SERAT CANDRARINI

0

Serat Candrarini



PUPUH I

SINOM

 // Kang agnya gita sri nata / ing Surakarta nagari / Pakubuwana ping sanga / mangun wasitaning estri / ingkang cinitreng ari / Respati tanggal ping pitu / Jumadilakir wulan / kanem Be sangkaleng warsi / piyarsakna trusing kang sabda narendra //

// Liring kang wiyata arja / ujar ugering pawestri / kang winayuh dennya krama / yogya ngupakareng dhiri / majrenih mardiweni / wiwida gônda rum-arum / rumarah ngadi warna / winoring naya memanis / mangesthia ing reh cumondhonging karsa //

// Awit jenenging wanodya / pegat dennya palakrami / nistha nir kadarmanira / wigar denira dumadi / sami lan mangunteki / kang badhar subratanipun / punggel kaselan cipta / marma sagunging pawestri / marsudia widadaning palakrama //

//Den kadi duk jaman purwa / garwanta Sang Pandhusiwi / kang kocap layang wiwaha / lelima ayu linuwih / tiga putrining aji / kang kalih atmajeng wiku / pantes dadya tuladha / estri kang kanggeping krami / winursita dyah lima candraning//

//Kang sepuh Wara Sumbadra / saking Mandura nagari / atmaja Sri Basudewa / ing warna ngresepken ati / sumeh kang netra lindri / pasaja ing driya tangguh / semu kurang budaya / awijang dedeg respati / kuning wenes labete amung kepama //

// Tan pati ngadi busana / mangu kadung yen lumaris / jetmika arang ngandika / tan regu semune manis / lirih tanduking angling / lumuh ing wicara sendhu / amot mengku aksama / tuhune pribadi pinrih / setyeng priya datan lenggana sakarsa //

// Mring maru kadi sudara / rumesep tan walang-ati / sanadyan kurang budaya / legawa anrusing batin /winongwong widadari / labet kadangira Wisnu / marma Sang Dananjaya / pamengkune semu ering / marunira anggepe sami nyuwita //

//. Myang raka Sri Baladewa / miwah Prabu Harimurti / kalangkung ing tresnanira / marang Dyah Banoncinawi / kadang estri satunggil / kapisah panggenanipun / mila tansah anduta / wau sang narendra kalih / tanya warta mring Sang Retna Madubrônta //

 

PUPUH II 

DHANDHANGGULA

// Garwa ingkang panenggak winarni / apeparab Dewi Manohara / saking pratapan wijile / putranira sang wiku / Manikhara ingkang palinggih / wukir tirta kawama / ing warna pinunjul / kadi gambar wewangunan / netra jait anteng pamulune manis / yen paes wimbuh endah //

// Nadyan ngusut yekti maksih manis / wônda luruh kang bau awijang / maya-maya sawangane / amardapa ngenguwung / kuning wenes masemu wilis / lir Hyang pudhak sinurat /katon warnanipun / tan pae pepindhanira / ôndakara kataweng ima manipis / rumamyang amradipta //

// Anyunari ingkang sitaresmi / kuciwane pan namung samatra / dene lugas gegelunge / ananging maksih mungguh / sarwa ramping sranduning dhiri / marmanta kurang madya / ing pambayunipun / lir tawon gung kang gumana / lambungira satata amilangoni / kadya sekar kintaka //

// Lathi dhamis anggula sathemplik / rekta kadya kang manggis karengat / kengis dening wiragane / waja amiji timun / rentet rampak ing pucuk kuning / kumilat wor wicara / weh kesar kang dulu / sarwalus sasolahira / yen amesem iriban arang kaeksi / sinamun pangandika //

// Tembung arum rumaket amanis / tandukira angengayuh driya / bisa nuju ing karsane / priya myang marunipun / pinapangkat dennya ngladeni / susila anoraga / sepi ing piyangkuh / enget trahing dwijawara /betah nglapa kareming bôngsa ngastuti / asmara mring sasmita //

 

