GURIT SARKARA SANGUNE BALI
ꦒꦸꦫꦶꦠ꧀ꦱꦂꦏꦫꦱꦔꦸꦤꦺꦧꦭꦶ
Ibaraté surya wus lumingsir
Ing bang kulon tepi cakrawala
Wus ngancik tekèng janjiné
Apa wus darbé sangu
Mangsakala dipuntimbali
Resiking pancadriya
Myang sucining kalbu
Tanpa sanggan lumaksana
Maraksowan séba ing ngarsaning Gusti
Bali kamulanira
Terjemahan dalam bahasa Indonesia :
ibaratnya matahari sudah diufuk senja
di bagian barat tepi cakrawala
sudah menanjak akhir janjinya
apa sudah penuh lumbung bekal
mangsakala dipanggil
bersih suci hatinya
menghadapi sucinya kalbu
tanpa sanggan lumaksana
maraksowan séba di hadapan Gusti
kembali kamulanira
Pigunakna sisa gesangnèki
Ndhedher wiji kang tuhu utama
Murih becik thukulané
Kudu taberi matun
Mrih asilé tannguciwani
Tebih kèhing memala
Dzikir rabukipun
Temah cedhak lan Kang Yasa
Sru kinasih karasa ing saben ari
Iba bagyaning driya
Terjemahan dalam bahasa Indonesia :
gunakan sisa gesangnèki
ndhedher biji yang tuhu utama
murih baik thukulané
harus taberi matun
mrih asilé tannguciwani
tebih kèhing memala
dzikir rabuke
temah dekat dan yang membuat
sru tersayang karasa di setiap kalau
iba bagyaning driya
Awit iku kabèh kang dumadi
Wus ginaris déning Kang Kuwasa
Janma tanluput kodraté
Mula murih katuntun
Anggung bekti tulusing ati
Dhawuhé katindakna
Awisan kasingkur
Amar makruf nahi munkar
Ya mung kuwi kanggo sangunira bali
Manunggal lan Hyang Suksma
Terjemahan dalam bahasa Indonesia :
sejak itu kabèh yang terjadi
sudah ginaris déning yang kuasa
janma tanluput kodraté
maka murih katuntun
anggung bakti tulusing hati
perintahnya terlaksanakan
awisan kasingkur
amar makruf nahi munkar
ya cuma itu untuk sangunira kembali
manunggal dan hyang suksma
Imajiner Nuswantoro
ꦆꦩꦗꦶꦤꦺꦂꦤꦸꦱ꧀ꦮꦤ꧀ꦠꦺꦴꦫꦺꦴ