KI PADMASUSASTRA (1843-1926)
Sawijining sastrawan, wartawan, lan punggawa Kraton Surakarta nalika jumenenge Sunan Paku Buwono X (1893-1939) kang kacathet minangka mangsa puncak kamulyan kabudayan Jawa. Padmasusastra dianggep pujangga paling gedhe sawise Ranggawarsita. Padmasusastra miwiti kariré dadi wartawan majalah basa Jawa Djawi Kanda ing Surakarta (1883). Banjur mimpin Radya Pustaka, lembaga sastra Jawa. Dheweke uga nerbitake majalah Sasadara, Tjandrakanta, lan Waradarma. Tulisane sebagian budhal saka Babad Tanah Jawi. Saliyané iku, dhèwèké uga nulis novel-novel sajarah kanthi latar sajarah ing Mataram, Surakarta, Kartasura, Mangkunegaran, Pakualaman, Pajang, Galuh ing Priangan, Jenggala, Sumenep, Pati, Surabaya, lsp. Karya-karyane liyane ngenani masalah tata basa Jawa, ensiklopedia basa Jawa, pendidikan, adat Jawa, sinonim basa Jawa, lsp. Dheweke uga nulis otobiografi dhewe ing artikel kanthi irah-irahan Nyai Boging.
(Panyaruwe lan pasêmon tumrap para ratu lan kaum ningrat).
Nalika sugênge nganti yuswa 85 taun, Ki Padmosusastro (PADMASUSASTRA) ngalami jumênênge Nata papat ing Surakarta. Nalikane Ki Padmo isih bocah cilik aran Suwardi, kang jumênêng nata ing Surakarta Paku Buwono kang VII (jumênênge 14 Juni 1820, seda 10 Mèi 1858), nalika sêmana kang madêg pujangga R.T. Sastronagoro, nuli digêntèni R. Ng. Ronggowarsito. Nalika pahargyan jumênêngan Paku Buwono kang kaping VIII ing 17 Mèi 1858, Ki Padmo wis diwasa, wis umur 17 taun.
Sampeyandalêm Paku Buwono VIII iki ênggone jumênêng nata mung 4 taun seda, nuli digêntèni Paku Buwana IX kang misuwur asma Sinuwun Prabuwidjojo, jumênênge nalika 30 Dhesèmbêr 1861, seda ing 17 Marêt 1893, nalika sêmana sasêdane pujangga Ronggowarsito, ing kraton Solo banjur ora ana pujangga manèh.
Sampeyandalêm Paku Buwono kaping X, kang gumanti anggêntèni Paku Buwono IX, nalika timure asma R.M.G. Sajidin Malikul Kusno, miyose dhèk Kêmis Lêgi 21 Rêjêb taun Alip 1795 utawa 29 Nopèmbêr 1866, barêng wis yuswa 3 taun kajumênêngake Adipati Anom Amangku Nagara Sudibya Radjaputra Narendra Mataram. Dene jumênênge nata ing sasi12 Puwasa taun Je 1822 utawa 20 Marêt 1893 wuku Madhangkungan, windu Sêngara, jêjuluke kang jangkêp: Sampeyandalêm ingkang minulya saha ingkang wicakssana Kanjêng Susuhunan Paku Buwono senapati ing ngalaga Ngabdurachman Sajidin panatagama kalifatullah kang kaping X, sedane ing tanggal 1 Muharram taun Je 1870, wuku Julungpujut, windu Adi utawa ing tanggal 20 Fèbruari 1939, nalika sêmana Ki Padmo wis 13 taun olèhe tinggal donya.
Sajrone ngalami patang jaman jumênênge nata ing Surakarta mau, Ki Padmo mênangi owah-owahan sarta kêmajuwan rupa-rupa, kang saperangan gêdhe dicathet kanthi taliti, minangka pangèngêt-èngêt utawa kanggo bahan-bahan ênggone ngêngarang.
