TATA KRAMA
Tata krama tegese patrap uatawa pratingkah kang becik pangetrape.
Tata ateges becike pangetrap mawa pranatan sing becik.
Krama ateges pratingkah, patrap, tata pranatan kang becik, subasita.
Tata Krama tegese sakabehane pocap, ucap, pratingkah / tumindak, solahbawa, tata pranatan kang becik, subasita.
Unggah-ungguh basa tegese cara nggunakake undha-usuk utawa tataran tembung sing trep lan bener laras karo unggah-ungguh basa.
Unggah-ungguh yaiku tata pranataning basa miturut lungguhing tatakrama.
Ngetrapake unggah-ungguh Basa Jawa ateges nggunakake tataran.
TEMBUNG TATA KRAMA
Tembung tata krama iku kedadean saka rong tembung yaiku tembung tata lan tembung krama . Miturut Baoesastra Jawa karangan WJS Poerwadarminta tegese tembung tata lan krama iku mangkene :
Tegese tembung Tata =
1. Beciking pangetrap (pasang rakit),
2. Becik pangetrape, mawa aturan sing becik,
Tegese tembung Krama =
1. (kawi) pratingkah, patrap.
2. (kawi) tata pranata kang becik, suba-sita.
3. (kawi) watak, sipat.
4. (krama ngoko) tembung pakurmatan (ing unggah-ungguhing basa).
5. (krama inggil ) laki – rabi.
6. (kawi) bojo.
Tembung camboran sing nganggo tembung krama antarane :
Kaum krama = wong cilik.
Ngapus krama = ngapusi sarana alus.
Nyangga krama = ngepenaki rembug.
Ngungkak krama = nerak tatanan.
Dikramani = dibasani (dijak guneman nganggo tembung krama).
Dikramakake = 1. ditembungake krama 2. (krama inggil) diomah-omahake, dirabekake, dilakekake.
Dadi tembung tata krama iku tegese yaiku patrap utawa pratingkah kang becik pangetrape.
Ing Serat Nayakawara anggitan KGPAA Mangkunagara IV diterangake ing tembang Dhandhanggula.
Dhandhanggula
Werdingkang wasita jinarwi,
wruhing kukum iku watakira,
adoh marang kanisthane,
pamicara puniku,
weh reseping sagung miyarsi,
tata-krama punika,
ngedohken panyendhu,
kagunan iku kinarya,
ngupa boga dene kalakuwan becik,
weh rahayuning angga.
Saben bangsa nduweni tata krama dhewe, tata kramane wong Jepang, Eropah, Mesir beda karo tata kramane wong Jawa. Samono uga tata-krama kang lumaku dhek jaman biyen beda karo jaman saiki . kang perlu digatekake, yaiku : yen kita pinuju ana ing kalangan liya kang nduweni Tata Krama dhewe, kita sing bisa nglarasake dhiri marang swasana ing kono mau. Kudu eling marang tujuwane njunjung tata krama kang maksude : memayu ayuning pasrawungan. Adat pakulinan kang alus, tingkah laku kang becik, bisa nglarasake marang kahanan, klebu sawijining pranatan pasrawungan sadina-dina.
Bisa nyingkiri tekane pasulayan utawa rasa pangrasa kang bisa njalari seriking atine liyan. Miturut tembang ing dhuwur tata krama iku ngedohken panyendhu, lire bisa nyingkiri anane pasulayan utawa salah tampa. Dhuwuring drajade bangsa bisa katitik saka alusing tata kramane.
Mula wis aran wajib, yen para wong tuwa lan para pamong kajabaning paring tuntunan lan kapinteran marang para putra lan para muride, uga anggulawenthah bab kasusilan lan paring tetuladhan ing bab Tata Krama
Tumrap bocah-bocah, para siswa lan para putra semono uga, saliyane sengkud ngudi undhaking kawruh lan kapinteran, aja nganti nglirwakake tata krama.
Ana ngendi bae tata krama mau ditrapake ?
Pangetrape tata krama antara liya :
1. Nalika tetepungan karo mitra anyar
2. Nalika cecaturan.
3. Nalika mara dhayoh.
4. Nalika kedhayohan.
5. Nalika ana ing dalan
6. Tata cara manganggo
7. Nalika dhahar lan liya-liyane.
Ing ngendi-endi panggonan salagine isih sesrawungan kang liyan panganggone tata krama iki ora kena kari.
Tata krama ing basa Indonesia utawa cara Mlayu diarani sopan santun. Elinga : tata krama iku busananing bangsa.
TATA KRAMA LUWIH DHUWUR SAKA KAWRUH.
Wus sawetara wektu kapungkur sumêbar ukara Tata krama luwih dhuwur saka kawruh, utawa nganggo cara liya adab luwih dhuwur saka ilmu.
Sumangga kita sinaoni sesarengan, amrih ora gampang gumampang nampa lan nesep seserepan (kawruh/ilmu) hamung karana kapilut dening èndahing rerakitan tembung apa maneh lamun banjur anut grubyuk nyebar ambiwarakaké tanpa menimbang nglimbang surasa lan bener lupute.
Saka endi bisane manungsa ngerti lan uga ngetrapake babagan tata krama ?
