PRANATACARA (WICARA PANATACARA)

0

PRANATACARA 

(WICARA PANATACARA)

 


Kawruh Madeg Pranatacara

Saderengipun ngayahi pranatacara, manut Sugiyo (2000:1) kejawi perlu nyawisaken cathetan ingkang cekak aos, kedah nguwaosi kawruh solah bawa muna-muni ingkang trep. Maksudipun, saben jangkah, saben tembung, saha saben patrap pranatacara tansah dados kawigatosan para tamu. Solah bawa menika sikap ingkang kaperbawan saking raos. Solah bawa muna muni kedah sumeh, boten prengat-prengut, kogel, lan cugetan. Muna-muni menika gegayutan kaliyan anggenipun ngeculaken tembung, kedah ingkang sarwa nyondhongi karsa. Sak tembung badhe nggaret ati menawi kirang pas. Suwlaikipun sak tembung ugi saged muwuhi tiyang sanes remen ingkang boten wonten tandhingipun.

Dados pranatacara, swaranipun kedah dipungladhi kanthi temen tur ajeg, tegesipun boten klemak-klemek. Menawi perlu dipunrekam rumiyin, lajeng dipunrungokaken .piyambak. Amrih dipunngerteni pundi swanten ingkang kirang saha ingkang kebablasen. Malah wonten saenipun, tiyang sanes supados ngritik utawi paring panyaruwe. Menawi sedaya wau saged dipuntindakaken, saboten-botenipun badhe kadhapuk swanten ingkang sae. Suharjendra (1995:12) nedahaken bilih pranatacara kejawi kedah nguwaosi patrap saha busana, ugi perlu nggladhi swanten supados :

1. Kung (gandem-marem),

2. Boten ngelik,

3. Membat-mentul (boten monoton),

4. Dudu swara lugas (mlaha), ning ya boten dipun damel-damel,

5. Sampun kekathahen pedhotan (ee …),

6. Boten swara bindheng,

7. Boten grothal-grathul.

Kejawi saking menika, Suharjendra (1995:13) ugi nandhesaken bilih sikap, solah bawa, patrap nalika majeng mranatacara prayogi nggatoskaken tatakrama makaten :

1. Napas boten megap-megap, landhung,

2. Boten (nyebul) mikrophon (dipunthuthuk-thuthuk),

3. Mikropon dipuncekel tangan tengen, tangan kiwa pas ngisor dhadha,

4. Menawi mikropon dipunpasang ing cagak, tangan saged ngapurancang,

5. Anggenipun ngadeg ingkang tegap, jejeg (boten modhel standhar pit), janggut katarik sakedhik, boten kekathahen gerak, ndumuki klambi, mbenakmbenakaken bebet, nyowang-nyeweng klambinipun piyambak,

6. Boten gugup, kagetan, luwes,

7.  Boten wigah-wigih, boten rongeh, boten edheg, boten gumeter, atinipun dipunsarehaken, dipunmenebaken, saenipun kembang turi melok-melok, ra perduli tiyang alok-alok, sega wadhang sisane sore kudu percaya awake dhewe.

8. Ngadeg ing pojok, boten:cedhak-cedhak sanget dhateng tamunipun,

9. Sumeh, renyah, miluta,

10. Menawi saweg wonten ingkang ngendika, sampun nglungani,

11. Kangan ngapurancang, boten methentheng (malang kerik), tangan boten mlebu sak, kukur-kukur, ndumuki irung, tangan sampun dipunbanda,

12. Prayogi golek kanca

13. Kedah tangguh, saguh, mrabawa, mrantasi karya.

Saking pamanggih ing nginggil, nedahaken bilih estunipun jejering pranatacara menika mbetahken olah swanten saha patrap ingkang cundhuk kaliyan kawontenan.

Pranatacara sak obah-obahipun temtu dados punjering kawigatosan. Mangka mripat menika langkung awas ketimbang kamera. Kanthi makaten, saradan-saradan perlu dipunkirangi supados boten dipunapali tamunipun. Sedaya tembung dipuntata, dipunwiwiri, dipunpilih ingkang saestu damel ngungrum saha ngengrenging swasana. Kasil botenipun adicara, sangangdasa persen gumantung cecawisipun pranatacara.

 

Pranatacara ingkang Jumbuh Tangguh Ora Mingkuh

Manut pamanggihipun Sarwanta (2000:1) pranatacara menika kejawi njagi trapsila, kedah saged nglasaken (jumbuh) kaliyan kawontenan. Pranatacara perlu nguwaosi patrap saha pangucap ingkang tangguh ora mingkuh. Liripun, kedah saged matrapaken dhiri, ngecakaken kagunan Jawi kanthi trep ugi njagi kawibawaning agesang. Kanthi pamanggih makaten, kasinggihan sanget menawi madeg pranatacara kanthi lambaran jumbuh tangguh ora mingkuh.

Sasaged-saged, poranatacara saged nguwaosi jumbuh. Jumbuh ateges trep, pas, nyocogi, kakdosdene sesotya kaliyan embanan. Antasampunipun pranatacara kaliyan tamu kedah jumbuh, menapa malih kaliyan manten saha pamangku gati. Sauger kirang jumbuh, mangke badhe keraos cemplang. Pramila, anggenipun nata swasana kedah mawi paugeran budaya Jawi. Upaminipun, gendhing, beksa, tembung prrayogi boten kaot tebih sanget.

Jumbuhing swasana, mbetahaken pranatacara ingkang tangguh. Tangguh ateges boten gampil miyur. Menawi badhe majeng asring pranatacara dipunpengaruhi tiyang kiwa tengenipun. Kadhangkala mawi padudon, upaminipun bab cakriking pahargyan.

Pramila sangu kabudayan saha nalar kedah dipuncepengi saestu amrih boten gigrig ngadhepi swasana menapa kemawon.

Tangguh, boten ateges kaku, lajeng boten kenging dipunowahi pemanggihipun. Tangguh menika satunggaling kapitayan ingkang nalar mulur. Menawi sampun majeng, boten mokal mangke lajeng dipunlokaken dening tamu, menawi lajeng ngendhelong, menika ateges kirang tangguh. Tangguh ugi saged nuwuhaken raos cepet nanggapi kawontenan. Cepet anggenipun ngewahi swasana, sauger laras.

Tangguh ingkang merbawani, saged nuwuhaken raos ora mingkuh. Ora mingkuh, ateges temen tinemu. Boten gampil kagiyur dhateng pakecapan sanes ingkang kadhang mblondrokaken. Ora mingkuh saestu gaman ingkang saged nuwuhaken raos teteg. Saged ugi tiyang sanes lajeng plong, menawi ora mingkuh wau dipungelar. Pamila saking menika pranatacara ora mingkuh sisip sembiripun lajeng saya pinitados tiyang sanes, kepara malah dados paran pitakenan.

Supados saged ngugemi gegebengan jumbuh tangguh ora mingkuh, pranatacara perlu ugi nggatosaken bab pandeleng saha boten ngambra-ambra (Atmasandjaja, 2003:16), Salwiring patrap saha ebah ewahing badan pranatacara tansah kagatosaken dening sagung tamu. Pramila saking menika, titi laksana kedah kajumbuhaken kaliyan wekdal ingkang sumadhiya. Pramila wonten bab ingkang perlu kagatosaken dening pranatacara, inggih menika : 

(a) boten ngematkaken salah setunggalipun tamu, 

(b) menawi natap “rata-rata air”, pucukipun rambut, 

(c) boten jlalatan, 

(d) boten ndhingkluk kemawon, 

(e) pamawas tajem jatmika, kedhep liringe mripat ngenaki ati, boten penthelang-pentheleng, 

(f) kadhepe biasa kemawon.

Kedhep liringing mripat menika tansah dados punjering kawigatosan para tamu. Mila dados pranatacara kedah wasis olah semu. Liringing mripat kadamel ingkang nejem tur boten damel tiyang sanes runtik. Tiyang menika saged kabatang pribadinipun menawi dipuntingali saking liringing mripat. Kanthi makaten perlu ngatos-atos mbuwang lioring dhumateng para tamu.

Penganggo menika penting sanget, prayoginipun pranatacara kedah :

(a) besus, pas (boten kegedhen-keciliken), trgerii cak-cakanipun cara Jawa (cara Yogya napa Solo),

(b) milih kelir ingkang pas kaliyan pakulitanipun,

(c) boten perlu kakeyan asesori,

(d) boten kakeyan wangi-wangian,

(e) pupur salarapan kemawon, boten sah merok-merok Ian menger-menger (Atmasandjaja, 2003:19).

Wosipun pamanggih makaten gadhah pepenginan bilih madeg pranatacara menika perlu ngadisarira ingkang besus, awit ajining sarira saka busana.

Pengagem ingkang cocog badhe nambahi wibawa. Prayogi sanget yen ngagem busana dipuntiti saestu, supados gambar utawi bathikaning jarit boten kuwalik-walik. Yen ngantos kuwalik, menika badhe damel lingsem, senajan swantenipun sae. Lajeng bab saradan ndudat-ndudut klambi, mbenak-mbenekaken keris, ngingar-inger blangkon lan sapiturutipun dipunkirangi.

Anggenipun ngetrapaken basa, pancen kedah mirunggan. Ing antasampunipun kedah :

(a) boten ngginakaken basa padinan, kejawi menawi kangge banyolan, mangga,

(b) boten kakenhan dhialek nggon-nggonan napamalih idhiolek,

(c) gadhah tembung-tembung mathis (basa rinengga, basanipun boten njuwarehi utawa ajeg),

(d) wignya ing basa rinengga,

(e) wasis olah sastra kadosta paribasan, bebasan, saloka, isbat), parikan,

(f) wegig ing kagunan Jawa (tembang Ian gendhing), sugih bumbu-bumbu humor (menawi perlu), menawi cecala ingkang pantes, boten nmenawiggol pribadipun, boten meksa tamu kon ngadeg, basanipun ingkang trapsila, wijang satala-tala, las-lasan ngati-ati nyebut titel Ian gelar sanesnipun.

Manut gegebenganipun Respationo (1979:17) pranatacara ugi perlu ngawuningani kawruh dasanama tumrap para paraga ing pawiwahan amrih tembungipun saged gontas-gantos, kadosta tembung :

(1) Pranatacara, dasanamanipun: master of ceremony (MC), pambiwara, pranata adicara, panata titilaksana, pranata laksitaning adicara,

(2) urutan adipuncara, dasanamanipun: rinciking adipuncara, rinciking titicara, reroncening adipuncara, rantamaning adipuncara, runtuting titilaksana,

(3) cucuk lampah: suba manggala, sutra manggala, wimbasara, adipuntama manggala,

(4) sasana rinengga: sasana wiwaha, sasana pinsampunng, sasana adipun, dhampar sasana rinengga,

(5) juru paes: juru ngadipun busana, juru ngadipun sarira, juru sumbagatama, juru tata busana, juru pangrengga angga,

(6) panti busana: tepas wangi, panti ngadipun sarira,

(7) sabtatama: wursitawara, ular-ular, mauidzatul khasanah, sabdawara, wewarah adipun, wasita adipun, sabda jati kawedhar.

(8) rantaman adipuncara: reroncen adipuncara, runtuting adipuncara, rinciking adipuncara, cak-cakaning adipuncara, pilah-pilahing titilaksana.

