17 Crita Wayang Basa Jawa

0

17 Crita Wayang Basa Jawa 

 


1. Pandawa Lima

Wayangsing paling digandrungi masyarakat iku lumrahe cerita kang megepokan karo serial Mahabarata. Sanadyan cerita Ramayana anane luwih dhisik nanging prayata kanggone wong jawa crita wayang Mahabarata katone luwih digandrungi. Bab iki kabuktekake kanthi anane paraga wayang utawa gambar wayang kang dipasang ing saben omah.

Akeh-akehe sing dipasang ingkana paraga cerita Mahabarata. Kaya mangkono iku nuduhake Manawa kang duwe omah pancen wis tepung lan nduweni tokoh kaya kang di idolakake iku.

Pandhawa iku cacahe ana lima, mula terus kaprah diarani Pandhawa Lima. Puntadewa ya Yudhistira minangka putra pambayun, watak ambeg darma lan nrima ing pandum sarta adoh ing hawa kamurkan.

Raden Werkudara ya Bima sena gedhe dhuwur lan gagah prakosa kang nomer loro, Raden Janaka ya Kumbang Ali-ali kang kondhang ngganthenge, prigel lan trampil manah minangka panengahe Pandhawa, dene Nakula Sadewa mujudake satriya kembar kang uga duwe watak utama, ambeg darma, lan luhur bebudene. Wiwit cilik mula wis katon luhuring budi,seneng tetulung, welas asih marang sapadha wong kang nandhang kasangsaran.

Raden Puntadewa iku peparab liyane Yudhistira, Dwijakangka, Gunatalikrama, Darmakusuma, kratone manggon ing Ngamarta utawa Indraprasta. Panjenengane kagungan garwa Dewi Drupadi putra putrine Raden Drupada, ratu ing Negara Cempala utawa Pancala.

Werkudara satriya ing Jodipati garwane aran Dewi Arimbi. Arjuna satriya ing Madukara garwane Dewi Sembadra lan Srikandi. Nakula Sadewa satriya ing Sawojajar. Cethane Pandhawa lima iku watak lan tindak tanduke kena kanggo tepa patuladhane para kawula mudha. Apamaneh kadigdayan lelimane mujudake satriya kang pilih tandhing.

Nalika dadi muride Pandhita Durna, Pandhawa wis bisa ngatonake kepinteran lan keprigelane. Raden Arjuna prigel menthang gandhewa lan trampil migunakake keris. Raden Werkudara dhasar gagah prakosa kondhang kagungan sanjaya kuku Pancanaka lan gada rujak pala. Pandhawa katon luwih prigel keimbang murid liyane. Ewasemana, ora tau lan pancen ora  seneng pamer kadigdayan.Malah watake andhap asor lembah manah lan ngajeni marang sapepadhane.

Akeh lelakon kang dilakoni  Pandhawa kasengsaran iku mau dituwuhake saka Kurawa kang kepingin nyirnakake Pandhawa. Wusanane kabeh kasangsaran iku bisa kasil kabengkas lan kuwat dilakoni. Beda banget karo Kurawa sing ora kuwat nglakoni.

 

Pranyata menawa dideleng ing antarane Pandhawa lan Kurawa iku isih kadang, sebab Pandhawa iku putrane Prabu Pandhudewanata. Sedenge Kurawa iku putrane Prabu Destrarastra. Prabu Pandhu Dewanata iku kaprenah adhine Prabu Destrarastra.

Apa sebabe dene ing antarane kadang  Pandhawa lan Kurawa ora bisa rukun? Iki  amerga Dewi Gendari kepingin digarwa dening Prabu Pandhu Dewanata nanging kena apa kok malah diwenehake marang kangmase sing wuta iku ?. Mula banjur nibakake pangipat-ipat manawa besuk saturun-turunne bakal dadi mungsuh bebuyutan

 

2. Petruk

PETRUK iku salah sijine Panakawan anake Semar, kangmase Gareng, Bagong. Dheweké duwé bojo Dewi Ambarawati, putri saka Prabu Ambarasraya raja negara Pandansurat.

Paraga Pétruk iki ora disebutaké ing Kitab Mahabarata, dadi anané mung ing gubahan gagrag pewayangan Jawa. Ciri-ciri paraga Pétruk ya iku dedegé sing dhuwur lan irungé dawa. Pétruk sadina-dina tansah nggawa gaman arupa pethèl. Paraga iki kondhang ing lakon Petruk dadi Ratu.

Asal-susulé Petruk iki manéka warna vèrsiné. Ana sing nyebut yèn mbiyèn Pétruk iki pangéran gagah perkasa, ana uga kang nyebut mbiyèné anak pandhita sekti. Ing salah sijiné vèrsi iku, dhèwèké disebut asliné anaké pandhita raseksa ing pertapan Begawan Salantara. Nalika kuwi jenengé Bambang Pecrukpanyukilan. Dhèwèké senengé guyon lan dhemen gelut.

Ing padhepokan iku, Bambang Pecrukpanyukilan kondhang pilih tandhing. Mula saka kuwi, dhèwèké bancur ngulandara golèk ngélmu lan nguji kadhigdayané. Ing tengah ndalan, dhèwèké ketemu Bambang Sukakadi (Garèng) saka pertapan Bluluktiba.

Wong loro banjur adu sekti. Awak loro-loroné dadi rusak. Untung waé banjur dipisah déning Semar (Semar lan Bagong). Wong loro mau banjur dipèk murid / anak déning Semar. Carita kasebut ana ing lakon Bathara Ismaya krama.

Sampunipun Pandhawa bebas saking ukuman 13 taun, malahan sakpunika saged muncul mandhireng pribadi, nuruti obah mosike donya, lanniat wanton ngadhepi sinten kemawon, lan negari pundi kemawon, asal sedaya tumindak dipundhasari: adil, leres, jujur, ngregeni tata rembag kamanungsan.

Inggih wiwit sapunika pandhawa badhe nggugat dhateng Bala Kurawa, ngangge syarat-syarat ing nginggil :

a.     Dinten wontenaken rembagan antawisipun kurawa ngastina, ngengingi sedaya hak warisanipun para warga pandhawa ingkang taksih dipunkuwasai para warga ngastina

b.     Kangge niyat punika sanget perlu dipunaturi rawuh ing siding, sedaya utusan saking sedaya praja ingkang mihak pandhawa. Sabotenipun Prabu sri kresna ingkang minangka ngasta sesepuh penasehat agung pandhawa, minangka utusan mundhut hak warisan pandhawa kanthi cara damai.

 

Ing tengah-tengah sidang, Sri Kresna dipunsekseni para dewa, inggih punika :

Bebarengan kaliyan Sri Kresna ing tengahing sidang ngendikaken sedaya kewajibanipun minangka duta, pranyata boten kasil.

Kurawa tetep boten badhe pasrah sajengkal lemah, senadyan punika sanes gadhahanipun ngastina.

Sareng mireng pangandikanipun Sri Kresna, bala kurawa sami muntap, Sri Kresna sak pasederekanipun dipun krubut prajurit Kurawa, badhe dipunsedani.

Sri Kresna telas kesabaranipun, ngantos muntap triwikrama, matek aji bala sewu(brahalasewu) Kraton Ngastina ajur-mumur.

Wusana kawontenan punika dipun leren lan dipunsirep dening Bathara Narada. Maksudipun Kurawa dados gagal.

Ningali glagat kawontenan, saha akhlaqipun kurawa 100 kados mekaten, sajakipun Bratayuda boten badhe saget dipunselaki.

Prastawa saderengipun Batarayudha, inggih punika, tilaripun bambang irawan (putra arjuna) nalika Bambang Irawan tumuju dhateng panggenan kempalipun pandhawa. Bambang Irawan tilar dipugigit kalasrenggi. Kalaserenggi dendham dhateng janaka. Bambang Irawan rupinipun kados janaka, dipunkinten Bambang Irawan Punika Janaka. Dene Kalasrenggi ugi sampyuh (seda bareng), kena pusakane Irawan.

Daerah perang Baratayuda wonten ing tegal Kuruksetra, kalih kalihpun, kurawa kaliyan pandhawasami sibuk siyaga kubu-kubu markas ing pinggir Tegal Kuruksetra.

Baratayuda ngantos kelamapahan 18 dinten, tuwin mbekta kurban sakinten sekawan yuta prajurit.

 

3. Pandawa Kembar

KAKANG Kurupati menyang Ngamarta nggawa prajurit sagelar sapa-pan ana parigawe apa?” pita­kone Wrekudara marang keng raka.

“Lhoh..! Kok sajak mejanani temen. Apa netra panduluku sing pancen wis blawur. Wrekudara iki!?” pitakone Prabu Duryudana sajak kurang precaya.

“Isih pana kowe Kakang, aku Wreku­dara kang ana ngarepmu. Baliya me­nyang Ngastina, undurna kabeh wadya­balamu.”

“Waa wis kebacut tumeka kene je! Ora susah ngenteni Baratayuda. Ora idhep kowe kuwi Wrekudara apa iblis, bakune dina iki kudu sirna saka tanganku.”

“Majuwa, bakal dak ajangi apa kang dadi karepmu.”

 

Tetandhingan antarane Prabu Duryu­dana lan Dyan Wrekudara datan kena den selaki. Bledug ngampak-ampak sumun­dhul ngawiyat. Alun-alun Ngamarta kang dadi ajanging paprangan bosah-baseh ora karuwan. Suwarane wadyabala Kuru Kancana lan Ngamarta kang padha andon yuda sangsaya gawe horeging suwasana.

Mulat sang Wisanggeni marang lumam­pahing paprangan. Gya mateg mantram sakti. Eling-eling Wisanggeni mono titah kang kinacek ing sesamane, mula gam­pang katrima kang dadi panyuwune. Eloking kahanan, prajurit saka Kuru Kan­cana cacah ewon kang ndherekake Prabu Duryudana nggecak perang Ngamarta sakala malih dadi roning waringin.

Kagyat Sang Duryudana, Dursasana, Tirtanata, Kartamarma apadene Patih Sangkuni. Legeg nyipati kahanan. Gya si­nawat ing angin sindhung riwut dening Raden Bratasena temah kabur kontal kongsi tumekan dhatu­laya praja Kuru Kan­cana. Ngreti Prabu Kurupati ken­dhang, Wisanggeni banjur mrayogakake para kadang nglurug me­nyang Kuru Kancana nglu­wari para pepun­dhen.

