamulyan nanging ana pepulih kang bakal sira tampa, mara raden iki tampanana wujuding warastra kyai wijayandanu, darbeke kakangira ing ngawangga prabu karna ing besuk bisa dadi sarana unggul yudanira aneng perang agung baratayudha


Ooo ..... lawa lawa gumandhul 

Nempang kebet kebet lir melu susah

Yen ta bisa muwus pagene pandhawa Ooo...


Harjuna

Duh sang maha wiku, nyadhong deduka kula mboten saget hanampi peparing paduka kyai wijayandanu, kagunganipun kakang narpati basukarna kajawi lincat saking cipta kula ingkang wiwitan nama nista papa durhaka dene melik darbeking asanes


Begawan kesawasidhi

Harjuna, apa ora kliru aturira, awit kanti wijayandanu sira bakal manggih kaluhuran bisa ngrebut balining praja ngastina ateges sira bisa mulyakake para kadhangira pandhawa 


Harjuna

Wangsuling praja ngastina dados pangajaping para pandhawa, namung kemawon mboten sarana margi ingkang nista tetela badhe kula adepi sarana adeging satrya, ewadene parikedah gumulundhung mustaka kula wonten pabaratan kapanduk kyai wijayandanu sampun saktrepipun satrya magut yudha, lepatipun jaya tetela cintraka ingkang pinanggya


Mulat maras  sang harjuna esmu kamanungsan

Kasrepan tingkah ireng mungsuh Ooo...

Niran padha taya Oooo.....


Begawan kesawasidhi

Raden harjuna, kasantosaning tekad ira hanjurung kas3mbadaning sedyanira, waleh waleh apa yo panjenengan ingsun iki kang pinatah dening para jawata maringake wahyuning kamulyan, mara sun kanti manjing marang sanggar pamelengan ing pangajab sun wedhari babaring kajaten


Harjuna

Kawula nuwun inggih sendhika sumangga kula dherekaken sang ayogi


Leng lenging driya mangu mangu 

Mangungkung kandhuhan rimang

Lir lena tanpa kanin 

Yen tan tulus amengku sang dyah utama Ooo...


Begawan kesawasidhi

Raden, wruhanira wahyu kamulyan kang ndak wedarake iki nora wujud, ananging muhung asipat wewangson, ya iku kang sinebut Makhutarama. Awit surasane lan isine wewangson iku duk ing nguni dadia mahkutaning kaprajan sawarga prabu ramawijaya kinarya hadeg adeg madeg narendra hambawani negara pancawati, mula jejering ratu kudu bisa ngenggoni sarta ngrasuk MAKUTHARAMA kang binabar dadya HASTHA  BRATA, tegese laku wulung prakara lamun tan bisa hanetepana kena sinebut nalendra tanpa MAKUTHA, kosok baline sanadyan wong lumrah lamun bisa netepi HASTA BRATA, iku kena Sinebut janma kang mawa MAKUTHA, mengkana raden harjuna mungguh wasitaning Dewa kang sun tampa


Harjuna

Kawula nuwun inggih panembahan, sasaged saged kula badhe ngestokaken dhawuh paduka


Begawan kesawasidhi

Raden marmane HASTA BRATA, sayekti laku wulung perkara kang tuwuh sarana gumelaring jagad raya, lamun bisa tumanem jroning budi wekasan kababar ing pakarti, manawa dadya lantaran maluya bebrayan agung wondene wedare sawiji wiji mangkene raden


Kapisan hambege surya

Sareh ing karsa dereng ing pangolah nora daya daya kasembadan kang sinedya, prabawane maweh uriping sagung dhumadi samobarang kang kena soroting hyang surya nora daya daya garing, lakune ngarah arah patrape ngirih irih pamrihe lamun sarwa sareh nora rekasa denira misesa ananging uga dadya sarana karaharjaning sagung tumuwuh


Kapidho hambeging Candra

Amadhangi madyaning pepeteng, sunare hanengsemake lakune bisa amet prana sumehing netya alusing budi anawuraken raras rum sumarambah marang saisining bawana


Katelu hawbege kartika

Dadya pepesrening ngantariksa madyaning ratri, lakune dadya panengeraning mangsa kala, patrape santosa pengkuh nora kangguhan puguh ing karsa pitaya tanpa samudana wekasan dadya pandam keblating sagung dumadhi


Kaping pat 

Hambeging hima

Hanindakake dana wesiasat adil tumuruning riris kang akarya subur ngrembakaning tanem tuwuh, wesiasate lamun kurda midana ing guntur wasesa gebyaring lidah sayekti minangka pratandha lamun ala antuk pidana yen becik antuk nugraha


Kaping lima hambege maruta

Sumarambah nyrambahi sagung gumelar, lakune titi kang paniti priksa patrape hangawruhi sakabehing kahanan, ala becik ka6eh winengku ing maruta


Kaping enem hambege agni

Pakartine bisa hambrasta sagung dur angkara nora mawas sanak kadhang pawong mitra anane muhung trusing kukum


Kaping pitu hambege samodra

Jembar momot myang kamot ala becik kabeh kamot ing samodra, parandene nora ana kang anabet sen isene maneka warna sayekti dadya pikukuh hamimbuhi santosa 

Kaping wolu hambege bantala

Lila legawea ing ndriya mulus kagewang hambege para wadul, danane hanggeganjar myang kawula kang labuh myang hanggula wentah


Jahning jahning talaga kadi langit

Mahambang tangfas wulan upama neka Ooo..

Lintang tulya kusuma panjrah sumawur Oo...


Harjuna 

Duh sang adi panembahan, ngaturaken gung ing panuwun tanpa pepindhan, dene paduka sampun paring sri nugraha dhateng pun parta, sedyaning manah kula badhe hanyandhi dawuh pangandika paduka, sageta rumasuk ing jasad kula wekasan sung piguna menggahing bebrayan agung


Begawan kesawasidhi

Raden lekas ira kang mangkana iku jeneng lekas kang utama, marmane sun pepuji bisane kasembadan sedyanira, awit wewangson iku tanpa guna lamun muhung kandeg ing nala, pangajabing si kaki bisoa dadi pandom adeg adeg urip ira


Harjuna

Kawuĺa nuwun inggih ngestokaken dhawuh


Begawan kesawasidhi

Raden, rehne wus lama sira ana ing kutharunggu  daya daya ndak tundhung bali mundak dadya pangarep arepe para kadhangira


Haŕjuna

Nuwun inggih sendika, muhung nyuwun tambahing pangestu raharjaning lampah saha sageta kula hanindakaken sedaya dawuh paduka


Begawan kesawasidhi 

Raden rahayu laku nira, mung bae si kaki mundhut titip pusakane kadhang ira prabu basukarna aturna bali sarta suwuna pangaksama  awit kaluputane cantrikku dene kumawani ngrebut pusakane prabu karna


Harjuna 

Nuwun inggih sendika ngestokaken dhawuh kepareng madal pasilan 


Kari hanggana raras begawan kesawasidhi jroning panggalih rumaos bagya labed wus paripurna denira hanggayuh pakaryan agung dadya warana tumuruning nugraha sigra hangracut sesintren lukar busana kapandhitan babart sawantah Narendra Dwarawati Prabu Sri Bathara Kresna 



Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)