PUPUH III 

ASMARADANA

// Panengah Dewi Ulupi / atmajanireng pandhita / Bagawan Kanwa wastane / dhepok wukir Yasarata / endah respati warna / liringe anunjung biru / sumorot kadi kartika //

// Dhemes sedhep merak ati / kadi pratima rinengga / sarenteg bang-bang awake / maweh brônta kang tumingal / liringe pindha wulan / tan pegat maesmu guyu / kengis kang waja gumebyar //

// Antenge wekasan keksi / sumeh ing pamulunira / pantes yen amathet lambe / ngiras mintokaken waja / wangun tetesing toya / kataman baskara nawung / lir tranggana mrih sasana //

// Jaja welar weweg isi / gemuh ingkang payudara / parigel patrap solahe / kewes wedaling wicara / tinut liringing nitya / tandang tanduke rumengkuh / mring priya myang marunira //

// Bisa cawis angladeni / kang dadi kareming priya / myang putra cethi sedene / marma wong sa-Madukara / ajrih asih sadaya / suyut tur mawa kayungyun / prabawa wijiling tapa //

 

PUPUH IV

MIJIL

// Garwanira Sang Partasumendhi / ingkang cinariyos / Retna Gôndawati kekasihe / Sri Arjunayana kang sesiwi / nateng Sriwadari / ing warna pinunjul //

// Dedeg ngropoh sarira anglentrih / tur mardapa tinon / kuning wenes wingit pasemone / anteng jatmika ruruh yen angling / ing wiweka titi / kurang gujengipun //

// Rema memak ngendra wila wilis / ngrarompyoh kang sinom / jôngga lumung welar pranajane / maya-maya lir cengkir piningit / anggandhewa gadhing / wijang baunipun //

// Wiragane anenangi branti / yen lumampah alon / ngembat madya alemes lambunge / anglir tunjung lumengganging warih / kasiliring angin /wah gandanirarum //

// Susileng tyas sumawiteng laki / dumulur sapakon / kinawruhan maru sesikune / winaweka winoran memanis / yen rengat pinlimping / ing wicara arum //

// Wasis saliring karyaning estri / reratus kekonyoh / widadari sang dyah pagurone / winulangken mring marune sami / mrih dadia kanthi / ngladeni ing kakung //

 

PUPUH V

KINANTHI

// Garwa kang pamekasipun / nama Sang Wara Srikandhi / saking nagari Cempala / reja ingkang asesiwi / Sri Maha Prabu Drupada / ing warna tuhu linuwih //

// Jenar pasariranipun / kadi kancana sinangling / wadana nuksmeng sasôngka / liringe galak amanis / budiman ingkang umulat / sedhet dedege respati //

// Gandhang kang wicara tanduk / gandes kewes anglayoni / tulus raharjaning driya / kalamun slanggatan angling / datan  mawi tiningalan / sinambi ngliring dariji //

// Amung lawan kakungipun / kalamun den andikani / patitis saulonira / cumondhong mapanken liring / sumeh esmu guyunira / gumebyar kang waja kengis //

// Narawung lir thathit barung / tumempuh sumyur ngenani / curna prananireng priya / marma lamun den ladosi / marang Sang Putri Cempala / Sang Parta sande anangkil //

// Lawan sukane sang ayu / maos sagung srat palupi / kang sekar Wisatikandhah / swara arum tan brebegi / kenyut sanggyaning miyarsa / yen sampun den wursitani //

// Bakit mantes lan memangun / jumbuh ingkang busanadi / tumrape marang sarira / ing warna tibaning wanci / nyamlenge tan mindho karya / dadya tuladaning estri //

// Miwah marang para maru / rinasuk dipun slondhohi / nora keguh rinengonan / gapyak-gapyuk den srowoli / dadya nora bisa duka / lejar lumunturing kang sih //

// Puwara momong angugung / marang Sang Retna Srikandhi / tuwin Risang Dananjaya / antuk babah denirasih / nanging Sang Retna Cempala / tangeh yen ageng kang galih //