Prabu Duryudana sa­pendherek kang tiba gu­mebrug aneng dhatulaya tuhu gawe kagyate Prabu Darma Lelana sakadang. Prabu Duryudana ngen­dika sarwi nandukaken deduka merga rumangsa kena ing apus karma.

“Paduka sampun mir­sani piyambak, bilih wek­dal samenika Pandhawa taksih wonten ing pakun­jaran. Mokal menawi wek­dal samenika sam­pun wonten Ngamarta,” ngedikane Prabu Darma Lelana  sareh.

“Nanging nyatanipun sareng dumugi Ngamarta kula dipun papagaken dening Werkudara. Pra­mila kula suwun Prabu Darma Lelana sakadang kemawon ing­kang ngrampungi prekawis menika. Mangke sasampunipun sembada mbe­dhah Ngamarta merjaya pranakanipun, bumi Ngamarta didum sasigar semangka kemawon. Kula sepalih, dene Paduka ugi sepalih.”

“Yayi Guna Lelana, jeneng sira Yayi dak dhawuhi niliki kang sabanjure  nyo­wanake Pandhawa sing wektu dinane iki isih ana pakunjaran. Yen wus kasowanake ayo padha ditigas janggane ana alun-alun Kuru Kancana, murih enggal ilang kliliping ingkang sinuwun Duryudana.”

Kang kadhawuhan datan suwaleng kayun, gya nyuwun pamit mring pakun­jaran nganthi Pandhawa banjur kairit mring dhatulaya. Kedhep tesmak pandulune Pra­bu Duryudana nalika uninga para Pan­dhawa kang kasowanake isih kanthi ka­hanan dibanda astane.

“Waaa kahanan kok kaya mangkene, angel anggonku mikir. Sinuwun Darma Lelana, prekawis menika kula pasrahaken sawetahe dhateng Paduka. Kula pun mboten badhe tumut-tumut malih. Ing­­kang baken tumrap kula sakadang, Pan­dhawa dalah anak-anake kudu modar!”

 

“Menika dhawah gampil Sinuwun. Paduka mboten sisah rumagang ing kar­ya. Pejahipun Pandhawa sakukuban ka­pasrahaken kewala dhateng kula saka­dang,” dhawuhe Prabu Darma Lelana aga­we lejar penggalih Prabu Kurupati.

Nanging kedadak Raden Puja Lelana munggah ing sitinggil asung palapuran menawa Pandhawa Lima ngamuk pung­gung ing Kuru Kancana sarwi nyumbari Prabu Darma Lelana sakadang.

“Lhadalah, pripun yen ngaten niki? Estu ta ingkang dados ngendikanipun anak prabu Kurupati?” sumelane Patih Sengkuni. “Pandhawa ngamuk punggung ing alun-alun, lha lajeng sing dibanda niki sinten?”

“Paman Patih mboten sisah tumut-tumut, pun kersane dirampungi piyambak kaliyan Prabu Darma Lelana sakadang. Ingkang baken icaling klilip kula nenggih Pandhawa sakpranakane,” sumelane Pra­bu Duryudana.

“Para kadang kabeh, ayo bebarengan padha dipapagake kang lagi sesumbar ana alun-alun. Aja lali pandhawa kang wus dadi bandan iki digawa menyang pa­lagan pisan!” dhawuhe Prabu Dharma Lelana kanthi trewaca. Kang ana dhatu­laya Kuru Kancana sigra metu njaba ma­pagake tekane mungsuh. Sedaya datan ana kang katinggalan.

Tekan ngalun-alun kawistara Pandha­wa lima lagya mbegagah nyranti tekane Prabu Dharma Lelana sakadang.

“Para kadang kabeh,” Raden Wisang­geni bisik-bisik. “Eling-elingen kang dadi piwelingku, mangko kalamunta Pandha­wa sing dikongkon maju mapagake awake dhewe, aja padha diladeni…”

“Lho, Wisanggeni ki piye? Yen ora oleh diladeni rak padha karo nyorohake patine para kadang,” panyelane Antareja.

“Mengko dhisik ta. Durung rampung anggonku kandha. Bakune aja diladeni, mengko yen nganti para kadang tume­keng lalis, Wisanggeni kang bakal nang­gung sakabehe. Cukup sembahen kaping telu sinambi ngeningake netra batin nyenyuwun mring Hyang Manon kanggo miyak warana sapa sejatine kang kok adhepi. Wis, ngono kakang kang dadi pi­welingku. Aku tak ngawat-awati saka kadohan wae kakang,” Raden Wisanggeni banjur nggeblas lunga saka papan kono.

Tan pantara lama Prabu Darma Lelana sakadang wus prapta ing papan kono nganthi Pandhawa miwah Prabu Duryu­dana, Dursasana, Tirtanata uga Patih Sengkuni. Pirsa ing ngalun-alun uga ana Pandhawa cacah lima rumangsa gumun sang Duryudana.

“Sarehne sing mbarang amuk iku te­tirone Pandhawa, mula kareben Pan­dha­wa iki wae sing ngadhepi. Yayi Guna Le­lana, enggal luwarana bandane Pandha­wa, banjur dhawuhana maju pabaratan ngadhepi tetirone kae,” dhawuhe Prabu Darma Lelana marang keng rayi. “Pun Kakang bakal bali ha­nge-dhaton, mangko samangsa-mangsa ana bebaya kang banget mutawatiri pun kakang aturana pirsa ya Yayi.”

Kang dhinawuhan sigra ngluwari ban­da­ne Pandhawa. Sabanjure Pandhawa kadhawuhan maju ing pupuh ngadhepi tetirone. Para putra Pandhawa kang lagi namur laku maksih eling marang pitungkase Wisanggeni, mula majune Pandha­wa babar pisan ora digape. Sawise caket sigra kasembah kaping telu, sinartan donga panyuwun mring Hyang Manon mu­rih lebdeng karya.

Kaelokaning jagad, Pandhawa kang nembe diluwari saka bebandane iku ilang wewujudane malih dadi gegaman kadewatan. Prabu Punta babar dadi Jamus Kalima Sada, Raden Wrekudara dadi Gada Rujak Pala, Dyan Janaka babar dadi Saratama, semono uga satriya kembar kemanikan dadiya sanjatanira sowang-sowang.

Prabu Duryudana nggragap mulat kaelokaning lelakon, sigra nggemprang mring kedhaton ngupadi Prabu Darma Lelana sakadang. Caos palapuran keda­deyan ing alun-alun.

Ing alun-alun, Raden Wisanggeni ban­jur mrepegi kadang-kadange maneh.

“ Para kadang, sanjata iku padha pun­dhinen. Kanggonen sangu ngadhepi Prabu Darma Lelana sakadang. Wis enggal majua maneh!”

Pandhawa tiron kang wus mandhe gegaman banjur nyumbari Prabu Darma Lelana sakadang. Panas talingane midha­nget swara panantang, wusanane Prabu Dharma Lelana sakadang kabiyantu Prabu Duryudana maju ing palagan. Saka pa­pane sesingid, Wisanggeni bali mateg mantram sakti.

Dumadakan ana mega mangampak-ampak nglurupi praja Kuru Kancana. Ilanging mega bebarengan kalawan musnane praja Kuru Kancana kang pancen dumadi mung karana cipta. Kraton saisine bali kadya sakawit dadi ara-ara Kurusetra kang jembar hangilak-ilak.

Tetandhingan antarane Pandhawa tiron mungsuh Darma Lelana sakadang lumaku imbang. Yen ditimbang padha abote. Durung ana tandha-tandha sapa sing bakal unggul lan sapa sing kasoran. Nanging suwe-suwe Prabu Darma Lelana sakadang keseser yudane. Mulat mung­suhe karoban lawan, ponang sanjata kang cinekel Pandhawa tiron arsa kata­mak­ake mring anggane Prabu Darma Le­lana sakadang. Ing kahanan kang mu­tawatiri mau Wisanggeni malumpat saka papane singidan niyat misah marang para kang lagi bandayuda. Mlumpate Wi­sanggeni bebarengan kalawan praptane jawata Suduk Pangudal-Udal, Resi Kaneka Putra kang nunggal niyat kalawan Wi­sanggeni nedya misah kang lagi rog bandawalapati.

“Bregenjong-bregenjong pak-pak pong waru dhoyong ditegor uwong. Waaaa…. padha kurang gaweyan iki. Bapak kok gelut mungsuh anak, ora lucu. Hayo bubar-bubaaar. Kuwi sing padha memba-memba gage lukar busana,” Dha­wuhe Resi Narada karo gumujeng.

 

“Weh kedhisikan Bathara Narada, mangka sakjane sutradharane aku he he he. Ya  wis ora dadi ngapa. Para ka­dang, cukupna semene anggonmu namur laku. Sajake wis kewiyak mungguh warananing lakon.”

Para Pandawa kang nyekel senjata mau banjur badhar sejatining wujud dadi para putra Pandhawa.

“Darma Lelana sakadang barang kuwi gage padha rucata! Apa dikira jeneng ulun ora pirsa sapa sejatine Darma Lelana sakadang kuwi?” ngendikane Bathara Na­rada.

“Iya Mbah, tuturana para pepundhen Pandhawa kuwi. Padha murca reka-reka dadi Prabu Darma Lelana sakadang mung gawe bingunging para garwa putra,” sumelane Raden Wisanggeni.

Sanalika badhar sejatining wujud Prabu Darma Lelana sakadang dadi Pan­dhawa lima. Prabu Duryudana sapendhe­rek kang rumangsa kewirangan banjur nggeblas ninggalke Tegal Kuru tanpa pamit.

“Sarawuh Paduka Pukulun Bathara Narada, sembah pangabekti kula konjuk,” ature Prabu Punta makili para kadang lan putra.

“Hiya Kaki Prabu Punta wus ulun tam­pa. Balik pudyastawaning Ulun muga ru­menthah mring Kaki Prabu sakadang lan para putra. Iki mau lagi ngapa, lha kok bisa pak karo anak padha gelut?”

“Nuwun sewu Pukulun, lekas kula sa­kadang namung badhe murungaken Baratayuda. Menawi Ngamarta kula pa­srahaken dhateng kaka prabu Duryudana lan kula sakadang cekap wonten Kuru Kan­cana, tartemtu perang ageng jang­kaning jagad badhe wurung.”

