Suluk Hamongraga
Anggitanipun abdi-dalem Mas Ronggasutrasna,
Seh Mongraga : mulang mring Ragasmara; sekar
Dhangdhang-gendhis : 2 pada; nyandhak sekar Mijil : 104 pada; nyandhak sekar
Gambuh : 15 pada; nyandhak sekar Kinanthi : 10 pada.
DHANDHANGGULA
Seh Mongraga angandika aris, kae wasi ngong tanya mring
rika, mungguh panglepasaning reh, kang muhung mring mahagung, wasisthane /
pratistheng westhi, astha-gina ginagap, panganggep ing kalbu, budi wadine wong
buda, kabudayan kang patitis ing panitis, tusthaning kawaskithan.
Kang kinontha kanthining ngaurip, ayun sumurup ing
kadadeyan, jarwaa kajatehane, gineng-gineng ing gunung, dunungena ywan nuskma
jati, ki wasi Ragasmara, tyasira katuju, ing semu pan wus karasa, medhar jarwa
ki ajar ing Pringgadani, mijilken sabda tama.
MIJIL
Datan wangwang denira anjarwi, tatasing wiraos, wasu
Ragasmara lon delinge, yen paduka tanya ngudi-udi, pakem ing maharsi, kang
sampun linuhung.
Kang ginulang jatining aguling, anggagregrit totor, kang
pinusthi angusti papasthen, kamulyane ing dalem sawiji, neng sajroning pati,
patitising kalbu.
Kang tan nilib ngariloka benjing, wor jawata manggon,
tunggal laku tunggal panuksmane, tunggal paribawa lan dewadi, kang dadya
cakraning, gilingan lumintu.
Ing dlahan ing marcapadeki, pamilih ing enggon, ing
bantala ngakasa tan pae, ingkang boten inang panuksmaning, Hyang Suman
manja/nmi, manitis ing ratu.
Mila ratu puniku linuwih, punjul sakyeh ing wong, lawan
jiwa jawata wentehe, jawata pan atmaning maharsi, wiwinih baresih, sukere wus tunu.
Suksmaning resi dadya badan ing, ratu kang kinaot,
suksmaning ratu Hyang Soman mene, Narayana ya Hyang Wisnumurti, janarjana
nitis, sup mapulung-pulung.
Maring ratu dadya nugrahaning, jawata winongwong, Hyang
Manon mring ratu panjanmane, ratu ingkang wus badan suksmarsi, langgeng
salamining, saturut kadyeku.
Wus lir satu lan rimbagan neki, resi lan Hyang Manon, tan
lyan maring ratu panuksmane, mila maharsi anggentur tapi, mumuja semadi,
benjang mukswanipun.
Supaya tan nilib ing panitis, tegese mring katong,
andhingini dwija panusupe, jawata-di anitik maharsi, maharsi anitis,
panuksmaning ratu.
Yen resi tan waged neng narpati, luputing panggayoh,
Hyang Manon tan arsa nuksma dhewe, yen tan lawan lambaran maharsi, kaliye tan
dadi, nuksmane mring ratu.
Marma gentur asemadi ening, pan tan kenging bingkong, ing
panekung jinungkung pujane, datan bunar angener narpati, ing pati patitis,
pani/tising ratu.
Dadya tan kena ing-aran mati, kewala ngalih gon, mila
aran kedhaton swamine, lawan wana wulusan kang wingit, tan kenging ginampil,
janma mring kedhatun.
Iya kang wus winenang nerpati, ngambah ing kadhaton, sami
lan ngambah wana wukire, katone maharsi ing wukir, wukir sup anitis,
kadhatoning ratu.
Dening panitis isining wukir, angkane kimawon, ingkang
nuksma mring kadhaton rajeng, saisining nagri sining wukir, tan ana anilib,
sadaya mariku.
Kerut marang panuksmaning resi, tan talangke mawor, manon
manoning lebak pundhunge, mangsuk dadya kagungan narpati, ayawaning maharsi,
dadya badan ratu.
