KITAB WEJANGAN MAHA PRANA JATI
(R.S KOESOEMOWARDOJO)
BAB : SASTRATJETA (2)
Sejatine
aksara Jawa iku saka penemune Pujangga Jawa ing jaman kuna. Aksara jawa iku ora
mung perlu kanggo nulis utawa nyateti kedadian-kedadian kang wigati bae, nanging
uga yimpen kawruh rupa-rupa. Mengkono ugo bab anane gamelan sarta wajang purwa,
iku kang ngarang
suwargi
Kanjeng Sunan Kalijaga ing desa Kadilangu Demak, iku uga ngandut kawruh batin
lan lahir. Terange kaya kang kasebut ing ngisor iki :
Gamelan
kang diweruhi dening wong akeh (masyarakat) iku isine mung bab kesenian,
gending lan lagu utawa irama. Nanging kajaba iku salugune uga isi kawruh bab
kawuksman, ilmu jiwaning manungsa.
Wayang
Purwa, kang lumrah mung isi lelakoning manungsa ing jaman kuna, nanging
saklugune uga isi kawruh bab duduk selehe utawa dununge jiwaning manungsa.
Kacarita ing Negara Ngalengka, kang dadi aran Prabu Dosomuka, duwe
sadulur nunggal rama itu telu, sing loro lanang, sijine wadon aran :
1.
Kumbakarna.
2.
Wibisana.
3.
Ayu Sarpakanaka.
Iki salugune dadi simbul utara plambange wadining kawruh kebatinan,
kang ngenani wataking manungsa, terange mangkene :
1.
Dosomuka iku
dadi sanepane napsu amarah.
2.
Kumbakarna iku
dadi sanepane napsu aluamah.
3.
Wibisana iku
dadi sanepane napsu mutmainah.
4.
Sarpakanaka iku
dadi sanepane napsu supiyah.
Mangkono
plambang kang sumingit ana ing wayang Purwa, ngemut pituduh bab kawruh lahir
lan batin. Mangkono uga wadine kang sumimpen ana ing dalam aksara Jawa
(Carakan) malah luwih wigati maneh.
Aksara Jawa iku jumlahe mung ana 20 iji, yaiku :
1.
Ha 11.
Pa
2.
Na 12.
Da
3.
Ca 13.
Dja
4.
Ra 14.
Ja
5.
Ka 15.
Nya
6.
Da 16.
Ma
7.
Ta 17.
Ga
8.
Sa 18.
Ba
9.
Wa 19.
Ta
10.
La 20.
Nga
Carakan
iki ora mung kanggo nulis laying bae,
nanging duwe wadi kang kang tumuju marang kawruh kebatinan, terange mangkane :
Aksara
kang sepisan aran Ha, dene pungkasane aran Nga, dadi kang 18 iji liyane iku
minengku dening aksara Ha lan Nga, tegese Ha lan Nga iku “Hangen-hangen” utawa
“Hangin”. Uripe manungsa era bisa pisah kalawan Hangen-hangen lan Hangin, yen
sak karone iku ora ana,
manungsa
mau aran tilar donya. Dadi nyata yen carakan mono nyimpen wewedining uripe manungsa.
Kajaba
aksara 20 warna mau, ana tambahane aksara silihan limang rupa, yakui A.I.U.O.E.
limang aksara iki aran aksara “suwara”, terange mangkane, ora dumunung ana ing
jaba lan ing njerone badaning manungsa wondening aksara 20 iji mau, dibagi dadi
rong golongan :
GOLONGAN
KANG SAPISAN
20 iji dipecah dadi telung bagian, yaiku :
1.
Ha lan Nga
2.
Na, Tha, Ra, Ka, Dha, Ta, Sa, Wa, La
3.
Pa, Da, Dja, Ja, Nya, Ma, Ga, Ba, Tha
Tegese :
Ha
lan Nga, iku angen-angen utawa angin, Na, Tja, Ra, Ka, Dha, Ta, Sa, Wa, La, iku
babahan hawa sasange lahir.