“Sapa sing kandha? Bharatayuda tetep bakal dumadi, awit iku uga winastan perang suci. Perange watak sura mung­suh asura. Sanajan disrananana kaya nga­pa tetep bakal kelakon. Mung pitungkas Ulun, Pandhawa lima iku endhog sa­pe­tarangan ngibarate, mukti siji mukti ka­beh, mati siji liyane hangemasi. Mula ra­keting kekadangan kudu den jaga. Aja padha kemba nindakake saliring kadar­man kang anjog marang katentremane kawula dasih sawegung. Iki kang dadi pitungkas Ulun, raharja kang samya pi­nanggya, Ulun kondur kahyangan ngger,”  Bathara Naradha gya cumalorot ing akasa kondur mring Suduk Pangudal-Udal.

Para Pandhawa uga banjur kondur mring Ngamarta kadherekake para putra. Prapteng Ngamarta Raden Wrekudara gya njoget tayungan minangka tandha syukur konjuk mring Gusti Kang Maha­linangkung.

 

4. Sumantri Ngenger

Ing pertapan Jatisrana, ana pandhita aran Begawan Suwandhagni. Sang Begawan nduwe anak loro lanang kabeh aran Bambang Sumantri lan Raden Sukasrana. Bambang Sumantri wujude satriya bagus, dene Raden Sukasrana wujude buta bajang utawa buta cebol sing nggilani. Sanajan rupane nggilani nanging Bambang Sumantri tresna banget marang adhine. Samono uga Raden Sukasrana.

Nalika Sumantri wis diwasa, Begawan Suwandhagni ngendika supaya Sumantri ngenger utawa suwita menyang Negara Maespati. Sumantri sendika dhawuh. Lakune didherekake punakawan papat Semar, Gareng, Petruk lan Bagong. Begawan Suwandhagni nitipake sanjata Cakra darbeke Prabu Harjuna Sasrabahu supaya dibalekake.

Lakune Bambang Sumantri kandheg amarga Raden Sukasrana kepengin melu. Bambang Sumantri banjur ngarih-arih adhine nganti turu. Sawise adhine turu, Bambang Sumantri budhal nilapake adhine menyang Negara Maespati.

Ing Negara Maespati Sang Prabu Harjuna Sasrabahu lagi ngrembug bab arepe mupu sayembarane Dewi Citrawati ing Negara Magada. Dewi Citrawati nganakake sayembara, sapa sing bisa menehi srah-srahan putri dhomas cacah wolungatus bakal dadi bojone. Nalika lagi padha rembugan katungka sowane Bambang Sumantri. Bambang Sumantri matur arep suwita marang Prabu Harjuna Sasrabahu. Prabu Harjuna Sasrabahu gelem nampa suwitane Sumantri lamun dheweke bisa mupu sayembarane Dewi Citrawati.. Sumantri nyaguhi banjur budhal menyang Negara Magada.

Ing Negara Magada, wis akeh para raja lan satriya sing ngleboni sayembara. Padha-padha gedhe kekarepane, padha-padha ora gelem ngalahe wasana dadi perang rame. Pungkasane para raja lan satriya kalah kabeh karo Sumantri jalaran dheweke migunakake sanjata Cakra. Para raja telukan padha pasrah putri boyongan nganti cacah wolungatus. Sumantri klakon mboyong Dewi Citrawati kanthi srah-srahan putri dhomas cacah wolungatus.

Rumangsa bisa ngalahake ratu sewu negara, Sumantri dadi gumedhe, umuk, kemaki. Ing batin dheweke rumangsa menangan mula banjur thukul niyate arep nelukake Prabu Harjuna Sasrabahu. “Ratu sewu negara bae padha keyok kabeh karo aku, genea aku ndadak suwita marang Prabu Harjuna Sasrabahu? Kena ngapa ora tak telukake pisan dadi andhahanku?” ngono batine Sumantri kandha. Sumantri banjur nulis surat panantang marang Prabu Harjuna Sasrabahu lan dipasrahake marang patihe Prabu Harjuna Sasrabahu sing ndherekake lakune saka praja Maespati.

Prabu Harjuna Sasrabahu mung mesem nampa panantang saka Sumantri. Dheweke enggal methukake lakune Sumantri. Sumantri lan Prabu Harjuna Sasrabahu perang rame. Padha sektine, padha terngginase. Perange nganti pirang-pirang dina. Sumantri kekeselen banjur kepengin ngrampungi perange karo Prabu Harjuna Sasrabahu.

 

Dheweke enggal ngetokake sanjata Cakra arep ditamakake marang Prabu Harjuna Sasrabahu. Sanjata Cakra kuwi sejatine duweke Prabu Harjuna Sasrabahu. Nalika lair Prabu Harjuna Sasrabahu wis nggawa sanjata Cakra, amarga dheweke sejatine titisane Bathara Wisnu. Nalika smana sanjata Cakra disilih pamane, Begawan Suwandhagni.

Weruh sanjata Cakra ing tangane Sumantri, sakala Prabu Harjuna Sasrabahu nesu. Prabu Harjuna Sasrabahu triwikrama utawa malih dadi buta gedhene sagunung. Sanjata Cakra disaut banjur diuntal. Buta ngamuk gereng-gereng arep ngremuk Sumantri sing kemaki. “Sumantri, kowe satriya picek, watekmu ala, melik barange liyan. Satriya wingi sore kemaki wani nantang Ratu Gustine. Tak remet pisan remuk kowe Sumantri!” Weruh Bathara Wisnu nesu, Sumantri ndheprok, lemes ora duwe daya. Nalika Sumantri disaut Brahala, Bathara Narada tumurun ngarcapada nyapih satriya loro. Buta lilih badhar dadi Prabu Harjuna Sasrabahu.

Sumantri banjur ditundhung lunga. Pasuwitane bisa ditampa maneh menawa dheweke bisa muter utawa mindhah Taman Siwedari menyang Negara Maespati. Taman Sriwedari kuwi taman ing kahyangan Nguntara Segara, kahyangane Bathara Wisnu. Sumantri sing wis ilang kasektene amarga koncatan sanjata Cakra banjur klunuh-klunuh lunga saparan-paran, karepe arep wadul bapake, Begawan Suwandhagni.

Lakune Sumantri kepethuk Raden Sukasrana sing nyusul lungane. Sumantri nyritakake kabeh lelakone marang Sukasrana. Sukasrana mesem krungu critane Sumantri.

“Nek mung utel aman we, ampang akang,” kandhane Sukasrana karo ngguyu ngakak.

“Tenan, Yayi? Kowe bisa muter Taman Sriwedari?” kandhane Sumantri.

“Isoh ae, Akang. Uwi ampang!”

“Adhiku, Dhi Sukasrana. Tulungana aku ya, Dhi!” kandhane Sumantri memelas.

“Aku isoh utel aman Iwedali ning ana alate, Akang.”

“Apa syarate, Dhi?”

“Aku engen elu owe, Akang. Aku elu uwita Abu Aluna Asa.”

“Kowe kepengin melu aku suwita Prabu Harjunasasra?”

“Iya, Akang.”

“Iya, Dhi. Angger si Adhi bisa muter Taman Sriwedari mesthi tak ajak suwita menyang Maespati.”

“Enan, Kang? Owe anji Kang? Owe ola apusi?”

“Iya Dhi, pun kakang janji ora bakal ngapusi!”

“Yoh, Akang. Entenana edhela ya?”

Sukasrana banjur muja semedi. Sanajan rupane ala nanging gedhe prihatine. Sedhela wae taman Sriwedari wis pindhah menyang alun-alun keraton Maespati, gawe gegere wong sanagara. Sawise klakon muter Taman Sriwedari, Sumantri ditampa suwita ing Negara Maespati dadi patih, aran Patih Suwanda.

Sukasrana diajak Sumantri menyang Negara Maespati nanging dipenging ngetok, amarga Sumantri isin duwe adhi wujud buta cebol sing rupane nggilani. Sukasrana dikongkon manggon lan ndhelik ing sajroning taman.

Nalika Dewi Citrawati ninjo kahanane lan kaendahane Taman Sriwedari, dheweke njerit-jerit kamigilan weruh ana buta bajang ing jero taman. Dewi Citrawati banjur lapuran marang Prabu Harjuna Sasrabahu. Sang Prabu dhawuh marang Sumantri supaya nyingkirake buta bajang. Sumantri sing wis nggraita menawa buta sing dikarepake kuwi adhine, Sukasrana, banjur budhal mlebu taman.

Tekan ing jero taman, Sumantri nesu-nesu ngunek-ngunekake adhine sing medeni Dewi Citrawati. Sukasrana dikongkon bali menyang pertapan. Sukasrana ora gelem amarga wis dijanjeni dening Sumantri arep diajak suwita ing Negara Maespati. Sumantri gregeten.

Sukasrana diagar-agari panah dikongkon bali. Sukasrana tetep ora gelem bali malah nyedhak nagih janjine Sumantri. Nganti suwe anggone eyel-eyelan, pungkasane panah mrucut saka tangane Sumantri lan nancep ing dhadhane Sukasrana. Sukasrana mati. Kuwandane ilang musna, ninggal sepata.

“Kakang Sumantri! Tega temen kowe karo aku, Kakang. Kowe mblenjani janji, Kakang. Aku ora trima. Utang pati nyaur pati. Eling-elingen mbusuk yen kowe perang tandhing karo ratu buta saka Ngalengka, ing kono tumekane piwalesku, Kakang. Wis kakang, tak enteni ing lawange surga.

Sumantri gela, Sumantri sedhih. Nanging kabeh mau barang wis kebacut. Katresnane marang adhine ilang amarga saka drajat lan pangkat. Wateke ala seneng nyidrani janji. Janji bekti marang ratu gustine, diblenjani. Janji nresnani adhine, diblenjani. Janji ngajak adhine, diblenjani. Kabeh mau mung amarga melik drajat pangkat lan kamukten. Besuk patine sumantri dikemah-kemah Prabu Rahwana ratu buta saka Ngalengkadiraja.

 

5. Pandawa Dadu

SASAMPUNIPUN pendhawa saged medal saking bale Sigala-gala, wusana saget medal mbangun praja wonten ing tlatah Endraprastha utawi Amarta. Sedaya wiwit ikhtiyar nyusun kekiyayatan kanthi tumindak ingkang sae lan jujur.

Kosok wangsulipun para tokoh Kurawa ningali para satriya pandawa sami gumugah tuwuh sedaya bala kurawa sansaya sanget anggenipun dendam. Kurawa Ngastina nglajengaken niat jahatipun, ngangge siasat licik lan jahat. Prajurit kurawa sansaya sombong, jalaran rumaos nggadhahi kekiyatan ageng. Ningali pandhawa namung nggadhai kekiyatan tokoh/cacahipun 5 (lima).