Kêdadeyan-kêdadeyan kang gagayutan karo kraton bae, kang dimudhi sawise Ki Padmo wis umur kurang luwih 15 taun:
21 Agustus 1856 adêge srambi masjid agung, kang upacarane dijênêngi dening para putra santana, Mangkunagaran, Pêpatih dalêm lan para rerehan.
7 Nopèmbêr 1856 masang mustakane masjid agung, brumbunge digawe saka mas bobot 192 ringgit, ndhuwure panunggul saka gêlas.
24 Marêt 1860 têkane wêlingan kreta saka nêgara Walonda pêngaji Rp. 30.000,- kanamakake Kyai Garudha Kêncana.
7 Oktobêr 1860 nyalini watu maesan pasareyane ingkang garwa P.B. VIII kang sumare ing Laweyan.
19 Mèi 1869 mulyakake panggung Sangga Buwana kang bênthèt marga lindhu.
17 Marêt 1878 gamêlan Sêkatèn kang cilik wiwit kaunèkake ana ing pagongan platarane Masjid Agung kang sisih lor, dene gamêlan Sêkatèn gêdhe panggah ana ing pagongan kidul. Diunèkake gênti gêntèn wiwit dina Sêlasa tanggal 6 Mulud 1807.
25 Juni 1880 adêge saka (cagak) wêsi ing paningrat saubênge pêndhapa kraton.
Sajroning taun 1881 yasa wêwangunan kanggo papan supite Pangeran Adipati Anom, kaparingan nama Maderêngga.
20 Marêt 1882 yasa wêwangunan sawetane pandhapa Sasana Sewaka, ora lawas manèh yasa pasanggrahan ing Langênharja, ing Parangjara sarta dhawuh yasa dandang kagêm bêthak sabên taun, kanamakake Kyai Tambur.
Nalika jamane nata P.B. kang kaping X, cathêtan-cathêtan mung kacirèn tanggal taun Jawa bae:
2 Jumadilawal, Jimakir 1828: têkane kreta Garudha Kêncana kang didandani sarta diêcèt anyar saka nêgara Walonda.
10 Sura, Be 1832: wiwit nyoba urube damar listrik ana ing Madusuka.
7 Mulud, Wawu 1833: para prajurit kadhawuhan sowan kabèh, pêrlu kaparingan tandha makutha, kang apangkat Kolonèl Komandhan mawa rêrênggan intên dhasar mas, letnan kolonèl nganti mayor dhasar mas tanpa intên, pangkat ritmistêr lan kaptên tandha silih asih, opsir dhasare salaka, ondêr opsir sapangisor mung saka mamas.
22 Jumadilawal 1835: wiwit nalêsi bata baluwarti kraton, wiwit sawetan pagêlaran Sasana Sumewa ngetan nuli menggok ngidul sawetan Tamtaman, Carangan, sarta kang kulon salore Ngabeyan mangulon menggok ngidul sawetan Hadiwijayan.
27 Sawal Be 1840: rampunge panggarape sêkolahan Kasatriyan, sawetane lawang Brajanala, yaiku pamulangan kanggo para putra lan para darah kraton. Pambukake dijênêngi dening Sampeyandalêm piyambak, sarta Rêsidhèn, nalika sêmana, yaiku G.F. van Wijk, Kangjêng Gusti Pangeran M.N., pêpatih dalêm Sosrodiningrat lan para putra santana.
18 Mulud, Jimakir 1842: kantor Kapilihan disalini aran kantor Marduyaksa, kantor Kanitèn diganti kantor Kridhahardana, gêdhong kang dumunung sakidul Parasêdya dijênêngi Panti Winangun, gêdhong kêmasan: Wuryareka, gêdhong gêrji: Mardiwastra, gêdhong koki: Rêksa sunggata, masjid Suranatan panêpèn kaparingan nama Pudyasana, masjid ing njaba: Paramasana, lawang talangpatèn: Rêksadwara.