Pa,
Da, Dja, Ja, Nja, Ma, Ga, Ba, Tha, iku babahan hawa sasanga batin.
GOLONGAN
KANG KAPINDO
20 iji mau dipecah dadi patang bagian :
1.
Ha, Na, Ca, Ra, Ka
2.
Dha, Ta, Sa, Wa, La
3.
Pa, Da, Dja, Ja, Nya
4.
Ma, Ga, Ba, Tha, Nga
Tegese :
Ha,
Na, Ca, Ra, Ka = ana utusan.
Dha,
Ta, Sa, Wa, La = pada salawa =
tukaran.
Pa,
Da, Dja, Ya, Nya = pada sektine.
Ma,
Ga, Ba, Tha, Nga = pada mati kabeh.
Keterangan kang luwih ceta maneh mangkene :
1.
Ha na ca ra
ka, karepe wis ana utusaning Allah, yen ing saat iku wis mlebu ing petung kurang 20 dino bakal tilar
donya.
2.
Dha ta sa wa la, ing wektu iki kahanane lahir lan
batin wis ora cocok, mratandani yen patine wis kurang 15 dino maneh.
3.
Pa da ja ya
nya, ing wektu iku kahanane lahir lan batin dadi gumolong tetap teguh, ora ana
rasa owah gingsir, ilang was sumelang,
iki tegese nompa sasmita yen patine wis kurang 7 dina maneh.
4.
Ma ga ba tha nga, ing wektu iku rasaning lahir lan
batin wis ora duwe karep apa apa, iku mratandani wis tumeka ing janjine urip
ninggal donya.
Wondene
aksara suwara A I U O E, iku melindungi jasate manungsa ana ing alam donya lan
akerat. Supaya tambah gamlang maneh, diterangke sarana nganggo gambar kaya kang
kasebut ing gambar iki :
Keterangan :
No.
1 tumeka No. 8 iku tegese badaning manungsa,
No.
1 tumeka III iku tegese alaming
manungsa, alam wadag, jaga melek.
Wondene
bunderan kang ora ana nomere iku, tegese panguwasane Gusti Allah.
Tegese RAHAYUWA
SAGUNG KANG DUMADI
Ing
kono yen sira mambu gonda amis, kaya ambune getih nalika lahire jabang bayi,
iki mertandani yen isih eling marang bab kadonyan kayata : eling marang donya
branane, eling marang kekasihe lsp, iki gawe peteng dalan kang tumuju marang
kasampurnan sejati.
Yen
mambu batin iki tegese isih eling marang anak putune utawa para sadulure lan
mitrane, iki anggawe binggunge dalan mring kasidan jati yaiku godane ari ari
(bing-bing).
Yen
mambu wangur, yaiku godaning kawah yen kena pangaruhe goda wangur iki tegese
isih emut marang pengertine (ilmu) iki gawe ragu raguning pangerti kang tumuju
marang sampurnaning pati.
Yen
gonda wangi, iku ambune bungkuse bayi, yen kena pengaruhe gonda wangi iki
martandani isih eling marang Allah, iki gawe salah panganggep ing tujuane
kasampurnan.
Yen
mambu sedep kaya ambune bayi kang wis resik, iku tanda yen isih eling lan
ngakoni dadi makluk (kawula) iki kang gawe sampurnane dumadi, mulih marang mula
mulanira. Iki nyatane aksara suwara A.I.U.O.E tegese : A = Aku, I = Iki, U = Urip, O = Oleh (nompa), E =
Eklas, rahmat.
Dadi
aksara suwara iku kang hamengkoni ing badaning manungsa ana ing alam donya
nganti tumeka ing watesing alam akerat.
