KITAB ONTJERANING SOEROSO
Punika
kita :
Honcérranning
surasa, hangoncéraken:
Papénget
dhateng para mudha.
Kaiket
ing sekar dhandhanggula,
Amurih
rêsep tuwin senengngipun
Para
ingkang sami nupiksa.
Nuwun-nuwun
mugi kaunininganna para nupiksani, menggah sawarninipun pirantos ngibadah
ingkang sampun kula pratélakaken ing pratélan ngajeng punika: saéstu prelu
kanggénipun dhateng para sadhérék muslimin ingkang sami ahli ngibadah, langkung
malih kitab marsudi : mursid prakawis
taohid kalih jilid pisan, makaten ugi: kitab manasik Al Khajji wal
Ngumroh jawén cekakkan aksara Jawi, tuwin jadwal layarran dhateng Jiddah,
tumrappipun sadhérék ingkang nedya anglampahii kalakuwan Khajji lan Ngumroh,
punika sakalangkung prelunipun sedheng kitan: Honcérranning Surasa, punika
tuwin sanés sanéssipun inggih prelu ugi.
Awit
déning punika, suwawi : ta, sami tetepangngan saé kaliyan kula, asarana
nunumbassi piranton ngibadah ingkang sampun kasebut saéstu mboten badhé kaduwung, mandar kapara ambingahi
déning genah gempillipun dipun rêtossi.
Ingkang
punika, kula anyanyadhang dhateng para sadgérék ingkang sami kasdu, saha badhé
anampénni kaliyan pirênaning manah, dhumateng sinten sintenna ingkang karsa
anepangngi dhateng kula asarana nunumbassi pirantos ngibadah wau, wassalam.
BUBUKA
Sasampunnipun
kula maos serat : papénget dhateng para mudha, ingkang kawedallaken ing kantor,
M. M. ing Surakarta, sakalangkung kayungyunning manah kula: kedah
hangoncérraken ing sasuraossipun saha kula tirokaken den ta wyanjananipun
(inggih urittipun: ha: dumugi: nga) mawi kula iket ing sekar dhandhanggula,
amurih rêsep tuwin senengngipun para nupiksa, tur mboten anyimpang saking
ugerripun papénget dhateng para mudha wau. Kula namani Honcérran kula punika,
ing nama : Honcérranning Surasa.
Pangajeng
ngajeng kula, Gusthi Ingkang Maha Mirah aparingnga munfangat migunani ing
Honcérranning Surasa punika, lumébérripun dhateng para sadhérék muslim ingkang
sami nupiksani, dadossa panuntun tuwin wawarah kalakuwan ingkang ingangkah
dadossa raharja ing dunya dumuginipun ing zaman langgeng. Mugi kasembambadanna
déning Gusthi ingkang amurwéng ngalam. Ing Semarang, kaping 20 Ruwah, dahé :
1852.
Klawan
asma dalem Gusthi Alloh Kang Maha Mirah ing dunya, tur kang Maha Asih ing
Akhiroh. Samengko padha kawruhana, prayogané: pamacané kitab honcérranning
Surasa iki, di kawittana maca: papénget dhumateng para mudha: dhisik becik satamatté pisan nuli
maca iki, utawa: saaksara, saaksara gentén gentén, amrih dadiné genah dirêténni
marang para akéh. Iya iki :
Ha : Amanissi pénget ingkang mijil saking
Surakarta karangannya, babahuning das A: te: fé, mrih narik manah purun
mangudiya ing kawruh jati, jatining kautaman utamaning idhup ing dunya prapténg
delahan séstu datan nalisir ing dalil khadis myang ijmag kiyassira.
Na : Nanangi ring driya
kang kalempit kalindhih ing gebyarrira dunya, kang tanpa aji pukassé, pinrih
angaji ngilmu, ingkang dadya padhangnging galih, wruha ing bédanira, ala: lawan
ayu, cinegah alampah cidra, nyata tennan dora: cidra, pan ingincim naraka wail
wus sanyata.
Ca : Colong: jupuk
judas lawan drengki, sasamannya sing hawa wujilnya, kuduné pinapas agé, manut
panuttan rosul nyegah nafsu: ngalahi ngadi, ngadi: ngadat lumrahnya, nununtun
mring luput mungguh ing akhirottira, lamun ngadat benerra: yekti Jeng Nabi, tan
praptaha wawarah.