20 Dulkangidah, Alip 1851: pêmbangunan pêndhapa Andrawina.
2 Sapar Wawu, 1857: pambukakane pamulangan Pamardi Putri dumunung ing sakidul Ngabeyan.
23 Ruwah, Wawu 1857: anane owah-owahan jênênge kantor-kantor. Kantor Kabinèt diganti: Sitaradya, kantor komtabilitèt (keuangan) disalini: Panti-wardaya, kantor parimatan: Mondrasana, kantor tutumbas (pembelian): Bale-karta, kantor pêngasilan: Kridha-budaya, kantor paprentahan: Bale-krêtarta, kantor kang ngêtokake blanja: Panti wilasa.
7 Mulud, Dal 1831: rampunge nyalini wêwangunane gapura Masjid Agung, kang maune mawa payon omah limasan, disalini tanpa payon, mung wujud tembok kaplêngkung mawa rêrênggan gagrag Arab.
14 Jumadilakir, Je 1828: adêge masjid Ngèksipurn ing Pêngging.
21 Ruwah, Alip 1842: ngêtrapake mustakane Mêsjid Agung wêwangunane kasalinan tanpa mas, nanging mung wujud watu putih, wêlingan saka mancanêgara.
4 Rabingulakir, Jimawal, 1845: rampunge adêge sêkolahan Mambaul Ngulum sakidule mêsjid gêdhe.
23 Rêjêb, Jimawal, 1845: adêge pakumpulan para santana dalêm: Narpa Wandawa.
Sawise iki, banjur cathêtan-cathêtan arang-arang lan tinêmu mawa tanggal taun Masèhi kang ora pêpak:
7 Juni 1899 adêge kantor Radya Pustaka, kang ing têmbe Ki Padmo kaangkat nyambutgawe ing kantor kasêbut.
Taun 1910 adêge omah miskin ing Wangkung.
Taun 1911 adêge Raad Nêgara kang aran Sidikara.
1 Januari 1912 adêge mesium ing Sriwêdari.
Cathêtan-cathêtan kadadeyan sawise taun 1912 ora tinêmu manèh, mbokmanawa Ki Padmo wis ora pati opèn marang anane kêdadeyan-kêdadeyan sakiwa têngêne.
Ing jaman sêmana, yaiku mèh surute P.B. VIII nganti tumêkane jaman mèh surute P.B. X swasanane masyarakat ing tanah praja Kajawèn, isih bangêt ênggone nglêluri adat tatacara kuna sarta kandêl-kumandêl kasêtyane marang ratu lan para luhur. Aja manèh ing nalika samana, najan ing jaman sawise iku, jaman isih jumênênge Sri Sunan P.B. X (30 Marêt 1893 nganti 20 Fèbruari 1939) para kawula ing Surakarta isih padha suyud lan mbangun turut marang ratu dalah para luhur.
Sanajan pêngasilan mung sêthithik, nanging ati rumangsa ayêm lan têntrêm, marga saka sawabe Saman Dalêm, - mêngkono kapêrcayaane rakyat nalika sêmana.
Panyaruwe, apadene rasa-pangrasa kurang sênêng marang ratu sarta rerehane, arang kang kêprungu, arang kang wani nglahirake. Nanging Ki Padmosusastro sok-sok wis wani nglahirake panyaruwe utawa sindhiran tumrap kawicaksanane ratune lan tumrap watak wantune para luhur kang kurang bêcik.
Wis mêsthi bae wujude panyaruwe mau ora klawan têrus têrang sarta ora landhêp, - mung samar-samar utawa mung wujud pralambang bae.
Nalika ngrungu ratune sok golèk pamrih, Ki Padmo nyêrat ing bukune :
Ora ana wong sêpi pamrih, sanadyan panjênêngan ratu ora sêpi pamrih, mung ngaraha kang kalal, nyingkirana kang karam, iku wis nêtêpi kamanungsane sarta wis ingaran bêcik.
Tumrap wong luhur kang ambêg santa, nanging wus kagungan pangawasa, dipralambangi mêngkene :
'Prabawane wong gêdhe kang ambêg santa dhasar arang ngandika, kaya dene anggane macan ompong bêdhil kopong, sanadyan wis kinawruhan sêpi ing angkara, iya kineringan sarta ingajenan sapadha-padhaning wong gêdhe, luwih manèh panganggêpe wong cilik, padha wêdi asih ing panjênêngane. Lah apa gawene wong gêdhe dhêmên angkara sarta anggêp-anggêpan, wong wis diwêdèni, apa isih kurang? Apa ana luwihe saka: wêdi, kajaba mung: wani.
