SERAT PARAMAYOGA KINANTHI
Paramayoga, Sasraningrat, 1894 (Pupuh 01–37)
Kinanthi
1. kadya kacaryaning kalbu | Hyang Manik anglaksanani | sapangrèhirèng sudarma | kondur mring Tangguru ardi | wontên ing ngriku tumulya | jêjuluk Hyang Maha Sidhi ||
2. Hyang Maha Mulya Hyang Mulku | Sang Hyang Êsa Maha Mulki | Hyang Ngisat Hyang Basurusa | Hyang Sangkara Tunggaljati | Hyang Jagad Dewa Bathara | Hyang Manik Kara Hyang Ari ||
3. Hyang Parama Wisesèku | Hyang Niskara Rudramurti | Sang Hyang Mahadewa Buda | Hyang Siwanda Mahamuni | Hyang Arisda Marcukandha | Hyang Yatma Sang Hyang Pramèsthi ||
4. Hyang Maèswara jêjuluk | Hyang Pramana Sidhajati | Hyang Parama Martasiwa | Hyang Jagad Pratingkah tuwin | Purbangkara Wirabadra | wau Sang Bathara Manik ||
5. akathah jêjulukipun | punika kabêkta saking | sadaya lêlampahannya | tuwin wong ingkang nglêluri | astha ingkang eyang-eyang | kang wus winursitèng ngarsi ||
6. tanah Hindi duk puniku | wontên panjênêngan aji | mangrèh samaning narendra | Sri Japaran kang bêbisik | ing Ima karatonira | sawadyabalane sami ||
7. mangeran dhumatêng lêmbu | dumunung ing pucak wukir | kidul wetan ing Malaya | sawênèh nguni wong Hindi | amangeran Sang Hyang Wênang | katarik Sang Natèng Kêling ||
8. Prabu Ari duk ing dangu | maradinakên agami | wontên ngriku para janma | sumrambah umèstu kapti | nanging nuli malik cipta | mangeran lêmbu Andini ||
9. ing sawiji ari nuju | Sang Bathara Manik mèksi | teja ngênguwung pêrnahnya | sakidul wetaning ardi | Tangguru ugi nèng arga | saksana dipun têdhaki ||
10. waspada paningalipun | ingkang mawa teja warni | lêmbu nulya pinarpêkan | Hyang Manik nabda hèh sapi | sira iku sapi apa | dene pasêmonmu wingit ||
11. manggon nèng pucaking gunung | mangkana lêmbu Andini | sangêt kagyat ing tyasira | de ana wong kumawani | murang tata atêtanya | gya mangsul sêbda sru wêngis ||
12. hèh janma kang tambung laku | yèn sira tan wruh ing mami | sun iki kang pinangeran | sinêmbah sèsining bumi | ya ta Hyang Jagad karana | duk myarsa wuwusing sapi ||
13. èsmu rêngu galihipun | asru nabda hèh ta sapi | sirèku bangêt cilaka | sarta gêmblungmu kapati | dene wani-wani sira | ngaku Pangeraning bumi ||
14. Pangraning jagad sawêgung | iku panjênêngan mami | dudu sapi murang tata | Andini mangsuli wêngis | hèh janma aywa agahan | ngaku kang murwèng dumadi ||
15. marga tan ana satuhu | pangeran liyane mami | kang wus kanyatan sinêmbah | sèsining jagad sakalir | aja manèh ingkang kewan | manungsa nêmbah mring mami ||
16. lamun sira nora gugu | rasakna ing mêngko pêsthi | kêna sapudhêndhaningwang | nandhang sangsaraning dhiri | Hyang Sarămba duk miyarsa | wangsulanira Andini ||
17. tan pisan dadoskên bêndu | malah sru lêjar wit saking | badhe nuli kasêmbadan | kang dadya sêdyaning galih | sagêd pinangran ing jagad | matêk pangabaran nuli ||
18. lêmbu Andini kapanduk | ing aji kêmayan kadi | kapuk nglumpruk sariranya | lir racut kang bayu ênting | rèh kasor kaprawirannya | nuli sujud wanti-wanti ||