(9) juru paes: juru sumbagatama, juru ngadipun busana, juru ngadipun sarira, juru rias, pangrengga anggatama,

(10) kanoman: pramiladipun, pramuboga, kadang sinoman, pramubojana. Saking sedana sesebatan makaten temtu saged dipunapalaken. Nanging

menawi sampun kulina, sesebatan makaten sampun apal piyambak. Pranatacara menika kedah ngabehi. Liripun, saged nguwasani swasana, trengginas Ian ngentasi damel. Boten nunak-nunuk. Mila, perlu sesambungan ingkang sae dhutaeng paraga-paraga sanesnipun, kadosta kadang pramuladipun, juru silem, pangrengga suwara, paramparaning wiwaha, pandhega wiwaha, saha langkung-langkung dhumateng ingkang kawogan.

 

Pranatacara Menika Paraga Hangabehi

Mliginipun wonten ing pranatacara manten, manut Purnomo saha Adi (1998:3) kedah hangabehi. Pranatacara menika kadosdene dhalang wonten ing pewayangan. Langkung-langkung menawi kedah nyandra manten, kedah murakabi samukawis bab. Paraga pranatacara menika pancen komplit, kados-kados sedaya bab kedah nguwaosi. Jejering pranatacara pancen klebet tiyang linuwih. Boten namung linuwih babagan basa saha sastra, ning ugi kagunan sanesipun. Bab menika ingkang njalari saben pranatacara lajeng nyinau pinten-pinten ngelmu, najan boten ngantos lebet sanget. Jembaring kawruh, saya mimbuhi wibawa pranatacara. Ringkesipun pranatacara menika kedah hngabehi, kadosdene dhalang utawi sutradhara kethoprak. Pramila saking menika pranatacara mbetahken paraga ingkang trajang trengginas.

Asring kemawon pranatacara keblusuk dhateng perkawis ingkang salah kaprah, nanging boten dipundhadha. Menapa malih gandheng sipatipun hangabehi, wonten pranatacara ingkang ugi mejang, ular-ular, saha makili kluwarga. Yatmana (1985:8) paring pangertosan blih pranatacara menika kedah trengginah, saged nguwaosi kawontenan menapa kemawon. Kawontenan makaten menika jalaran lenggahipun pranatacara menika pancen hangabehi. Pramila manut ahli saha praktisi pranatacara saking wewengkon Kaliwiru Semarang menika, prayogi pranatacara jangkep ngugemi wiraga, wirasa, saha wirama, amrih sampurna tandang grayangipun. Saking kathahipun ayahan, boten mokal yen pranatacara wau asring klenta-klentu, sasar-susur kaliyan ayahan sanes, ngginakaken tembung ingkang salah kaprah nanging boten kraos.

Bot repotipun dados pranatacara pancen kathah. Kadhangkala pranatacara sok dados tiyang kapiran, boten disuguh, dikonngombe, lan paling pait boten dipunmatumuwuni. Menapa malih menawi anggenipun dados pranatacara wau namung climen tur sedherek pisan, asring boten nampi napa-napa. Ngaten menika menawi dhadhanipun boten jembar sok njalari sakit manahipun.

Ewuh aya tumrap pranatacara menika, menawi boten saguh mangke kasengguh etung sanget. Suwalikipun menawi saguh, kok sok boten cetha sembulihipun. Kawontenan ngaten menika asring nuwuhaken raos kirang sekeca tumrap kadang pranatacara. Tiwas gedabigan meres kringet ugi ngulir kawruh, mranatacara gayeng sanget, ning yen boten dipunaosi, salaman kemawon sok boten, jan damel runtik.

Adhedhasar realitas wau, pramila sinten ingkang badhe madeg pranatacara pancen kedah siap mental. Menawi lajeng kekathahen pengarep-arep, mangke menawio boten netes, temtu malah damel jengkel. Pramila wonten saenipun mikirpaitipun kemawon, supados yen pas “teles” saged nampi, semanten ugi menawi pasgaring.

 

Tuladha Kangge Gladhen Pranatacara

1. Pranatacara Pitulasan (17 Agustus)

Salam pambuka,

Nuwun keparenga kula nigas wawan ginem sagung para pilenggah, nun inggih awit mundhi dhawuh saking kanca-kanca panitia 17-an taun......, kula kinen ndherekaken lampahing titicara tirakatan saha mangayubagya HUT Kemerdekaan RI ingkang kaping …, langkung rumiyin keparenga kula muji syukur dhumateng Pengeran Ingkang Maha Wikan, awit krana hidayah, inayah, saha pitedahipun kula saha Panjenengan sadaya saged kempal ing kalodhangan menika.

Salajengipun, mugi wonten keparengipun kula ngaturaken reroncening titilaksana pahargyan 17-an ing dalu menika : 

(1) pambuka, 

(2) lagu Indonesia Raya, 

(3) ngeningaken cipta, 

(4) tanggap wacana saking ketua panitia saha .........., 

(5) istirahat / slundhingan / manasuka, 

(6) renungan/tirakatan, 

(7) panutup.

Mekaten menggah rinciking adicara mahargya 17-an. Ngengeti wekdal ingkang sampun ndungkap dalu, sumangga adicara menika tumunten kawiwitan kanthi ndedonga, mahas ing asepi, nenuwun dhateng Pangeran, kula dherekaken. Salajengipun ndungkap…..(lan sapiturutipun).

(Kapethik saking Wacana Kawedhar, Sarwanta, 2000:17)

 

2. Pranatacara Maulud Nabi

Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Kairing sagunging kaurmatan, tumanduk sagung para alim ulama, para kyai wa bilkhusus dhumateng ngarsanipun Bapak/Ibu……. ingkang samangke badhe paring tauziah ing pengetan menika, sumrambah sagung kaum muslimin wal muslimah rahimahumullah. Saestu nyuwun agunging pangapunten, kula kepeksa nigas pangandikan sagung para jamaah, inggih awit mundhi dhawuh saking panitia, kinen nglarapaken titicara pengetan Maulid Nabi Agung ……

Puji sokur tansah konjuk dhumateng ngarsa dalem Gusti ingkang maha Mirah awit saking rahmat barokah saha inayahipun kula dalah jenganndika sami saged kempal muajaah ing majlis taklim menika, mugi-mugi tindak panjenengan sadaya ingkang saestu ikhlas dados amal sae ingkang pikantuk ganjaran tikel-matikel wonten ngarsa dalem Allah SWT. Salawat saha salam tansah tumanduk dhumateng junjungan kita nabi agung……, mugi safaat tansah lumintu dhumateng para sahahat, langkung-langkung dhumateng umat akhir jaman saha ingkang rawuh ing papan menika.

Sagung para jamaah ingkang dipunrahmati Allah, saderengipun perlu kula aturaken menggah rantaman titilaksana pengetan ing dalu menika : 

(1) pambuka, 

(2) waosan kitab suci Al Quranul kharim, 

(3) pambagyaharja saking panitia, 

(4) mauidhatul kahasanah, 

(5) panutup.

Gegandhengan wekdal tansaya ngangseg, murih saged nggemeni wekdal, sumangga adicara dalu menika kabikak sesarengan kanthi waosan umum kitah liridhoi ta’ala wa safaati rosulillah, barokatil Fatiqah….. Mugi-mugi kanthi waosan kitab panuntuntuning gesang wau, saestu saged rancag pepanggihan dalu menika. Salajengipun…….

Saparipurnaning pengetan menika, mbokbilih angen kula ndherekaken kathah tuni lepat saha cewet kuciwaning tutur, miwah panuntuming ukara ingkang kirang akur, tansah ngandhar-andhar angendhukur, saestu sagung tamu kersaa mbabar wiwaraning aksama. Akhirul kalam billahit taufik wal hidayah, Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabaraktuh.

(Kapethik saking Tuladha Prasaja, Muh. Muslich, 1999:18)

 

3. Pranatacara Halal Bihalal

Assalamu’alaikum wr. wb.

Puji syukur konjuk wonten ing ngayunan pada Allah SWT, ingkang sampun paring rahmat, hidayah, saha inayah saengga kula dalah Panjenengan sadaya saged kempal ing majlis taklim menika. Inggih krana barokah-Ipun, iman, raos entheng, saha kasarasan, saged ndayani kula Panjenengan sadaya ngayahi kewajiban luhur menika. Rahmat saha salam tansah konjuk dhumateng junjungan umat Islam Nabi akhirul zaman, dhumateng para pendherekipun, auliya, wali Allah, suhada wa sholihin, tumedhakipun dhumateng para jamaah rahimakumullah. Allahuma amin.

Hadiratun mukkarromun, dhumateng para kyai, alim ulama ingkang tansah kula dhereki fatwa saha wewarahipun, sagung umaroh, sumrambah kaum muslimin wal muslimat ingkang bagya mulya, mugi wontena keparengipun kula ngadeg ing ngriki kepareng ndherekaken lampahing adicara pengaosan halal bi halal menggah reroncening pengaosan kados makaten : 

(1) pambuka, 

(2) waosan ayat suci Al Qur’an,

(3) tanggap wacana saking pangarsa panitia halal bi halal, 

(4) ikrar halal bi halal (sawalan), 

(5) wosing pengaosan, 

(6) panutup.

Kaum muslimin, rahimakumullah, sumangga acara halal bi halal siyang menika kabikak sesarengan kanthi waosan ummul kula dalah panjenenganb Al Fatihah….Kanthi wasilah waosan umul Qur’an kala wau, mugi ambuka manah kula saha Panjenengan sadaya saengga kaparingan gampil nampi pitedah utawi mau’iddahtul hasanah samangke, Amin.

Salajengipun ngancik waosan ayat suci Al Qur’anul Karim, ingkang badhe dipunslirani dening adhik ….. saha saritilawah dhimas …., sumangga

Mugi-mugi krana waosan ayat suci wau, tansah mbabar daya linuwih dhumateng manah kula saha Panjenengan sadaya, saengga wonten pajar kalidamar ing madyaning gesang samangke. Mugi-mugi ingkang maosaken pikantuk ridla saking Allah SWT, dene ingkang midhangetaken ingapuran sadaya dosa-dosanipun, Allahuma amin.

Acara salajengipun inggih menika tanggap wacana saking pangarsa panitia halal bi halal. Dhumateng Bapak Sabar Prayitna, kula sumanggakaken…. Matur nuwun dhumateng Bapak Sabar Prayitna ingkang sampun paring tanggap wacana. Para rawuh, salajengipun ngancik acara pengaosan, pramila saking menika sumangga sareng-areng sumadya nampi mauidhah hasanah, kasuwunaken berkah saking Panjenenganipun Bapak K. H. Warsitajati. Wekdal sumanggsa katur sacekapiun…. Kanthi tawadlu’ ing manah, mbokbilih sampun kacekap, kasuwun amungkasi kanthi donga.

Ikhwani rahimakumullah, adicara gumantya adicara, sampun titi tamat lulus raharja, tansah winongwong ing kamirahaning Allah SWT, pramila sumangga adicara menika katutup kanthi waosan Hamdalah. Mbokbilih kathah galap gangsuling atur saha kithaling tembung ingkang kirang nuju ing pranaja, keparenga nglunturaken sih pangapunten.

Wassalamu’alaikum wr. wb.

(Kapethik saking Tuladha Prasaja, Muh. Muslich, 1999:28)

 

4. Pranatacara Nyandra Manten Maigunakaken Basa Prasaja

Para rawuh ingkang minulya, langkung-langkung para pinisepuh ingkang pantes sinudarsana.

Keparenga kula ngaturaken panyandra dhauping putra panganten ing dalu (utawi siyang) menika. Ingkang mijil saking panti busana menika panganten putri, inggih pun Doktoranda Niken Nastiti, dipunkanthi rama ibunipun, inggih Bapak KRT Tejaningrat sarimbit, ginarebeg rayi-rayinipun panganten putri, ingkang racakipun sami mahasiswa lan mahasiswi.