Ana
ing wektu iki kang den arani sa’at “sakratil mauti”, wancine ngaleh enggon,
waktu pisahe jiwa lan raga. Yen patrap anggonmu nata badan patitis, kaya
kang jinarwa ing wulangan Semadi, kayata
: sumelehing badan, lakune napas, pamelanging cipta lan sapiturute bener inggal
lakuning rasa lan pangrasa ora gumyur, ing kono wayahe wahyunira wis katon
ngegla tanpa warana banjur ngucapa mantram mangkene :
Ashadu
kahanan Ingsun, iloha rupan Ingsun, Allah pangeran Ingsun, iya Ingsun kang
nuhokake marga kang padang urip tan kena lali, lara tan kena ing pati, dhatles
tan ana krasa.
Ing ngisor iki katerangan bab sandangane aksara Jawa, mangkene :
Wiwit
saka pangkon, (paten) iki tegese panggonan Roh, karepe sampurnaning urip,
manungsa sakwise tilar donya , nyatane wis ilang sipate, nanging isih ninggal
asma.
Roh
iku dumunung ana ing uteg, mongka uteg iku ana ing njero sirah, iku dadi
sandangan wulu (hulu), tegese sirah ya iku pokok dumadine badan wiwit saka
sirah.
Sandangan
“Suku” (sukon), tegese dadi cagake badan wadag.
Taling
iku tegese “kuping” pamiarsa, pangrungu ana ing kuping.
Taling
tarung, Irung dumunge pangambu.
Pepet,
tegese ketutup, dununge ana ing napas, mangon ing jantung, yaiku kang
nglakokake getih, dadi jantung iku kaya dene lawang dalaning getih mlebu metune
mratani ing badan sakojur.
Jantung
iki piranti pokok ing badaning manungsa, ya dadi dalane Prana kang kawasa
hanjalari marang urip.
Cedak
dumunung ona ing sanubari;
Lajar
dumunung ana ing Iman = relung hati.
Wigjan
dumunung ana ing Pangrasa weteng = waduk
Telung
sandangan iki kang aran “Panjigek suwara” sebab dadi wakile engetan lan
kapinteran lahir sarta batin. Wondene sandangane cokra, ana ing mripat, ing
teleng aran manik. Keret iku irenge mripat, teleng = kang kapanggonan manik.
Pingkal,
putihe mripat. Kabeh iki sinebat aran “Wijanyana” sebab dadi wakile aksara kang
bisa muni bebarengan.
Kajaba
kuwi ana maneh tembung kang aran :
Na,
Sa, Dha, Tha iki aran “Murdanio” banjur
ana maneh , Nya, Sa, Tja, Dja iki aran Talwio , tegese kabeh aran Triloka yaiku
alaming manungsa, kaya kang diterangake ing wulangan sapisan.
Dene
tembung “Tataprunggu” yaiku aksara kang
didadekake ongka (nomer) kaya
kang kasebut ing ngisor iki :
Ga ngka siji dadi perlambange kawitan
sampurnane manungsa.
Ngalelet
ngka loro, dadi perlambange lakuning manungsa mesti pinaringan timbangan dening
Pangeran, kayata anane wong lanang lan wadon, Awan lan bengi, lara lan waras,
beja lan cilaka, urip lan mati, Kawula lan Gusti.
Ngapingkal
ngka telu , tegese netepake keyakinaning manungsa pinasti kudu nompa lang
nglakoni lelakon pangawane dewe salawase ana ing alam donya, supaya aka nganti
ngeluh ngresah, sebab pepastining urip wajibe kudu ngambah ing alam telung rupa
yaiku :
1.
Alam jaga (melek),
2. Turu,
3. Tilar donya (mati) jalaran iki wis ora bisa
diuncati maneh.
Mamiring
ngka papat iku tegese nyatane Allah dadi sesembahane kabeh mahluk, ora wujud
ora arah ora panggonan lan ora katon, uga ora kena kinaya ngapa. Lan uga dadi
plambange asal kedadiane badan wadaging manungsa saka anasir patang rupa, yaiku
:
Bumi,
2. Geni, 3. Angin, 4. Banyu. Mangkono
uga anane klebating manungsa iku ana papat.
1.
