SUNGSANG BAWANA WALIK (SRI BATARA KRESNA)

0

SUNGSANG BAWANA WALIK (SRI BATARA KRESNA)


Isine jagad wis podo kewalik.

Dandang diunekne kuntul, kuntul diunekne dandang.

Cekak cingkrange nek ngomong mencla-mencle, isuk dele sore tempe.

jantraning jagad wus pinasti.

Ubenging cokro manggilingan garising lelakon bakal tumibo sopo leno bakal binondo.

Sopo lali bakal keli.

Jagad isine mung hingoyak angkor.

Mung datan iling purwo madyo wasono.

Kabeh podho ngaku bener sejatine keblinger.

Wong jujur kojur wong lugu kepalu.

Wong ngaku alim nanging mung pulasan.

Jagad anyar bakal ginelar.

Sungsang bawono walik wis kawiwitan.

miwiti owah owahne jagad ngiles nglebur angkoro.

Mangan ati koyo nyibak banyu segoro.


Sri Batara Kresna dupi manjing kedhaton sarta sampun kapapag

Ingkang garwa tetiga nulya manjing sanggar pamujan

Sarwi ngagem busana sarwa seta, sigra nenuwun dhateng

panguwasane batara srana semedi. 

Traping semedi kanthi sedhakep asta, suku tunggal. sedhakep wus ngarani,

asta tangan, tunggal kumpul. 

Tegese srinata ngeningaken

ciptane, ngempalaken pancaindriyane nutupi babahan hawa sanga. 

Mandeng pucake grana mandeng nyawang,

pucak pucuk, grana irung. 

Lire sajuga kang sinidikara. 

Keplasing cipta amung sawiji kang sinedya, sowan marang ngarsane sang hyang pramesthi guru, amung nyuwun pangayoman

Mrih wudharing reruwet


Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)