Semune Tiyang Jawi
=
Wujud Sejati Semar
Wong Jawa sejatine manungsa kang semu. Semu utawa uga diarani samudhanane wong Jawa ana ning bab kasunyatan urip. Wiwit saka carane mikir, carane ngucap, uga carane polah ing urip saben dinane.
Salah sawiji tuladha semune wong jawa kuwi ana ing Serat Wedhatama kang ngucapake “kang wus waspada ing patrap, mangayut ayat ing winasis, ning rasa tumlawung”. Ukara kuwi nduweni pangerten yen wong bisa maca pertunjuk kuwi bakal weruh isine.
Tuladha semune wong Jawa kang nyata yaiku wektu wong tuwa ngandhani anake kanggo nggolek pacangan urip utawa garwa ana ukara “goleka wader aja kleru urang” (Suwardi Endraswara, 2012: 24-26). Sakabehing sing sinebut semu kuwi mau mesthi gegandhengan kalawan filsafat lan ilmu spiritual.
Salah sawijining ilmu spiritual kang tuwuh ing Nusa Jawa lan uga diugemi dening wong Jawa yaiku “Manunggaling Kawula Gusti”. Ngilmu iki adhedasar marang kapitayane wong Jawa marang kasunyatane Semar kang uga sinebut Sabdo Palon.
Kapitayan iki dadi ageman kang utama anggone urip marang sapadha-padhane lan uga anggone manembah marang Kang Kuwasa. Ilmu iki nduweni teges awujud carane manungsa anggone nyawiji.
Ing babagan sosial, ilmu iki nduweni teges “wong kang nduweni kuwasa linuwih tinimbang liyan kudu bisa angayomi wong liyan kuwi mau”. Bab iki kanggone wong Jawa ing wektu saiki angel dilakoni, merga dhasare wong Jawa uga nduweni sikap ala, yakuwi “menange dhewe”.
Sikap iki nembe mburine mujudake sipat drengki-srei, jail-methakil, mendhem kesumat, merkengkong, sekuthon, ngglendem, kikrik, lan liya-liyane (Suwardi Endraswara, 2012: 29-34). Sikap ala kuwi tumrap wong Jawa bisa dipendhem nganggo ageman utama ndadekake Semar kang sejatine dewa awujud dadi pamomong para ksatria.
Pungkasane, Semar lan ilmu “Manunggaling Kawula Gusti” kanthi ora langsung “dipadhakake” kalawan wong Jawa lan uripe dhewe (Suwardi Endraswara: 2012: 4).
Wong Jawa uga nduweni panemu yen Sabdo Palon sejatine Semar. Sabdo Palon kanggone Wong Jawa kuwi dadi wiwitan leluhur wong Jawa (Moh. Taufiqul Hakim, 2016:66). Wong Jawa nduweni akeh dasanama kanggo nggambarane wujud Sabdo Palon.
Kapisan, Semar dijupuk saka tembung samar mawa teges kebak panduga lan uga unik. Saka ukara kuwi bisa ditemu sipate Semar yen dewa mujud dadi titah lumrah uga mawa teges yen urip kudu prasaja, nanging nduweni watak luhur (Suwardi Endraswara: 2012: 4).
Kapindho, Badranaya kang jinupuk saka tembung “Badra” ateges cahya lan tembung “Naya” ateges panuntun utawa pasuryan. Yen digabungake, Badranaya mawa teges cahya kang dadi panuntun utawa pangarep.
Katelu, Nayantaka kang jinupuk saka tembung “Naya” ateges panuntun utawa pasuryan lan tembung “Taka” ateges pucet utawa samar. Yen digabungake, Nayantaka mawa teges tuntuntan kang awujud samar (Norbertus Riantiarno, 2016: 419).
Kapat, Janggan Smarasanta mawa teges murid kang tresna marang kawicaksanan lan bab-bab bener (Sindung Tjahyadi, 2009: 106). Kalima, Sabdo Palon saka tembung “Sabda” ateges pangucap lan tembung “Palon” ateges kahanan barang kang wus dipalu uga bisa disebut teguh (Noriah Mohamed, 2010: 67).