Ra : Riringkessan réh rumasa abdi, kudu nembaha
wedi bendara, manut nurut utusanné, Gusthi Kang Maha Agung, mangéranni sakalir
kalir, tanna lyan mung Hyang Suksma, Gusthi Kang Ma(ha) : luhur, utusan Jeng
Rosullullah, sollallohu ngalaihi wasallam nenggih, Kangjeng Nabi Mukhammad.
Ka : Kukuhana: dén kongsi kumanthil kanthil
tancep ing tyas sanubarya, iya telengnging atiné, aywa na liyanipun ingkang
dadi kakasih jati, sajagad pisan aja, mung nga Hyang Agung, lan Kangjeng Nabi
Mukhammad karo iku: sisah kupumllé dén bangkit
aja kurang paryitna.
Da : Dadi kumpul dé: dadi kakasih, pisahira:
Gusthi lan kawula, ajinen temennan kuwé, aywa kongsi keliru, tunggil tunggal
kawula Gusthi, yéku dheppé wo kumpra, ndadak slusar slusur, ora: ingarannan:
iya, iya nira nora nganggo dén rêtenni, kelunta ulah dunya.
Ta : Talitinen ngilmu
kang premati, among tiga: tan luwih tan kurang, liyaning mung ubarampé,
magrifat mring Hyang Agung, lire idhep bener mring Gusthi, terang
sifat-sifatnya, wajib mukhallipun Jaiz jeng pisan dén pirsa, cucukuppan ing
kitab marsudi : mursid jawan jarwa acetha.
Sa : Samantakna mring kang wus mangreti,
kumpullanna pra ulah ngibadah, aywa na rikuh tandukké. Kapindho : ngilmu mrih
wruh, khilal kharom sokhikh myang bathil khalallé linakonnan kharommé
siningkur, sokhihé ingarah arah, kang batholken ingedohan aywa wigih, telu né ngilmu jrohan.
Wa : wawarahing kitab munjiyati, jawan pégon
anggit Sang Minulya, Swargi Kyai Solilikh mangké, kadi sampun binangun sastra
pégon sinanun Jawi, déning pra ahlul sastra, ing Sala praja gung, yén iya
satuhu iya yogya, atakon na ing kantor medhan muslimin patut antuk katrangngan.
La : linuriya :
gugulangngen kaki, ngilmu telu mau aja ora, anteppan : aja méngéng, tékod
tékodna kang sru, kalakuwan lakokna nuli, dén énggal ywa kasesa, aja mundur
mundur, nggegeggi ngama islam mawéh arja ing dunya praptaning akhir, anggér
padha ngandella.
Pa : pituturé nabi kang pinundhi, déning sakéh
para warissira, tuhu tan ana sisippé, bener jujur : rahayu, wong kang manut
wurukking nabi, nabi tan kena cidra, plek dhawuh Hyang Agung, satindak tanduk
utussan aprasasat dhawuh timballanning Gusthi, keplok plak tan sulaya.
Dha : dhadhan
nana dén kongsi kepati, prapténg nazig pisan anteppana, ajana kang salah wéng
wéng, ugerrên jroning kalbu, Gusthi Alloh kang Maha Sukci, nora na : liyanira, mung Gusthi kang Agung, kangkarya
begja: cilaka, ngganjar: niksa wus dadi ing wenang néki, adhepna kang sanyata.
Ja : janjén nana : urip
kongsi mati, nora nedya nembah liyanira, nembah miturut tegessé, ing sakéh
préntahipun angedohi cegahiréki, narima pamesthinya, nora nedya mingkuh, tan
wegah nora ngresula, ayem yeyem seneng dénnira nglakonni, préntah cegah lan
kodar.
Ya : yitna : yekti nora
nedya mbalik anyaléwéng manolah ing dunya, kang énggal banget sirnané, dunya
tinggallan korun dunya dudu tinggallan nabi, bondha wus tamtu lina, sugih
singgih kukut béda ngilmu ngalam béla, ing sabaya patiné ingkang ngugemmi,
tekan pungkassan pisan,
Nya : nyamut
nyamut ngijirré warsi, ngamal ngilmu sih kikinthil marang, kang ngugemmi ing
uripppé, dhasar bakdané lampus ana tangi urip tan mati, aran salama lama, baya
pirang taun sapa bisa ngangkannana, jajal dadi pirang yuta pirang kethi,
rénténgngen edassira.