Dene ing sangajenging korining tarub sampun samekta sang panganten kakung, inggih pun ............., dipunkanthi rama ibunipun. Inggih Bapak .......... dalah ibu; dene ombyonganipun para rayi lan sanak kadang ingkang racakipun para ..........

Dumugi korining tarub, sakderengipun nindakaken upacara panggih, putra panganten kekalih sami tempuk ing pandulu, sawang-sinawang lajeng mesem karenan, jeng ........ ingkang bintangipun ......, kebak panglimbang punika sajakipun enget dhateng Mas ...... ingkang bintangipun ........ manika kados ulam ingkang lumunyu. Anging dhasar Jeng ....... menika ........,  wau saged nyepeng manahipun gengantilanging manah. Witing tresna jalaran saka kulina. Saben-saben sesarengan mlebet wande ........... ing ......., akiripun kok inggih sami nindakaken upacara panggih ing dinten menika.

Lha menika, panganten putri mbalang sadak, winales ingkang kakung ugi mbalang sadak, menika pralampita utawi lambang tumanduking tresna winales tresna. Sadak menika sedhah linting tinangsulan lawe pethak dados kakung putri kadya suruh lumah lan kurepe, sinawang seje rupane, ginigit padha rasne. Nadyan kakung lan putri menika, beda, anging wiwit dinten mnika manunggal ing raos, tinagsulan ijab suci, badhe sami kenceng ing pangudi.

Rerangkening upacara panggih saklajengipun, panganten putri nyiram tumper. 

Piwulangipun : yen kakungipin saweg dhog kondur saking makarya, kapapagna mawi esem ingkang damel asreping panggalih, boten ujug-ujug kok dipapag ulat peteng utaei mbakakaken reribet. Kekalihipun lajeng nglangkungi rakitan, inggih oasangan maesa utawi lembu menika pralampita yen kakung lan putri sampun dipunpasangi sakrakit, mila samia sesarengan ngangkat manggul jejibahan kanthi sanggem.

Ibu sesepuhing upacara lajeng ngasta tigan, kadumukaken ing palarapanipun panganten putri, lajeng kasawataken ing siti ngantos pecah, ambyar. Menika pralambang babaring wiji. Pangajabipun para sepuh: mugi-mugi boten dangu malih putra panganten lajeng pinaringan momongan inggih pasihaning Gusti ingkang wajib ginulawenthah kanthi premati lan kebak sih katresnan.

Para rawuh, samenika sampun paripurna upacara miturur naluri tatacara, panggih dhauping putra panganten. Mila brayat anyar Bapak .......... sekaliyan nunten badhe ngabyantara ing ngarsanipun para tamu, kanthi lenggah jajar wonten ing dhamparing wiwahan. Matur nuwun awit kaparengipun sami paring pakurmatan. Dene panganten sarimbit ingkang mangagem busana kadya narendra lan prameswari, jer samangke sami jumenengan didws nata saari, sami nyuwun paringipun sih arupi donga pamuji, mugi-mugi anggenipun mabngun brayat anyar tansah jinangkung ing Pangeran, winantua ing karaharjan, tinebihna ing karibedan.

 

ANGKATING LAYON 

UPACARA BIDHALING LAYON

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Nuwun, para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh ingkang dhahat kinabekten;

Para alim ulama ingkang satuhu luhuring budi;

Para pangembating praja ingkang pantes sinudarsana;

Bapak-bapak, ibu-ibu tuwin para pambela sungkawa ingkang winantu ing karaharjan.

Inna Lillahi wa inna ilaihi roji’un

Sampun tinimbalan sowan wonten pangayunanipun Allah SWT, panjenenganipun ……….dumugi yuswa…….. taun, seda nalika dinten ………., surya kaping ……… , warsa …………., wanci tabuh …………., kanthi lantaran nandhang gerah sepuh sawatawis dangu.

Para takziyah ingkang kinurmatan, nadyan kepara randhat, keparenga kula ngaturaken sugeng rawuh, saklajengipun sumangga kasekecakna lenggah kanthi mardikaning penggalih ngantos dumugi purnaning upacara.

Saderengipun upaca pambidhaling kawiwitan, langkung rumiyin keparenga kula ngaturaken puji sokur konjuk wonten ngarsa dalem Allah SWT, dene tansah paring kayuwanan dhumateng kula panjenengan, satemah saged ndherek bela sungkawa dhumateng brayat ageng ………………… mriki.

Para takziyah ingkang dhahat kinurmatan, atur uninga menggah reroncening upacara pambidhaling layon ingkang sampun rinancang dening sedaya kulawarga.

1. Ingkang angka sepisan inggih punika pambuka

2. Dene ingkang angka kalih, atur pambagya saking kulawarga

3. Salajengipun, angka tiga pangandikan lan panglipur saking sesepuh dhusun Jatisrana

4. Ingkang angka sekawan donga angkating layon

5. Ingkang angka gangsal panutup

Para pambela sungkawa ingkang dhahat kinurmatan, pinangka pambukaning upacara ing kalenggahan punika, sumangga sesarengan ndedonga wonten ngarsa dalem Allah SWT, miturut agami saha kapitadosanipun piyambak-piyambak. Dene ingkang nunggil kapitadosan kaliyan kula, sumangga kula dherekaken maos basmalah : Waosan basmalah 

Cekap, matur nuwun

Adilaya ingkang angka kalih, inggih punika atur pambagya yuwana saking kulawarga panandhang, ingkang badhe dipun sarirani dening panjenenganipun ………………. Dhumateng panjenenganipun ……………………. kula sumanggakaken.

Pambagya harja 

Makaten para takziyah, atur pambagya saking kulawarga panandhang ingkang dipun sarirani dening …………….. Ndungkap adilaya ingkang angka tiga, inggih punika pangandikan lan panglipur saking sesepuh pangarsaning dhusun ……………, dhumateng panjenenganipun ………………… wekdal sumangga katur.

Atur panglipur 

Agunging panuwun katur dhumateng panjenenganipun …………….., mugi-mugi paringipun pangandikan sageda dados panglipur tumraping kulawarga panandhang.

Dhumateng para kadang wiranem, kasuwun tumunten ngedalaken layonipun almarhum …………… saking wisma duhkita tumuju ing sangajenging wisma duhkita, ngrantu upacara salajengipun. Dhumateng para takziyah kasuwun keparenga jumeneng, pinangka pakurmatan dhumateng suwargi ………………

Tataran upacara ingkang angka sekawan inggih punika donga badhe bidhaling layon, dening panjenenganipun ……………., wekdal kula aturaken, sumangga.

Donga angkating layon 

Paripurna upacara pambidhaling layon kalenggahan punika, pramila mbokbilih anggen kula ngayahi jejibahan kathah atur saha patrap ingkang boten ndadosaken renaning penggalih, keparenga panjenengan sedaya paring agunging pangapunten.

Sumangga upacara pambidhaling layon ing kalenggahan punika kapungkasan kanthi sesarengan muji sokur konjuk ngarsa dalem Allah SWT, dene lampahing upacara saking purwa, madya, dumugi wasana, saged kaleksanan kanthi wilujeng kalis ing sambekala.

Sumangga kula dherekaken :

Alkhamdulillahi robbil ‘alamiiin.

 

Candra Beksa

Beksan Gambir Anom Gandrung

Assalamu ‘alaikum wr. wb.

Gandrung-gandrung kapirangu Prabu Anom Gambir Anom, kataman asmara kayungyun marang kasulistyane Sang Dyah Ayu Siti Sendari, atmajanira Sri Nata Dwarawati.

Siyang pantaraning ratri ingkang ginalih amung sang ayu, ingkang kumanthil-kanthil aneng padoning netra, tumus ring tung-tunging nala. Linali-lali saya ngagela ginagas saya ngranuhi, rinasa saya karasa. Dadya sirna kautamaning nata, lamun siyang tan arsa dhahar, lamun dalu tan arsa nendra.

Lenggah datan bisa jenak. Obah datan krasa kapenak, labet denira karungrungan anandhang wirangrong. Mapan mangkana salagane janma kataman brangta kunjana papa. Ingarih-arih tan bangkit lilih, ingela-ela tan mantra piguna.

Kasigeg panyandraning beksan Gambir Anom. Wonten kirang jangkeping atur, kaladuk, dalasan lepating pangroncenipun tembung, ukara, miwah basa, mugi-mugi sampun andadosaken kirang tangkepipun pamengku, saha salajengipun kaparenga tadhah tetesing pangaksama.

Wassalamu ‘alaikum wr. wb.

 

Panyandra Beksan Panji Sekartaji

Assalamu ‘alaikum wr. wb.

Ana sesotya coplok saking embanan tumibeng wana. Pranyata menika musthikaning ayu Putri Praja Jenggala, ingkang asesilih Dewi Sekartaji, inggih Dyah Ayu Galuh Candrakirana.

Kasangsaya ing turida, rudatine angranuhi, ngrencaka temah wigena, kasurang-surang nahen kung. Analasak wanawasa, tan samar pringga bayaning margi. Sayahing ingkang sarira datan rinasa, rusaking busana datan dadya karana.

Awirandhungan lampahira, saisining wana samya arebat bela sungkawa, parandene tan bangkit nyuda tikbraning nala ingkang amangun wulangun.

(Dewi Sekartaji atawan waspa sarwi asesambat angaru-ara)

“Kambang-kambang kumembeng rasaning ati, tinilar ing garwa, winawas tan bakal bali, lila lamun luluh lana.”

Hangga rapuh sarira hangalentrih, pindha linolosan bebayunira. Sapandurat datan emut purwa duksina, datan pana keblating jagad, sakala dhawah kapindhara.

(Panji Asmara Bangun marepeki Sang Dewi).

“Marbuk arum amrik minging gandanya, cumlorot tetarungan tejanira. Yeka tejanira Sang Panji Asmara Bangun, ugi kekasih Raden Panji Inu Kertapati. Putra Narendra Kraton Jenggala, wus sawatara mangsa lolos mendra saking praja, datan pepoyan kalawan ingkang garwa.

Kalokengrat bregase sang narendratmaja, dhasar mumpuni marang reh ingering kaprajan, putus mring saliring wedha palupi, lebda marang adi luhung endah edining budaya.

Waspada mulat sang abagus, kanyata ingkang nembe kapindhara jebul ingkang garwa. Marma gita-gita denparepaki, sarwi rinangkul arsa rinaras. Dinuwa karsaning raka datan linanggatan, jer ing galih maksih kogel, mangkel, asemu anyel.

Tetela Sang Dewi nglenggahi jejering wanitatama, kamantyan setya ing kakung, pakartinira mangkana yekti amung kinarya samudana leleda marang ingkang raka kewala. Kadi panjang putra dhawah ing sela gilang, pyur, sang kapirangu apagut tingal, marbuka asiking batos, rerangkulan humangsah akaronsih. Panggah pungguh tangguh tanggon ing patunggon, amberat sungkaweng tyas denira dadya lelakon.

Sigeg panyandraning Beksan Karonsih Panji Sekartaji. Wonten kirang jangkeping atur, kaladuk, dalasan lepating pangroncenipun tembung, ukara, miwah basa, mugi-mugi sampun andadosaken kirang tangkepipun pamengku, saha salajengipun kaparenga tadhah tetesing pangaksama.

Wassalamu ‘alaikum wr. wb.

 

Candra Bubak Kawah

Assalamu ‘alaikum wr. wb.