Bebarengan kalawan bab tembung Sabdo Palon mau, Serat Kalamwadi uga mbabarake yen Sabdo Palon kuwi manungsa kang nduweni ucapan sejati kanthi teguh (Moh. Taufiqul Hakim, 2016:67).
Sakabehing babaran bab dasanamane Sabdo Palon bisa dijupuk kanthi gampang yen nduweni teges manungsa kang dadi lan uga nduweni tuntunan urip awujud kawicaksanan lan tresna marang bab-bab bener sing diomongake, nanging wewujudan mau nduweni sipat samar anggone urip prasaja lan nduweni watak luhur.
Akehing panemu bab Sabdo Palon ndadekake awakdewe luwih pracaya, yen Sabdo Palon kuwi nyata ning nduweni wujud beda kalawan gambarane wong liya. Ana uga sing nduweni panemu yen Sabdo Palon kuwi wakil saka “Kejawen Sejati”, kang dadi identitas kelompok etnis.
Panemu iki adhedasar yen ing waktu tetemtu Sabdo Palon bakal “ngaso sedhela” lan uga bakal “gumregah tangi” maneh (Paul Stange, 2009: 182-183). Kasunyatan iku ana marang pangucape Sabdo Palon ing wektu pungkasan Majapahit, yaiku:
Kapisan: “….. Paduka yektos, manawi sampun santun agami Islam, nilar agami Buddha, turun paduka tamtu apes, Jawi kantun jawan, Jawinipun ical, remen nunut bangsa sanes. Benjing tamtu dipunprentah dening tiyang Jawi ingkang mangerti.” (Tri Budi Marhaen Darmawan & Nurahmad, 2007:58).
Kapindho: “…. Sang Prabu diaturi ngayektosi, ing besuk yen ana wong Jawa ajeneng tuwa, agegaman kawruh, iya iku sing diemong Sabdapalon, wong jawan arep diwulang weruha marang bener luput.” (Tri Budi Marhaen Darmawan & Nurahmad, 2007:58)
Saka loro ukara iki nduweni teges yen ing wektu ngarep, wong Jawa luwih seneng marang carane mikir, carane ngucap, uga carane polah (cara urip) bangsa manca tinimbang cara uripe wong Jawa. Ing wektu iku kawruh Jawa bakal ilang (ora diagem) sawetara wektu.
Nanging ing dina sakbanjure bakal ana sing mangerti bab kawruh Jawa lan bakale mbabar kawruh Jawa marang wong Jawa dhewe kang sakdurunge ngadoh saka cara urip Jawa. Ing wektu iku kawruh Jawa bakal urip lan diugemi maneh.
Bebarengan kalawan bab sakdurunge, ing jaman Presiden Soeharto uga nate mrentah sakperangane dalang, salah sawijine Ki Anom Suroto lan Ki Manteb Sudharsono anggone mbabar lakon “Semar Mbabar Jati Dhiri” kang duweni teges ngelingake wong Jawa anggone bali marang kawruh Jawa.
Kawruh iki sinebut “Sangkan Paraning Dumadi” (Arum: 1995: 10). Kawruh iki uga klebu ilmu sepuh, merga mawa teges yen wong Jawa diwajibake eling lan ngenali dhiri kang sejati, sejatine wong Jawa. Wiwit saka wiwitane urip nganti tujune urip kang nyakup “Jagad Alit” lan “Jagad Ageng”.
Saka lakon iki kanthi ora langsung mbabarake yen Semar uga diarani Sabdo Palon kuwi sejatine Wong Jawa sing lagi ngenali dhiri sarana nggolek jatining uripe wong Jawa.
Antara wong Jawa kalawan Sabdo Palon uga nduweni karakter sing padha, yaiku semu. Mula nganti saiki bisa disebut yen Sabdo Palon kuwi nyata lan isih urip ing Nusa Jawa, merga wong Jawa sing mangerti marang kawruh Jawa isih ana.
Imajiner Nuswantoro