Apa lair ceprot kabeh manungsa salumahe pratala kurebing akasa padha wis disangoni babagan tata krama dening Gusti ?
Apa titah sing disangoni tata krama ora bakal owah malah sudå satêmah sirna amarga maneka werna laku lan lelakon awit kuncung tumuju gelung tumekan buthak hanyungsung surup ?
Apa sing ora disangoni tata krama bakalé ora bisa lan ora diwenangake ambudidaya ngudi ngulati amrih anduwéni uga bangkit ngetrapake tata krama kanthi bener ?
Saka endi bisane manungsa ngerti bab tata krama ?
Bisane manungsa ngerti, anduweni satêmah bangkit ngetrapake tata krama kuwi amarga sinau. Sinau kapèrang dadi loro, saka jaba lan saka jero, sing dikarepake jaba lan jerone salira. Sing saka jaba awit dayané panca indriya (paningal, pangrungu, pangganda, pangrasa kulit, pangrasa lidhah), wodene sing saka jero awit dayanè pangrasaning nala lan panggagasing pamikir, yaiku sarana mulat salira hanliti dhiri. Sênajan pangrasa lan pamikir kuwi satemene saka daya makartiné kang sawiji, yaiku polo (utek). Ewasemana makartiné kekarone (cipta lan rasa) kudu salaras saturut kahanan lan kabutuhan, ana kalané rasa ing ngarsa lan luwih andayani, tarkadhang cipta luwih utama prabawane.
Samubarang kang disinaoni kuwi kasebut kawruh, ilmu, pangerten, seserepan, piwulang, lan sebutan liyané. Wondene margane maneka warna, saka panggulawenthahing uwong tuwa awit cilik mula, pawiyatan (sekolahan), ngangsu tirta wêning (maguru, nyantrik), maca sastra maos buku, tumekan pasrawungan ing bebrayan padinan.
Manungsa kuwi disangoni wiji guna (bakat, bebakal kabisan) sing pancèn datan padha nora sama bab jinis lan gedhe ciliké, ewasemana wiji guna yen ora diweruhi, ora diasah, ora digladhi tånpå kêndhat tanpa kandheg, bakale nora handayani palah muspro. Bêbasan lading sênajan bahané pinilih nanging kudu diasah kanthi bener amrih tajem tetep landhep saha migunani.
Dadi, wis cetha trawaca lamun bisané manungsa anduwéni lan ngetrapake tata krama karana anggegulang winulang ilmu kawruh saka sithik baka sawiji. Tata krama ora mung karånå watak sipat nanging uga pangèjawantahané kawruh, kawruh babagan tata krama. Ora kog ujug-ujug makjêdhèr kadhawahan cahya sumunar nila semu wilis banjur pana tata krama sarwa subasita.
Apa amarga rumangsa wis anduwèni tata krama banjur nglalèkaké asal mulane ?
Apa ora jeneng kacang ninggal lanjaran ?
Gek-gek sabenere mung rumangsa, tur maneh babagan tata kramane Wong Jawa bedha karo wong manca, wong segara wedhi.
Sing bener kuwi Tata krama Kadhisikake Karsa Katimbang Karsa Ngatonake Kaweruh, nalika wawan gunem, pirêmbagan, ananggapi, tukar kawruh, atur panêmu mring sapepadha ing sajêronê pasamuwan, paguyuban, utåwå pasrawungan bêbrayan agung.
Sanadyan mangkono, ora kurang kadênangan sing kanthi polatan aris manis, basa rinengga, ukara tharik-tharik, jebul wosing pamuwus mung ngewa-ewa saksama, ngasoraké sapepadha, nyacad maido kabudayan Jawa !
Dadi antaraning tata krama karo kawruh prayogané satimbang, tuladhané ... sanadyan atur panêmu luhur elmi wigati lamun sinerat mawi aksara agêng sadaya utawa mawi basa Jawa gagrag Dangdut Koplo worsuh basa Indonesia winumbuhan dicêkak-cekak, tan prabeda sekar ergula karoban walêd, sirna kanang ganda, risak kanang gandhya.
Apa ijih arep mikukuhi panemu Tata Krama luwih dhuwur saka kawruh ?
Palah banjur muni Trah tumurun kuwi luwih dhuwur saka Tata Krama lan kawruh ?
Wewe hla lelakon kadlarung kêblasuk kêjlungup merga keblinger kapiluyu panemu kang tanpa tanja.
Trah turun kuwi minangka wadhah, sing luwih aji ya isine, yaiku cipta, rasa, lan karsa sing kudu dimangêrtèni, diasah lan didaya-gunakaké amrih ngasilaké karya, karya kang piguna tumrap awak priyangga, sasama, bangsa, budaya, lan nagara.
Payo, den samya ngudi luhuring budi utamaning pakarti, kanthi bali ngawêruhi, nyinaoni lan ngugêmi KAWRUH KAJAWEN tilaran pårå lêluhur kang ANDHAP ASOR nanging ora ngasoraké jati dhirine WONG JAWA, ugå datan pêndhak-pêndhak angêndhak gunaning sasami.
Sumber referensi/ disadhur saka : Tata Krama, Imam Supardi, 1953