Amestuti wasita adi sabdaning para winasis, dupi dumugi wayaning mangsa kala dhumawahing nugraha saking Gusti Ingkang Maha Kuwasa. Mangkana ta wau ingkang hamengku karsa nun inggih Bapak miwah Ibu ….. sigra jumangkah anetepi darmaning agesang, wigati amberat sakathahing durgama, jer pungkasan anggenira amiwaha putra mahargya siwi, kanthi sarana ambikak kawah.

Wusnya binuka warana tutuping sesaji, tinon kendhaga kalih winor ing cahya sumunu, sajuga winastan kendhaga kencana. Dene ingkang sawiji winastan kendhaga mulya. Jroning kendhaga kawistara sunar warni seta myang rekta. Ingkang seta sinebat cupu adi mandhalika, dumadi saking pakartining bapa. Ingkang rekta sinebat cupu manik asta gina, dumadi saking pakartining biyung.

Kacarita, duk kalaning Bapa ………murweng resmi ing garwa, amarengi tumuruning wahyu jati sih nugrahaning Gusti. Kama awarna seta manunggal kang awarna rekta. Nulya Ibu …… kaparengaken anggarbini.

Antuk sacandra denira anggarbini ponang dat mulya ngambah alam eka kamandanu, dwicandra dumugi alam dwi panunggal, tricandra ing alam triloka maya, ugi winastan alam gondar-gandir, alam keliwat gawat, ingkang minta wewekaning rena.

Tulus lestari gya ngambah alam catur hanggajati, wulagang neng guwa garba, dinayan ing sarining pratiwi, bahni, banyu, miwah bayu, jangkep caturcandra, pinaringan gana bau. Pancacandra ngancik loka pancayitma jati. Sadcandra pinaringan sipat jangkep, mungging sadlokajati. Sapta kawasajati yeku alaming ponang jabang ingkang wus saptacandra, wus ginadhuhan pancadriya. Mila kalamun mesat saking guwa garbaning rena, sampun bangkit waluya jati, jati temah waluya.

Kocapa ing kalanira dereng wanci tumelunging wahyu tumulung, amila kaki nini jabang aneras nggenira yoga brata, sadhakep saluku tunggal, ngeningken pancadriya, papat binerat, sajuga sinidikara, anut laksitaning bratajaya, anenggih bajra herawana.

Tinampi samadinira, kapyarsa lamat swara dumeling sasmita wasitaning Sang Murbeng Gesang. Wudhar denira samadi ring loka astha sabda jati, amarengi kalaning asthacandra winahya. Nawacandra wus kamarga, andungkap dasa arine, saking loka nawapurna jati, sumeleng suwung wiyose, myak langse gendhala giri, saking guwa garba mesat, prapteng alam padhang lokapana, acecala sabda mulya cenger.

Wijilira sinarengan kadang catur, sajuga mijil saking jaja, tri mijil saking margaina. Kakang kawah, rahmuka, miwah adhi ari-ari. Jabang ambabar putri, wanci sapeken kaparenging rama ibu tinengeran Rara ……. Enggaling kang winursita, wit wekel taliti talaten anggenira anglelithing anggulawenthah, sarta pamarsudinipun ing reh kasarasan, kawasisan, katrampilan, kagunan, miwah kasusilan satatakramanipun, putra putri wulagang dadya kenya diwasa, seger saras jiwa raga, susila, prasaja, anggung gumbira, wasis trampil, sinembuh ing sulistya.

Amarengi ari piniji surya pinilih, miwah wulan dalah warsa winanci, sang dyah sembada jinatukrama dening sang satriya sumbaga wirotama ingkang wus sahabipraya kekasih Bagus ……. Atmajanipun Bapak saha ibu ………ingkang hanggung mastuti ing kautaman.

Mangkana ta wau saparipurnaning prastawa tuhu wigati wiwahaharja, panganten putri sinaratan bubak kawah, ingkang esthinira ambrastha saliring durgama, mbengkas sagunging saru siku, anyenyandhang nugraha raharja bagya mulya.

Risang temanten sarimbit nulya samya lenggah jajar sumandhing, sesarengan anguningani isining kendhaga kencana sarta kendhaga mulya. Sri temanten wus tunggil tekade saiyeg saekakapti amangun brayan darmaning tumuwuh rama ibu, para sepuh, warga gotrah, sumawana kadang mitra tuwin ingkang sudi sredha angestreni, samya manembrama mangastungkara mangastuti manungku puji mrih kang tigas kawiwaha pinaringan wilujeng ing donya tuwin akerat, jejeg jumangkah, jajag jumurung kang jinangka, bagya, sumbaga, subagya.

Kasigeg panindaking upacara bubak kawah. Wonten kirang jangkeping tutur, galap-gangsul, dalasan lepating pangroncenipun tembung, ukara, miwah basa, mugi-mugi sampun andadosaken kirang jangkepipun pamengku. Saha salajengipun kaparenga tadhah tetesing pangaksama.

Nuwun. Wassalamu ‘alaikum wr. wb.

 

Candra Kirab

Panyandra Kirab Kanarendran

(Gendhing Ketawang Langen Gita Sri Narendra)

Assalamu ‘alaikum wr. wb.

Nun inggih rampak runtut swaranya angayut-anyut. Lah menika ta wau swaraning pradangga, ambabar Ketawang Langen Gita Sri Narendra, umiring tindakira sekaring pawiwahan, anenggih sang pinangantyan kekalih, ingkang arsa kirab, nulad adi endahing budaya.

Sinten ta ingkang sinaraya anawung kridha minangka pangarsaning lampah ingkang sinebat Suba Manggala. Satuhu menika panjenenganipun Bapak ………. Dhasar dedeg pidegsa apangawak prabata, sembada ing driya tan amingkuh saliring kewuh, bangkit angentasi karya. Kasembuh wiwit nalika timur mula anggung ginunggung ginanggala ingulig marang pepoyaning kautamen, mila boten nama mokal kalamun ta anggenira kapiji minangka Suba Manggala, anggung anengenaken mring kasusilan miwah subasita.

Kautamening Sang Suba Manggala saya ngalela, kacihna lebda ing adi endahing budaya, katitik nggenira mangarsani kirabing panganten, tumapaking pada tinata runtut nut iramaning gendhing, sinawung ebahing asta mangulah langen mataya. Kawuryan wadana madhep pandulu tumungkul ing bantala, sakedhap-sakedhap asta angapurancang.

Wurining Suba Manggala ana mudha tumaruna lumaksana jajar kalih ingkang dahat mabukuh pratandha prayitneng kewuh, sayekti menika ingkang sinaraya mangulah kridha minangka Yudha Manggala, kaprah sinebat Talangpati, pratiwamanggala, ugi winastan satriya kembar. Dene ingkang maragani nun inggih Bagus ……. Dalasan Bagus ……

Kekalihnya samya kembar, kembar ing busana kembar ing warna, dinulu sasat jambe sinigar. Sunaring pasuryan sumunu wenes agilar-gilar, busana sarwi jenar, pra kenya dadya kumesar, andulu bregese satriya kembar.

Ingkang tut wuri ana kenya tanggung andon lampah. Tuhu menika minangka patahing pangantyan, pinaragan dening Rara ………. Saha Rara ………. Inggih awit denira dereng padha dhateng adi endahing budaya, marwa asring lumaksana asmu pepeka, parandene tan dadya saru kuciwa, malah akarya sengseming nala.

Sanadyan paribasan durung tedhas nggeget suruh, durung tedhas nggigit jambe, parandene sampun bangkit angarah prana, akarya sengseming wardaya. Ingkang mangkana kena kinarya pracihna lamun benjang diwasa bakal bangkit angentasi karya. Gebyar-gebyar pating calorot busananing panganten sarimbit, cinandra kadya daru lelana. Apa ta busanane?

Panganten kakung angagem makutha awarna kresna pinalipit ing rukmi, asesumping sekar kanthil. Dhasi mungwing jangga lir ginupit, amimbuhi pekiking panganten kakung, dahat adi dahat luhung. Atela awarni langking sinulam benang kencana pinetha roning gadhung amalengkung, prabane ngenguwung. Sangsangan rukmi carup wor kalawan sangsangan sekar mlathi rinonce mungwing pamidhangan kanan miwah kering, angalewer tumibeng jaja cinandra kadya taksaka ngulet rumambat. Paningset cindhe winangun sekar mancawarni, epek baludru sinulam benang kencana, wimbuh mungguh amantesi.

Wangkingan warangka ladrang, ukiran nunggak semi, selut cetha angalela sadriji gedhene, pinatik ing sesotya nawaretno. Miwah rinengga puspita adi rinonce setekem gedhene, angalewer, ebah-ebah kinarya linampah, ngengreng mrabu kadulu. Nyamping sida asih sinerat rumit angrawit pinarada ing kencana tinaretes, gumebyar anelahi. Canela warna kresna rinenggeng sesotya, pating galebyar kinarya lumaksana, tinon saking mandrawa pindha sirahing nagaraja ingkang nuju tapak maruta.

Sinigeg gantya kang winursita, kuwung-kuwung akekuwung ambabar teja manda maya, tejaning risang suryeng ratri, pranyana lamun tan kuciwa memanise. Meloking wadana sumunar agilar-gilar angelam-lami pindha kencana binabar.

Palarapaning panganten putri sinungging pepaes awarna kresna, ireng, meles, menges, anjanges pantes. Cecundhuk pinetha wulan tumanggal, denapit centhung kanan kering, lir peksi jiwa-jiwa. Cundhuk mentul pinasang titi tata pinatut, katiyub ing maruta sumilir kadi kembang dewadaru. Lamun ginupit ing wardaya kadya astane kenya sulistya angawe-awe mring kekasihe. Ukel kapetha bokor mengkureb kapenet ing sesekaran pinilih, sineseg ing sarana kang sarwa manik, amung amimbuhi kasulistyane risang panganten putri.

Kabayak landhung langking warnane ugi tan kari sinulam ing benang rukma, kaistha sekar tunjung seta, tuhu endah tuhu edi, mila panganten putri datan siwah sekaring kedhaton. Sangsangan masyarakat sinangling carup wor sangsangan sekar mlathi ginubah, kumelewer maripit ing jaja lir naga taksaka marepeg angalon lampah. Sida asih nyampengi kembar kalawan nyampinge panganten kakung. Pralampita kembar trsnane, kembat bibit, bebet, bobote. Raket supeket akekanthen asta, tan ginggang sarema, sanepa renggang gula kumepyur pulut. Cat kinacut pada jumangkah gumebyar dening rengganing canela kang sarwa sesotya, asri dinulu kadi wredu lumaku ing wanci dalu.

Ingkang lumaksana aneng wurinira, salajur sisih jajar kalih, menika ingkang samya kapiji ign gati minangka putri dhomas. Katemaha pinilih para kenya ingkang maksih rumaja putri, sulistya ing warni, mumpuni ing kardi, dhasar merak ati, atul panembahe ing Gusti, angrungkebi jejering wanitajati, nulad mring laksitaning para putri pinunjul ing uni, bekti tresna ing sesami.

Sanyata kathah pra mudha tumaruna anadhang wigena, andulu para kenya listuhayu, kumrangsanging raos kadya kaselak jajar sumandhing. Wondene ingkang lumaris sawuntawis, para kadang warga wandawa, sami-sami sarimbit kalayan garwa, esthining parasdya suka puji asung pangastuti mring panganten, mugi tulusa bebrayan begja raharja ring donya prapteng delapan.

