Cariyos malih ing perangan wedharipun Hasta Brata
Nuwun para kadang ingkang tansah winengku ing karaharjan, mugi kalilanana kula nglajengaken cariyos malih ing perangan wedharipun HASTA BRATA
Gentos ingkang ginupit ing mangke. Sang Rama Wijaya ingkang nembe lenggah ing madyaning Wana Dandaka. Rinten dalu tanssh cinaketan ingkang rayi kinasih ya Raden Leksmana Widagda. Ing ngarsanipun lenggah sila Narpati Sugriwa myang Sang Senggana. Mangkana ngandika nira ingkang dereng kababar ing lesan!
Raden Rama :" Yayi Sugriwa! "
Narpati Sugriwa :" Nuwun, kula wonten dhawuh, Raden. Hanimbali pun Sugriwa?"
Raden Rama :" Yayi Sugriwa, wus sawatara candra anggonira mapan aneng Wana Dandaka mungguh kepriye karsanira sakawit kang arsa njaluk bali Negara Kiskendha kalayan Dewi Tara?"
Narpati Sugriwa :" O o o, nuwun inggih, tetep sedya kula sakawit. Lajeng mbenjing punapa Panjenengan kersa paring sabiyantu dhateng ingkang abdi Raden?"
Raden Rama :" Yayi, saka pangrasaning sun kaya wancine wus tumeka, mara enggal cecawisa! Ayo bebarengan menyang Kiskendha!"
Nedheng eca anggenipun sami wawan pangandikan kedadak katungaka praptanipun satriya kalih Raden Barata saha Raden Satrugena.
Dupi wonten ngarsaning Sang Rama Regawa gya nubruk padaning Sang Rama. Kekalihipun muwun sesenggukan sarta ngaras padaning Dang Rama.
Surêm surêm diwangkara kingkin ,
lir manguswa kang layon ,
dènnya ilang mêmanisé ,
wadanira landhu ,
kumêl kucêm rahnya maratani ,
marang salaranipun ,
nêlês déning ludira kawangwang ,
gêgana bang sumirat.
Raden Barata lan Satrugna meh sesarengan :" Dhuh Kangmas Rama pepundhen kula!" Dangu anggen kula kekalih ngluru wonten pundi lenggah Panjenengan, bebasan nlusup ri bebondhotan angayam-ayam wana, boten kanyana kula manggihaken Panjenengan wonten madyaning wana ngriki, Kangmas!
Raden Satrugena :" Mangga Kangmas Rama kondur dhateng Ngayodya Kangmas!"
Raden Barata :" Kangmas, mugi welasa dhateng kawula Ngayodya. Parbasanipun kados kuthuk ingkang kecalan babonipun, para kawula sami goreh, bingung, kados boten gadhah gegebengan malih, Kangmas! Mangga kondur!"
Raden Rama :" Kosik ta Yayi Barata apa dene Satrugena, apa padha becik praptamu sakeloron yayi?"
Raden Barata :" Nuwun inggih raharja sowan kula Kangmas, bekti kula katur Kangmas Rama saha Kangmas Widagda!
Raden Rama :" Ya wis dak tampa!"
Raden Leksmana : " Ya ya dhi dak tampa!"
Raden Satrugena :" bekti kula mugi katur Kangmas Rama saha Kangmas Leksmana!"
Raden Rama :" Ya wis dak tampa!"
Raden Leksmana : " Ya ya dhi dak tampa!"
Raden Rama :" Yayi sakarone mara lenggaha dhisik kang prayoga!
Raden Rama saha Leksmana ngusap mestakanipun rayi kekalih saha ngusap luh ingkang sami daleweran.
Katingal sanget manawi Raden Rama saha Raden Leksmana sanget asihipun dhumateng rayi kekalih. Nama boten mokal jer wiwit kuncung ngantos gelung boten nate pisah.
Sami nggenya tresna tinresnanan sih-asihan ing antawisipun putra Prabu Dasarata. Dhatan nate ambedaken nadyanta beda rena.
Dangu nggenya sami nyuntak raos kapang ingkang kasimpen ing wardaya.
Sawusnya lerem manahira dhawuhipun.
Raden Rama :" Yayi Barata kadi paran kahanane Nagara Ngayodya, Yayi?"
Raden Barata :" Nuwun inggih bebasan sapu ical suhipun , kawula Ngayodya sami rumaos tintrim sapengker Panjenengan, Kangmas! Sedaya rumaos sami kecalan pangayoman, saben dinten sami nyebut asma panjenengan sarta hangajeng-ajeng konduripun Kangmas Rama. Pramila mangga Kangmas kondur, selak mesakaken kawula Ngayodya!
Raden Rama :" Dhuh Yayi adhinipun Kakang, banjur kepriye kang siadhi tindakake pinangka jejering nata? Apa Siadhi ngupaya katentremaning praja?