 

Kurawa Ngastina wiwit ngacakaken siyasat licik: ndhatengaken pandawa dipuntantang main dhadhu.

Kanthi tumindak licik lan licin, Arya sangkuni saget ngawonaken pandhawa. Padhawa dipunpeksa supados masrahaken negari, kraton, para pribadhi saha semahanipun minangka totohanipun(sebagai taruhan).

Pandhawa kawon, kedah nindhakaken Ukuman nyingkir dhateng wana, 13 taun laminipun.

Sasampunipun ndungkap, ukaman wekdal 13 taun, pendhawa kedah nyamar ngantosboten saged dipunngerosi wonten pundi panggenanipun.

Pranyata ndungkap wekdal ukuman 13 taun, pendhawa nyamar wonten negari wiratha, sami ngawula (menjadi hamba) dhateng prabu Matswapati/ Gurgandana. Ing pungkasaning taun 13, kawontenanipun Pandhawa boten sagetd dipun mangertosi dening kurawa ngastina klebet mata-matanipun.

Cathetan ingkang ndamel nggrantesing manah, ing salebetipun main dadu, Dewi drupadi dipun ruda paripeksa(penghinaan) ingkang sakalangkung jahat saking arya Dursasana. Ngantos rikmanipun Dewi Drupadi ngore(terurai).

Dewi drupadi sumpah ora bakal nyanggul rikmanipun sak derenge kramas kalian getihe Arya Dursasana.

 

6. Arjuna (Janaka)

ING jagad ora ana tandhingane bab kebagusane, amarga Janaka minangka simbol amal becik. Amal becik ora bisa pisah klawan swarga (Jannah). Janaka saka tembung jannahuka, tegese swargamu. Mula sapa sing kepengin mlebu swarga, kudu tumindak becik lan nindakake tuntunaning agama kanthi temen.

Arjuna satriya digdaya sekti mandraguna, polatan luruh jatmika, prigel ing samubarang, seneng tetulung marang sapa bae, mula ditresnani dening sapa bae. Ora mokal yen garwane pirang–pirang. Bojo akeh iki tegese Janaka ditresnani dening sapa bae. Yen priya ngondhangake kasudibyane, yen wanita ngondhangake sigiting citra.

Arjuna kejaba sugih bojo, uga sugih kawruh (ilmu), sugih gaman lan mantran, sugih guru. Meguru marang Begawan Padmanaba antuk aji telung warna, yaiku :

a.     Aji Sepiangin, dayane aji yen kawateg, kebating lakune Arjuna tan prabeda kaya kebating angin. Lakune bisa ngungkuli lakuning barat,

b.      Aji Malayabumi, Arjuna bisa ilang sapalungguhan,

c.      Aji Sempaliputri, Arjuna bisa manijing ajur ajer.

Pusakane pirang–pirang. Kang asring digunakake : Keris Pulanggeni, Kalanadhah, Panah Merdaging, Rodha Dhadhali, Haryas Sangkala, Sarutama, Pasopati.

 

7. Anoman Obong

DEWI Shinta wis kelakon didhusta dening Prabu Rahwana/Dasamuka menyang kraton Alengkadiraja. Dewi Shinta dipapanake ing taman Kaputren. Ing taman, Dewi Shinta ora doyan mangan lan ora donyan ngombe.

Awake kuru aking, rambute dawa nggimbal ora digelung amarga wis suwe ora adus. Kabeh mau ditindakake supaya Rahwana wegah nyedhaki dheweke. Kanggo njaga keslametane, menyang ngendi wae Dewi Shinta tansah nggawa cudrik/keris cilik. Samangsa-mangsa Prabu Rahwana teka arep ngrudapeksa, dheweke banjur ngancam arep nganyut tuwuh utawa bunuh diri.

Ing taman amung Dewi Trijatha sing bisa ngarih-arih lan bujuk Dewi Shinta supaya gelem mangan. Dewi Trijatha kui anake Gunawan Wibisana adhine Prabu Dasamuka dadi isih ponakane Prabu Dasamuka.

Dewi Trijatha kui rupane ayu lan polah tingkahe ora kasar kaya buta Alengka. Polah tingkahe lan solah bawane ora beda karo putri keraton liyane. Upama ora ana Trijatha, Dewi Shinta mesthi wis mati suduk sarira, Trijatha kasil ngarih-arih Dewi Shinta supaya ora lampus dhiri.

Ora kacarita nelangsane Dewi Shinta ing tangane mungsuh. Dene Sri Ramawijaya kasil dadi ratu angratoni bangsane kethek saka kraton Guwa Kiskenda andhahane Sugriwa. Sawijining dina Sri Ramawijaya kirim utusan kethek putih aran Anoman. Anoman dinuta Sri Ramawijaya supaya nggolek sisik melik ing ngendi lan kepriye kahanane Dewi Shinta.

Tekan keraton Alengka, Anoman njujug taman keputren. Ing kono dheweke kelakon nemoni Dewi Shinta lan Trijatha. Anoman banjur ngaturake ali-aline Sri Rama marang Dewi Shinta. Sawise mangerteni kaanane Dewi Shinta lan entu sisik melik bab kaanane kraton lan prajurit Alengkadiraja, Anoman banjur pamit bali. Emane nalika arep bali, Anoman konangan lan kecekel prajurit Alengkadiraja. Anoman dirangket disowanake Prabu Rahwana. Dening Prabu Dasamuka Anoman diukum obong. Anoman diukum obong ing laun-alun Alengka.

Nanging Anoman kuwi kethek sekti mandraguna, ora tedhas diobong. Nalika diobong Anoman mberot banjur pencolotan sandhuwure wewangunan kraton lan omah. Wewangunan lan wit-witan sing diencoke Anoman kabeh kobong.

Kraton Alengkadiraja sing maune apik lan endah saiki dadi segara geni sing mbulat-mbulat amarga pokale Anoman. Prabu Dasamuka nesu lan mrentahake prajurit Alengka supaya nyekel Anoman. Nanging Anoman wis kasil lolos lan bali atur palapuran marang Sri Ramawijaya.

Swasana lan kaanane kraton Alengkadiraja nalika diobong dening Anoman kaya sing diceritakake ing lagu campursari Anoman obong.

 

8. Leluhur Pandawa lan Kurawa

ANA sawatara versi crita bab sapa leluhure Pandawa lan Kurawa. Ana sing ngandharake yen iku Bharata, putrane Prabu Duswanta lan Dewi Sakhuntala. Mula, Pandawa lan Kurawa uga sinebut darah Bharata.

Crita liya nyebutake yen kang nurunake iku Bambang Bremani, putrane Bathara Brama kang dhaup karo Dewi Srihunon, putrane Bathara Wisnu. Bremani banjur peputra Bambang Parikenan lan Parikenan peputra Manumayasa. Manumayasa iku satriya linuwih, kinasihan ing Bathara Guru.

Nalika semana ngarcapada, nadyan wis akeh manungsane, kahanane durung tumata. Mula Bathara Guru ngersakake mranata kahananing para titah iku. Banjur miji para dewa. Sang Hyang Kanekaputra matur yen ngarcapada kudu ana kang mimpin. Nanging sapa?.

Miturut Bathara Kanekaputra, ora ana liya maneh kejaba ya mung Manumayasa iku. Bathara Guru sarujuk, nanging isih sumelang. Yen mung Manumayasa dhewe kang ditugasi, apa bakal bisa ngleksanakake jejibahane kanthi becik?. Sawise rembugan sawatara suwene, Bathara Guru lan Kanekaputra sarujuk ngutus Sang Hyang Ismaya melu tumurun marang ngarcapada ngancani Manumayasa.

Yen ana pewayangan, Bathara Ismaya kuwi jenenge sing luwih populer Semar. Maune uga salah sawijining dewa kang dedunung ing kahyangan. Wiwit dina kuwi Ismaya kadhawuhan tumurun ing ngarcapada kanthi tugas ngemong Manumayasa nganti saanak-turune besuk, amarga anak-turune Manumayasa iku wis dipesthekake dening jawata bakal dadi pemimpine para manungsa, pemimpin kang kudu njejegake kautaman.

 

9. Sumantri Ngenger

SUPAYA anak-turune Manumayasa tansah bisa lumaku ing garis kautaman, Ismaya kudu tlaten ngemong. Kudu tansah ngelikake yen ana kang arep nalisir saka bebener. Sabanjure Semar mapan ing Karangdhempel (uga ana kang ngarani Klampis Ireng).

Dene Manumayasa banjur yasa padhepokan ing Wukir Retawu. Semar kerep sowan menyang Retawu, prasasat meh saben dina. Sawise sawatara taun Manumayasa lan Ismaya manggon ana ngarcapada, Bathara Guru lan Bathara Narada bali ngrembug bab Manumayasa lan Ismaya. Pamanggihe Bathara Guru, Manumayasa kudu duwe sisihan supaya duwe keturunan kang besuk dadi pemimpine bangsa manungsa. Mula, wanita kang dadi sisihane Manumayasa iku aja mung sembarang wanita, ning kudu wanita sing duwe pribadi luhur, supaya bisa nurunake anak-anak kang uga becik pakartine.

Bathara Guru lan Narada akhire sarujuk nurunake widadari kang duwe sipat ora mung darbe rupa sulistya, ning uga pribadi luhur lan pantes dadi sisihane Manumayasa lan Ismaya. Widadari kang diturunake yakuwi Dewi Kaniraras lan Dewi Kanastri.

Nalika tumurun ing ngarcapada, kekarone memba rupa dadi macan. Nuju sawijining dina, Manumayasa didherekake Semar, mbebedhag sato ana ing alas. Dumadakan kepethuk macan loro kang lagi nggereng-nggereng sajak arep mangsa Manumayasa lan Semar.

Manumayasa nuli ndudut jemparing loro pisan. Jemparing linepasake, ngenani macan sakloron, sanalika badhar dadi widadari. Dewi Kaniraras lan Dewi Kanastri banjur nyembah marang Manumayasa, lan matur yen kekarone kadhawuhan dening jawata tumurun ing ngarcapada.

Gancaring carita, Dewi Kaniraras nuli kapundhut garwa dening Manumayasa. Dewi Kanastri dadi bojone Semar. Manumayasa apeputra loro, yakuwi Sekutrem lan Sriyati. Sekutrem nurunake para ratu Astina, kalebu Pandawa lan Kurawa. Sriyati nurunake para raja Mandaraka.