// Awit wus waskitheng tuduh / dadya denira males sih / bekti marang maratuwa / gumati mring Dewi Kunthi / pamunjunge saben dina / sakarsane den turuti //

// Yeka ta cariteng dangu / estri kang kanggep ing laki / nalikane jaman purwa / wus kawilang yen utami / marma yogya pinirita / pakolehe pinarsudi //

// Pinangkat sakadaripun / kang kanggo ing jaman mangkin / ywa kongsi tanpa tuladan / buwang caraning dumadi / bokmenawa tibeng nistha / ina lupute pribadi //

// Tatas titising pangapus / gita wiyataning estri / sang maha prameng lukita / satetanggung ingastuti / waranta sri naranata / winastan srat Côndrarini //

 

PUPUH VI

POCUNG

// Dyan pinucung mastuti rehing pitutur / esthining wardaya / memudhar wedharing budi / braminteng tyas taman kendhat analôngsa //

//Ruwiyanung amarna reh garwanipun / Arya Dananjaya / maksih sakawan winarni / padmi kalih kekalih pangrembenira //

// Kang tinutur rumuhun dyah kang jejuluk / Dewi Manikarja / putrane jawateng warih / ajejuluk Pukulun Sang Hyang Baruna //

// Tuhu punjul warnanta sang kusumayu / prasajeng lelewa / jenar pasariran gilig / maya-maya tinon lir sarpakenaka //

// Dedeg ngrangkung yen lumampah lengkung-lengkung / amucang kanginan / netra jait naya lindri /imba layu malengkung kadi wangkawa //

// Pindha juruh eseme winor lan tanduk / arum ngarah-arah / rumaket resep tarampil / liringira lir thathit barung lan kilat //

// Ambek sadu jatmika ing driya tangguh / bekti marang priya / susila anut sakapti / kinawruhan rengune maru lan garwa //

// Lir sadulur rumengkuh atut aruntut / tan ana rinengat / mring maru nir walang-ati / bisa karya gambuhing wardayanira //

 

PUPUH VII

GAMBUH

// Garwa ingkang kapitu / Dyah Maeswara panenggakipun / sang sudewi putri saking Argadani / yoganing sang maha wiku / Sidhi Wacana kinaot //

// Sama-samaning wiku / sang retna tuhu warna pinunjul / anyunari tinon lir pratima gadhing / lekering wadana mancur / kuning mawenes cumlorot //

// Wandanira sang ayu / dedeg pidegsa sarira pupuk / weweg musup turut saranduning dhiri / amardapa  sri ngenguwung / pindha sasôngka mancorong //

// Balerah netra cancut / idep rampak rentet nengeng luhur / roning imba alisnya ketel tur langking / kang athi-athi malengkung / mring karna ngrompyoh kang sinom //

// Waja tetesing ranu / sumorot pindha kartika nawung / kengis lamun wicara linuding liring / saengga kilat mrih dunung / weh kesaring tyas kang tumon //

// Tanduk atuntung guyu / luwes wilet sasolahe patut / lelewane satata amilangoni / beksanta susileng kakung / jatmika anut sapakon //

// Miwah mring para maru / rumaket resep tan darbe rengu / sih-sinihan wus kadi kadang pribadi / suka pirena sadarum / marang ing dyah garwa anom //

// Sumungku mring marsepuh / marang garwa pangrembe sih mengku / dadya runtut runtungan saeka kapti / padmi pangrembe aguyub / tan pegat tyaseagolong //

 

PUPUH VIII

MEGATRUH

// Sampating kang cariteng garwa pepitu / ingkang minôngka pademi / garwa pangrembe winuwus / lire pangrembe pan selir / kekasihe kang sawiyos //

// Retna Rarasati parabe sang ayu / niken sutane patinggi / Ki Ontagopa pepangul / bawahing Mandura nagri / Widarakandhang ran dhukoh //