Wetan, yaiku lambange nalika Bapa lan
Biyung pada sapatemon,
2.
Kidul, yaiku plambange nalika Bapa lan
Biyung kumpul,
3.
Kulon, iku plambange nalika Bapa lan
Biyung nganakake Dhat nanging mung darma dadi lantaran bae,
4.
Lor, iku plambange nalika lahire jabang
bayi.
Makurung
ngka lima, iki maksude panguwasane Gusti Allah, nalika wiji isih ana ing guwa garbaning
Bapa lan Biyung, Bapa iku mung saderma dadi lantaran dumadining jabang bayi.
Makurung tegese dadi kalima pancer, lan jumenenge ana ing satengahe keblad.
E
: dadi angka nem, maksude Eklas terange Eklas iku ana nem warna yaiku :
1.
Rila,
2.
lali,
3.
lulus,
4.
eling,
5.
langgeng,
6.
sumarah (pasrah).
KETERANGAN :
1.
RILA, tegese kelangan apa bae wis ora
getun,
2.
LALI tegese lali marang dhat sipate,
maksude lali ing badan lan jiwane ditinggal ana ing alam donya.
3.
LULUS , nglulusake selawase urip kanti
nikmat lan manfaat,
4.
ELING, eling marang angale lan eling
marang mula mulanira,
5.
LANGGENG, ora bakal owah ngingsir maneh,
terus langgeng asmane,
6.
SUMARAH yaiku masrahake jiwa ragane
katur marang Pangeran.
La
:dadi ongka pitu, iki tegese tetepe lakuning wayah (jam) kang ora tau blinjani,
kayata lakune srengege, mesti wayahe tetep, mula para Pandita iku pada nganggo
watak pitu.
Pa
palya :dadi ongka wolu, iki karepe nuduhake lakuning semadi kang tumuju marang
Suksma Kawekas, ana wolung bab, aran “Hasta Brata” keterangane kaya kang
kacetak ana ing wulangan ngarep.
Ja ngka sanga, tegese anane babahan hawa
sasanga.
Das
= nul :tegese dadi tanda marang ajining angka, jen das mau dumunung ana ing
sangarepe ongka, tegese ajine(regane) ongka mau dadi suda, aran winengku,
dikuwasani. Nanging yen das ana ing burining ongka iku tegese regane angka mau
banjur dadi mundak duwur, aran hamengku nguwasani (tulada Rp. 00.1 lan Rp.
1,00).
Kajaba
iku ana maneh karepe, yen wujud mung das tok iku tegese ora duwe pangadji (ora
duwe rega)utawa suwung dadi karepe badan wadage manungsa iku yen wis di unjadi
ing suksma, wis ora ana gunane jalaran wis suwung lan wis ninggal sipate, kang
kari mung asmane.
Ana
maneh candake sasmita sandi kang
wujud tembung ( ukara)
siji nanging mengku
karep rong rupa,
yaiku :
Ka
ta pa ga ba iki aran Alpa Prana.
Ka
ta pa ga ba iki aran Maha Prana.
Tegese
“Alpa Prana” iku kawula) dadi anane kawula.
Tegese ”Maha Prana” iku Gusti ) lan Gusti.
Keterangane mangkene :
Kawula
(titah = mahluk) iku kadunungan apes lan lali, sebab titah iku bisane dadi
luhur kudu nglakoni (duwe laku), mula dikaya ngapa pintere manungsa ora bakal
bisa madani kalawan panguwasane Pangeran. Sebab manungsa tansah binuntel ing
kamarkaning alam donya. Mula biasane kelakon sediyane iku mung gumantung marang
lila legawane anggone masrahake jiwa ragane marang Pangeran.
Wondene
Gusti Allah mula sinebut ora makan ora jaman, lan tan kena kinaya ngapa, sebab
Panjenangane kang nglimputi sumarambah ing sakabehe kang para dumadi, kang bisa
diweruhi dening manungsa kodrate panguwasane.
