BEGAWAN ABIYASA
Begawan Abiyasa putrane Begawan Palasara lan Dewi Durgandini (Dewi Lara Amis/Setyawati/Sayojanagandhi). Pertapane ing Wukir Ratawu. Ing crita pedhalangan, Pertapan Wukir Ratawu uga sinebut Pertapan Rawisrengga utawa Saptarengga.
Tembung Saptarengga iku bisa uga asline saka tembung Saptarga, tembung camboran pamore tembung sapta ing kono dudu kang ateges pitu. Nanging sapta kang padhakaro septa, tegese doyan, karem, Saptarga (Sapta + arga) tegese seneng dedunung ing gunung, karepe dhemen mahas ing asepi, seneng ateteki, sengsem ulah tapa, dadi tembung Saptarga dudu araning pertapan, nanging mratelakake kahanan utawa wataking wong kang seneng ulah tapa, seneng tirakat. Tedhaking Saptarga tegese turune wong dhemen mahas ing asepi (ana ing gunung), turune wong ahli tirakat, utawa turuning Pandhita.
Begawan Abiyasa uga peparab Resi Kresna Dwipayana, Dewayana, Sutiksnaprawa, Rancakaprawa iya Begawan Wiyasa.
Garwane Begawan Abiyasa ana 3, yaiku :
1. Dewi Ambika ( putrane Prabu Darmasuka, ratu ing Negara Kasi ), peputra Raden Dhestarata ( Dhestarastra ).
2. Dewi Ambalika, rayine Dewi Ambika, peputra Raden Pandu.
3. Dewi Datri, wanita saka golongan waisya ( embane Dewi Ambika), peputra Raden Yamawidura (Widura).
Sawise Raden Pandu dewasa, Prabu Kresna Dwipayana, seleh keprabon marang Pandu, banjur nutugake mratapa ana ing Wukir Ratawu ( ing layang Mahabharata sinebut Wukir Satasrengga ), tegese gunung apucuk satus.
Begawan Abiyasa ( Maharsi Wiyasa), iku kang ngarang layang Mahabharata kang uga diarani Astadasaparwa. Nalika ngarang layang iku, kang dadi panitrane Sang Begawan yaiku Bathara Ganesya (Bathara Gana).
Begawan Abiyasa iku sengsem ulah tapa. Kagawa saka genturing kasutapane, Sang Begawan bisa priksa sak durunge winarah. Ngerti kang bakal dumadi. Akeh Pandhita utawa resi kang dadi siswane Begawan Abiyasa, ing antarane : Resi Sumanta, Resi Wisampayana, Resi Sukra, Resi jaimini, Resi Paila.
Yuswane Begawan Abiyasa dawa banget, laire barakan karo Resi Bisma (Dewabrata), sedane ing sawise perang Bharatayuda.
Ing sabubare perang bharatayuda, Begawan Abiyasa rawuh ing kedhaton Ngastina, paring nugraha sawab pangestu marang Prabu Puntadewa kang jinunjung ing ngaluhur jumeneng ratu ing Ngastina, sineksenan dening Prabu Kresna (ratu Dwarawati), Dewi Kunthi lan para kadang Pandhawa. Saparipurnane jumenengan ratu, Begawan Abiyasa manjing ing Dhatulaya, mangku jabang bayi Parikesit.
Sajrone Begawan Abiyasa ngliling lan ngudang jabang bayi Parikesit, dumadakan ing alun-alun Ngastina ana kreta cahya tumurun saka antariksa. Prabu Kresna, Dewi kunthi, Prabu puntadewa, Dewi Drupadi, Raden Wrekudara, arjuna lan kembar, padha rebutdhucung lumayu menyang alun-alun, banjur padha gentenan lumebu ing sajrone Kretacahya.
Nanging padha ora kuwat suwe lenggah ana sajroning kretacahya, amarga ing njerone kretacahya iku panas banget.
Mula saka iku Prabu Kresna sigra ndhawuhi Raden Wrekudara supaya ngaturi rawuh ingkang eyang, Abiyasa.
begawan Abiyasa enggal enggal rawuh ing alun-alun, manjing ing kretacahya karo ngendika " ...Kretacahya iki nugrahaning Jawata. Ya iki kang tak arep-arep. Kresna lan putu-putuku Pandhawa, sarta Nini Dewi Drupadi, Kariya slamet, besuk ketemu maneh karo kakekmu iki ana ing alam langgeng ",
Sawise Begawan Abiyasa lenggah ing sajrone Kretacahya, kreta iku banjur alon-alon munggah ing dirgantara, wasana sirna ing kasat mata.
Sigeg :
Rampung tokoh Abiyasa
Carios candhakipun tokoh sanes
Sumangga wonten geseh carios kaliyan versi sanes sumangga kawedharaken.