Kidung Puji Hayu Nuswantoro
Dhandhanggula
Duk semana nalikaning uni, caritane nagri Nuswantara,
keblat papat kalokane, panca buwana tepung, gemah
ripah lan loh jinawi, kerta raharja samya, amanggih
rahayu, kineringan sakeh bangsa, panjang punjung
kuncara ingkang negari, Nuswantara kaloka
Jaman kalabendhu ngelun bumi, Nuswantara cinangkerem
Landa, nandhang papa kawulane, triatus seket tahun,
bangsa kita nggennya prihatin, tumimbal bangsa Jepang,
tri setengah taun, nggennya njajah Indonesia, pupus
pepes dayaning jatidhiri, kabandhang ing prang dunya.
Antuk berkah rahmat Allah Gusti, lan jinurung sedya
kang utama, nuju pitulas tanggale, dhawah sasi
Agustus, patang puluh lima kang warsi, Indonesia
merdika, hayu kang tinemu, adhedhasar Pancasila,
angrengkuh sakabehing putra nagri, lumintu salaminya.
Pamintaku mring pra kadang sami, setya tuhu njaga
karukunan, mrih raharja negarane, Indonesia bersatu,
dadya pangudi kang utami, adoh ing pancakara, prayoga
memayu, hayuning ingkang bawana, linambaran
kautamaning budi, madeg satriatama.
Yogya sami padha dipun eling, kuwajiban warganing
nagara, gelem njaga adege, nadyan tumekeng lampus, den
belani ingkang negari, kusumaning negara, iku kang den
tuju, jejering satriatama, manggalaning bangsa abdi
negari, Indonesia merdika.
Panutup
(Ayak-Ayak Pamungkas)
Dhuh Allah mugi-mugi keparenga paring rahmat
Dhuh Allah lestaria Indonesia merdika
Wusana wosing pangidung tarlen amung amuji
Mugi Bangsa Indonesia sepuh anem jalu estri
Sami kersa amanunggil gumolong gelenge kapti
Katerangan :
Racikan kidungan punika mawi landhesan tata-caranipun
ndonga sesarengan manut tatacara “Laku Budaya Jawa”
ingkang saged kaaturaken kateranganipun makaten :
Pambuka
Bawa Sekar Dhandhanggula Turu Lare punika kados dene
pangucaping niyat sesarengan asung swasana endah
kanthi wiramaning sekar.
Tembang Ilir-Ilir minangka panggugahing sedya-karsa
tuwin ajak-ajak atur “persembahan” lan “panyuwunan”.
Kidung Suksmawedha
Hanyatakaken “sejatining urip” mawi basa perlambang.
Dayanipun anggugah kekiyataning suksma. Kakidungaken
murih tuwuh kekiyataning suksma (batos) anggenipun
asung “persembahan” lan “panyuwunan” dhumateng Hyang
Agung (Gusti Allah).
Kidung Darmawedha
Hanyatakaken kawruh “sangkan paraning dumadi”
mirunggan nedahaken dununging titah manungsa wonten
ing jagad (semesta). Bilih sayektosipun mirid saking
pangertosan “hananira sayektine wahanane Hyang”. Ing
agami Islam kasebat bilih titah manungsa punika dados
kalifahipun Allah Swt. wonten ing donya. Kakidungaken
minangka panyuwun dhumateng sedaya kekiyataning “alam
semesta” supados kersa nyengkuyung anggenipun asung
“persembahan” lan “panyuwunan”.
Kidung Reksawedha (Suluk Plencung)
Hanyatakaken raos pasedherekan kaliyan bangsanipun
gaib (lelembut) amargi sami-sami “titah dumadi”
mahlukipun Hyang Agung. Kakidungaken minangka pangajak
dhumateng para sedherek kita ingkang gaib supados
nyengkuyung anggenipun badhe atur “persembahan” tuwin
“panyuwun” dhumateng Hyang Agung.
Kidung Puji Hayu Nuswantoro
Inggih punika sejatining kidung ing racikan punika.
Pilihan sekar (tembang) lan cacahing pupuh saged dipun
racik piyambak. Bakenipun muji rahayu kangge
Indonesia. Ingkang katur punika racikanipun Ki Sondong
Mandali.
Panutup (Ayak-Ayak Pamungkas)
Minangka donga panyuwunan konjuk ngarsanipun Allah
Kang Murbeng Dumadi.
Menawi racikan kidungan punika badhe kaagem “ritualan”
prayogi ugi cawis sesaji trep kaliyan Laku Budaya
Jawa. Sesaji ngemu teges pasugatan kangge para-para
gaib ingkang mesthinipun rawuh amargi rumaos dipun
ajak nyengkuyung karsa lan sedya. Kamangka sedya lan
karsa ingkang utami, pramila mboten perlu “cethil”
dhumateng para kadang sedherek ingkang gaib. Punapa
malih menawi ngginakaken Kidung Reksawedha (Suluk
Plencung) ingkang nyebat para “tetungguling lelembut”
satanah Jawi. Sampun ngantos kadamel cuwa manahipun.
Wondene ubarampenipun sesaji kasumanggakaken. Prayogi
nyuwun seserapan para sepuh ingkang mangertos. Saben
dhusun tertampu wonten para sepuh ingkang taksih
kagungan kasagedan ing babagan punika.
“Ritualan” mawi racikan kidungan punika sae
katindakaken para warga masyarakat kanthi mendhet
wekdal ingkang prayogi. Malem Suran, Agustusan, utawi
langkung prayogi saged katindakaken kanthi rutin ing
saben malem Jum’at (selapanan utawi minggon),
sumangga. Insya Allah, manggih katentreman lair batos
menggahing pribadi lan bebrayan.
Pangracik, Ki Sondong Mandali