Tingkah
patrape Semadi wis diterangke ana ing ngarep, dadi yen manungsa wis bisa netepi
ing pituduh mau banjur ngeremake mripat kang alon-alon lan dedasar ati sabar.
Ing kono sira bakal manjing ana ing alam kang peteng dedet lelimangan wis ora
kena diumpamakake maneh. Ing kahanan iku ana kang nyebut aran “Tapel Adam”. Yen
wis mangkono inggal ngucapa mangkene ”
Pangrasa
Suksma Luput, iya pangrasane Nyawa kang mulya, iya pangrasane Suksma. Suksma
ilang tan kena ing pati.
Yen
wis mangkono sira bakal weruh/meruhi papan padang nerawang handelahi tanpa
wewayangan, jembar tanpa tepi ora ana keblate, ora ana ngisor lan duwur, kang
katon mung suwung sepi lan rasa kang tentrem ayem. Kedadian iki saya
panguwasaning Roh = uteg. Mulane roh uteg bisa duwe panguwasane kang mangkono
mau, jalaran dek nalikane isih ana ing alam donya babadan wadag, dayane tanpa
nganggo wates ukuran. Sebab badan sakojur iki dikuwasani dening uteg (kawruh)
lan pinteram/ kapinteran mula aran Yang Maha Luhur.
Yen
kena panguwasaning kaluhurane Suksma, banjur ora duwe karep apa apa, iya
iku kang sinebut aran Mangeran Suwug,
tegese ora ana barang kang sinediyam Manawa kerem kandeg ana ing kono, bakal
dadi Ratuning jin lan peri.
Yen
cahya padang mau banjur ilang, sira bakal pirsa cahya kang blerengi kaya sunare
srengege, iki kedadian saka napas. Mula kaya mangkono awit dek isih ana ing
alam donya nganggo badan wadag. Napas iku maweh cahya ing badan sakojur. Ing
kono aran Yang Maha Mulya.
Yen
kena pangaruhe kamulyane Suksma, yaiku kang sinebut Mangeran wujud, sebab ing
kono duwe karep arep nganakake warna rupa, tegese duwe sediya nitis, manjelma
maneh, yen kliru sediyane banjur dadi retuning danyang dan prayangan.
Yen
cahya kuning, iku kedadian saka Budi, sebab nalika isih ana ing alam donya,
Budi iku gawe sucining badan sakojur, ing kono aran Yang Maha Suci. Yen kena
pengaruhe kasuciane Suksma, agawe sucining Jiwa, kang aran Mangeran konta (gambaran
kang ora ana wujude). Mula banjur gawe ragu raguning (gojak gajek) lan yen
kandeg ana ing kono, bakal dadi retuning setan.
Yen
cahya kuning banjur musna, banjur weruh cahya ireng, yaiku kedadian saka Iman,
sebab nalika isih ana ing alam donya Iman iku nguwasani badan sakojur, ing kono
aran Yang Maha Kawasa, yen kena pangaruhe kuwasaning Suksma, banjur duwe karep
nindakake penguwasaning Jiwa, yaiku kang aran Mangeran ana (wujud), tegese
deweke ngakoni diri pribadi yen klelep ing kono bakal dadi retuning Bekasakan
nunggal bangsa lan setan, nanging luwih kasar.
Yen
cahya ireng mau banjur ilang, ganti dadi cahya putih iku kadadian saya
pangrasa, sebab nalika isih ana ing alam donya, pangrasa mau ngebeki ing badan
sakojur mula aran Yang Maha Agung, yen kena pengaruhe Aguning Suksma, bakal
nitis dadi bangsane manuk.
Yen
cahya putih mau musna, bakal/banjur weruh cahya abang iki kedadian saka
pangrungu (pamiarsa) awit pamiarsa mau dek nalika isih ana ing alam donya
masesa ing badan sakojur, mula aran Yang Maha Wasesa, yen kena pengaruhe
wasesane suksma, bakal nitis dadi kewan galak.