Dene Semar, tetep dadi abdi kang setya. Semar duwe anak telu: Gareng, Petruk, lan Bagong kang uga banjur melu dadi abdine para anak-turune Manumayasa. Nanging uga ana kang kandha, yen sejatine Gareng, Petruk, lan Bagong kuwi namung anak angkat.

 

10. Sintha Kandhusta

Pegat, apisah, Rama lan Shinta, kidang kencana tanggap ing sasmita, hangendering cancut mlajeng lumebeng wana, saya hanengah, saya tebih, denira apepisahan kalawan garwa mayangsari.

Ngancik telenging wana, peteng ndhedhet lelimengan, ical lacaking kidang, sapandurat kumlebet katingal kidang kencana haleledhang, Rama sigra hangembat gendhewa, menthang langkap, wastra lumepas, hangener dening kidang, tumancep warayang mring hangganing kidang sangsam kencana, gumlundhung pejah kasulayah, eloking kahanan, sareng gumalundhunging kidang kapiyarsa swara dumeling, Marica hangemba-emba suwaranipun Rama, jelih-jelih asesambat mring arinta Laksmana.

Sinta lan Laksmana ingkang hanganti dhatenging ingkang raka Rama dinandak hamiyarsa suwara nyaring asesambat tiwasing dhiri. Kusumaning ayu Sinta sajroning wardaya, hanyipta lamun swara ingkang kapiyarsa punika, tuhu swaranipun raka Rama, mila tarataban manahira, sigra dhawuh mring ari Laksmana, supaya enggal lumawat mring Rama, aweh pitulungan, Laksmana ingkang wicaksana tansah sung pemut, bilih swara punika sanes suwarnipun Rama.

Saiki, Rama sadar menawa dheweke wis ketipu. Dheweke gage-gage bali ing panggon Sinta ngenteni. Ing dalan dheweke papasan karo Laksmana, banjur dheweke bali bebarengan.   Endah kagete Rama lan Laksmana menawa Sinta wis kasil dicolong Prabu Dasamuka.

 

Manuk Jatayu mbudidaya ngalang-ngalangi malah tekaning pati kaperjaya dening gegamane Rahwana, lan Sinta bisa digawa menyang Ngalengka. Sadurunge mati Jatayu isih bisa ngabari Rama lan Laksmana tumrap kaanane Sinta. Amarga gugur njalanake darmane, Rama lan Laksmana nyuwun marang Sang Kuasa supaya gugure Jatayu  bisa sempurna.  Awit saka panyuwune Rama lan Laksmana, Jatayu bisa gugur secara moksa. Awake melu ilang lunga ing Suarga.

Ing perjalanan menyang Ngalengka, Rama lan Laksmana ketemu karo Anoman kethek putih putrane Bathara Guru. Anoman didhawuhi ngabdi karo Rama.

Nalika, ing tengahing alas, padha mireng suara tangis. Sawise diceraki, swara iku saka kethek ingkang kejepit ing silangan wit gedhe Rama banjur nulungi kethek iku saka jepitan. Kethek iku ngaku menawa dheweke iku Raja ing Guwakiskendha, sing jenenge Sugriwa.

Kakange sing jenenge Subali mbrontak karo Guwakiskendha, banjur dheweke di siksa lan dijepit ing silangan wit. Lajeng kanggo ngrebutke Guwakiskendha,  Sugriwa padu karo Subali, Rama nglepaske wastra pusaka Gumawijaya. Dening Resi Subali nduweni Aji Pancasona, dheweke tetep kalah. Kanthi dibantu Rama, Sugriwa bisa dadi  Raja maneh ing Guwakiskendha.

Kanggo bales budi, Sugriwa ngerahke wadyabalane kanggo mbantu Rama ngrebut Sinta saka Prabu Dasamuka. Anoman didhawuhi Rama supaya nggoleki Sinta menehake ali-aline Rama lan mangerteni kekuatanne Kerajaan Ngalengka. Nalika arep bali Anoman dicekel wadya bala Ngalengka. Anoman arep diobong nanging banjur mabur nggawa geni kanggo  ngobong kraton Ngalengka, kajaba taman Argasoka, panggon Sinta didhelikake.

Akhire, kedadean perang gedhe  Pancawati mungsuh karo Nglengka.

Wadya balane Ngalengka  wujud buta-buta lan wadya balane Rama dibiyantu kethek-kethek balane Sugriwa, Senapati  Nglengka akeh sing tiwas. Pancawati menang. Sawise perang Rama lan   Shinta bali menyang Ayodya, Nanging Sinta susah ora enggal ketampa dening Rama, amarga dianggep wis ora perawan maneh. Sinta reresik awak saka geni lan banjur ditampa. Pratelane Rama, sesucen iku kudu ditindakake kanggo ngilangi pandakwa ala tumrap garwane.

 

11. BIMA

Pandu ora iso gawe anak amargo kutukan saking resi ing alas. Kunti (garwane Pandu) ngomong ing bayu, (dewa angin). saka hubungan Kunti lan Bayu, lahiro Bima.amargo anugerah soko Bayu, Bima dadi uwong kang paling

Pas cilik kekuatanne bima ora iso ditandingi karo konco konco seumuranne. Kekuatane iku dienggo nakali dulure, Kurawa. Duryodana salah siji Korawa pegel ning sifate bima sing nakal. Deweke ende  niat pengen mateni Bima. Ing sawijining dina nalika kurawa lan pandhawa dolan bareng ing kali Gangga. Duryodana maringi panganan lan ngombe ing bima, sing wes dicampur racun. Bima ora curiga, deweke mangan panganan iku trus pingsan lan awake ditaleni lan dikelekne ing kali gangga karo rakit. Pas rakite teko ing tengah kali ula ula sing urip ing daerah iku matuk awake Bima. ajaibe, bisa ula iku dadi  penangkal racun sing dipangan Bima. Nalika sadar langsung dibukake tali iku lan ula ulane dipateni. Pirang pirang ula lapor marang rajane Antaboga (Naga Basuki). Ngerti kabar iku Antaboga langsung nyambut Bima ngewehi ngombe sing semangkuke menehi kekuatan 10 gajah. Bima ngombe 7 mangkok. Lan tinggal ing istana Naga Basuki trus mulih.

Remajane, Bima dan dulure dididik lan dilatih karo Drona. Bima melajari gada, kaya Duryodana. Loro lorone dadi  muride Baladewa, yaiku Kresna.

Nalika Bima, ibune lan dulure liburan ing Waranawata, wonge lan Yudistira sadar menawa penginapane iku dienggo mateni Bima lan keluarga. Pesuruh  Duryodana, yaiku Purocana uwis mbangun omah iki saka bahan koyo lilin sing cepet kebakar. Bima pengen ngalih, tapi amarga sarane Yudistira podho manggon ana kana a sawetara sasi

Ing sawijining wengi, Dewi Kunthi ngadaaken pesta lan ono wadon sing cedek Purocana teko. turut hadir di pesta itu bersama dengan kelima orang puteranya. Nalika Purocana karo wadon iku keturon, Bima ngokon ibu lan dulure kabur trus Bima mbakar omah lilin iku. Bima gendong ibune, Nakula lan Sadewa ing pahane, Yudistira karo Arjuna ing tanganne.

Trus teko ing kali Gangga neng kono dianter nyebrangi kali karo pasuka Widura

Ing Hidimbawana, Bima kertemu karo raksasa wadon asmane Hidimbi, sing nyamar dadi wadon biasa lan tresno marang Bima Hidimba (mbake Hidimbi) nesu amarga perkara iku, sing dadi pertarungan antara Bima karo Hidimba. Bima menang trus nikah karo Hidimbi lan gadah putra asmane Gatotkaca.

Sawise ngelewati Hidimbawana, Pandawa lan ibune  teko ing Ekacakra. Ing kono numpang ing omahe brahmana. nalika Bima lan ibune dewean, Pandawa lainne metu, brahmana ngomongi nak ono raksasa Bakasura meneror Ekacakra.raksasa iku gelem mandek tapi penduduk kudu nyiapne panganan sing enak lan siji menungsa. Kunti ngomong ia ndawuhi  Bima sing mateni raksasa iku.

Bima gowo  segerobak panganan neng  gua Bakasura. Ing kono wonge ngentekake panganan iku raksasa dadi nesulan nyerang Bima, Bima pun Menang lan muleh. Lan mutusne pindah ing Kampilya, ibukota Kerajaan Panchala, Bima gadah anak saka Dropadi asmane Sutasoma, dengan lan karo Putri Balandhara adalah Sarwaga. Kabeh gugur  ing Perang di Kurukshetra.

ing perang di Kurukshetra, Bima dadi panglima tentara Pandawa. berperang nganngo  gada. Dino terakhir Bharatayuddha, Bima padu karo Duryodana Pertarungane imbang, akhire  Kresna gingetaken Bima sing uwis sumpah nugelake pupune. Sawise pupune, Duryodana diremukaken. Baladewa nesu pengen mateni Bima tapi ditengahaken karo krisna.

jenis ajiane Bima: Aji Bandungbandawasa, Aji Ketuglindhu, Aji Bayubraja danAji Blabak Pangantol-antol. Lan senjata, antara lain: Kuku Pancanaka, Gada Rujakpala, Alugara, Bargawa (kapak besar).

 

Werkudara / Bima

Werkudara iku putrane Prabu Pandhu Dewanata Ian Dewi Kunthi sing angka kalih. Werkudara iku titisane Bathara Bayu. Awit putra angka loro, mula Werkudara uga sinebut putra panenggaking Pandhawa. Sesebutan liyane Bratasena, Bimasena, Haryasena, Bayusiwi, Jagal Abilawa, Kusumadilaga, Jayalaga. Kastriyane ing Jodhipati utawa Tunggul Pamenang.

Garwane telu aran Dewi Nagagini, Dewi Arimbi, Ian Dewi Urangayu. Karo Dewi Nagagini, ‘peputra Raden Antareja. Karo Dewi Arimbi, peputra Raden Gathutkaca: Karo Dewi Urangayu, peputra Raden Antasena.

Raden Werkudara duwe pusaka aran Kuku Pancanaka, Gada Rujakpala, Ian Gada Lambita¬muka. Aji-ajine Bandung Bandawasa, Ungkal bener, Blabag Pengantol-antol, Bayu Bajra.