'Wong dhêmên diajèni, kudu adhêdhasar dhêmên angajèni marang sapadha-padhaning tumitah, mangkono fahame Ki Padmo, Sanadyan wong gêdhe yèn ora dhêmên ngajèni marang wong cilik, iya dicatur ala. Manèhe ora ana wong urip kang ora dhêmên dialêm, nanging wong golèk alêm dadi wong kuthung, uripe ana sangisoring wong: sanadyan ratu. Alêm kang ora kêprungu ing wong kang dialêm, gandane arum angambar tutug ing suwarga.
Dadi nyatane, panjênêngane ora wigah-wigih nglahirake panacad lan panyaruwe, sanajan marang ratu, yèn ta manoni kêdadeyan kang ora patut. Nitik jamane, Ki Padmosusastro klêbu ewonne pêngarang kang wani ngritik, kêndêl sarta wani tanggung jawab. Ewasêmono, yèn ana para luhur utawa wong gêdhe kang patut dialêmbana, iya ora wêgah nglahirake panarima lan pangalêmbanane :
Lêlabuhan bêcik iku suwargi R.M.H. Djojodiningrat, bupati kaparak kiwa, iku ora tau nyatur alaning wong, luwih manèh angrasani alaning Nagara, wis ora pisan-pisan, yèn ana wong nyatur alaning wong utawa ngrasani alaning Nagara, disêlani pangandika :
Bêcik seje gunêm kuwi bae: jagomu si genjong kae apa wis waras awake ...?" Kang nganggit layang iki wêruh dhewe. (Madubasa).
Luwih-luwih tumrap lêlabuhan bêcik kang tumrap marang panjênêngane piyambak, dielingi bangêt, ora dilalèkake, malah dicathêt ing bukune :
Olèhku suwita ndara mênggung: Wiwit kuncung nganti gêlung durung tau dilarakake atiku, yèn duka tibane wasita. Mulane sanadyan anowa kurange pêparinging bandara, aku ora nêdya anandhingake golèk pamêtu akèh ngalih pasuwitan, mangka ora, paringe sandhang-pangan cukup, sarta ora duwe nyipta maro-tingal. Liding dongèng: wong ora tau nglarakake atining wong, ditrêsnani marang sapapadhaning tumitah."
Yèn panyaruwe iku kinira bisa njalari sêriking wong gêdhe kang disaruwe, banjur dipralambangi dhapur piwulang :
Wit-witan gêdhe gawe kuru utawa patining wit-witan cilik sacêdhake. Manungsa apa iya mêngkono? Coba matura marang wong gêdhe kang ngasta panguwasa nagara, kêpriye panganggêpe marang wong cilik ing desa."
Suwalike yèn nyindhir, ora kurang-kurang nylêkite lan pêdhêse, tumrap sapa bae kang anggigit lombok.
Wêdon iku jarene wong ngibadah mati kêsasar, mulane nganggo rukuh putih, mêdèni têmênan, idune ampuh yèn ngidoni wong: lonyoh, tujune arang katon sarta lagi kandhaning wong bae, nyatane kang kasat mata dhewe durung karuwan, ananging sanadyan nyataa, satêmêne isih ampuh idune wong warasan kang kêcêlak ing ratu utawa parentah gêdhe, idune ala bisa murungake uwong, mulane aja wani-wani, dene idune bêcik mung diidokake marang anak putu lan sanak sadulure dhewe.
Kaya mêngkono pêdhêse kritik tumrap panggêdhe utawa darah ratu kang tumindak ora adil.