Yen
cahya abang wis ilang, bakal pirsa cahya kang wening (bening) iki kedadian saka
paningal, awit maune dek isih ana ing alam donya paningal iku gawe purbaning
badan sakojur, mula aran Yang Maha Purba, yen kena daya pengaruhe purbaning
suksma, bakal nitis dadi kewan kang urip ana ing banyu.
Yen
cahya wening musna, banjur pirsa cahya kang monca warna, yaiku ireng, abang,
putih, kuning lsp, iki kedadian saka pangambu, nalika isih ana ing alam donya
hanyamati ing badan sakojur, mula aran Yang Maha Manon, tegese meruhi
samubarang kalir kang bakal tumeka sinebut Soca Batara, wondene asale cahya
monca warna mau kedadian saka anasir patang prakara, yaiku Bumi, Geni, Angin,
lan Banyu.
Keterangane Mangkene :
1.
Cahya Abang : Asal seko geni, dumunung
ana ing jantung, dadi napsu amarah, mula kena pengaruhe cahya abang bakal nitis
dadi manungsa kang sugih nepsu (murka).
2.
Cahya Ireng : Asal saka bumi, manggon ana ing waduk
(weteng) dadi pangrasa, watake ngongsa utawa kesusu mula yen lena pengaruhe
cahya ireng, nitis dadi manungsa kang sugih pangerten lahir.
3.
Cahya Putih : Kedadian saka angin,
manggon ana ing sanubari dadi sabar, yen kena pengaruhe iki bakal nitis dadi
manungsa kang sugih kawruh kebatinan.
4.
Cahya Kuning : Asal saka banyu, dumunung
ana ing uteg, dadi kawruh lahir lan
batin, dayane bisa weruh (nimbang) kedadian ala lan becik, bener lan luput, iki bakal nitis dadi manungsa
wicaksana, ahli budi, yen tembung
Indonesia aran Budiman lan Gunawan.
Kabeh
mau salugune mung gumantung marang karsane Gusti Allah, mula sing perlu tumrap
para manungsa sumujude marang Pangeran kang Maha gesang.
GAMBLANGE :
Bumi,
Geni, Angin lan Banyu jalaran iku kang dadi pokok anasiring urip, yen kurang
pangertine kang dadi asal usule, handadekake kurang sampurnaning kawruhe ing
bab kebatinan. Wondene katerangane
mangkene :
Yen
sira wis ngerti marang asal usule uga kudu ngerti marang tegese (karepe) awit
yen ora mangkono bisa gawe kliruning panganggep (panggangone) sebab yen ora
mangkono bisa gawe kurang percayane (ngandele).
Yen
wis ngerti dununge kudu ngerti kanggone, sebab yen ora ngerti kanggone bisa ndadekake binggunge
ing pangertene. Yen wis ngerti kanggone kudu ngerti marang kedadiane, sebab yen
ora ngerti kedadiane bakal gawe gojak gajekge kawruhe.
Yen
wis ngerti marang kadadiane kudu ngerti buktine sebab yen ora weruh buktine ora
ana gunane tumrap ing pangertene.
Sebab
sakabehing ilmu iku yen mung apal sesebutane bae ora kanti dilakoni babar pisan
tanpa gawe prasasat kaja manuk bejo, bisa omong nanging ora ngerti tegese.
Luwih luwih bab ilmu kebatinan, iki yen ora dilakoni dinyatakake malah nambahi
dosa, sebab banjur dadi ahli umuk
durung
tau weruh nyatane, omonge kaya kang wis pada weruh buktine, dadi aran batin
lahir goroh. Sebab sapa iku sing ngerti temenan (apal) tumuli dilakoni, supaya
sira ora dosa lahir lan batin ana ing donya tumeka ing akerat.
GAMBLANGE MANEH MANGKENE :
Bab
badan iku sakbenere raga kang wis ora kanggo (mati) wondene rasaning pati iku
ana patang bab yaiku :
1.
Rasaning jantung, lakuning napas,
2.
Rasaning weteng (waduk) lakuning
pangrasa,
3.