Kacarita laire Bratasena. Nalika bayi lair awujud bungkus. Kabeh gegaman ora tumama. Kang bisa mbedhah bungkus mung Gajah Sena. Bareng wis bedhah, bayi diidak-idak, ditlale, digadhing malah saya gedhe. Gajah Sena ditamani kuku Pancanaka, mati sanalika. Suksmane nyawiji karo Bratasena.

Bratasena utawa Werkudara iku ora bisa basa marang sapa wae. Dadi yen micara tansah ngoko. Sing dibasani mung Sanghyang Wenang lan Dewa Ruci. Sanajan mangkono Werkudara duwe watak setya tuhu marang guru, bekti marang ibu, teguh ing janji, bela bebener, mbrastha angkara, dhemen tetulung, tresna marang kadang, adil. Watak setya marang guru, dituduhake nalika dheweke diutus dening gurune Pendhita Durna goleh banyu Perwitasari ing tengah alas ing telenging segara. Kang sajatine Werkudara dialap patine, dijlomprongake. Nanging amarga setya bekti marang guru. Werkudara malah antuk nugraha, bisa ketemu marang guru sejati (Dewa Ruci), kang mahanani Werkudara bisa pinter tanpa guru maneh.

Tandha bektine marang ibune dibuktekake, kanthi merjaya Dursasana, getihe kanggo jamas rikmane Kunthi lan sirahe kanggo keset dening Dewi Kunthi. Tresna marang kadang, kabeh kadange tansah dibela lamun nuhoni bebener. Nanging yen luput, sanadyanta anake dhewe bakal diajar, kaya nalika Gathutkaca maling Pregiwa. Jebule Gathutkaca mung dipaeka sebab sing maling Gathutkaca palsu. Dhemen tetulung upamane nulungi Ratu Wiratha (Prabu Matswapati).

Ing perang Bratayuda Werkudara dadi agul-aguling Pandhawa. Werkudara kang bisa mateni Dursasana, Sengkuni lan Duryudana. Sawise perang Bharatayuda, Parikesit wis jumeneng nata, bebarengan marang sedulur Pandhawa wis jumeneng nata, bebarengan marang sedulur Pandhawa liyane, ninggalake praja. Werkudara tiwas sumusul Sadewa, Nakula, lan Harjuna. Werkudara tiwas angka papat amarga nalika uripe seneng mangan, rada kasar, lan ora bisa basa.

Wosing budi pekerti :

1.     Duwea watak satriyatama: luhur ing budi, seneng tetulung, adil, wani ing bebener, mbrastha angkara murka!

2.      Bektia marang wong tuwa, luwih-luwih marang ibu!

3.     Dektia marang guru!

4.     Tresna asih marang sedulur.

5.     Darbea jiwa satriya kang dadi bentenging negara!

Bima (basa Sangskerta: भीम, Bhima) utawa kang luwih kaloka kanthi jeneng Werkudara iku putrané Prabu Pandhu Déwanata (ratu Ngastina) lan Dèwi Kunthi Talibrata kang nomer loro. Sedhuluré kabèh cacahé ana lima kang banjur sinebut Pandhawa. Mula Bima iya banjur sinebut satriya Panenggak Pandhawa. Miturut Kitab Mahabharata, Bima (Bhima) dilairaké wujud bayi lumrah. Lair saka guwa garbané Dèwi Kunthi. Ramané bebisik Bathara Bayu, déwaning angin.

Kacarita, sawijining ésuk Dèwi Kunthi ngenggar-enggar penggalih karo nggendhong Bhima sing isih bayi. Dumadakan ana macan saka suwaliking grumbul. Awit saking kageté, Bima mrucut saka gendhongan, tiba ing sadhuwuré watu gilang sing gedhéné sasirah gajah. Anèhé dudu sirahé Bima sing pecah, nanging malah watuné sing ajur mumur. Bima gereng-gereng nangis nggolèki ibuné. Krungu tangisé Bhima iki, macan sing mauné arep mbadhog (mangsa) bayi Bhima malah gila, satemah mlayu sipat kuping. Miturut crita pedhalangan, Bima (Werkudara) dilairaké wujud bungkus. Jaman isih cilik urip ing Astina, nanging sakwisé ditundhung déning Korawa, Bima lan sedulur-seduluré dibuwang lang pungkasané bisa babat Alas Mertani. Dhèwèké banjur urip ing kesatriyan Jodhipati/Unggulpawenang.

Anak-anaké Bima iki asring dadi pralambang prejurit. Antareja bisa ambles bumi, kang njaga dharatan. Gatotkaca bisa mabur, kang njaga awang-awang. Antasena bisa ambles bumi lan urip ing banyu, kang njaga laut. Bima uga klebu dadi salah sijiné warga Bayu kang cacahé ana wolu, yakuwi Bathara bayu dhéwé, Anoman, Liman Situbandha, Garudha Mahambira, Sarpa Nagakuwara, Gunung Maenaka, lan Ditya Jajawreka. Bima utawa Werkudara uga klebu dadi putrané Bathara Bayu, mula banjur sinebut Bayuputra iya bayu Tanaya kang tegesé anak Bayu (déwaning angin). Aji-ajiné aran aji bandhungbadawasa, Blabag Pangantol-antol lan Wungkal bener. Gegamané kang kondhang yaiku Gada Rujakpolo lan kuku Pancanaka. Bima ora gelem basa karo sapa waé, kejaba nalika ing lakon Bima Suci/Nawaruci. Ing lakon iki Bima ketemu karo Déwa Ruci. Wujudé Déwa Ruci kaya déné Bima. Déwa iki metu seka kupingé lan ngandhani Bima perkara filsafat urip. Ing pungkasan crita wayang, Bima muksa bareng karo Pandhawa liyané nuju swargaloka.

 

12. Puntadewa / Yudistira

Prabu Puntadewa iku ratu ing Amarta (Ngamarta), Dasanamane : Prabu Yudhistira, Darmakusuma, Darmaputra, Darmawangsa, Darmaraja, Gunatalikrama, Sadha Dwijakangka, Sang Ajathasatru.

Garwane asma Dewi Drupadi, mbakyune dewi Wara Srikandhi, putrane Prabu Drupada saka Negara Pancala. Saka Sang Prameswari Dewi Drupadi iki, Prabu Puntadewa peputra kakung siji, kekasih Raden Pancawala.

Prabu Puntadewa ratu watak pandhita. Watake sabar lan ikhlas, lila donya lila ing pati. Apa bae barang darbeke, yen ana sing njaluk mesthi diparingake. Nadyan segenge pisan yen ana sing njaluk, mesthi dililakake. Sajake urip ora tau ngapusi (goroh) lan ora nate perang. Sanadyan dipeksa dening Prabu Kresna supaya kersa goroh kanggo kemenangane Pandhawa, nalikane Pandhita Drona jumeneng Mahasenapati ing perang Bharatayuda, Prabu Puntadewa tetep ora kersa. Prabu Puntadewa tetep ngendika jujur, “ingkang pejah Hesthitama”. Mung olehe ngendika “Hesthi” lirih, “Tama”ne banter. Satemah dadi jalaran Pandhita Drona bingung, lan bisa dipateni dening Raden Trusthajumena.

Amarga saking banget ngati –atine, ora kersa gawe seriking liyan, lan ora kersa goroh, mula Prabu Puntadewa digambarake wong sing ludirane seta. Saking sucine uripe.

Pusakane Prabu Puntadewa wujud kitab/buku, jenenge Layang Kalimasada Pustaka Jamus. Prabu Salya klakon seda ing paprangan merga pusaka iki. Kejaba iku, pusaka liyane wujud tumbak lan payung, jenenge tumbak Karawilang lan payung Tunggulnaga.

Prabu Puntadewa iku ajejalok Yudistira iya prabu Dwijakangka utawa sinebut uga Prabu Gunatalikrama.

Prabu Puntadewa kagungan pusaka arane jimat kalimasada. Prabu Puntadewa kena diarani manungsa setengah dewa. Geneya Prabu Puntadewa diarani setengah dewa amarga Prabu Puntadewa kagungan ciri-ciri kaya Dewa, kayata Getihe putih, Sipate sabar, ora kagungan mungsuh, lan tansah tresna marang karukunan.

 

Prabu Puntadewa iku garwane Dewi Drupadi, kagungan putra iku asmane Raden Pancawala. Prabu Puntadewa iku putrane Prabu Pandhu Dewanata lan Dewi Kunthi Nakibrata.

Prabu Puntadewa iku ratu ing Amarta kang sabar lan mboten seneng perang. Nalika perang gedhe Bratayuda, Prabu Puntadewa dipekso mandeg Senopati tanding karo Prabu Salya saka Mandukara. Prabu Salya gugur, Prabu Puntadewa kang unggul

Raden puntadewa inggih menika peranganing pandhawa ingkang sepuh piyambak. Putra Prabu Pandhu. Narendra ing ngastina. Piyambakan kawentar minangka putra ingkang saleh, jujur, sabar, tata krami, lila sregep, saha mituhu. Seserepan ingkang dipuntamekaken prekawis agami. Pramila ingkang dipunremeni prekawis kesaenan, kajujuran, sarta lila legawa. Minangka putra pambarep Pandhawa tansah bekti kaliyan tiyang sepuh sarta sanget asihipun dhumateng para rayi piyambakipun tansah momong para rayi kanthi raos asih. Pramila Raden Puntadewa tansah dipuntresnani kaliyan para sesepuh, dipunajeni kaliyan para rencang, saha dipunbekteni dening para ingkang anem.

Awak-awakipun kuning gumrining, dedeg lencir, saha ukuranipun tanggung. Pasuryanipun bagus ules pethak mratandhani sucining manah.

Busana saha rerenggan ingkang dipunagem wujud gelung keeling. Sumping waderan, kalungmenggah, kelatbau nagamangsa, gelangkana ganda, ali-ali gunung sepikul, kampuh bathik limar lapis, kroncong ngrangenan.

 

13. Crita Dewa Ruci

Wektu semono,Ing dhalem padepokan Sokalima,Resi Drona kaeleng marang Brantasena kang laire wungkusan, kang bisa maujudaken Brantasena kang duweni kekuatan ingkang kuat lan gagah perkasa. Ing wektu semono sengkuni mangertos yen Brantasena janjian ketemu marang Resi Drona. Ing dhalem pertemuan menika, Resi Drona ngutus Werkudhara utawi Brantasena, yen dewekke kudu madosi “Kayu Gong Susuhing Angin.” ing kawah Candradimuka.