Jago iku tanpa prakara tarung, nganti bocok durung gêlêm kalah salah siji, têrkadhang kang padha gêdhe atine: pur, nganti ora bisa ngrêjêt. Wong Jawa watêke kaya jago, dhêmên rêbutan, ora sumurup yèn kang rinêbut mau duwèke dhewe, saking gogote nganti dipisah ing liyan, iku lagi gêlêm rukun, si pamisah olèh opahan, turunne: kêrêngan padha turunne, iya dadi pisahan manèh, si pamisah iya olèh opahan mênèh, mangkono ing sabanjure, nganti êntèk-êntèkan, suprandene ora mari-mari, isih mêngkono bae, iya si watak jago mau, tansah akêkablak kluruk ana ing omahe dhewe. Apa durung sumurub yèn suwiwine wis brindhil ?
Takonana dhewe.
Sapa utawa golongan apa kang disindhir iku? Ora liya: ya sêjarahe para ratu ing tanah Jawa, kang ora lèrèn-lèrèn ênggone rêbutan panguwasa karo kulawargane dhewe sarana mintasraya bangsa liya, satêmah nêgarane kapêcah-pêcah, wusanane kajajah.
KI
PADMOSUSASTRO, WARTAWAN SASTRA LAN JAWA SAKA KUTHA SOLO
Omah
tinggalane kulawarga sastrawan Jawa lan wartawan Jawa saka Solo, almarhum Ki
Padmosusastro ing Jalan Ronggowarsito, Desa Timuran, Kecamatan Banjarsari, Kota
Solo, dadi saksi bisu karyane ing jaman biyen. Tokoh Ki Padmosusastro ya iku
sastrawan Jawa kang lair ing Kampung Sraten, Kutha Solo tanggal 20 April 1843.
Nalika
isih cilik, dheweke dijenengi Suwardi. Ki Padmosusastro sing nduweni semangat
jurnalis nalika isih enom, sinau ing Leiden, Holland lan akeh kenalan karo
tokoh nasional, kayata dokter Tjipto Mangunkusumo. Ki Padmosusastro beda karo
sastrawan lan wartawan Jawa jamane sing ngritik nganggo simbol, dene sing mati
ngritik nganggo tembung sing lugas lan langsung.
Sejatosipun
karya Ki Padmosusastro menika beda kaliyan gurunipun R. Ngabei Ronggowarsito
ingkang kathah ngginakaken simbol.
Nalika
yuswanipun kirang langkung 43 taun, piyambakipun sinau sastra lan nerbitaken
Koran Djawi Kandha ing taun 1886. Minangka anak jaman, Ki Padmosusastro menika
tiyang Jawi ingkang ngginakaken teknologi percetakan kangge nerbitaken koran,
kanthi kerjasama kaliyan Tan Koen Swie saking Kediri. Karya-karyane sing lugas
bisa dideleng ing koran sing disimpen ing perpustakaan nasional.
Ki
Padmosusastro, sing nate mimpin museum Radyapustaka paling tuwa ing Solo kanthi
jeneng Ngabehi Wirapustaka, minangka tokoh sing produktif ing nerbitake
karya-karyane. Ing antarane karya-karya gedhene sing diterbitake yaiku Serat
Woordenlijst, Urapsari, Piwulang Nulis, Carakan Basa, Layang Carakan, Serat
Pathibasa, Serat Campurbawur, Layang Bausastra, Layang Bauwarna, Rangsang
Tuban, lan Serat Prabangkara. Kanggo ngeling-eling jejak sejarah lan
perjuangane, pusaka sastrawan lan wartawan Jawa Ki Padmosusastro didadekake
omah budaya. Omah kuna kanthi arsitektur limasan iki diluncurake minangka
Gedung Budaya Ki Padmosusastro tanggal 24 November 2019. Kahanane digabung karo
anane Warung Ndesa lan Wedangan Ndesa. Upaya kanggo nguri-uri urip ing griya
pusaka Ki Padmosusastro sing saiki statuse dadi cagar budaya, sejatine wis
digagas pirang-pirang taun. Nyatane, humanis Sardono W Kusumo bebarengan karo
para seniman saka kutha Solo sregep nggunakake omah pusaka saka murid pujangga
Kraton Surakarta, RNng Ronggowarsito, kanggo kegiatan budaya, nanging
pungkasane kandas. Ndalem Padmosusastran maneh bakal dadi papan kanggo
nguri-uri kabudayan kang mardiko utawa mandhiri lan marsudi utawa nguri-uri
kabudayan Jawa. Babagan menika jumbuh kaliyan watakipun almarhum Ki Padmosusastro
ingkang wonten ing masarakat Jawi dipunsebat Tiyang Mardiko ingkang Marsudi
Kasastran Jawa.
