KARAHAYON LAN ANGKARA MURKA
Budaya tradisi leluhur jawa milah barisaning manungsa mung dadi rong perangan, minturut ala beciking budi pakartine manungsa, yaiku :
SUMBER KARAHAYON
Sumber karahayon yaiku manungsa kang handuweni sipat lan watak hambek satriya jawa, memayu hayuning bawana. Uriping pancer sukmajati kang disuyuti hawa suci sedulur papat (sipat), uga sinebut pandawa. Pandawa=Pancer kang disuyuti sipat hawa suci. Barisan iki kanggonan TUWAH (tuking/ sumbering kewahyon), amarga luhur bebudene. Sumbere karahayon kuwi wus klebu jalma kinacek punjuling apapak, uga pantes dadi RATU (rahayu tuking), dadi sumbere karahayon ing alam donya. Manungsa manungsa kang kanggonan :
1. Welas asih.
2. Gelem ngalah.
3. Manah kang sumarah.
4. Penggalih kang sumeleh.
5. Sucining ati kang sumendhe mring Gusti.
6. Duwe andap asor.
7. Duwe tata krama.
8. Duwe tepa selira.
9. Lembah manah.
10. Bisa dadi pamomong titah kang liyane.
11. Bisa dadi patuladhan titah kang liyane.
12. Guyub rukun.
13. Ramah tamah.
14. Gotong royong.
15. Sepi ing pamrih.
16. Laku temen.
17. Sabar narima.
18. Narima ing pandum.
19. Welas asih marang sekabehing titah (lan sak panunggale).
ANGKARA MURKA
Biyang angkara murka yaiku manungsa kang kanggonan 100 sipat lan watak kang ala hambek angkara. Uripe kur muja hawa nepsune dhewe (kurawa). Kurawa=Kur muja hawa. Manungsa kang ala mung mikirake dalan uyuh lan dalan tai. Barisan iki kanggonan TULAH (tuking/ sumbering salah), amarga asor bebudene. Biasane mung dadi memalaning jagat.
Barisan manungsa sing iki kayata :
1. Seneng rebutan pangan (watak buta).
2. Seneng pasulayan, tukaran, perang (watak belis laknat).
3. Seneng metani alaning liyan (watak setan).
4. Srakah angah angah (watak kewan).
5. Licik culas (watak siluman).
6. Rumangsa paling bener.
7. Rumangsa paling pinter.
8. Watak candala.
9. Watak culika.
10. Watak suwala.
11. Watak kongas (sombong).
12. Watak Srei.
13. Watak drengki.
14. Watak dahwen.
15. Watak panasten.
16. Watak iri.
17. Watak rai gedhek (ora duwe isin).
18. Watak lambe turah (juweh).
19. Edan kuwasa.
20. Edan sanjungan.
21. Edan ganjaran.
22. Edan wedokan.
23. Edan donya.
24. Edan kalungguhan.
25. Klita panganan.
26. Ora duwe duga.
27. Ora duwe tata krama.
28. Ora duwe tepa selira.
29. Ora duwe andap asor.
30. Ora gelem rukun.
31. Watak medhit.
32. Watak seneng pamer.
33. Watak jail (cengkre).
34. Watak ladak lirih.
35. Watak adigang.
36. Watak adigung.
37. Watak adiguna.
38. Watak sapa sira sapa ingsun.
39. Wuta bathine.
40. Cupet nalare.
41. Gelem oleh ora gelem weweh.
42. Ora duwe welas asih marang sapadhane titah (lan sak panunggale).
Siji lan sijine manggon aneng barisan sing ngendi kuwi kabeh cetha disawang mata uga diwawas nganggo rasa pangrasa. Manggon aneng barisan sing ngendi kuwi saka pilihane dhewe dhewe, biasane minturut kepentingan lan kepenginane dhewe dhewe. Mula kanggone trah jawa lan wong jawa kabeh, lamun bisa miliho dadio sumbere karahayon kang awatak satriya jawa, memayu hayuning bawana (melu njaga katentremane jagat raya).
Mula wong jawa mbedakake manungsa ora butuh takon, suku, werna kulit, agama sandangan lan rupane, nanging mung disawang saka ala beciking budi pakarti, ala lan beciking obahing lathi, uga mung saka ala beciking tumindak lan kelakuane marang liyan.
Rahayu sagung dumadi.