Brantasena tanpa risa – risi terus mangkat nyuwun pangestu dining Resi Drona. Ing dhalem wektu semono uga Sengkuni wonten ing mriku, lan mangertos pembicaraan Resi Drona marang Brantasena. Sak banjuring Brantasena Budhal, Sengkuni medhal lan tangklet marang Resi Drona babagan apa kang di rembug Resi Drona marang Brantasena. Resi Drona mangsuli marang sengkuni yen dewekke ngutus Brantasena utawi Werkudara madosi “Kayu Gong Susuhing Angin.” lan Drona uga jrumusake Brantasena.

Sengkuni lan Drusasana kaparentah dening Resi Drona supayaning mata – matai Brantasena. Ing dhalem wektu semono uga Brantasena ngocar – ngacerke alas. Sak Banjure wonten buto kaleh kang ngalani Brantasena, akhire Buto kaleh lan Brantasena perang, buto mau kalah. Banjur buto maleh rupa dados Bathara Indra lan Bathara Bayu.

Bathara kaleh mau atur panuhun marang Brantasena, banjur Brantasena tangklet marang Bathara Indra lan Bathara Bayu,

Apa kang dados maksud Bathara Indra lan Bathara Bayu?”

Bathara mangsuli,

Umpamanipun barang kang ala saged di kalahke marang ati kang tulus iklas lan donga marang gusthi kang maha kuasa.”

Kangge atur panuwun, Branthasena di hadiahi, cincin Sesutya Mustika Manik Candrama. Dene fungsinipun Cincin mau yaiku, ngirangi dasar samudra kang jero lan ombo. Banjur Brantasena tangklet meleh,

Apa Kayu Gong Susuhing Angin?”

Bathara Indra mangsuli,”yen tegese,pusat napas tentreming ati lan pikiran.”

Banjur Brantasena nyuwun pamit marang Bathara Indra lan Bathara Bayu,lan arep tangklet meleh marang Resi Drona(gurune).

Ing padepokan Brantasena ngaturaken marang gurune, opo kabeh sing kedadean marang awake, uga Brantasena tangklet meleh babagan ilmu kasampurnaan. Banjur Drona mangsuli,

isih ono syarat kang kaping kalih, yaiku TIRTA PAWITRA(tirta kesucian) kang ono ing jero samudra minang kalbu.” Banjur Brantasena pamit marang gurune.

Brantasena miwiti nyuwun pangestu dining ibune,Dewi Kunthi. Ananging Dewi Kunthi ngalang-alangi tekatipun Brantasena. Babagan tekat Brantasena kang kuat, Brantasena tetep bacutke pangarepane, ananging akhire Dewi Kunthi, mewehi restu, lan uga Para Pandhawa ngrestoni Branthasena.

Ing tengah-tengahing perjalanan. Brantasena dak cegad Anoman, Tunggal Bayu, Kaka Maenaka, Jajag Moreke lan Gajah Situ Bandha, Supayane Branthasena gugurke paniatane. Brantasena tetep maju, perang mboten saged kahindarake, akhire Branthasena kang menangke pratarungan.Banjur Anoman, Tunggal Bayu, Kaka Maenaka, Jajag Moreke lan Gajah Situ Bandha, nyaranke Brantasena kudhu ngati-ati ing dhalem perjalanan.

Brantasena bacutke perjalanan, sak sampunipun Brantasena ing tepi samudra kang mboten enten pinggire, ombake kang gedhe,lan kilat kang nyamber-nyamber. Brantasena nyilem ing dasar samudra, kanggene tetemu Tirta Pawitra. Ing dasar samudra Brantasena di cegad dening naga kang gedhene kaya wit pal. Tarung boten saged kahindarke. Ananging Brantasena saged ngalahke naga mau.

Banjur Dewa Ruci rawuh, lan memuji Brantasena kang saged ngalahke hawa lan nefsu kang kumanthil ing diri Brantasena,kalean tetengara Brantasena saged ngalahke naga kang ngadang kalani paniataning Brantasena. Banjur Brantasena nyembah dening Dewa Ruci,lan ngajokane pertanyaan.

Sepundhi caraning tumuju kasampurnaan ing dhalem urip?”

Banjur Dewa Ruci ngutus marang Branthasena melebet ing dhalem raganing Dewa Ruci, manunggal marang Dewa Ruci. Brantasena seneng banget, anyem lan tentrem. Banjur Dewa Ruci ngendhikan,

teges e, awakmu wis iso nyikapi tabis marang Gusthi kang maha agung, lan ojo kaged karo sinar kang werna-werni, amergo atimu kang suci.”

Ing sokalima, Permadhi utawi sengkuni lapur marang Resi Drona, yen Brantasena dereng uga mbalek.Banjur Drona sadar marang awake.Banjur Drona nyusul Brantasena. Lan akhire Drona nemukke Brantasena gumletak ing pinggiring samudra. Sak sampuning Drona nyesel lan uga tetemu marang keponakane, lan sumpah arep ngrawat Brantasena.

 

14. Leluhur Pandawa Lan Kurawa

Awal Kedadeanw saka ketemune antara raja Duswanta lan Sakuntala. raja Duswanta ngrupakne sawong raja gedhe saka kerajan Chandrawangsa karo ngrupakne turun saka Yayati, dheweke rabeni Sakuntala sakwise pertapaannya dhuwur kongkon saka Bagawan Kanwa sing banjur nduwe turun sang Bharata, sakwise kuwi, sang Bharata nduwe turun sang Hasti sing banjur nangi siji puser pamerentahan sing diwenehi jeneng karo Hastinapura. kabeh raja saka Hastinapura uga ngrupakne turun saka sang Hasti. saka keluarga Hastinapura kesebut, laira sang Kuru sing nyuwasani lan mensucikan siji daerah sing amba banget utawa sing dikenal karo Kurukshetra.

jero dinasti Kuru, laira sang Pratipa sing dadi bapak saka prabu Santanu sing dikenal dadi leluhur saka para Pandawa lan Kurawa. Prabu Santanu dhewe ngrupakne sawong raja sing paling mahsyur saka garis turun sang Kuru sing asale saka Hastinapura. dheweke rabi karo dewi Gangga sing dikutuk kanggo mudhun menyang bumi, ning dewi Gangga mungkur sang prabu, amarga dheweke wis melanggar ujar raben. ning, hubungan raben saka prabu Santanu karo Dewi Gangga kesebut wis membuahkan 7 anak, ning kabeh anak kesebut ditenggelamkan menyang segara Gangga saka dewi Gangga karo alasan menawa kabeh anak kesebut wis kena kutukane.

Nanging, anak sing nomer-7 bisa dislametake saka prabu Santanu lan banjur diwenehi jeneng karo Dewabrata. sakwise kedaden kesebut, akhire dewi Gangga mungkur prabu Santanu. sakwise Dewabrata beranjak dewasa, dheweke nglakoke supata bhishan pratigya (supata kanggo membujang salawase lan ora arep marisi tahta bapake). dheweke nglakoke hal kesebut amarga ora pengen dheweke lan kabeh kemudhunane ngacek karo turun saka Satyawati, (embok tiri saka Dewabrata).

sakwise ditinggal lunga saka Dewi Gangga, akhire sang prabu dadi duda.Beberapa taun banjur, Prabu Santanu bali mbanjurke kuripan omah tangga karo rabeni putri nelayansing nduwe jeneng Dewi Satyawati. saka raben kesebut, dikaruniai loro wong anak yang sing diwenehi asma Citrānggada dan Wicitrawirya.

lagekne sang Dewabrata/Bisma ngongkonke kanggo lunga menyang kerajanKasi kanggo meloni sayembara lan akhire dheweke nyenengna sayembarakesebut dadine dheweke kedadeyan mbisakne telu wong putri sing nduwe jeneng Ambalika, Amba lan Ambalika sing banjur digawa mulih kanggo dirabekne karo adhi-adhine

Amarga Citrānggada wis seda, banjur Ambalika lan Ambika nikah Wicitrawirya, nalika Amba tresna Bisma, nanging Bisma gelem katresnan saka Amba amarga wis kaiket dening sumpah kang ora njaluk nikah kanggo umur. Marga saka usaha kanggo njaga Amba saka awake, kang sengaja catapults panah sing pungkasanipun nembus dodo Amba. Ing pati saka Amba, Bisma ing katresnan mangerténi sing liyawektu Amba bakal reincarnated dadi pangeran sing wis ciri feminin, yaiku anak Prabu Drupada jenenge Srikandi. Lan sedanipun mengko uga ing tangan Srikandi kang mbantu Arjuna ing perang gedhe arep ing Kurukshetra.

Citrānggada donya ing umur enom ing perang, iku pungkasanipun digantèkaké déning seduluré jenengé Wicitrawirya minangka heir menyang dhampare prabu Santanu. Nanging, Wicitrawirya piyambak uga donya ing umur enom lan wis ora kagungan wektu kanggo njaluk nikah aken piyambak duwe turunane. Banjur dewi Satyawati ngirim garwa nomer kalihipun Wicitrawirya (Ambika lan Ambalika) supaya ketemu Rishi Vyasa, amarga panrimo bakal terus upacara kanggo wong-wong mau kanggo njaluk keturunane.

Satyawati dewi Ambika dikirim menyang ketemu panrimo Vyasa ing kamar upacara. Sawise Ambika njaluk menyang kamar, weruh pasuryan saka Rishis padha supaya gedhe karo mata cahya murub. Mangkono nggawe Ambika nutup mata kang, kaya kang ditutup mripate kabèh upacara, bin Ambika lair karo mripat sing wuta lan anak Drestarastra.

Sawisé iku, iku nguripake kanggo ngunjungi SAGE Vyasa Ambalika menyang bale upacara uga Ambika. Nanging iki marang supaya dheweke mata mbukak supaya anak ora bakal lair lamur minangka anak saka Ambika (Drestarastra). Mulane, Ambalika supaya melèk nganti upacara iki liwat, nanging sawise tersebyt upacara kang dadi banget bulak amarga sajrone upacara kang durung nutup mata kang. Sesampunipun, lair Pandu (putra Ambalika), sing rama Pandawa, lair bulak.

Drestarastra lan Pandu uga wis setengah-cak jenenge Vidura. Vidura dadi anak saka Rishi Vyasa karo Ladies dijenengi Datri. Nanging, nalika upacara iki njupuk Panggonan kang (Datri) malah mlayu metu saka kamar amarga ana upacara kuat kanggo ndeleng pasuryan panrimo Vyasa wis mencorong kerasa lan pungkasanipun piyambakipun banget ambruk, supaya anak (Vidura) padha lair dening Datri duwe sikil risak / limp.

