KATENTREMAN SEJATI DUMUNUNG WONTEN PANGRASANE ATI
(Serat Sekar jinarwi dening Sri Harto Jati)
Padhang nerawangan rasaning tyas Kusuma Dewi Wara Sumbadra, anggenipun mendra saking Dwarawati kaderekaken ingkang raka Prabu Kresna ngupadi Raden Arjuna. Amadeg pandita Prabu Kresna aran Begawan Kesawa yaksa tuwin Endang Mandamdari sesinglone Dewi wara Sembadra.
Sajroning pajagongan Dewi Mandamdari nilapaken ingkang raka Begawan Kesawa yaksa kanthi angraga sukma lumesat ngumbara tumuju Suralaya. Kaget jroning pengalih dupi ningali Ingkang raka Raden Arjuna suka parisuka kaliyan para widadari wonten ing Suralaya.
Sang Dewi Mandamdari mungel jroning batos;" Tobat gusti, o...,mangkene ta sing dikarepi pengeran Arjuna, anggone tapa ana Gua Wita Raga laku suci-sucine manungsa sesilih Begawan Ciptaning unduh-unduhane angratoni para widadari asesilih Prabu Kariti.
Anggone genturke tapa jebul batin lan pikirane isine amung nikmat pucuking ilat, nikmat pucuking perji (planangan). Luwih luhur lan kuncara Suralaya menawa sing dadi ratune Duran-dara ora Liya sing tapa ana gua Goh Muka aran Kusuma Dewi Sarpa Kenaka.
Kok ora eling marang eyange Begawan Palasara, datan kersa rabi widadari luwung kesah saka Sata Srengga, ngupadi kawruh kang sejati. Kawruhing Hyang Widhi kang diarani kawruh katentreman yaiku Rasa-Rasaning ati. Tumanduke rasa welas asih ya welasan yaiku sejatine amemuji marang karaharjaning titah kabeh, nuwuhake rasa prasaja yaiku rasa sapadha-padha.
Mungsuh Prabu Niwata Kawaca gampang dikalahake, mungsuh sing ora gampang dikalahake ya nepsune dhewe. Lara ngengleng isa diwarasake, dene lara sing ora bisa diwarasake yaiku kamurkane dhewe. Kang bisa ngangkah marang karaharjan iku sinebut adil, ora adil iku sifat tegelan, kalebu tegel ninggal anak bojo mburu seneng sing ora ana mareme.
Saktemen sing diarani Brahmana iku dudu pangudine lan kapinterane, nanging katitik saka wewatekan, sarta uga Brahmana utawa kawula iku dhewe kang tansah ngulatake marang wewatekane dhewe. Mula sing bisa marang kabrahmanan iku ya mung para kang wewatekan brahmana.
Saking werite derajad kabrahmanan, nganti ora gampang sinebut Meloke. Ewa dene , yen ngelingi pitutur para sepuh ,Sing sapa betah rumeksa marang watak sarta kalakuan, mesthi kalis saka karusakan. Sing sapa rusak watake bakal katiwasan.
Ora pilih Sogata utawa siswa, sanadyan padha gegulang layang suci, nanging watak kelakuane ala, iku diarani ora weruh ing sastra sanadyan padha gegulang Sastra Harjendra, derajate luwih dening nista. Wong kang tansah sesaji Geniara(ora gampang kebrangas/panas ati) lan tansah mangreh pepinginane iku sinebut Brahmana Sejati.
Pangeran Arjuna takbalang kembang supaya ambumu ora badeg jejemberi".
Tumunten sukmane Dewi Mandamdari lumajar wangsul dhateng raganipun Dewi Wara Sembadra ingkang dipun tenggani Begawan Kesawa yaksa boten dangu sinusul dening raden Arjuna dadosaken bebantahan.
Arjuna :" He Pandhita yaksa apa sira kang nyingitake beburonku dudu kidang Menjangan nanging wujud jalma manungsa."
Yaksa : " He...He.... Bojleng-bojleng,..iblis laknat....ha, Raden Wiwit way Kula sakadhiku durung brubah saking papan mriki, paduka kang wus waspada ing semu prasemon aluse rasa sayektine kedah boten kewran sakobah osike jalma,....lha. Cobi Kula aturi angagem Raos kang sejati"
Arjuna : " Ya..ya.. begawan atiku durung ketuk Babagan lungite rasa, mara gage jlentrehna aku paring ana aksama."
Yaksa : " Ha..Inggih,....anggen paduka mahas ing ngasamun jejuluk begawan Ciptoning jebul pungkasane nuruti rasa sing salah buru hardaning napsune priya.
Bebasan suasa lan mirasa lori iku reringkesane Eca, Dudu ecane badan, Dudu ecane turu Karo midadari Dudu ecane sugih punapa-punapa saged kepanggih ananging Eca rasa Alus Surasa nunggal ing Gusti. Pan Punika Surasa ingkang Sejati rasa sajroning Wardaya.
Rasa ayem tentrem ing ati sanadjan sajroning kasusahan, rasa Rena ing ati, rasa Marem ing kalbu cipta rasa tunggale Hyang Widhi. Punika rasa kang agung sanes rasa dedaharan kaliyan nendra nanging rasa nikmat sajroning ati winengku dening Hyang Widhi.
Surasa kang mirasa tegese nikmat pribadi datan wonten kang nyamani, sanadjang Eca sadarum anglangkungi sadaya lamun tinimbang sayekti dening jalma ingkang sampun bangkit pangrasa tuhu sampun pana. Tegese pana sampun gambuh dhateng sumbering rasa Inggih Rasa sayekti.
Benten kaliyan jalma ingkang dereng weruh ing surasa weruhe Amung rasane daging wus lumrah jalma sadarum, Eca Aneng lidah gula tukon utawa ngutil rasane mring lidah legine padha, ha...ha... Yen jangkep panca indriyane bojo sisi karo sewu rasane padha,.....ha....ha..."
Arjuna : " Pandhita murang tata takrungokne suwe-suwe ngabangke kuping wani nyemoni raden Arjuna ya Begawan Ciptoning, ora geduga ngulungake buronku apa klakon longgo parung wadhukmu!"
Yaksa: " Satriya ngedir-dirake , majua getak sumyur wandamu hek.!!
Dados pancakara raden Arjuna keseser dipun getak tibani gelap sayuta kendhang kapracondhang dawah wonten ngarsane Joko Clunthang, ringkese carita saking pitulungane Joko Clunthang Arjuna saged kapanggih Dewi Wara Subadra kaliyan nata Dwarawati.