Sapunika gegethekan neki, kang pra gentur totor, tan
telangke nalimpang pahume, Seh Mongraga mesem ngandika ris, yen mengkono ugi,
kawruhe wong gunung.
Lewih dening rekasa binudi, wekasane dhompo, tan maoni
ingsun saking kehe, kawulaning Hyang kang maha suci, asnapun mawarni, titah ing
Hyang Agung.
Nora kaya agama Jeng Nabi, dutaning Hyang Manon, nucekake
rahmating kapaten, Nabi Mukkamad Rasullulahi, tan mawi mimilah, / wus papancen
sinung.
Ing ganjaran nut ahli tinapsir, kang entheng kang abot,
nora kena selak nampik nileh, ingkang kedhik akeh aneng ngadil, kang akeh
doseki, ageng siksanipun.
Kang abecik geng ganjaraneki, aneng swarga manggon, tanpa
kira-kira tanpa tondhe, nugrahaning pitung dunya iki, maksih lewih ngakir, kang
sinung swarga gung.
Nikmat bae langgeng ing kamuktin, tan kacangkol-cangkol,
tan rekasa salawas-lawase, luput suker luput ing sak-serik, barang kang kaeksi,
tan ana kang saru.
Kang kapyarsa alirih dumeling, tan balebeg rungon, kang
binukti tan ana pahite, kang ginonda tan ana mis bacin, keh rasa tan risi, tan
kapalang kayun.
Wareg bae salaminireki, nir tan walang-atos, yen wus
luhung amal jariyahe, kaote lan wong ahli ing ardi, menggilingan nitis, susah
nusup-nusup.
Yen mungguha ngilmu sarak nabi, ambek kang mengkono,
lewih dening sasar pangidhepe, owel tapanira ingkang uwis, mungguha kaywaking,
mung kari anunu.
Iba-iba wruha pangeran ing, kang amurbeng tuwoh,
baya-baya lewih utamane, kawruhira iku ki wawasi, lamu/n sisip sembir, mati
kaping pitu.
Krana ngilmu ajar sun kawruhi, kamuksan prapteng don,
kaya nora kalempit ngong reke, ingkang dadi ugering kadadin, duk lagi angikis,
ing panggenturipun.
Cabar tiwas bener lawan sisip, aneng gentur kono, nora
kena bengkung salilabe, jroning gentur amusthi sawiji, lir uler upami, lagya
ambubuntu.
Ungkerira pinepet apipit, angin tan marojol, sangking
sanget si uler sedyane, bosen dadi uler ambek pati, kepati kapengin, salin
dadya kupu.
Pan anyuthel manganyuthel budi, anyuthel lelakon, dadya
mungker si uler nalare, nora mingser ngenirken sakalir, lagya madya sasi, gotra
dadya enthung.
Prapteng ing satengah sasi malih, pendhak sasi dados,
uler mijil saking panganthunge, pepek busana sungut lar neki, ambabar wus dadi,
kukupu abagus.
Yen tan rapet pamepetireki, ungkere sumrowong, tanpa dadi
uler pangenthunge, sabab maksih kapanjingan angin, temah kanin posit, nora dadi
kupu.
Kaya mengkono uga reswardi, tan beda la/n gendhon, yen ta
luput iku panggenture, yen tan sura legawa ing pati, athuk uler becik, bisa
dadi kupu.
Lamun ijeh jajar anjejerih, nora wani obong, ajar nora
manjing ajur ajer, tan mituhu ujaring kajatin, jatining panitis, netesing
panggayuh.
Ingkang lumrah pra ajar ing ardi, dennya samya obong,
sauwise pandhem pangobonge, amemekas duk maksiye urip, yen benjang sun mati,
tununen ragengsun.
Sapatining geni awuneki, titikening kono, yen awu iku ana
tapake, tapak bayi karepe mring ngendi, yeku pesthi mami, manitis ing ratu.
