PENGERAN
(BABAGAN NGAJI KEJAWEN)
Babagan minangka subyek/pokok perkawes crita, masalah sing bakal dirembug.
Butir-Butir Budaya Jawa
Hanggayuh Kasampurnaning Urip Berbudi Bawalesana
Ngudi Sejatining Becik
PENGERAN
1. Pengeran iku siji, ana ing ngendi papan langgeng, sing nganakake jagad iki saisine dadi sesembahane wong sak alam kabeh, nganggo carane dhewe-dhewe.
2. Pengeran iku ana ing ngendi papan, aneng sira uga ana Pengeran, nanging aja sira wani ngaku pangeran.
3. Pengeran iku adoh tanpa wangenan, cedhak tanpa senggolan.
4. Pangeran iku langgeng, tan kena kinaya ngapa, sangkan paraning dumadi.
5. Pengeran iku bisa mawujud, nanging wewujudan iku dudu Pengeran.
6. Pangeran iku kuwasa tanpa piranti, akarya alam saisine, kang katon lan kang ora kasat mata.
7. Pengeran iku ora mbedak-mbedakake kawulane.
8. Pengeran iku maha welas lan maha asih hayuning bawana marga saka kanugrahaning Pengeran.
9. Pengeran iku maha kuwasa, pepesthen saka karsaning Pengeran ora ana sing bisa murungake.
10. Urip iku saka Pengeran, bali marang Pengeran.
11. Pengeran iku ora sare.
12. Beda-beda pandumaning dumadi.
13. Pasrah marang Pengeran iku ora ateges ora gelem nyambut gawe, nanging percaya yen Pengeran iku maha Kuwasa. Dene kasil orane apa kang kita tuju kuwi saka karsaning Pengeran.
14. Pengeran nitahake sira iku lantaran biyung ira, mila kudu ngurmat biyung ira.
15. Sing bisa dadi utusaning Pengeran iku ora mung jalma manungsa wae.
16. Purwa madya wasana.
17. Owah gingsiring kahanan iku saka karsaning Pengeran kang murbeng jagad.
18. Ora ana kasekten sing madhani pepesthen awit pepesthen iku wis ora ana sing bisa murungake.
19. Bener kang asale saka Pengeran iku lamun ora darbe sipat angkara murka lan seneng gawe sangsaraning liyan.
20. Ing donya iki ana rong warna sing diarani bener, yakuwi bener mungguhing Pengeran lan bener saka kang lagi kuwasa.
21. Bener saka kang lagi kuwasa iku uga ana rong warna, yakuwi kang cocok karo benering Pengeran lan kang ora cocok karo benering Pengeran.
22. Yen cocok karo benering Pengeran iku ateges bathara ngejawantah, nanging yen ora cocok karo benering Pengeran iku ateges titisaning brahala.
23. Pengeran iku dudu dewa utawa manungsa, nanging sakabehing kang ana iki uga dewa lan manungsa asale saka Pengeran.
24. Ala lan becik iku gandengane, kabeh kuwi saka karsaning Pengeran.
25. Manungsa iku saka dating Pengeran mula uga darbe sipating Pangeran.
26. Pengeran iku ora ana sing Padha, mula aja nggambar-nggambarake wujuding Pengeran.
27. Pengeran iku kuwasa tanpa piranti, mula saka kuwi aja darbe pangira yen manungsa iku bisa dadi wakiling Pangeran.
28. Pengeran iku kuwasa, dene manungsa iku bisa.
29. Pengeran iku bisa ngowahi kahanan apa wae tan kena kinaya ngapa.
30. Pengeran bisa ngrusak kahanan kang wis ora diperlokake, lan bisa gawe kahanan anyar kang diperlokake.
31. Watu kayu iku darbe dating Pangeran, nanging dudu Pengeran.
32. Manungsa iku bisa kadunungan dating Pangeran, nanging aja darbe pangira yen manungsa mau bisa diarani Pengeran.
33. Titah alus lan titah kasat mata iku kabeh saka Pangeran, mula aja nyembah titah alus nanging aja ngina titah alus.
34. Samubarang kang katon iki kalebu titah kang kasat mata, dene liyane kalebu titah alus.
35. Pengeran iku menangake manungsa senajan kaya ngapa.
36. Pengeran maringi kawruh marang manungsa bab anane titah alus mau.
37. Titah alus iku ora bisa dadi manungsa lamun manungsa dhewe ora darbe penyuwun marang Pengeran supaya titah alus mau ngejawantah.
38. Sing sapa wani ngowahi kahanan kang lagi ana, iku dudu sadhengah wong, nanging minangka utusaning Pangeran.
39. Sing sapa gelem nglakoni kabecikan lan ugo gelem lelaku, ing tembe bakal tampa kanugrahaning Pangeran.
40. Sing sapa durung ngerti lamun piyandel iku kanggo pathokaning urip, iku sejatine durung ngerti lamun ana ing donyo iki ana sing ngatur.
41. Sakabehing ngelmu iku asale saka Pangeran kang Mahakuwasa.
42. Sing sapa mikani anane Pengeran, kalebu urip kang sempurna.
Mugi-mugi wedharan punika saget dadi mupangate panjenengan sedaya ugi Dateng kulo kiyambak tuwin keluarga kulo.