Raden Barata :" Dhuh, Kangmas sesembahan kula, Barata sanes tiyang edan ketali buta ingkang kemaruk dhateng drajat panguwaos nagari, Kangmas! Lair tumusing batos paribasanipun sagluguting kolang-kaling sarema pinara sasra kula boten kepengin jumeneng nata nglenggahi dhampar keprabon. Jer kula mangertos bilih ingkang kagungan wenang boten sanes kejawi paduka Kangmas Rama. Menawita upami Kangmas boten kersa nglenggahi lumarabipun dhateng Kangmas Leksmana Widagda, sanes pun Barata!
Raden Rama :" Ananging Si Adhi wus winisudha dening Rama Dasarata, Yayi!
Raden Barata :" Punika rak awit saking dipun peksa dening Kangjeng Ibu Kekayi, sanes karsanipun Rama pribadi!"
Raden Rama :" Yayi sakarone! Pun Kakang mangerteni tesiking manahira! Nanging aja dadi penggalihmu Yayi, yen Pun Kakang gelem nglakoni pambuwangan iki ora merga saka Bibi Kekayi, nanging Pun Kakang rumangsa duwe kawajiban ngreksa asmane Rama Prabu. Rama Prabu jejering nata kang mangka pangandikaning nata iku dabda pandhita raja ratu, sepisan dadi tsn kena wola-wali. Baya kaya ngapa lok jagad manawa Kangjeng Rama jejering nata ora bisa digondheli sabdane, Yayi! Mulanira Si Adhi meluwa ngreksa asmane Kangjeng Rama! Lenggahana dhampar keprabon Ngayodya!
Raden Barata :" Dhuh Kangmas sesembahan kaeula Ngayodya, baya siku dhendha punapa ingkang badhe dipuntampi Barata menawi kumalancang nglenggahi dhampar dhenta panguwaos Ngayodya. Boten Kangmas, Rayi Paduka boten wantun!
Mangga Kangmas kula aturi kondur Panjenengan ingkang sayektos kagungan jejibahan dados pangayomanipun kawula Ngayodya!
Raden Rama :" Yayi Barata, ora jeneng Kakangmas arsa selak marang kawajiban, mung wae ing wektu iki Kangmas nembe antuk pacoban, yaiku Mbakayumu didhustha dening Si Keparat Rahwanaraja ya Dasamuka ratu ing Ngalengka Diraja!
Kagyat risang kapirangu
Rinangkul kinempi-kempit
Duh sang retnaning bawana!
Raden Barata :" Kangmas, mangga dipunrebat malih Kangmbok Dewi Sinta! Kula ingkang sagah hangrebat wangsul! Bebasan remuk sinawurna kutung binalangna kula sagah dados banten tawuripun. Watonipun Kangmbok Dewi saged wangsul wonten asta Paduka Kangmas, punapa mawon marginipun badhe kula lampahi!"
Raden Rama :" Yayi Barata, iku dudu jejibahane Si Adi. Yenta Si Adhi arsa sabiyantu karo Pun Kakang mara manuta dhawuhe Pun Kakang.
Raden Barata :" Selak mesakaken Kangmbok Dewi Sinta, Kangmas! Lajeng kula badhe kadhawuhan punapa?
Raden Rama :" Lair batin nggonmu arsa sabiyantu marang Pun Kakang!"
Raden Barata :" Muwun inggih lair batos!"
Raden Rama :" Kalamun mangkono Si Adi kudu manut sadhawuhe Pun Kakang! Dina iki uga Si Adhi Sakarone dak dhawuhi bali Praja Ngayodya. Yayi Barata, nggentenana kalenggahan nata ngasta panguwasa praja! Kepriye Yayi Barata?"
Raden Barata :" Punapa kula saged Kangmas? Punapa boten wonten dhawuh sanesipun?"
Raden Rama :" Sauger Yayi Barata madhep mantep ngestokake Pun Kakang lan teteken katekunan mesthi bisa, Yayi! Sira iku trahing Rama Dasarata!
Kanggo ngayahi wajib dhawuhe Pun Kakang Si Adi dak paringi rong prakara.
Siji wajude kasute pun Kakang kang pigunane dadi pratandha manawa Si Adi iku nyata lamun ngemban dhawuhing Pun Kakang . Aja ta para nayaka praja nadyan kawula dasih padha sumurup manawa iki kagungane Pun Kakang.
Dene ingkang angka loro wujud piwulang arane Hasta Brata. Piwulang iki pinangka pituduh gegondhelan tumindak pangembating praja.
Mara rada mangarsa Si Adi dak wedhari pandom tumindak pangembating nagara Yayi!
Raden Barata gya nyaket lenggahipun dhateng Samg Rama Regawa dipuntut wingking Raden Satrugena. Mangkana wedharing Hastabrata Pandom Pangembating Praja.
Raden Rama :" Mara sadurunge nampa babaring Hastabrata heningna atinira lan nepna nalarira kareben bisa rumasuk maring lair lan batinira, Yayi!
Dene babaring Hastabrata iku mangkene!
Hasta tegese wolu, brata tegese watak laku
Kapisan
Watak Surya utawa srengenge sareh sabareng karsa, rereh ririh ing pangarah.