KI
PADMOSUSASTRO, WARTAWAN SASTRA LAN JAWA SAKA KOTA SOLO
Omah
tinggalane kulawarga sastrawan Jawa lan wartawan Jawa saka Solo, almarhum Ki
Padmosusastro ing Jalan Ronggowarsito, Desa Timuran, Kecamatan Banjarsari, Kota
Solo, dadi saksi bisu karyane ing jaman biyen. Tokoh Ki Padmosusastro ya iku
sastrawan Jawa kang lair ing Kampung Sraten, Kutha Solo tanggal 20 April 1843.
Nalika
isih cilik, dheweke dijenengi Suwardi. Ki Padmosusastro sing nduweni semangat
jurnalis nalika isih enom, sinau ing Leiden, Holland lan akeh kenalan karo
tokoh nasional, kayata dokter Tjipto Mangunkusumo. Ki Padmosusastro beda karo
sastrawan lan wartawan Jawa jamane sing ngritik nganggo simbol, dene sing mati
ngritik nganggo tembung sing lugas lan langsung.
Sejatosipun
karya Ki Padmosusastro menika beda kaliyan gurunipun R. Ngabei Ronggowarsito
ingkang kathah ngginakaken simbol.
Nalika
yuswanipun kirang langkung 43 taun, piyambakipun sinau sastra lan nerbitaken
Koran Djawi Kandha ing taun 1886. Minangka anak jaman, Ki Padmosusastro menika
tiyang Jawi ingkang ngginakaken teknologi percetakan kangge nerbitaken koran,
kanthi kerjasama kaliyan Tan Koen Swie saking Kediri. Karya-karyane sing lugas
bisa dideleng ing koran sing disimpen ing perpustakaan nasional.
Ki
Padmosusastro, sing nate mimpin museum Radyapustaka paling tuwa ing Solo kanthi
jeneng Ngabehi Wirapustaka, minangka tokoh sing produktif ing nerbitake
karya-karyane. Ing antarane karya-karya gedhene sing diterbitake yaiku Serat
Woordenlijst, Urapsari, Piwulang Nulis, Carakan Basa, Layang Carakan, Serat
Pathibasa, Serat Campurbawur, Layang Bausastra, Layang Bauwarna, Rangsang
Tuban, lan Serat Prabangkara. Kanggo ngeling-eling jejak sejarah lan
perjuangane, pusaka sastrawan lan wartawan Jawa Ki Padmosusastro didadekake
omah budaya. Omah kuna kanthi arsitektur limasan iki diluncurake minangka
Gedung Budaya Ki Padmosusastro tanggal 24 November 2019. Kahanane digabung karo
anane Warung Ndesa lan Wedangan Ndesa. Upaya kanggo nguri-uri urip ing griya
pusaka Ki Padmosusastro sing saiki statuse dadi cagar budaya, sejatine wis
digagas pirang-pirang taun. Nyatane, humanis Sardono W Kusumo bebarengan karo
para seniman saka kutha Solo sregep nggunakake omah pusaka saka murid pujangga
Kraton Surakarta, RNng Ronggowarsito, kanggo kegiatan budaya, nanging
pungkasane kandas. Ndalem Padmosusastran maneh bakal dadi papan kanggo
nguri-uri kabudayan kang mardiko utawa mandhiri lan marsudi utawa nguri-uri
kabudayan Jawa. Babagan menika jumbuh kaliyan watakipun almarhum Ki Padmosusastro
ingkang wonten ing masarakat Jawi dipunsebat Tiyang Mardiko ingkang Marsudi
Kasastran Jawa.
