pitutur kang becik
Yen
kepengin nglungguhi pangkat kang dhuwur luwih prayoga yen dikawiti saka
kalungguhane kang endhek dewe. Kawit klawan mengkono ing tembe siro ora
disepeleake dening bawahanmu, lan kang utama yaiku sira nuli bisa nglungguhi
ing kawicaksanan, adoh saka watak deksura, ananing mung sarwo kebak tepa
selira.
Aja
ndarbeni pepenginan dadi wong kang luwih kang ngandhut idham-idhaman supaya
sarembuge diendel wong akeh. Luwih prayoga tansah njaga bae marang rembukira
kanthi becik, petitis lan maedahi. Karo maneh tindak-tanduk kang ngresepake,
luwih-luwih kang bisa aweh paedah marang wong liya iku ajine ngungkuli sakehing
pitutur kang ndakik-ndakik nanging kang durung kebukten ananing panindak. Mula
kuwi tansah udinen amrih wetuning rembug tansah keplok lumah kurep karo
tindake.
Aja
gething marang apa kang kok duweni. Aja nyawang remeh marang apa kang kok
duweni. Aja wedi yen sing mbok duweni bakal nggawa susahmu. Sing mbok duweni
mujudake marganing marang kahanan kang apik.
Prawiraning
wong prawira iku ora kaya wong kang bisa ngasorake hawa nafsune awit hawa nafsu
iku kang dadi sumber sakabehing memala, bisa ngrusak jagad yen kapinujan
kesinungan panguwasa sarta bisa nuwuhake kasengsarane urip semangsa kelangan
prikamanungsane.
Kaprawiran
lan kapitayan dhiri mono pancen wigati. Pindhane prajurit kang maju perang iku,
senajan senjatane mbrabat lan pepak, yen tanpa nduweni kaprawiran lan kapitayan
dhiri genah ora bakal bisa ngempakake gamane kanthi tumama. Semono uga ing
setengahe bebrayan. Yen wong ora kadunungan watak prawira lan pitaya marang
dhiri pribadi satemah kepinteran kang diduweni ora bakal bisa dipigunakake
klawan samesthine. Bisane mung nunak-nunuk ora beda karo tumindake wong calaina
kang njaluk dituntun pitulunge liyan.
Wong
pinter kang ora kekanthenan ing kautaman iku ora beda karo wong wuta nggawa
obor ing wayah wengi. Madhangi wong liya nanging dhweke lakune kesasar-sasar.
Kapinteran kang mangkene iki kang dicakake ing madyaning bebrayan bakal
nuwuhake kapitunan, pikolehe malah mung wujud kasangsaran lan karusakan.
Sing
nyebabake wong ngrasa tansah ora cukup yaiku amarga dheweke nggunakake pathokan
barang-barang lan kahanan iku tansah owah gingsir miturut sebab lan kedadeyan,
mula wong bakal ngrasa tansah kurang.
Sapa
bae kang rumangsa dadi pemimpin, mbudidoyoa amri sakabehing pangucap lan
tandang grayangmu tansah bisoa jumbuh nyawiji. Jumbuhing pangucap lan tandang
iku perlu, jalaran kedhale lisanmu kang wus kadhung kawetu kudu bisa digugu,
kang jangkahmu kang wus kadhung lumaku kudu bisa ditiru. Yen ora mengkono jeneh
kaya wong wuta kang nggawa obor.
Aja
tansah kepengin diemong, nanging kepara bisoa dadi pamong menawa kowe kepingin
tansah bisa gawe reseping pasrawungan. Lire kabeh mitaramu gawenen seneng
atine, sarana aweh pitulungan lan bantuan sak kuwasamu yen ana sing nandhang
reribet.Wondene yen ora kuwagang, aran wis prayoga yen kowe ora gawe seriking
liyan.
Wong
kang tansah nduwe watak njaluk diemong dening kabeh kanca tetepungane iku,
adate sak ucap tindake tansah njaluk dibenerake. Yen ana wong liya kang cengkah
karo panemune, gedhene ngluputake, mesti disatroni. Wong kang tansah njaluk
benere dhewe iku karan durung dewasa, ora beda karo bocah cilik. Aran utama yen
sira tansah bisa ngemong sakabehing mitra karuhmu.
Panandhang
kaya dene kegagalan, bisa dadi anugerah utawa musibah. Yen panandhang ditampa
kanggo sawijining kekuatan tanpa rasa gething lan nesu, mula panandhang bisa
dadi anugerah kang gedhe.
Sakabehing
gegayuhan lan pakaryan mesthi bisa kasembadan yen ditangani kanthi anteping
tekad. Dene tekad mono ngemu telung perkara, yaiku anteping ati, lan kencenge
pikir sing laras karo bobote kekuatan.
Aja
ngaya lan keladuk anggonmu nenumpuk bandha lan kasugihan. Kawruhana menawa
bandha lan kasugihan mono pindhane banyu segara, yen diombe ora njalari mari
ngelak. Saya akeh anggone ngombe, kepara saya wuwuh ngelake. Yen diuja terus
bakal nekakake bilahi.
Yen
sira dipasrahi kuwajiban dening wong liya, tindakna kanthi tememen kaya
pangarep arep yen kowe masrahi kewajiban marang wong liya. Semono ugo yen sira
lumuh dilarani atimu, mesthine kowe dhewe ya kudu lumuh natoni atining liyan.
Kabeh iku dhasare ora ana liya ya mung kudu bisa tepa selira.
Aja
sok nyenyamah luputing liyan, luwih becik tuduhna kaluputane kang malah bisa
ngrumaketake rasa paseduluran. Ewa semono aja nganti kowe kesusu mbecikake
kaluputane liyan yen awakmu dhewe rumangsa sawijining wong kang wis ngerti
marang jejering manungsa, manungsa kang utama.