Pambege surya, tegese sareh ing karsa, derenging pangolah nora daya-daya kasembadan kang sinedya.
Prabawane maweh uriping sagung dumadi, samubarang kang kena soroting Hyang Surya nora daya-daya garing. Lakune ngarah-arah, patrape ngirih-irih, pamrihe lamun sarwa sareh nora rekasa denira misesa, ananging uga dadya sarana karaharjaning sagung dumadi.
Kapindho. Watak Candra rembulan noraga met prana, sareh sumeh ing netya, alusing budi jatmika, prabawa sreping bawana.
Hambege candra yaiku rembulan, tegese tansah amadhangi madyaning pepeteng, sunare hanengsemake, lakune bisa amet prana sumehing netya alusing budi anawuraken raras rum sumarambah marang saisining bawana.
Katelu
Watak Sudama utawa lintang lana susila santosa, pengkuh tan kengguh andriya. Nora lerenging ngubaya, datan lemeren ing karsa. Pitayan tan samudana, setya tuhu ing wacana, asring umasung wasita. Sabda pandhita ratu tan kena wola wali.
Hambeging kartika, tegese tansah dadya pepasrening ngantariksa madyaning ratri. Lakune dadya panengeraning mangsa kala, patrape santosa pengkuh nora kengguhan, puguh ing karsa pitaya tanpa samudana, wekasan dadya pandam pandom keblating sagung dumadi.
Kaping pate hambeging hima utawa mendhung tegese hanindakake dana wesi asat adil tumuruning riris, kang akarya subur ngrembakaning tanem tuwuh. Wesi asat tegese lamun wus kurda midana ing guntur wasesa, gebyaring lidhah sayekti minangka pratandha lamun ala antuk pidana, yen becik antuk nugraha.
Watak mendhung bener sajroning paring ganjaran, jejeg lan adil paring paukuman.
Kalima
Hambeging maruta, werdine tansah sumarambah nyrambahi sagung gumelar; lakune titi kang paniti priksa patrape hangrawuhi sakabehing kahanan, ala becik kabeh winengku ing maruta.
Watak maruta utawa angin taliti setiti ngati-ati, dhemen amariksa tumindake punggawa kanthi cara alus.
Kaping nem
Watak Dahana utawa geni , latu dhemen reresik regeding bawana, kang arungkut kababadan, kang apateng pinadhangan. Hambeging dahana, lire pakartine bisa ambrastha sagung dur angkara, nora mawas sanak kadang pawong mitra, anane muhung anjejegaken trusing kukuming nagara.
Kasapta
Watak Tirta atau banyu atau samodra tansah paring pangapura, adil paramarta. Basa angenaki krama tumraping kawula.
Hambeging samodra, tegese jembar momot myang kamot, ala becik kabeh kamot ing samodra parandene nora nana kang anabet. Saisene maneka warna, sayekti dadya pikukuh hamimbuhi santosa.
Kaping wolu
Watak pratala atau bumi atau lemah, tanah tansah adedana lan karem paring bebungah marang kawula.
Hambeging bantala, werdine lila legawa ing driya; tulus tan kagewang hambege para wadul. Danane hanggeganjar myang kawula kang labuh myang hanggulawenthah.
Mangkono babaring Hasta Brata.
Saben Nata pangembating praja angger bisa gegondhelan wolung prakara mau bakal nuwuhake raharjaning nagara, ansne hamung ayom satemah hayem pata nayaka apa dene lawula.
Dene nata kang nora bisa gegondhelan marang Hasta Brata pindhane nata tanpa makutha lire dhatan duwe perbawa lan pangaribawa wusanane hamung nuwuhske gorehing para kawula.
Mula kang saka iku Si Adi dak suwun tansah netepana Hasta Brata.uga dadya sarana mahanani rum kuncaraning Ngayodya.
Apa Si Adi wus bisa nampa wedhare Hasta Brata!
Raden Barata :" Nuwun inggih, samendhang boten karempit.
Raden Rama :" Kalamun mangkono saiki uga Si Adi sakarone dak dhawuhi kondur, selsk mesakake kawula Ngayodya lang kaya dene kelangan pangesuhe.
Raden Barata :" Nuwun inggih, daya-daya kula nyuwun pamit wangsul saha nyuwun tambahing pangestu!"
Raden Satrugena :" Semanten ugi kula nyuwun pamit, Kangmas kekalih!"
Raden Rama :" Lelungsen dak bebakali, duga-duga digawa ngati'-ati aja kongsi keri. Reksanen Negara Ngayodya dawutuhe ya, Yayi!
Raden Leksmana :" Dongaku kang ndherekake tindakmu, lulus raharja tekan praja.
Kekalihipun lajeng ngrugkepi padanipun Sang Rama lajeng mundur sinambi ngaturaken sembah. Raden Leksmana ndherekaken sawatawis ingkang rayi kekalih.
(Wonten candhakipun)
Koleksi artikel Imajiner Nuswantoro