BUDHALAN DWARAWATI
Ki Timbul Hadiprayitno
Gandhang-gandhang budhal madya (wadya),
Dyan (. . . . . .) sigra medhaling jawi,
swara tenggara mangungkung,
ngumandhang ngawang-awang,
bendhe beri munya lawan puksur,
thongthong grit muna sauran,
lir ombaking jalanidi,
Ooo ....
Gandhang-gandhang janjang kuning,
sarenteg smarandana bungah-bungah,
yèn binopong,
ulate sada mblalak wajahnya esmu mancal,
napas silir kapas madu,
wong ireng sinangga rukma.
Mung mung jiiir, mung mung jir,
dandan ama sira wanwan,
magudha majero jungkung,
bidhangnya Suratimantra.
Ooo .... Ooo ....
Radèn Samba : "Kepareng munjuk atur wontên ngarsa paduka Kanjeng Dewaji, sanggya pra wadyabala sampun sawega ing gati, samekta ing dhiri, kadhawuhana sawanci-wanci saèstu botên badhé nguciwani."
Prabu Baladewa : "Yèn mangkono aja nganti kalingganata enggal budhal dinå iki."
Patih Pragota, Patih Udawa, Patih Prabawa : "Nuwun inggih, ngestokaken dhawuh."
Bidhaling wadya Dwarwati yayah sardula wikridita.
Sigra budhal lumampah anut wirama,
geter tambur bendhene munya mangungkung,
suling sêsauran salomprèt keteg nindhihi,
sigra budhal lumampah anut wirama.
Kawi dewa, ...
kawi dewa, giwanging wulan purnama,
anjenthara, limpad pasang ing grahitå.
Geter tambur bendhene munya mangungkung,
suling sêsauran salomprèt keteg nindhihi,
sigra budhal lumampah anut wirama.
Barat sirat,
barat sirat, pasèwakan jro nayaka.
yèn kapusus, ing driyå manganti sira.
Geter tambur bendhene munya mangungkung, suling sesauran salomprèt keteg nindhihi,
Sigra budhal lumampah anut wirama.
Kawis pita,
kawis pita, kang lata kentar ing toya,
aja uwas, dèn sumarah mring Hyang Sukma.