TRI BUWANA

0

TRI BAWANA 



Wewedharanipun Tri Bawana

1. Ayat ingkang sapisan, dipun wastani pambukaning tata mahligai ing dalem Baitalmakmur, kados makaten wewedharanipun :

Sajatine ingsun nata malige ing dalem Baitalmakmur iya iku enggon parameyaningsun jumeneng ana sirahing Adam, kang ana sajroning sirah iku dimak, iya iku utek kang ana antaraning Dimak iku manik, sajroning pranawa iku sukna, sajroning sukma iku rahsa, sajroning rahsa iku ingsun ora ana

pangeran, anging ingsun dzat kang anglimputi ing kahanan jati.

2. Ayat ingkang kaping kalih dipun wastani pambukaning tata mahlige ing dalem Baitalmukharam, kados makten wewedharanipun :

Sajatine ingsun anata malige ing dalem baitalmukharam, iya iku enggon laranganingsun jumeneng ana jajaning Adam, kang ana sajroning dhada iku ati, kang ana antaraning ati iku jantung, sajroning jantung iku budi, sajroning budi iku jinem, sajroning jinem iku sukma, sajroning sukma iku rahsa, sajroning rahsa iku ingsun, ora ana Pangeran anging ingsun dzat kang anglimputi kahanan jati.

3. Ayat ingkang kaping tiga dipun wastani pambukaning tata mahlige ing dalem Baitalmukadas, mekaten wewejanganipun :

Sajatine ingsun anata Malige ing dalem Baitalmukadas, iya iku enggon pasucen ingsun jumeneng ana ing kontholing Adam, kang ana ing sajroning konthol iku

pringsilan, kang ada antaraning iku mutfah, iya iku mani sajroning mutfah iku madi, sajroning madi iku wadi, sajroning wadi iku manikem, sajroning manikem

iku rahso sajroning rahso iku ingsun, ora ana Pangeran anging ingsun dzat kang anglimputi ing kahanan jati.

Menggah ingkang sami kapareng amedharaken wedharan triloka wau para wali 8 :

Susuhunan ing Giri Kadhaton

Susuhunan ing Kudus

Susuhunan ing Panggung

Susuhunan ing Majagung

Susuhunan ing Pancuran

Susuhunan ing Cirebon

Syeh Maulana Ibrahim Jatiswara

Susuhunan ing Kajenar


Dene anggenipun sami karsa amedharaken Triloka punika saking anggenipun sami ambabar kaelokaning Ilmi kasampurnan, ingkang kaangge witting Ilmi

bangsa Sorogan, kadosta :

Kawasa saget andhatengaken salwiring sedya.

Anggenipun kawasa saget adamel lumpuhing para cidra, inggih punika bangsaning pangetisan.

Sami kawasa saget adamel sarana wewelikaning pandulu inggih punika kalebet Aji Sesulapan.

Sami anggelaraken bangsaning gendam, urawi puter giling sapanunggalanipun, nanging sadya kal wau nalika pakumpulan kaliyan Kanjeng Susuhunan ing

Kalijogo inggih sami ajrih anggelaraken.

Purunipun adamel kaelokan sareng Kanjeng Susuhunan Ing Kalijaga sampun kayun widaraini, tegesipun gesang toya kalih wonten ing donya gesang, ing

kahanan akhir inggih gesang, sanyata langgeng boten ewah gingsir mila waget jumeneng Gosul Alam, tegesipun dados musthikaning Sapta Bawana, inggih punika winenang mengku Bumi langit sap pitu, tetep gesang piyambak boten wonten ingkang anggesangi.


TERJEMAHANNYA :

1. Ayat yang pertama dinamakan terbukanya tata mahligai Baitalmakmur wedarnya/jabarannya sebagai berikut :

Sebenarnya aku mengatur singgasana di dalam Baitalmakmur, di situlah tempat

kesenangan-KU, berada di kepada Adam, yang berada didalam kepala disebut dimak yaitu otak, yang berada diantara dimak itu manik, didalam manik itu pramana adalah pranawa, didalam pranawa itu adalah sukma itu adalah rahsa,

didalam rahsa itu adalah aku, tidak ada Pangeran hanya dzat yang meliputi disemua keadaan.

2. Ayat yang kedua dinamakan terbukanya susunan singgasana dalam Baitalmukharam sebagai berikut :

Sebenarnya aku menata singgasana dalam Baitalmukharam itulah tempat

larangan-larangan-KU, yang berada didada Adam, yang berada di dalam dada itu hati, yang berada diantara hati itu jantung, di dalam jantung itu budi, di dalam budi itu jinem, di dalam jinem itu sukma, didalam sukma itu rahsa dan

di dalam rahsa itu aku, tidak ada Tuhan kecuali aku, Dzat yang emliputi semua keadaan .

3. Ayat ketiga dinamakan terbukanya susunan singgasana dalam Baitalmukadas sebagai berikut : sebenarnya aku menata singgasana dalam Baitalmukadas, rumah tempat yang aku sucikan berada didalam kontolnya Adam, yang berada di dalam kontol itu

pelir, yang berada di dalam pelir itu mutfah yakni mani, di dalam mutfah adalah madi, di dalam madi itu manikem, di dalam manikem itu rahsa, di dalam rahsa itu adalah aku tidak ada Tuhan kecuali aku, dzat yang meliputi

semua keadaan.

Adapun yang ditunjuk mewedarkan wedaran Triloka ialah delapan wali, sebagai berikut :

Sesuhunan di Giri Kedaton

Sesuhunan di Kudus

Sesuhunan di Panggung

Sesuhunan di Pajagung

Sesuhunan di Pancuran

Sesuhunan di Cirebon

Syeh Maulana Ibrahim Jatiswara

Sesuhunan di Kajenar

Adapun mereka mau mewedarkan Triloka itu, karena mereka telah

menyaksikan kehebatan ilmu kasampurnan, yang dianggap menjadi kuncinya ilmu sorogan, misalnya :

Mampu mendatangkan semua yang dikehendaki

Mampu melumpuhkan orang yang berniat jahat, yaitu tergolong pangatisan.

Mampu membuat penglihatan menjadi berubah ialah sebangsa sulapan.

Mampu menggelarkan jenisnya dendam, atau puter giling dan sebagainya, tetapi semua itu ketika masih berkumpul dengan Sunan Kalijogo, mereka takut

mempergunakan ilmu-ilmu tersebut.

Mereka membuat keanehan setelah Sunan Kalijogo sudah kayun widaraini artinya hidup di akherat. Ternyata abadi tidak berubah oleh karenanya dapat menyandang sebagai Gosul Alam, artinya menjadi mustikanya tujuh lapis Bawana mempunyai wewenang menguasai Bumi dan langit lapis tujuh.


Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)