Amarga Drestarastra lair karo mripat sing wuta, Mulane, tahta Hastinapura diwenehi kanggo Pandu. Banjur Pandu nikahi Kunti. Sawisé iku, Pandu nikah maneh karo dewi Madrim, nanging amarga kesalahan nalika mburu Pandu, dheweke Archery kidang padha nindakake katresnan. Rusa pungkasanipun disumpahi Pandu, sing bakal ora bisa maneh kanggo aran kabungahan sesambetan kakawinan, yen iya supaya, Pandu bakal ketemu marang pati. Sawise ipat-ipat Pandu, kidang pungkasanipun seda lan diganti wangun asli sawijining pandita.

 

15. Arjuna Ing Perang Baratayuda

Ana jroning perang Baratayuda Arjuna dadi senopati Para Pandawa sing kedadeyan mateni akeh para satriya Kurawa karo senotapi-senopati liyane. Sing mati neng tangan Arjuna yaiku Raden Jayadrata sing wis mateni Abimanyu, Raden Citraksa, Prabu Bogadenta, Raden Burisrawa, Adipati Karna, lan Raden Citraksi.

Isih neng njero perang Baratayuda, Arjuna sing entas kelangan putrane dadi kelangan semangat, ditambahi guru lan sedulur-sedulure siji-poro siji ceblok neng nglan Kurusetra. Prabu Kresna nuli menehi pituduh menawa jero perang kuwi ora ana kanca lan mungsuh, kakang-adhi utawa guru-murid kabehe yaiku takdir lan kudu dilakoni. Wulangan iki dikenal karo jeneng Bagawat Gita. Sing nggawe semangat ksatria panengah pandawa kesebut bali menyala wektu arep ngadhepi Adipati Karna.

Sakwise panguburan para pahlawan sing ceblok jero perang Baratayuda lan pangalungguhanan Prabu Puntadewa dadi raja Astina karo gelar Kali, Arjuna nglakoni amanat kakange karo ngenekake sacawis Korban jaran utawa karan sacawis Aswameda. Arjuna sing diiringi sepasukan tentara Astina nuli meloni seekor jaran kendia jaran kuwi mlaku lan kerajan-kerajan sing diliwati jaran kesebut kudu tunduk nang Astina, nek ora Arjuna lan pasukannya arep nempuh kerajan kesebut. Kabeh kerajan sing diliwati jaran kesebut jebulna bisa dikalahake.

Sakwise Perang Baratayuda buyar, Dewi Banowati sing nyat wis suwe selingkuh karo Arjuna banjur dibojokene. Sadurunge Arjuna wis nduweni sawong putri saka Dewi Banowati. Neng wektu den samya Prabu Duryudana sing anyak pamasaran karo hubungane bojone lan Arjuna nuli celathu menawa nek sing lair bayi wadon, kuwi yaiku putri saka Arjuna lan Banowati arep diusir ning nek kuwi lanang mula kuwi yaiku anake dheweke. Wektu bayi kesebut lair jebulna yaiku sawong wadon.

Banowati panik banget arep hal kuwi. Ning dhuwur tulungan Kresna, bayi kesebut diijol sadurung Prabu Duryudana ndelenge. Bayi wadon sing nuli diasuh saka Dewi Manuhara, bojo Arjuna sing liya banjur neng wenehi jeneng Endang Pergiwati. Amarga kelairane hampir padha karo putri Dewi Manuhara sing nduwe jeneng Endang Pergiwa, nuli sakarone neng aku kembar. Lagi kanggo putra saka Dewi Banowati lan Prabu Duryudana, Prabu Kresna njupuk sawong anak gandrawa lan diwenehi jeneng Lesmana Mandrakumara. Amarga dheweke yaiku anak gandrawa sing dipuja dadi manusia, mula Lesmana Mandrakumara nduweni aten-aten sing cengeng lan radha tolol. Malang kanggo Dewi Banowati, nang bengi dheweke lagi mengasuh Parikesit, dheweke dipateni saka Aswatama sing bersekongkol karo Kartamarma lan Resi Krepa kanggo mateni Parikesit sing isih Bayi. Didina den samya Dewi Srikandi, lan Pancawala uga dipateni wektu lagi turu. Untunglah bayi parikesit sing nangis nuli menendang senjata Pasopati sing neng taruh Arjuna neng cedhake lan mateni Aswatama.

Arjuna sing lagi sedhih amarga Banowati wis dipateni bareng Dewi Srikandi nuli nggoleki sawong putri sing mirip karo Dewi Banowati. Putri kesebut yaiku Dewi Citrahoyi, bojo Prabu Arjunapati sing uga murid saka prabu Kresna. Prabu Kresna sing tanggep arep hal kuwi nuli njaluk Prabu Arjunapati ngabangna bojone nang Arjuna. Prabu Arjunapati sing tersinggung arep hal kuwi menantang Prabu Kresna berperang lan jero pertempuran kuwi Prabu Arjunapati ceblok sampyuh karo Patih Udawa lan Dewi Citrahoyi nuli dadi bojo Arjuna. Arjuna nuli bali menyang Astina lan akhir uripe diceritoke mati moksa karo kapapat sedulure lan Dewi Drupadi.

 

16. Cerita Wayang Ramayana

Crita Ramayana wiwit karo wong jenenge Rama, putra Prabu Dasarata makutha saka ing Kosala karo ibukutha Ayodhya. Telung stepbrothers disebut Barata, Lakshmana lan Satrukna. Rama lair saka garwa pisanan kang Dasarata dijenengi Kausala, Barata saka bojoné sing kapindho jenengé Kaikeyi lan Lakshmana lan Satrukna saka tangan garwa nomer tiga dijenengi Sumitra. Padha manggon kanthi ayem tentrem.

Wiwit enom, Rama lan Lakshmana sinau dadi pemuda kang gagah lan kendel. Rama banjur nggabungake sayembara ing bangsa iku ibukutha Deblore Wideha.  Sak wise bisa njupuk pusaka gadhahanipun Prabu Janaka gandhewo, piyambakipun dirabeake karo putri ragile sing jenenge Sinta, Lakshmana banjur nikahi Urmila, adhine Sinta.

Sawisé Dasarata Rama tua, Rama ngrancang kanggo ngganti dadi raja, gagal sawise Kaikeyi ngelingake janji Dasarata sing anduweni hak dadi raja iku Barata lan Rama kudu dibuwak 15 (limalas) taun. Ing basis saka ing janji sing anggun Rama tindak bara menyang alas Dandaka, sanajan dilarang marang ibu lan Barata dewe. Tindak e Rama iku diiringi dening Sita lan Lakshmana.

 

 

 

Nanging saka lungane Rama ndadekake Dasarata sedih lan pungkasanipun mati. Kanggo angganti raja, prajurit kerajaan sarujuk kanggo ngangkat Barata dadi raja. Ananging deweke ora gelem, amarga rumongso kang berhak dadi raja yaiku Rama, kakangne dewe. Mergo iku Barata diiringi parajurit lan punggawane, mapah Rama saka ing alas.

Wektu ketemu Rama, Barata nangis sinambi ngandhani bab matine Dasarata. Barata Banjur njaluk Rama bali menyang Ayodhya lan munggah tahta angganteni Dasarata. Nanging Rama ora gelem lan isih nglakokaké printah kang rama lan ora nyalahke ibune tiri, Kaikeyi sapisan maneh njaluk Barata dadi kekarepane kanggo munggah tahta. Sawise nampa sepatu saka Rama, Barata bali menyang kerajaan lan nglakokaké pamaréntahan kang dadi wakil saka kakangné.

Akeh pacoban kang diadhepi dening Rama lan Lakshmana, ing pangembaran ana alas. Mungsuh Annoying punika Surpanakha, raksesi sing kepengin dadi bojone Rama lan Lakshmana. Akibate, irung lan kuping Surpanakha dibabat entek marang Lakshmana. Kanthi kalah lan kawirangan, Surpanakha ngeluh marang kakangne, ratu setan Rahwana ing Alengka lan mbujuk supoyo ngrebut Sinta saka Rama.

 

17. Rama dan Sinta

Kanthi bantuan saka Marica kanggo dandan, Rahwana menyang kidang, Rahwana nyulik Sita ngatur lan digawa menyang Alengka. Manuk Jatayu sing upaya kanggo ngalangi Rahwana mati amergo senjatane Rahwana. Sadurunge teka patine, Jatayu isih kagungan wektu kanggo ngabarake kahanane Sinta marang Rama lan Lakshmana sing pada goleki Sinta.

Pas Nggoleki Sinta iki, Rama lan Admiral ketemu raja kera kang aran Sugriwa lan Hanuman. Piambake Padha gawé ikatan pasaduluran ana ing kabungahan lan kasusahan. Kanthi bantuan saka Rama, Sugriwa bisa bertahta bali ana Kiskenda sawisé ngalahaké Subali sing jahat. Sak wise, Hanuman iki dhawuh kanggo mbantu panelusuran Rama kanggo Sita. Kanthi tentara kethèk pimpinan Anggada, putra Dèwi Anjani, padha nggoleki Sita. Sempati angarahake, supaya menyang pesisir kidul. Tekan Alengka, Hanoman mlumpat saka ndhuwur gunung Mahendra. Dumugi ing ibukutha Alengka, Hanoman kasil ketemu Sinta lan kacarita marang Rama. Strategi kanggo mbebasake Sinta banjur disusun.

Wibisana nyaranake, (adhine Rahwana sing mbelot dhateng pasukan Rama), digawe kreteg menyang Alengka. Sawise Kreteg iku dadi banjur pasukan kethek podo nyerbu marang Alengka (Rahwana).

 

 

 

Akhire, Rahwana lan pasukane kalah. Wibisana banjur dilantik dadi raja ing Alengka, nggantosaken sadherekipun ingkang tilar donya ing perang.

kasil mbebasake Sita, Rama lan Sinta, Lakshman, ugo kabeh prajurite (kalebu tentara kethèk) bali menyang Ayodya. Dumugi ing ibukutha negara Kosala, padha disambut dening Barata, Satrukna, Basa Ratu, punggawa lan prajurit, ugo kabeh wong Kosala. Sak nalika iku kanthi disekseni dening wong-wong mau, Rama banjur dilantik dadi Raja.

 

 

 

Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)