Lamun tapak janma iku mami, ing panitis ing ngong, maring
patih mantri ber-abere, dene liya tapak janmi, tapak sato peksi, tununen
den-gupuh.
Lamun meksihnya tununen malih, ping pitu angobong, yen
tan ilang ya uwis pesthine, ulatana yen sira sedyapti, nut tapak kang keksi,
tondha panuksmengsun.
Ya mengkono punapi tan sisip, kang kadya linging ngong,
lya wasi Ragasmara sumeh, matur inggih swestu / yen kadyeki, sarywa ngling jro
ngati, aedi wong iku.
Surup tapa sabasaning ardi, anjantur lelakon, sasuwene
sajor tan aceweng, Ragasmara owah dennya linggih, marepeh semu jrih, pagutan
pandulu.
Nundha atur mring Seh Amongragi, kang mugi sang anom,
kula nuwun lajengipun maleh, supaya trang tyas kawula myarsi, Seh Mongraga
angling, ujar kang puniku.
Pratingkahe kang samya ambesmi, kaliru le obong, tuna
dungkap jenggan panitise, nora antuk pangubaya yekti, karahayon pesthi, tuwas
dadi awu.
Atma sasar wiwinih anisir, sire tiba asor, apan luput
saking pangobonge, atma dadi wuta nora titis, tapak malah malih, tan kena
binestu.
Pratandhane tan bener kaeksi, yektine kablosok,
kekanhangan iku ing tiwase, nandhang mati kaping pitu pasthi, rekasaning pati,
temah bliwar-bliwur.
Yen wus mati kaping pitu nuli, nitismaring nguwong, wong
ing gunung tapa maneh, anggegentur pratingkah ing nguni, dene sun angling, pati
kae amu.
Rupaning pati pipitu iki, dadi kewan sato, peksi anuli
dadi sakehe, laler rupa yen myang resresing bumi, salin rupa yen wis, jangkep
kaping pitu.
Yeku cakraning gilingan pati, pati kang mangkono, kongsi
prapteng salawas-lawase, lamun tan kabeneran ing pati, mubeng bola-bali, kadya
ika mau.
Ana ingkang manggilingan becik, manggilingan awon, nora
kena binestu becike, krana sangking abote cinangking, wekas anglakoni, ras
-arasen nyangkul.
Wus mangkono prabawaning becik, sru saguhe linyok, kaya
iya-iyaa niyate, nuli mangkene bae ya uwis, arang kang nuhoni, mila sasar
susur.
Beda lan kang maharsi linewih, tan ana pakewoh, ambek
sura legaweng patine, pangugere anggentur pangeksi, waskitha ring pesthi, tan
inang sarambut.
Yen wus mathuk ing dina sawiji, tahen gya tinotor,
pa/maoman gentha myang kekeleng, puthut manguyu gocara cantrik, endhang endhang
angendhangi, rabuk ratus arum.
Wus rinukti sakeh cantrik cantrik, parantine obong, sarta
samya angastuti kabeh, ramya santi thiri-thiri gutthi, hong ilaheng ahing, hem
hem pahum pahum.
Sedheng andadi urubing geni, akantar kang totor, nir kang
kukus urube anungge, sang maharsi nulya marepeki, mring agni semadi, ngeningken
pandulu.
Tan antara ana kang kaeksi, neng sajroning totor, janma
cahya amor lan urube, kawistara narpati madhiri, neng sajroning geni, sakaprabonipun.
Keksi wantah lir prabu tinangkil, maharsi duk anon,
ingkang dadya delinge ciptane, tan talangke lumakseneng agni, murub anguladi,
angganya maha puywa.
Iku gyaning panuksmani maring, ratu kang kinaot, wus
pancaka tan ana labete, nora nganggo tapak kang tinitis, sanalika wus nir,
sampurna ing ngriku.
Nora kumalendhang wus anunggil, panuksmaning / katong,
nora samar panitise, maring ratu kang minulyeng bumi, maniking rat yakti,
panjenengan ratu.