Ingkang tut wuri handayani ing salampahira, inggih menika ingkang rama ibunipun pangantyan putri. Jejer kalenggahanipun dados pethiting kirab. Satindak tumoleh nganan, sapecak uminger ngering. Lamun ta kawijila pangunandikanira estu atur puja pambagya katur sagunging para tamu sutresna. Jaja ebek bombong mongkog, karoban luhuring budi darmane para rawuh, ingkang sredha sudi angstreni dhauping putra siwi.

Kawuwusa lampahing pinagantyan anjog ing wiwaranging sasana budaya, nulya sang Suba Manggala suka sasmita mring ingkang binojakrama, kinen gya angrucat busana narapati, gumantya busana satriyaditama manjing jroning sasana busana.

Wassalamu ‘alaikum wr. wb.

 

Panyandra Kirab Kasatriyan

(Gendhing Ketawang Subakastawa)

Wassalamu ‘alaikum wr. wb.

Wus tinarbuka wiwaraning sasana busana, kumenyar asung prabawa, kentar-kentar angambar kongas gandanira marbuk arum awangi, sumirat-sirat teja maya-maya, saya dangu saya milangoni, saya celak saya angranuhi ring wisma wiwaha.

Wus lukar busana katong anggrasuuk sasana busana satriya, sangsaya ngenguwung prabane, sangsaya mancaragn guwayane, sangsaya mantep panggalihe, cinandra kadi Bagus Danang Sutawijaya atmajanira Ki Gedhe Pamanahan, akekanthen asta kalayan Rara Dewi Semangkin atmajanira Sri Sultan Dwara ing Kalinyamat, lagya angebnggar-rnggar driya ameng-ameng aneng udyana, mriksani panjrahing sari puspita, ingkang nendheng mangundhar wewangi.

Sang senapati kembar kadi sang Suwandageni atmajane Ki Demang Sakalputung kalawan Sang Agung Sadayu, yoganira Ki Sadewa, kekalihipun tus wijil saking tlatah Jatinom.

Kang apindha putri astha sata anglur selur dadilir kadya putri boyongan saking wewengkon Predikan ing Toyabiru. Sumusul ingkang mungwing wuntat, menika rama ibunipun, memayungi lampahing panganten sarimbit. Sadaya berawa sarta mempen ing puja-puji santi astuti santi, basuki kang kaudi, lestari kang kaesthi.

Sang pinangantyan tuhu loro-loroning atunggal, tunggal-tunggaling aloro, kang sajuga priya kang sawiji putri, geleng golong rumasuk jumbuh angurut ing cipta, rasa, karsa, daya, miwah karyane munggeng jejer kalenggahane sowang-sowang. Rumangsa handarbeni, wajib hangrungkebi, mulat sarira hangrasa wani.

Pilah pinilah sajuru-juru, gilig golong gegelengane, datan worsuh tataning titi laksita, napak tilas sang sujana sarjana pinasthika ingkang wus cinandhi ing awiyat, jenempana ing maruta, nenggih Ki Hajar Dewantara, ing narsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani.

Kang cinandra ing ngarsa nenggih risang Suba Manggala dalah risang sirariya kembar. Menggah ingkang ginupita ing madya tan lyan sang pinangantyan kekalih, wondene kang winedhar ing wuri ingkang rama ibu, ingkang anggung mangastungkara mrih paran parasdyane putra binerkahan. Ingkang putra ginadhang-gadhang dhadhag angadepi godha panggodha, amberat salwiraing ridhu pangridhu, kawagang dadya pangarsa hangayomi hangayemi hangayani sanggyaning dasih kaswasih.

Sumringah bingar sinawung suka ing wardaya sang Suba Manggala, siddhakaryya, tulus lulus angentasi karya, nut laksitaning paratama ing Nagari Nusantara.

Sigra sang Suba Manggala asung sasmita mring sang pindha narapari miwah parameswari, ingaturan lenggah ing sasana minulya, dene mring kang samya angiring ambayangkara ingaturan bodhol wangsul ing papane sowang-sowang, cinandra lir sata matarangan.

Nuwun. Wassalamu ‘alaikum wr. wb.

 

Candra Panggih

Pasrah Penganten

Nuwun. Assalamu ‘alaikum wr. wb.

Mugi tansah winantu ingkang kawilujengan. Sinartan sinukartaning panambrana. Ibu miwah Bapak …….., dalah para putri putra, dalasan sanggyaning kulawarga, punapa dene para rawuh. Nuwun, tumanggap pangandikanipun Bapak …….., ing ayulihi Ibu tuwin Bapak ……., amasrahaken panganten kakung, kaparenga kula matur, minangka sesulihipun Ibu saha Bapak ………., kula kadhawuhan tampi pasrah panganten kakung.

Pramila, kaparenga amratelakaken bilih ing samangke wanci tabuh ………, panganten kakung kula tampi kanthi sae, andadosaken suka bingahipun manah, saha sumangga sami muji muja syukur konjuk ing Hyang Murbeng Gesang.

Salajengipun mundhi dhawuhipun Bapak saha Ibu …….., risang panganten kakung badhe sarimbit kaliyan panganten putri ………., dumungkap upacara ijab kabul. Kula nyadhong pangaksami mbok bilih wonten kakirangan saha kaladuking panampi.

Assalamu ‘alaikum wr. wb.

 

Panyandra Penganten

(Gendhing Ketawang Puspawarna)

Assalamu ‘alaikum wr. wb.

Binarung swaraning pradangga munya angrangin, ana ganda arum angambar angebeki jroning sasana pawiwahan, nulya kawuryan ana teja angenguwung mawa praba, tuhu menika tejane panganten putri ingkang binayangkare mijil saking tepas wangi, kinanthi manjing sasana rinengga.

Sampating busana ingkang angemba busananing prameswari nata, tinon saking mandrawa abyor mompyor pating galebyar pating calorot, katempuk ing pandam kurung ingkang angrenggani, lamun cinandra kadya kilat asesiring.

Amucang kanginan denira lumaksana penganten putri, membat madya lumenggang ing warih. Meloking wadana sumunu agilar-gilar kadya kencana binabar, sunaring netra andamar kanginan.

Weweging pranaja singset kapathet ing ageman, pindha cengkir gadhing piningit, yayah anjebol-njebolna mekak madya ingkang minangka setubandaning sarira.

Kicating pada katon pating galebyar dening rerengganing canela ingkang tinaretes ing sesotya nawaretna, ginantha ing wardhaya candrane kaya wredhu angga sasra lumaku ing wanci dalu.

Prapteng madyaning sasana pawiwahan kagyat kagora kang apindha sitaresmi inggih musthikaning pawiwahan, dene uninga sanggyaning para tamu kakung sumawana putri, wus kebak ber ambalabar angebekti jroning pawiwahan, nganti kaya angdhoyong-dhoyongna pancak sujining pandhapi agung bale winangun. Marma tumanduking raos ingkang dahat tumanem ing kalbu, yayah linobong jroning wardaya, kelem karoban ing memanis, ingkang tuhu tan kawawa cinitra ing ukara.

Prapteng unggyan ingkang tinuju dening panganthining panganten putri ingkang pinaragan dening Ibu ……. Sumawana Ibu ………, musthikaning pawiwahan gya kinanthi kalenggahaken ing sasana pinajang, angrantu laksitaning adicara ingkang wus rinantam.

Nalika samana kawistara sri pinangantyan wus lenggah anggana raras. (Sasampunipun panganten putri lenggah, gangsa kasuwuk).

Wassalamu ‘alaikum wr. wb.

 

Penganten Kakung

(Gendhing Ladrang Wilujeng Pelog Barang)

Assalamu ‘alaikum wr. wb.

Kumenyar mawa prabawa, kentar-kentar winor ganda wida. Sumirat ambabar teja maya, saya dangu saya cetha, saya caket saya ngalela. Pranyata menika tejaning panganten kakung ingkang binayangkarya mijil saking wisma palereman, kinanthi manjing sasana pawiwahan.

Mubyar-mubyar busananing panganten kakung ingkang angemba busananing narapati, lamun kadulu katon agung, mrabu, miwah mrabawa. Agung ateges kebak ing kaendahan kang sanyata adi luhung, dene mrabu ateges pindha jejering narendra kebekan ing kawibawan luhur, mrabawa ateges sinung prabawa adi endah milangoni.

Dhampyak-dhampyak ingkang samya lumaksana angayap sang pinangantyan kakung, pinaragan dening para kadang santana miwah warga wandana. Dhasar panganten kakung anyardula lapa tindake, riyak anggajah ngoling, lembehan merak kasimpir. Sarira amrabata, sembada ing driya tan mingkuh saliring kewuh, yen ta tamtama sumbaga wirotama prawira jayeng palugon, tatag tangguh tanggon, tanggung jawab prapteng ngendon. Mila kalamun pinetha ing wardaya candrane kadi narendra ingkang arsa tedhak siniwaka, lenggah ing dhampar denta.

Prapteng unggyan kang tinuju, sang pinangantyan kakung sumawana ingkang samya umiring lampah sami dene aparantunan wonten ing wiwaraning pawiwahan. Nalika samana panganten kakung dahat ngungun sanguningani eden-eden kang angrenggani tawinging wiwara, dumadi saking pradapa mancawarna, tinunggulan dening pradapaning wandira. Pradapa ron wandira waringin. Tulya asri dinulu.

Kumalebeting rontek miwah umbul-umbul ingkang katempuh ing maruta manda, lamun linaras ing suksma enthane asung pambagya hargya marang sang pinangantyan kakung, lumeber sanggyaning para warga wandawa ingkang samya umiring gati.

Dupi wus tinata titi tataning wigati, sigra jumangkah sang wimbasara pamethuking sekar cepaka mulya sasele inggih sang atmaja panganten kakung, saksana amurweng kandha sang wimbasara dhumateng ingkang piniji anampi. (Dumugi wiwaraning pawiwahan, panganten kakung kendel).

Wassalamu ‘alaikum wr. wb.

 

Panyandra Bucalan Gantal

(Gendhing Kodhok Ngorek – Ketawang Larasmaya)

Assalamu ‘alaikum wr. wb.

Hong ilaheng astuna masidam. Wus dumugi wahyaning mangsa kala dhumawahing kodrat saking panguwaosing Gusti Ingkang Murbeng Dumadi. Nalika samana ana titahing Gusti ingkang asipat jalu tanapi wanita ingkang sumedya anetepi jejering ngagesang, ngancik alaming madya, amestuti ila-ila ujaring para kina ingkang dahat pinundhi-pundhi, sarta angleluri laksita harja, nulad edi endahing budaya luhung, umiring sesanti tis-tising tyas marsudi mardawaning budya tulus. Budya ateges budi daya ingkang tuwuh saking osiking panggalih. Wondene tulus saliring pangesthi ingkang tumuju marang kautamen pinarengake.

Kawuryan sri panganten putri wus jengkar saking sasana rinengga, ingayap sanggyaning warga wandawa, kinanthi mring sasana ingkang pinanci. Dene ingkang mungwing wuri ana jejaka/kenya kekalih umiring tindake panganten putri, menika ingkang sinaraya angemban puspita adi ingkang winastan Kalpataru Dewadaru Jayadaru, kinarya sarana dhauping sri panganten sarimbit.

Kepyaking pradangga munya anganyut tuwuh, kadya asung pepuji pangastuti mring panganten kekalih wrih kang kaesthi dadi kang sinedya dadya. Saya caket dening lumaksana pangantyan putri, samana wus prapteng unggwan kang tinuju, nulya panganten kekalih samya apagut tingal. Tempuking pandulu caturnetra ingkang linambaran budi luhur, sakala wonten daya pangaribawa ingkang ambabar karsa dadya sarana pambukaning rasa ginaib ingkang tumanem ing sanubari.