19. sarwi matur dhuh pukulun | kang pinangeran ing bumi | têmên-têmên mangke amba | nganggêp yèn tuwan sayêkti | kang amurba tri bawana | nanging samangke pun dasih ||
20. nyuwun kanyataanipun | kawicaksananing galih | Hyang Êsa arum ngandika | hèh sapi tandhane mami | murba misesa ring sira | ingsun mring sira mêruhi ||
21. asal mulanira ngayun | sayêktine sira iki | sapi Andini aranta | asalmu ing sonyaruri | sutaning jin roh patanam | lêging tyasira kapengin ||
22. rinatu ing pra tumuwuh | karsane kang murbèng pêsthi | muhung ingsun kang rinilan | jumênêng pangraning bumi | dene ing samangke sira | dadia titihan mami ||
23. sapi Andini duk ngrungu | panabdane Hyang Pramèsthi | surut suraning wardaya | mêndhak mandhêpa ing siti | apan nuli tinitihan | dening Sang Hyang Mahasidhi ||
24. duk puniku sanggyanipun | kewan isining wanardi | kang sampun sami manêmbah | dhumatêng lêmbu Andini | kerut tyase amangeran | dhumatêng Hyang Mahamuni ||
25. Hyang Sarămba wêktu wau | jêjuluk Hyang Pasupati | pardikanira ratunya | sagunging buron wanardi | Hyang Ari gya makahyangan | anitih lêmbu Andini ||
26. kunêng wau Sang Aprabu | Japaran myang pra narpati | saha wadyabalanira | tumamèng lêngkèhing ardi | angadi busana sarta | agêgănda wangi-wangi ||
27. bêkta sêsaji lir kang wus | kalampahan yèn ngastuti | mring sapi pangeranira | saksana Sang Hyang Pramèsthi | ing galih tan kasamaran | yèn pra ratu wau sami ||
28. ngawruhi pangeranipun | rumanti kanang sêsaji | Hyang Guru inggal tumêdhak | mring arga para narpati | sawadyanira dupi myat | cingak gagêtun tan angling ||
29. dene ta pangeranipun | wontên ingkang anitihi | marma ing tyas datan kewran | saksana sapi Andini | sru nabda hèh para raja | utawa sakèhing janmi ||
30. aywana kang klèru surup | sumurupa yèn kang nitih | iki anèng gigir ingwang | yèki pangeran sêjati | kang sinêmbah tri bawana | sanyatane ingsun iki ||
31. mung dadi warananipun | pra narendra duk miyarsi | myang wadyabalane samya | sêmu sêmang ing pamikir | Sang Hyang Mahadewa Buda | nulya ngêtokkên kasêktin ||
32. matêk pangabaranipun | sanalika ana prapti | hawa atis aprabawa | ing pra narendra sadasih | dhrodhog bayune lir rucat | ing manah kêlangkung miris ||
33. para narendra gya matur | dhuh gusti pangraning bumi | mugi tuwan aparinga | pangaksama ing pun dasih | samana Hyang Jagadnata | gya ngracut ingkang kasaktin ||
34. hawa tis tumuli nurut | suka tyase para janmi | mangkana para narendra | umatur sru ngasih-asih | dhuh gusti pangeran amba | kawula kapengin uning ||
35. asma tuwan kang satuhu | Hyang Manik dhangan ing galih | nuli majarkên asmanya | lir kang wus kawartèng ngarsi | gya nabda hèh para janma | yèn sira nêmbah mring mami ||
36. mangkene ing panêbutmu | hong arcamaya Hyang Manik | samana tumuli mukswa | pra ratu bibaran sami | sapraptaning prajanira | dhêdhawuh mring para dasih ||
37. tuwa nom gung alit sagung | pinrih mangeran Hyang Manik | datan lama nuli wrata | janma sakiduling ardi | Tangguru juga tan ana | ingkang mêgatruh ing wangsit ||