Ma : mati : bakda urip
iku gelis ing idheppé wong kang duwé nalar, marma tan ingupa gawé, mung urip
bakda lampus iku ingkang tansah pinikir, ing rina wenginira, tan pegat
nyunyuwun mring Gusthi Kang Maha Mulya, muga muga antukka pitedah néki, tukka
khusnul khotimah.
Ga : Gégéyongngan
ngilmu ngmal kaki, yéku tindak tandukking ngibadah, ing batin Gunthi idheppé,
tan ana liyanipun mung kuduné manut ing nabi, nora nut napsu hawa, séthon
luruhipun mamaonni mring ngibadah, nguger pasthi: pasthi becik nemu becik ala:
anemu ala.
Ba : baya iku
idheppiréng iblis sélak marang dadiné kawula, ambaguguk ngutha waton nora manut
ing khukum mandah weruh papasthén becik tanapi pasthén ala, karoné tan weruh,
manut pesthén nora kena, balik pesthén dadi tékoddiréng ati, dudu lakuné badan,
Tha : telling tékod tuhu
nora mungkir, pasthi ala: yekti dadi ala, pasthi becik apa manéh, mangkonéku
ing kalbu, dudu aran panuttan dhiri, balik badan anutta, ing wuruk jeng rosul
kudu padha angajiya, mring ngulamak kang kena linuri luri, aja ndadak
sungkannan,
Nga : ngaji
ngilmu ngibadah dén titi, lumadiya ngaji saben dina, aja mung kinarya sambén
ngretiya ingkang cukup saben ngamal acanthi ngilmu, tan kena mung tumandang,
tan wruh sarot rukun iku anggér aja-aja, sarot rukun ajinen kang nastiti,
bakdané wus manghrifah.
Pungkassan
: nga : sing : ha : nora ganjil pétangngira jangkep kalih dasa, ngiras dadi
semonné, sifat Hyang Maha Agung, kalih dasa sifat kang wajib mukhallira tan
béda, iya trep rong puluh, jaiz jé Pangerang sajuga, wajib rusul sakawan
mukhallé sami, jaiz tan lwih satunggal,
Solawatun
nabi amungkassi, solallohu ngalaihi wassalam sukula wargané kabéh, sokhabatnya
tan kantun tandya nyuwun ing Gusthi: mugi, pra mukmin sadanya, tuk kanugraha
gung. Titi shahban lék dwi dwasa, warsa daé: sangara: sangkalanéki, mét tata
ngésthi arja.
Nuwun
nuwun mugi kauninganna ing para nupiksa, menggah sawaninipun pirantos ngibadah
ingkang sampun kula pratélakaken ing pratélan ngajeng punika: saéstu prelu
kanggénipun dhateng para sadhérék muslimin ingkang sami ahli ngibadah, langkung
malih kitab marsudi: mursid prakawis taukhid kalih jilid pisan, makaten ugi:
kitab manasik al khijjiwal ngumroh jawén cekak lan aksara jawi, tuwin jadwal
layarran dhateng jiddah, tumrappipun sadhérék ingkang nedya anglampahi
kalakuwan khajji lan ngumroh, punika sakalangkung prelunipun sedheng kitab:
oncérranning surasa, punika tuwin sanés sanéssipun inggih prelu ugi.
Awit
déning punika, suwawi : ta, sami tetepangngan saé kaliyan kula, asarana
nunumbassi pirantos ngibadah ingkang sampun kasebut saéstu mboten badhé
kaduwung, mandar kapara ambingahi déning genah gampillipun dipun rêtossi.
Ingkang
punika, kula anyanyadhang dhateng para sadhérék ingkang sami kasdu, saha badhé
anampénni kaliyan pirênaning manah, dhumateng sinten sintenna ingkang karsa
anepangngi dhateng kula asarana nunumbassi pirantos ngibadah wau.
Sumber referensi kaanggit déning:
Mas Karta Subrata
Ugi nama : Ngabdullohibin Mukhammad
Sajjad Ing Kendhangngan Semarang 1992