Saksana kumlawe astane panganten putri sarwi ambalang gantal mring panganten kakung, ingkang winastan gondhang kasih. Datan saranta panganten kakung gya gumantya ambalang gantal ingkang winastan gondhang tutur.

Punapa ta wujud sarta wredining gantal ingkang kinarya bebalanganing panganten sarimbit? Pranyata wujuding gantal dumadi saking sedhah lininting tinangsulan lawe wenang, sarta pinilih suruh ingkang atemu rose, ingkang amengku wredi sinandi : Suruh, yen dinulu saje lumah lawan kurepe, nanging lamun ginigit padha rasane. Menika amengku wredi sanadyan kang sajuga jejer priya kang sawiji putri, nanging lamun wus manunggal tekade, bisa manunggal cipta, rasa, miwah karsane, pinasthi jatukramane.

Marma tinangsulan lawe wenang awarna seta, wredinira mugi wusnya tinangsulan ing akrami, dadya paningset denira mangun brayan, datan nalisir saking angger ugering kautamen. Pinilih suruh kang atemu rose, mengku wredi mugi panganten sarimbit manunggal lair batine, saniskara pangesthi nyawiji, sirik lamun kongsi suwelang kayun, widada kang sinedya, lestari kang kaesthi.

Kawistara panganten kekalih wus jajar sumandhing aneng luhuring pasangan linambaran roning pisang raja, pasemone nyata lamun dhaupira wus pinasthi dadi pasanganira, kang anggung kinudang-kudang bangkit mandireng pribadi, winimbuh ing kawibawan, lir jejering narendratama.

Mandhap saking pasangan, ingkang sarimbit gya marepeki antiga cinaket ing bokor kencana, minangka wadhahing sekar setaman. Sakala kanang antiga tinapak ing pada, pecah sanalika. Pramila daya-daya panganten putri laju anjengku sarwi sumembah mring kakung. Purna denira sumembah gya amijiki samparaning ingkang raka, pralampita angicali saliring sukerta, tulus mulya manggih raharja.

Katon kambang-kambang kumambanging sekar triwarna kang aneng jroning bokor kencana, mawar, mlathi, miwah kanthil. Yekti menika kinarya pralampita lamun winawar ing tembung manis lumantar kedaling lathi, dadya pambukaning karyatama kang anggung kumanthil-kanthil ing padoning netra, tumameng tung-tunging nala.

Kawistara sri pangantyan kekalih wus pinaringan her wening kang mijil saking kendhi pratala. Menika minangka pralampita mrih sabarang pakarti kang arsa linampahan, linambaran weninging panggalih miwah menebing kalbu, kang tinemu hayu hayem hangayomi.

Paripurna gatining kang titi laksana panggih. Samana sang pinangantyan wus jumeneng jajar sumandhing sarwi siningeban sindur dening ingkang ibu. Bebrayaning putra sarimbit tinuntun rehing kautamen pinayungan ing budi rahayu, wani marang bebener, wedi marang kanisthan.

Sang Larasmaya memuji memuja asung pangastawa, umiring kang daweg winiwaha, laju manjing sasana rinengga, lulus raharja, sirna saliring rubeda.

Rahayu ingkang sami pinanggih. Wassalamu ‘alaikum wr. wb.

 

Candra Sungkeman

SUNGKEMAN

ASMARADANA

1.

Risang penganten sarimbit,

arsa sumungkeming pada,

mring yayah miwah rename,

nyuwun puji lan pandonga,

nggennya dhaup palakrama,

gesang pinanggih rahayu,

tumuju marang kamulyan.

2.

Wus sumungkem sri pengantin,

ayem tentrem jroning nala,

eling purwa duksinane,

eling rama miwah rena,

rama ngukir jiwa raga,

tapa brata ingkang ibu,

ari dasa nawa candra.

3.

Dupi sinungkeman sami,

ingkang rama miwah rena,

kadya sinendhal batine,

kebak asih miwah tresna,

paringpangestu pandonga,

pinuji amrih rahayu,

mulya hamanggih kabagyan,

4.

Dhasar satriya piningit,

nadyan tresnyuh jroning nala,

karerantan ing batine,

abangkit asung husada,

sinamun ing samudana,

gesang panganten satuhu,

binerkahan ing Pangeran

 

Sanggya para lenggah ingkang tansah hanampi berkah.

Ibu tuwin Rama, sumrambah besan sekalian Wus samapta ing gati, siaga ing dhiri, hanganthi sungkem pinanganten sarimbit. Kairing puja pamuji, mugi-mugi tansah manggih rahayu…..

 

Panyandra Sungkeman 1

“Penganten kakung wus jengkar saking dhampar dhenta, kursi rinengga, anganthi ingkang garwa lumarap ngabyantara myang kang para pinundhi, nenggih rama lan ibu, lampah dhodhok bebasan sata matarangan, esthining penggalih amung sumedya sumungkem dhateng padanipun ingkang rama ibu, sigra tumungkul yayah konjem pratala i wadanane temanten sarimbit,

Tangkepeng asta sarwa sumembah ing jengku ering kanan, sinartan eninging cipta rumasuk ing sanubari, anyuwun rumentahing pudya hastawa puji hastuti saking rama miwah ibu, mring esthining driya denira bebrayan, tansah manggih kanugrahan, kabagyan lan kamulyan saking Gusti kang Maha Welas lan Asih.

Dupi sinungkeman ing pepadanira ingkang rama miwah ibu, datan bisa ngunandika, kadya sinendhal mayang batine, sumedhot ing galih, dene putra kang linairake saiki wus diwasa arep mangun bale wisma, datan karasa trenyuhing driya akarya tumetesing waspa lamun cinandra kadya mutyara rinonce, ingelus – elus pamidhangane ingkang putra, ingusap – usap rekmane, ingaras kebak ing raos tresna asih.

Apa ta menggah darunane…..?

Jro sumungkem anguswa pepadane ingkang rama ibu, penganten anggung enget marang purwaning dumadi duk rikala linairake aneng jagad padhang, ginadhang gadhang kinudang kudang wiwit alit engga diwasa,

Enget marang rama ingkang wus sembada angukir jiwa ragane miwah dadya lantaraning tumuwuh.

Enget marang ibu ingkang wus kuwawa dadya sasana yoga brata salebeting nawa candra dasa ari, sarta anglelithing anggulawenthah wiwit kalane ing guwa garba nganti tumekeng akhir diwasa, rumaos menawi ageng sanget anggenipun kathah dosanipun dhateng rama ibu lan kapetangan budi, enget kapan saged atur piwales.

Eling – eling risang panganten wiwit timur mula anggung ginunggung mring pepoyaning kautamen, amila namung sakedhep netra wus bangkit angusadani onenging nala, nadyan anandhang sungkawa cekap ing samudana.

Waspada ing semu dupi anguningani bilih ingkang putra denira karerantan galih, kadya kawijil pengendikane aris kang kebak ing wasita adi, mangkana ta umpami kawijiling lesan . :

“ Dhuh anaakku ngger temanten sakloron….

“ Duk kalane isih cilik sira dak kekudang yen ta diwasamu bisa winengku dening satriya tama , ingkang sembada hangayomi jiwa ragamu ing donya prapteng delahan, ing kalungguhan iki, sepira ta lega bungahing atiku dene kekudanganku jebul wus dadi kasunyatan, kang mengkono lelungsen dak bebekali, kanthi dak suwunake kamurahaning Gusti ingkang Maha Agung, Pangestune rama ibu marang sira sakloron bebasan tansah anglur selur pindha ilineng narmada, muga anggonmu palakrama bisa tuwuh hangrembaka, nganthi tumekaning kaki nini, alandhesan darmaning rasa tresna kang hangrembaka, binarung lan pangestune rama ibu kang wus satraju marang palkramamu , bisa atut runtut kadi mimi lan mintuna, mugya tansah manggih kabagyan miwah kamulyan, tebih ing sukerta lan godha rencana, sarta dak sesuwun ing rina pantaraning ratri, muga enggala antuk talining brayat , yaiku wujuding pratima kang bangkit bisa tata jalma, ingkang datan liya momongan minangka rengganing bale wisma lan talining bebrayan “.

Dupi wus paripurna anggenipun sungkem pangabekti dhateng padanipun rama-ibu, temanten sarimbit kanthi kebak tata susila, subasitaning putra dhateng tiyang sepuh, jumangkah lon-lonan arsa nglenggahi dhampar rinengga.

 

 

Pambagya Harja

PAMBAGYA HARJA- 1

Nuwun. Assalamu ‘alaikum wr. wb.

Para rawuh, kaparenga matur, minangka sesulihipun ingkang kagungan hajat, inggih menika Bapak tuwin Ibu …….., kula ngaturaken sugeng rawuh. Salajengipun ngaturaken gunging panuwun, dene panjenengan sampun karsa ngrawuhi anggenipun gadhah damel, ngemah-emahaken anak angka kalih, nama ……., pikantuk ……, putranipun Bapak saha Ibu …….., ingkang pidalem ing ………..

Bapak dalah Ibu ……… ngaturaken gunging panuwun ugi, dene panjenengan sampun kapareng paring pambiyantu ingkang awujud kawigatosan, bandha beya, iguh pratikel, tuwin ubarampe sanesipun, ingkang gemblenganipun saged ngegengaken pepanggihan samangke menika.

Ngambali ingkang kapacak ing serat ulem, kaparenga para rawuh paring pangestu mugi panganten kekalih anggenipun mangun brayat pinaringan karaharjan kabagyan.

Bapak saha Ibu ……. saha gotrah nyuwun gunging pangaksami awit saking kirang saening panampi, sapelening pasugatan, sarta sadaya kekiranganipun, ingkang ndadosaken cuwa sarta boten renaning panggalihipun para rawuh.

Menggah kula piyambak, inggih nyuwun gunging pangaksami, amargi klenta-klentuning tembung, galap gangsuling ukara, tumpang suhing basa, punapa dene sigug wagu tuwin kiranging tatakrami anggen kula matur.

Mugi-mugi pahargyan ing Dalem ……….. samangke menika kawawa ngraketaken, nyupeketaken anggenipun sami srawung, memitran, pasadherekan, saha nglestantunaken bebrayan ing alam sawegung.

Wusana kaparenga para rawuh angestreni pahargyan menika kanthi sakeca mardika ngantos dumugi purnaning pahargyan. Nuwun.

Wassalamu ‘alaikum wr. wb.

 

PAMBAGYA HARJA- 2

Assalamu ‘alaikum wr. wb.

Nuwun, para pinisepuh tuwin para sesepuh ingkang dahat pinundhi-pundhi. Para priyagung kakung miwah putri ingkang satuhu pantes sinudarsana. Para rawuh ingkang bagya minulya.

Minangkani pamundhutipin Bapak saha Ibu ……….., dalah besan Bapak saha Ibu ………….. sakulawarga, ingkang ing dinten menika amengku karya nindakaken darmaning ngasepuh, amiwaha putra panjaja putri ingkang asesilih …….. kaliyan ………., putra panenggak, kula kadhawuhan sowan matur wonten ing ngarsa panjenengan sadaya.

Inggih awit saking bombonging sarta bembenging panggalihipun, candraning kejugrugan ing wukir sari, kabenan ing saganten madu, panjenenganipun sami boten saged anyarirani piyambak sowan matur wonten ing ngarsa panjenengan sadaya, ngaturaken ingkang dados prentuling penggalih.