Rasaning sanubari lakuning budi,
4.
Rasaning uteg lakuning Roh.
Mula
patang bab iki diarani badan, jalaran asale saka bumi.
BAB ANGGOTA RAGA
Iku
uga kedadian saka patang bab, yaiku :
1.
Roh, kang nglakokake engetan,
2.
Pangambu, kang nompa kabeh sawernane
panggoda,
3.
Napas, kang nglakokake getih lan rahsa,
4.
Pangrasa, kang nglakokake sari sarining
daging, kulit lsp, kang dadi dasaring
urip.
BAB NYAWA
Kang
aran nyawa iku kedadian saka telung bab, kang isih kena diowahi lan
kena
gingsir yaiku :
1.
Iman , manggon ana ing pulung ati,
2.
Pamiarsa (pangrungu) dumunung ana ing
kuping,
3.
Paningal, dumunung ana ing mripat.
Mula
telung bab iki diarani nyawa, sebab asale saka banyu, mongka banyu iku bisa
owah gingsir, ora bisa tetep ajeg panggonane. Dadi kuwajibane uga ora tetep.
SUKSMA
Kang
aran Suksma iku kedadian saka limang bab, kang ora bisa owah gingsir yaiku :
1.
Roh , dumunung ana ing uteg,
2.
Napas, dumunung ana ing jantung,
3.
Budi, dumunung ana ing sanubari,
4.
Pangrasa, dumunung ana ing waduk
(weteng),
5.
Pangambu, dumunung ana ing irung.
Limang
bab iki diarani Suksma, jalaran asale saka angin. Nyatane angin iku kahanane
kang tetep ora tau owah gingsir. Jagad iki sakisine kabeh wiwit sakdurunge
dumadi wis kebekan dening angin. Mula suksma iku uga ora bisa owah lan ora bisa
gingsir sebab asal saka angin.
Anane
manungsa nganggo badan, anggota, nyawa, suksma jalaran deweke kanggonan
pirantining urip wolung bab, yaiku : Roh, Napas, Budi, Iman, Pangrasa,
Pangambu, Paningal lan Pangrungu.
Dene
liyane iku klebu ing golongan kang kasar, yaiku kulit, daging, balung lsp,
yaiku kang asal saka Bapa Biyung, mula diarani badan kasar (wadag) sebab katon
wujude.
Yen
kang asal saka Pangeran yaiku wolung bab mau, sanajan ora katon ing mripat
wadag nanging ana buktine, dumunung ana ing badan (raga) nyawa lan suksma.
Dene
salugune badan, nyawa lan suksma mau ora bisa lumaku, yen ora sarana obahing
keteg, dene obahing keteg iku jalaran kena daya lakuning bumi, geni, banyu lan
angin. Patang bab iki anggone bisa tumindak, sebab saka kenadayane Swasana,
kaya kang diterangake mau, bab jagad kebekan dening angin, ya swasana kang
ngebeki cakrawala iki, mula diparibasakake alus tan kena jinumput, gede ngebaki
jagad.
Dadi
ceta lan terang, dumadining manungsa iku kang pokok saka dayane swasana, dene
swasana iki kang dadi lantaran dumadining manungsa iku dibagi dadi rong bab
yaiku: swasana kang tumuju ing jaba badan, lan swasana tegese hawa kang kumpul,
Swa tegese panggonan. Dadi terange tembung kumpuling hawa.
Dadi
swasana kang tumuju ana ing jero badan, Swa tegese umur, Sana tegese panggonan,
wutuhing tembung panggonan umur, dene umur iku dumunung ana ing Napas. Dadi
uriping manungsa iku sebab nganggo Swasana kang dununge ana rong panggonan,
yaiku ana ing jaba lan ana ing jero badan. Dadi ora bisa nganggo saperangan
bae, kudu jaba lan jero. Yen mung nganggo sebagian bae mesti ora bisa urip
banjur aran mati.
Imajiner
Nuswantoro