// Warna punjul kadi lepiyan winangun / dadya angebat-ebati / labet tinggal bapa biyung / ambesat citranta luwih / kadi sasôngka duk miyos //

// Dedeg sedheng pidegsa sarira lurus / wonda jenar anyunari / anglir kancana ginangsur / wadana lancap aresmi / ujwalanira sumorot //

// Netra jait baranyak sumeh pamulu / gandhang kang swararum manis / sasolahe teka patut / dhemes pantes merak ati / gandes luwes yen miraos //

// Liringira lir siring ingkangkilat pyuh / sembada utameng budi / susila anuting kakung / myang maru tan walang-ati / resep rumaket sumlondhoh //

// Tepung rukun tan ana kang darbe rengu / karana waskitheng budi / tan kewran ing agal alus / sanadyan wijiling alit / tan pae atmajeng katong //

// Amumpuni kretarta ing driya tangguh / pasanging graita lantip / sang retna pakaryanipun / bawani sagung sesaji / dhadharaning priya among //

// Sarwa wasis masalah pangolahipun / dhadharan kang adi-adi / cara Suralaya patut / wulanganing widadari / mawarna-warna kinaot //

// Sumawana sang retna rikaleng dangu / parekanira sang dewi / Wara Sumbadra sih lulut / nyuwita saeka kapti / myang kadang tunggil pasuson //

// Marma marunira sadaya tumutur / tresna lir sayayah bibi / Sang Parta kasok sihipun / sira dyah sumungku bekti / tan kumambang lair batos //

 

PUPUH IX

MASKUMAMBANG

// Pamekase garwa pangrembe winarni / putri beboyongan / saking pulo Rajapethi / putri Sri Sasrakusuma //

// Apeparab Sang Retna Dewi Sulastri / tuhu yu utama / legawa anrusing budi / susila solah pasaja //

// Wônda jenar semu wilis netra lindri / jatmika nuraga / tanggon pamulune manis / wenes ijo amardapa //

// Dedeg ngronje awija kang buja gilig / turut lumung jôngga / madya pambayunnya kadi / gadhing tinon maya-maya //

// Rema memak lemes ngendra wila wilis / imba lir wangkawa / wiragane ngincang alis / binar myang esem nyarkara //

// Maweh brônta kang tumingal sang retnadi / kadi singa lupa / lampahing pada tanduking / amembat lambung lir beksa //

// Pambuncanging asta anggandhewa gadhing / amanyura kontal /satindak mangu manolih / kadi rebah kabaratan //

// Ambeksanta setya tuhu marang gusti / dumulur saprentah / sumala marmanta asih / sang arya myang para garwa //

// Dhasar nguni minôngka patiba sampir / sang dyah lan curiga / wasiyat ran Pulanggeni / dadya srananing pangantyan //

// Tan pepeka pra maru sadaya asih / saben sinusupan / karsane sawiji-wiji / wijahing budi raharja //

// Pakaryanta sang kusuma ambawani / busaneng sang arya / tuwin Dyah Banoncinawi / myang Raja Putri Cempala //

// Katiganya Retna Dewi Gôndawati / marma dyah katiga / rumesep sengseming asih / rahap-rumahap sadaya //

// Pangrengkuhe mring Retna Dewi Sulastri / rumaket lir kadang / kang anunggal yayah bibi / tan kaba-kaba ing driya //

// Ing pamarah pamuruke kang kranaris / samatra tan môntra / yen maru maroning laki / tangeh rengu rengating tyas //

// Mandar panyiptane pra garwa pangarsi / mring Sulastri Retna / ingaken kadang wuragil / linaela pinilala //

// Nanging ciptanira putri Rajapethi / tanna pisan-pisan / ugungan agunging galih / malah susila ngawula //

// Sungku sungkemira kamantyan jrih asih / mring maru kang wredha / pan samya inganggep gusti / kinawruhan sowang-sowang //

// Bisa mangkat ing parikrama basaris / rumeseping prana / nadyan antenging patitis / netes rumanti ing driya //