Minangka purwakaning atur, sumangga sami sesarengan ngunjukaken puja pudyastuti syukur konjuk ing ngarsanipun Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, ingkang sampun kapareng paring nugraha dhumateng Bapak saha Ibu …….. dalah Bapak saha Ibu ……., punapa dene gotrah, anggenipun kagungan karsa ndhaupaken putra panganten sampun saged kalampahan wilujeng nir bita nir ing sambekala. Kajawi nugrahaning Gusti, sadayanipun menika inggih awit berkah pangestu panjenengan sadaya.

Ingkang sami bebesanan dalah kulawarga ngaturaken pambagya wilujeng, sinartan panuwun ingkang tanpa pepindhan, dene panjenengan sampun kapareng angestreni pahargyan menika, saprelu paring berkah pangestu wilujeng dhumateng panganten sakloron.

Ingkang sami amengku karsa miwah gotrah ugi ngaturaken panuwun ingkang tanpa upami, dene panjenengan igu kapareng paring tandha tresna ingkang awujud punapa kemawon. Menika sadaya sayektos adamel mongkog sarta bombonging panggalihipin. Inggih awit saking menika, panjenenganipun sami boten saged amahyakaken punapa-punapa, kajawi amung sumangga ing purba wasesanipun Gusti Ingkang Maha Kuwaos. Mugi-mugi sadaya kasaenan panjenengan kasebat antuk ganjaran ingkang samesthinipun.

Para lenggah ing sasana mulya ingkang tansah karahayon. Samenika panganten kekalih sampun kula sowanaken marak ing ngarsa panjenengan, saprelu kula suwunaken tambahing berkah pangestu panjenengan, anggenipun jejodhoan sageda atut runtut rerentengan, widada lestari mulya, winantu ing rahayu.

Minangka wusananing atur, brayat agung Bapak Ibu ………… saha Bapak Ibu ……… boten kesupen nyuwun lumintuning pangaksama tumrap sadaya ceweting aruh, lungguh, suguh, sarta rengkuh, ingkang katur panjenengan. Ewa samanten mawantu-wantu panyuwunipun, kaparenga panjenengan anyakecakaken lenggah sinambi angresepi atur pasugatan sawonten-wontenipun.

Wondene manawi wonten kirang wijang wijiling wicara, kula pribadi nyandhong agunging pangapunten. Mugi rahayu ingkang sami pinanggih.

Wassalamu ‘alaikum wr. wb.

 

PAMBAGYA HARJA- 3

Assalamu ‘alaikum wr. wb.

Para pinisepuh, para aji sepuh, ingkang satuhu pana ing pamawas miwah lebda ing pitutur. Para nayaka pangemban pangembating praja satriyaning nagari ingkang minangka pandam pandoming kawula dasih. Para tamu kakung putri, inggih baraya agung trah ingkang satuhu ber budi bawa leksana.

Prasasat linobong ing panggalih ingkang dahat suka amarwata suta, tumanduk ingkang ndaweg mangun buja, kadi kelem karoban ing memanis, sinandhing kastuba manik. Kacaryaning panggalih, dupi anguningani yen ta jroning sasana wiwaha kawuryan bak ber ambalabar sanggyaning para tamu kakung putri, sampun kepareng lenggah satata, pepak sinaroja.

Kapanduking raos ingkang dahat tumanem ing kalbu, saksana ambuka osiking driya denira sumengka pangawak braja, lir keplasing warastra lungit. Prentuling parasdya miwah esthining prayojana, tanna lyan amung daya-daya denirarsa asung sugata, manembrama atur pambagyarja konjuk sagunging para tamu ingkang winengku ing aluhur.

Nun inggih. Amung kewala, awit saking berag berawaning panggalih ingkang dahat amara suka, sakala legeg, puteg, buneg, jroning wardaya, sanadyan saklimah tan kawawa medhar pangandika, awit amung kandheg monten ing tenggak. Mangkana pangudasmaraning driya ingkang kawijil kanthi aris, sinawung lukitaning tembung manis, manuhara kebak ing sagorawa.

“Dhuh, sanggyaning para tamu ingkang anggung sinungga ing akrami, sapinten ta gung berawaning manah kula ing kalenggahan menika, awit sampun kapatedhan ing sih, kabalabak luhuring budi darma saking andika sadaya, ingkang sampun kasdu minangkani sarining serat sedhahan, kaparenga anjenengi anggen kula netepi darmaning wredha, mangun buja krama, amiwaha suta, amahargya siwi.”

“Inggih awit saking lubering sih kadarman miwah lumintuning darmastuti saking andika sadaya menika mugi pikantuk lelintu ingkang satraju, saking Gusti Ingkang Maha Adi, sarta agenging panuwun kula ingkang boten saged cinitra ing ukara, boten sanes amung dahat katedha kalingga murda.”

“Dhuh, darahing budaya ingkang sampun kontab saindenging rat pramudita. Lubering sih darma saking andika sadaya ingkang sampun kapareng jumurung ing karsa suka pepuji mangastungkara, andayana dhumateng anak kula panganten kekalih, ingkang sampun widagda anambut guna talining akrama, temah jumbuh ingkang sami ginayuh, sembada ingkang sami sinedya. Karahayon dening Gusti Ingkang Maha Hayu, umiring puji miwah pangastuti ayu, hayu, rahayu, ring ulah ahayu.”

Makaten anggen kula sumedya atur. Wonten kirang jangkeping tutur, kaladuk, dalasan lepating pangroncenipun tembung, ukara, miwah basa, mugi-mugi sampun andadosaken kirang tangkepipun pamengku. Saha kaparenga tadhah tetesing aksama.

Nuwun. Wassalamu ‘alaikum wr. wb.

 

Sepasaran Manten

SEPASARAN MANTEN CARA PRASMANAN

1. PAMBUKA

Kasugengan, rahmat saha berkahing Allah SWT mugi tansah kajiwa kasarira sagung tamu minulya

Para sesepuh, para pinisepuh, para pepundhen ingkang satuhu luhuring budi

Para alim ulama, ingkang rinten dalu hamungkul ngamalaken wahyuning Illahi ingkang satuhu pantes sinudarsana

Para pangemban pangembating praja, para satriyaning nagri pinangka pandam pandoming kawula dasih

Sagung tamu minulya mliginipun baraya ageng kadang besan ingkang satuhu kinurmatan

Kadang wredha miwah taruna ingkang dhahat trinesnan

Inggih awit mundhi dhawuh igkang hamengku gati nun inggih Bapak/Ibu ……….. kula kapitados ndherekaken lampahing adicara prasaja ing ri kalenggahan punika.

Wondene wigatosing sedya ing dinten menika Panjenenganipun Bapak/Ibu ……………………. …………………….hamboyong putra pinanganten sarimbit nun inggih ……………………. Kaliyan ………………..putra-putrinipun Bapak/Ibu ……………………. Saking laladan ……………………inggih awit saking donga pangestunipun sagung tamu minulya ing dinten ingkang sampun kawuri kekalihipun sampun kawiwaha dhaup sah manut angering agami miwah negari, ndungkap dinten menika kaleres sepekenipun risang temanten sarimbit.

Sagung tamu minulya salajengipun keparenga kula ngaturaken urut reroncening adicara ingkang sampun rinancang dening sagung sadaya kulawarga

 

2. RANTAMAN ADICARA

Pambuka

Atur pambagya harja

Atur pangandikan saking kadang besan

Atur panampi

Jawat Asta (kembul bojana andrawina)

Panutup

 

Sagung tamu minulya minangka pambukaning pahargyan ing wekdal punika sumangga kula lan panjenengan sami tumungkul ngonjukaken pandonga wonten sahandhap pepadaning Gusti ingkang hakarya Loka mugi salwiring gati purwa, madya, wasana tansah kalis ing rubeda , rahayu ingkang tansah tinemu kanthi ndengonga manut satataning panembah sowang-sowang. Dhumateng ingkang ngrasuk agami Islam kula dherekaken maos Basmalah, wondene ingkang hangrasuk agami sanes mugi kajumbuhna kaliyan gegebengan panjenengan. Sumangga kula dherekaken

……………………………………………………………………………………………

 

3. ATUR PAMBAGYA HARJA

Sagunging para sepuh, pinisepuh, miwah sagung tamu undhangan ingkang satuhu dhahat kinormatan, ngancik titi laksana saklajengipun inggih menika atur pambagya raharja yuwana saking panjenenganipun ingkang hamenggu Gati Bapa ……………………………sekaliyan. Namung, labet saking bombong berawaning penggalih awit nguningani rawuhipun sagung tamu minulya, Bapa ……………………….. sekaliyan ngantos boten kuwawa nyalirani matur piyambak wonten ngarsa panjenengan sami, saengga kepeksa minta sraya dhumateng Bapa …………………………………pinangka talanging basa ingkang hamengku gati. Dhumateng ngarsanipun Bapa ……………………………. Wekdal saha sasana wicara kaaturaken

…………………………………………………………….

Matur nuwun dhumateng panjenenganipun Bapak …………………. Ingkang sampun kepareng hamakili kulawarga Bapak ……………………….ngaturaken pambagya rawuhipun sagung tamu minulya

 

4. SRAH TINAMPI

Bapak ibu, sagung tamu minulya, adicara ingkang angka …………………………. Inggih punika pangandikan saking kulawarga kadang besan, ingkang badhe dipun aturaken dening panjenenganipun Bapak………………………. Dhumateng panjenenganipun Bapak ……………… wekdal saha pandaya wara kaaturaken.

………………………………………………………………………

Makaten pangandikan saking duta saraya kadang besan aturipun Bapak ………………………… gya tinampi Bapa ……………………….. pinangka wakilipun Bapak ………………………. Ingkang hamengku gati. Dhumateng ngarsanipun Bapak …………………………. Wekdal saha sasanawara kaaturaken sumangga.

Matur nuwun kaaturaken dhumateng ngarsanipun Bapak ………………… ingkang sampun hamakili Bapak ……………………. Hanampi pangandikan saking kadang besan.

 

5. JAWAT ASTA KEMBUL BOJANA

Sagunging para tamu kakung miwah putri ingkang dhahat kinormatan, sampun lenggah jajar sri pinanganten sarimbit esthining penggalih namung setunggal nyuwun tambahing donga pangestu dhumateng ngarsanipun para pinisepuh, para pepundhen, sumarambah sagung tamu minulya mugi-mugi anggenipun napak bebrayan enggal sageda atut runtut rerentengan

pindha mimi amintuna dadosa kulawarga ingkang sakinah mawadah warahmah, miwah enggala pinaringan talining palakrama ingkang awujud pratima ingkang bangki tata jalma nenggih putra-putri ingkang sholeh-sholehah

Pinangka cihna paring panjurung donga miwah pangayubagya dhumateng risang temanten sarimbit miwah tiyang sepuhipun, sagung tamu minulya kalilan paring jawat asta .

Sasampunipun para tamu paring donga pangestu wilujeng dhumateng risang temanten sarimbit, awit kersanipun Bapak saha Ibu …………………… panjenengan kasuwun dhahar kembul bojana handrawina kanthi mardikaning penggalih.

Para tamu ingkang dhahat kinormatan , sasampunipun kapenggalih cekap saha badhe ngersakaken kondur, Bapak saha Ibu …………………. Ndherekaken sugeng kondur, mugi-mugi tansah jinangkung karaharjan ngantos dumugi ndalem sowang-sowang . Sepisan malih Bapak saha Ibu ………………… ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa upami, awit rawuh panjenengan sedaya.