SOROSILAH
KI PADMOSUSASTRO
Sumber
utama saka sorosilah iki yaiku buku sorosilah anggitane Eyang Guru. Jeneng lan
irah-irahan –gelar keraton lan gelar akademik tak kutip saka buku kuwi, uga
adhedhasar revisi dening Hadrianus Denda Surono. Kangelan iku print ing salinan
buku aku wis ora cetha maneh.
1.
KI PADMOSUSASTRO
1.
R. Ngabei Prodjopustoko (Ki Padmosusastro) + Nyai Boging (Rr. Estri)
1.1.
R. Bambang Soetedja (R. Tumenggung Mangundipura) + R. Adj.
Mangundipura (putri dari Sinduprodjo II)
1.1.1.
R.M. Koedotilarso (Poespokartiko) / R.M. Lurah Atmowirogo + R.A.
Lesnah Poerbodipuro (R.A. Tumenggung
Setjanama) R.A. Tumenggung
Setjanama dan R.M. Lurah Atmowirogo
1.1.1.1. R.M. Padmohoetomo
1.1.1.2. R.M. Padmo Soelistio
1.1.1.3. R.M. Padmo Soetanto (Lestanto)
1.1.1.4. R.M. Padmo Soendoro (Lesto)
1.1.1.5. R.A. Soelaksmi (Lestarinah)
1.1.1.6. R.A. Soelakstri (Johanita Soetamtijah,
OFS) / Eyang Guru
1.1.1.7. R.A. Maria Soelistijah
1.1.1.8. R.M. Tarcisius Respatio (Doeng)
1.1.1.9. R.M. Padmo Soelarso (Prawirowirogo)
1.1.1.10. R.M. Moekajat (Pringgorumekso)
1.1.1.11. R.M. Padmo Soedarjo + R. Ngt. Siti
Nonijah
1.1.1.12. R.M. Padmo Soekardo (Soekardi)
1.1.2. R.M. Koedorawarso / R.M. Dr.
Soewarso + R.A. Beroek
1.1.2.1. R.M. Soetarso
1.1.2.2. R.M. Dr. Soetarto
1.1.2.3. R.A. Soetarmi (Ny. Wasir)
1.1.2.4. R.M. Harbagung (Soetomo)
1.1.2.5. R.A. Soetarti (Ny. Soebito)
1.1.2.6. R.M. Hartoro
1.1.2.7. R.M. Ir. Edy Santoso
1.1.2.8. R.M. Drs. Moeljono (Anton)
1.1.2.9. R.M. Drs. Lilik Bb. Soetresno
1.2. Rr. Endah + Djojokartiko
1.2.1. R. Herman / R.T. Dr. Indronoto +
R.A. Soertinah (Gotri)
1.2.1.1. R.M. Winarno
1.2.1.2. R.A. Winarni (Nanik)
1.2.1.3. R.A. Winarti (Tjitro)
1.2.1.4. R.A. Sinto (Singgih)
1.2.1.5. R.M. Soemitro
1.2.1.6. R.M. Soerono (Ron)
1.2.1.7. R.A. Koesrin
1.2.1.8. R.M. Boedojo
1.2.1.9. R.M. Doekoet (Ook)
1.2.1.10. R.A. Indyah Amiretno (In)
1.2.1.11. R.M. Djoko Santoso
1.2.1.12. R.M. Sapto Hoedojo
1.2.1.13. R.M. Asto Prasodjo
1.2.1.14. R.M. Hernowo
1.2.1.15. R.A. Rukmini (Nunuk)
1.2.1.16. R.M. Herdoso
1.2.1.17. R.M. Wisodo
1.2.2. R. Herjo (Hardjowirogo) + ...
1.2.2.1. Rd. Widodo
1.2.2.2. Rd. Marbangun
1.2.2.3. R.A. Murni Roespandji
1.2.2.4. Rr. Srenti Achfas
1.2.3. Rr. Hermin + R. Dr. Premadi
1.2.3.1. R. Anton
1.2.3.2. R. Ros