CARANG GUMIWANG LAN CONTONE UNEN-UNEN CARANG GUMILANG

0

 CARANG GUMIWANG LAN CONTONE UNEN-UNEN CARANG GUMILANG 




CARANG GUMIWANG 1

Swasana surem-surem diwangkara kingkin

Mugi sedaya tansah pinayungan Karaharjan


CARANG GUMIWANG 2

Mapag sunaring raditya

Cahyane ora mung ngulap ulapi

Nanging kepara bisa gawe pepadhang ing saindenging bawana


CARANG GUMIWANG 3

Tansah eling lan sumendhe mring panguasane kang akarya jagat,mugi tansah njangkung marang sakabehing titah

Rahayu sagung dumadi


CARANG GUMIWANG 4

Tak tulis ing guritku

Tak sanggit ing angenku

Tak selehke pangangkahku

Ing sunaring bagaskara

Kang sabendina tansah gawe pepadhang.

Dhuh kang rasa padhanga

pindha gumelare jagat ing wanci enjang


CARANG GUMIWANG 5

Tansah muhung kang nggelar jagat agung

Mugi tansah pinaringan kabagas warasan, tetep bisa ngabekti lan migunani tumrape jagat sesrawungan


CARANG GUMIWANG 6

Kaya ngenteni tetese bun ing bedhug tengahe

Mokal lamun

Nanging mangsakala bakal tumiba udan sajrone panase srengenge


Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)