 

6. ATUR SESUKAN

Sagunging para tamu kangge hamiyak sepining swasana miwah hangregengaken pawiwahan prasaja ing siyang menika Bapak saha Ibu …………… kepareng nyugatakaken elekton tunggal saking ……… ingkang dipun pangarsani ………… kanthi swarawati …………………………………………………………………………………….

Pramila sumangga sugeng nglaras kanthi sekeca

Ugi bok bilih wonten para kadang ingkng kepareng badhe paring pisumbang sekar/lagu/ tetembangan: Campursari, ndhangdhut, Pop , keroncong lan sanes-sanesipun elekton tunggal ………………………………… tansah sawega ing gati.

 

7. PARIPURNA

Sagunging para pepundhen, para sepuh, pinisepuh ingkang minulya. Purwa, madya dumugi wasana pawiwahan sampun ndungkap paripurna. Awit saking menika, Bapak saha Ibu …………………………………….ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan dhumateng sedaya para kadang ingkang sampun kersa paring panjurung panyengkuyung murih rancaging adicara ing siyang menika. Mbok bilih Bapak saha Ibu ……………………………. Kirang tanggap, tangguh, gupuh, aruh miwah suguh anggenipun nampi rawuh sagung tamu minulya kersaa panjenengan ngluberaken samodra pangaksami. Semanten ugi kula ingkang kadhawuhan hanglantaraken titi laksana, tartamtu kathah cewedipun kepara kirang mranani penggalih kula namung saged matur; “Tebah siti sekul binuntel roning kalapa, apuranta sedaya lepat kawula. Pungkasaning atur : Hayu-hayu Rahayu Niskala Wassalamu’alaikum Wr.Wb.

 

Sesorah

TULADHA SESORAH

TANGGAP WACANA CAOS BELA SUNGKAWA LAN PANGLIPUR 1

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Inna Lillahi wa inna illaihi rooji’un

 

Panjenenganipun Baraya ageng Bapak. …….. ingkang katemben nandhang duhkita ingkang dhahat kinurmatan.

Panjenenganipun para ta’jizah kakung putri ingkang dhahat kinurmatan.

Keparenga kula matur minangka sesulihipun warganing bebrayan ing dhusun ………….

Ingkang sepisan :

Warganing bebrayan ing dhusun……. ngaturaken ndherek bela sungkawa, awit sedanipun Almarhumah ……….

Kita warganing bebrayan nglenggana punapa ingkang panjenengan raosaken, punapa ingkang panjenengan sandhang, kita rerencang ngindhit sungkawa panjenengan mugi andayanana saged ngenthengaken raosing panalangsa lan duhkita.

Kaping kalih :

Warganing bebrayan ing dhusun …….. sami anekseni, bilih nalika sugengipun Almarhumah ………… sae tumindakipun dhateng bebrayan, mungkul ing panembah lan ngibadah, boten nate damel sakserik dhateng sesame.

Mila paseksen punika mugi kapriksanana ing Pangeran, satemah kepareng paring kanugrahan dhateng alusipun Almarhumah ………..

Kaping tiga :

Warganing bebrayan ndherek memuji lan ndedonga, mugi-mugi Gusti Allah SWT, paring pangapunten sadaya dosanipun, paring ganjaran sedaya ngamal kasaenanipun, dipun paringana panggenan ingkang prayogi lan mugi kalebet seda ingkang khusnul khotimah. Amin.

Dene kulawarga ingkang tinilar mugi kaparingana manah ekhlas, sabar lan pasrah, lila nampi panduming Gusti Ingkang Maha Agung.

Cekap semanten atur kula minangka sesulihipun warganing bebrayan ing dhusun Jati Srana, wonten kirang trapsilaning atur kula, kula nyuwun pangapunten.

Bilahit taufiq wal hidayah.

Wassalamu’alaikum wr.wb.

Matur nuwun.

 

PASRAH CALON PENGANTEN KAKUNG

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Panjenenganipun Bapak/Ibu ……… ingkang satuhu dhahat kinurmatan.

Kula pinangka talanging basa panjenenganipun Bapak/Ibu ………. wingking saking ………….

Ingkang sepisan :

Panjenenganipun Bapak/Ibu …….. saha para pinisepuh miwah sesepuh ing …………. ngaturaken salam taklim katur panjenenganipun Bapak/Ibu …………. miwah para pinisepuh lan sesepuh wonten ing tlatah ……………….. mriki kanthi atur : Assalamu’alaikum Wr.Wb. Saha kinanthenan pepuji mugi-mugi baraya ageng Bapak/Ibu ……… dalah warga bebrayan ing mriki tansah pinaringan berkah rahmating Pangeran, suka rahayu ingkang pinanggih.

Kaping kalihipun :

Kula ingkang tinanggenah masrahaken calon penganten kakung nama bagus Permadi atmajanipun Bapak/Ibu …….. kanthi panyuwunan mugi keparenga kadhaupaken kaliyan pun rara Wara Subadra putrinipun Bp/Ibu ………….

Kaping tiganipun :

Saderengipun calon penganten kakung kula pasrahaken wonten ing ngarsa panjenengan, kula ngaturaken sesanti puja-puji pudyastuti ing Gusti Ingkang Murbeng Dumadi mugi-mugi upacara ijab qobul miwah pahargyan wiwahan ingkang badhe katindakaken  sageda kalampahan kanthi wilujeng  kalis ing sambekala.

Ing samangke calon penganten kakung kula pasrahaken ing panjenengan . Ingkang punika, mbokbilih samudayanipun ingkang magepokan kaliyan tata cara ijab qobul sampun satata, keparengan ijabing calon pinanganten enggal katindakna.

Wasana kula ingkang tinanggenah masrahaken putra calon panganten kakung bok bilih wonten kuciwaning atur miwah kiranging suba sita, nyuwun sih lumunturing samodra pangaksami, Nuwun.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

 

ATUR PANAMPI CALON PENGANTEN KAKUNG

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Panjenenganipun Bapak/Ibu …… dalah rombongan calon besan saking ……….. ingkang dhahat kinurmatan.

Kula ingkang tinanggenah pinangka talanging basa panjenenganipun Bapak ……… kekalih :

Ingkang sepisan :

Ngaturaken pambagya rahayu wilujeng sarawuh panjenengan sedaya, ingkang sampun kanthi sugeng basuki ngiringaken calon penganten kakung saking ……….. dumugi ing wismanipun Bapak ……. mriki.

Ingkang kaping kalih :

Menggah kasugengan saha salam taklimipun Bapak ……… sarimbit sampun kula tampi kanthi atur: Wangalaikum salam Wr. Wb.

Ingkang kaping tiganipun :

Bilih pasrah panjenengan calon panganten kakung pun Bagus Permadi kula tampi kanthi suka pirenaning penggalih, lan samangke sasampunipun  dumugi ing titi wancinipun miwah samudayanipun sampun satata ing gati badhe kula ijab qobulaken miwah kawiwaha kaliyan anak kula pun Rara Wara Subadra.

Ingkang kaping sekawanipun :

Kula sadaya nyuwun tambahing donga pangestu para tamu sadaya mugi-mugi ijab miwah pawiwahaning putra pinanganten sarimbit tansaha manggih rahayu wilujeng lulus kalis nir ing sambekala.

Wasana hambokbilih wonten kiranging trapsila, buja krama miwah cewet, kuciwa lan lacuting atur anggen kula nampi rawuh panjenengan sedaya, mugi diagung ing pangaksama.

Wassalamu’alaikum, Wr. Wb.

 

ATUR PAMBAGYA SUKURAN

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Nuwun,

Para pinisepuh, para sesepuh ingkang satuhu kinabekten.

Para rawuh kakung sumawana putrid ingkang satuhu kinurmatan.

Langkung rumiyin sumangga kula dherekaken ngaturaken puji syukur konjuk dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang sampun kepareng paring kawilujengan dhumateng kula lan panjenengan sami katitik ing titi wekdal menika saged kempal manunggal ing papan menika kanthi wilujeng nir ing sambekala.

Para lenggah kakung miwah putrid ingkang satuhu kinurmatan,

Kula minangka wakilipun Bapak …….. tanpa upami dene panjenengan sedaya sampun kersa nglonggaraken wekdal rawuh ing adicara syukuran menika.

Kados sampun kapacak wonten ing serat ulem, bilih ing dinten menika panjenenganipun Bapak ……. sakulawarga sanget suka bagya karana putranipun ingkang asesilih pun Anakmas ……. sampun saged lulus anggenipun sinau wonten pawiyatan luhur Universitas …….  lan sampun kawisuda pinangka Sarjana ……. rikala tanggal ………. kepengker kanthi pikantuk predikat cumlaude.

Pramila Bapak Ibu ……. tansah ndedonga miwah nyuwun donga pangestu panjenengan para tamu amrih Anakmas Wulandari saged ngayahi wajib awit samenika sampun katampi dados peneliti wonten ing ………, sarta pinangka presenter wonten Kediri TV ingkang magepokan kaliyan budaya Jawi.

 

Para rawuh ingkang minulya.

Bapak/Ibu …….. sakulawarga nyuwun pangapunten bokmenawi anggenipun ngacarani rawuh panjenengan kirang mranani ing penggalih. Salajengipun para rawuh kasugata kanthi dhahar kembul kanthi ladi pribadi (prasmanan) minangka syukuran Anakmas ……… sinambi nglaras Campursari Gayeng Regeng ingkang dipun pangarsani Mas ……… saking tlatah ……….

Wasana kula pribadi, bokmenawi anggen kula matur kirang ing reh tatakrami, miwah ceweting basa, kula nyuwun pangapunten.

Wassalamu’alaikum, Wr. Wb. Nuwun.

 

TANGGAP WACANA BERSIH DESA/RASULAN

Assalamu’alaimum Wr. Wb.

Panjenenganipun para sesepuh, para pinisepuh wonten ing Desa ……. ingkang pantes sinudarsana

Panjenenganipun Bapak/Ibu , sanak kadang, para wiranem, anak-anak kula, miwah wayah-wayah kula ingkang tansah ngleluri budaya Jawi.

Langkung rumiyin sumangga kita sedaya tansah muji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, dene ing wekdal menika kita sedaya saged kempal manunggal ing Desa …….. menika kanthi wilujeng tanpa manggih alangan setunggal punapa.

Para kadang warga Desa Putat ingkang kula tresnani.

Bersih Desa utawi Rasulan ingkang  katindakaken menika pinangka wujud raos syukur kita dhumateng ngarsanipun Gusti Allah, awit Gusti Allah sampun keparing paring kanugrahan dhumateng kita awujud panen ingkang sae miwah kathah asilipun. Bab menika temtu kemawon inggih karana panjenengan sedaya anggenipun mungkul miwah tekun anggenipun ngolah pasiten kanthi tlaten, saengga asilipun saged karaosaken sesarengan.

Kita sedaya nindakaken bersih desa menika sampun atusan taun kepengker, kanthi turun tumurun nguri-uri budaya leluhur. Sanajan jaman sangsaya majeng mugi-mugi adicara menika tetep lestari.

Kajawi mujudaken raos syukur ugi pinangka sarana kangge ngandelaken miwah nyambung pasedherekan ing antawisipun kulawarga setunggal lan satunggalipun tansah guyup rukun ing madyaning gesang bebrayan.

Para rawuh makaten ingkang dados atur kula, muga wonten paedahipun tumrap kita sedaya.  Wasana mbok bilih anggen kula matur wonten kekiranganipun, mugi diagung ing pangaksami.

Wasana sugeng mriksani pagelaran ringgit wacucal sedalu natas kanthi dhalang Ki ………. kanthi lampahan ……...

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Nuwun.

 

Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)