// Tan kumendel kumandel kendeling budi / nyenyama utama / yen sam atmajeng aji / malejeri ing prajarja //

// Ing sarambut aran nora anglabeti / cipta kang mangkana / mung kumawula anggusti / cumadhong cadhanging karsa //

// Siyang dalu mung nedya rumagang kardi / sumurup rumahab / sumusup rumesep ngati / atetes satiti tata //

// Dene marang samane garwa taruni / mring Ken Rarasatya / rumemen dennya nglumuhi / atut runtut tan kena sah //

// Tan kemeron  yen maron maru sinelir / pangrehing pangarah / sakaroron nunggal kapti / lerem rehing pasudaran //

// Mong-ingemong tan semang-semang salami / sama parimarma / narima kadarman kalih / amot memet ing utama //

// Dadya Sang Dyah Sulastri ing siyang ratri / katrem sinagotra / pinitresna sang suputri / putrine Sang Pandhuputra //

// Ganti-ganti denira angrumanteni / mematah pakirtyan / sangkep ikating pangrakit / tuhu tyas pasthika maya //

// Marma sagung cethi parekan ban sami / yam-yamen umiyat / ambeking Retna Sulastri / setya legawa ing karsa //

// Maring dasih tansah mangangsungi ing sih / ing karsa arsaya / marma pra dasih jrih asih / sumusup samya rumeksa //

// Amemudya karaharjaning dumadi / dumadining sedya / sedyaning wong gurunadi / nadi sudiya rumabda //

// Para maru memeruha ing pangarih / nuruh manohara / aruma lir sari-sari / rumaras rehing sarira //

// Kinaruha dera Sang Wara Apsari / memurih nyudara / rem-rema rehing aurip / iswara kowaraningrat //

// Papas papal palupi kang rinarepi / panjurung wuwuhan / garwanta Sang Pandhusiwi / sanggyaning para wanodya //

// Ngastutia tata-tataning pawestri / rehing palakrama / ngemu malaku utami / telada kang kacarita //

// Den asabar sadu darana ing budi / ngawula ing priya / suprihen waluya jati / aja ngegungken wanodya //

// Sayektine kudu surti ngati-ati / nastiti ing tata / ngawruhi ambeking laki / lakonana tarak brata //

// Aja kurang samapta tataning kapti / rumanti ing patrap / pinataha kang patitis / pantesen pangruktinira //

// Lawan kudu den bisa nuju ing laki / apa kang sinedya / lamun ora bilaeni / iya kalaren kewala //

// Nadyan kina marua ing sanga sisih / aja pisan-pisan / nganti sakseriking laki / terusnadaleming driya //

// Aywa cipta panas mring marunireki / mandar surupana / supaya lulus lestari / utama panemunira //

// Sawatara den bisa angirib-irib / nelad labuhannya / garwane Sang Pandhusiwi / widadaning palakrama //

// Mongka iku putrane para narpati / myang suteng pandhita / tan pae darahing luwih / tapa lan amengku praja //

// Suprandene tan môntra-môntra nglabeti / yen darahing tapa / miwah darahing narpati / sungku sungkeming ngawula //

// Maring laki pangrengkuhing batharadi / ngudi kawidadan / jrih teruse lair batin / cundhuk cumondhong ing karsa //

// Marma para kenya eling den aeling / ngelingana nulad / laladaning wanodyadi / sedya angudi widada //

// Yekti abot pratikele wong akrami / aywa anggegampang / amiyagah ing pambudi / luput pisan kena pisan //

// Lamun gampang sayektine luwih gampil / yen angel kangelan / tan kena tinambak warni / myang tinambak rajabrana //

// Titi tamat panitranireng ratyadi / kang mongka pralambang / palupining pra kenyadi / raharjaning palakrama //

// Amarengi ing ari Anggara Kasih / candrama sutresna / pralikan Rabingulakir / kayuman warsa Jimawal //

// Sayogyane kenya mangesthia jati / lambanging sangkala / rikala manurat jari / mangayubagyeng wasita //

 

Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)