Kang mangkono maharsi sejati, wasis mring tumuwoh, wasi
Ragasmara nalikane, myarsa sabdane Seh Amongragi, gigal tyasireki, kaluhuran
wuwus.
Ngunadika jroning tyas ki wasi, sayekti kinaot, kaya
trahe maharsi kang gedhe, tatas maring sabda geneng nenggih, sun durung miarsi,
kawruh kang linuhung.
Sira wasi Ragasmara aglis, linggihye malorot, tunggil
lungguh lan Jamal Jamile, saha sembah atur pati urip, panggusthining kapti,
mring Seh Amongluhung.
Aturira sarwi ngasih-asih, dhuhgiyungan ing ngong,
mulyakena jiwangga ing mangke, sumanggeng karsa tuwan asung sih, ing wong
kawlas-asih, tumutur sakayun.
Kawula nut reh paduka yekti, sumarah kemawon, anetepna
amecap ta dene, pan kawula darmi anglampahi, ingkang mugi-mugi, sungana
pituduh.
Seh Mongraga me/sem lingira ris, mring ki wasi alon, yen
mengkono karepira kuwe, asalina ing agama suci, sarengat ing nabi, duta kang
linuhung.
Anebuta ya kalimah kalih, ki wasi wus sagoh, gya winuruk
agama Islame, wus mangkana Islam ki wawasi, sang Seh Amongragi, langkung wlas
andulu.
Dangu aneng prabakesa linggih, akaroron raos, Ragasmara
aris ing ature, mring sang adi mudha Amongragi, masalah ing ngilmi, tur sembah
sumungku.
Ya tuwan-ku sung ngutameng lir ning, tulunga sih mring
ngong, kang pun endi marga sajatine, mangke nguni panggawe kang lewih, aywa
tanpa gati, amba nuwun sinung.
Tuduhena ingkang sajati-jati, ring pangulah ing don,
supaya tan kongsi tanpa gawe, lampah kang u[ta]ma tameng ngurip, kranane pun
endi, sampurna eng tuwuh.
Dan lingira ki Seh Mongraga ris, yen sira yun mangko,
uninga eng marga sajatine, patekena sariranireki, yekti manggih urip, lamun
bisa lampus.
De kang / aran pati iku yayi, anor ing Hyang Manon,
anoring kang samekta samine, kang nor bukti kang nor maring jati, kang noring
sasami, kang nor nginum turu.
Kang nor maring rajah tamah tuwin, noring luba mumoh,
yeku pati jroning ngurip reke, badan budi mring ngawak den-lani, muhung Hyang
Suksma-di, dinulu linuru.
Dudu luru mider angulingling, aminta sih ing wong, yen
antuk den reraga solahe, yen tan oleh mangke anguriring, ing panggawe den prih,
sagone kadulu.
Mapan reke kang ing-aran pati, pan dudu mangkono, de kang
aran pati sajatine, angawruhi ya raga pribadi, den tekeng ayekti, wruh ing
marga ruhur.
Kang wus nyateng sajatining dhiri, penggawe kang kaot,
marga iku apa pandungkape, wau mintar wus prapteng nagari, durung aningali,
sang ratu katemu.
Anging iku pan panggawe luwih, kang teka ing kono,
anirnaken saliring panggawe, kang aran sarira kang wus tokit, / aywa tan kalingling,
punika marga yu.
Iya iku kang ing-aran pati, patining wong kaot, kang wus
awas tan uwas anggane, yeku pati patitising urip, wus prasanak pati, uripe
linuhung.
Yogya tatakinen kang sayekti, aywa amirangrong, nyatakena
sapa lelekane, apan sarira iki kekalih, karo den kalingling, ajana kang kantun.
Roh lan jasat iku tunggal dhiri, dhirining Hyang Manon,
pan jumeneng kalawan dheweke, ananira eneng ingkang ening, rampung ing
pangeksi, pameksaning laku.
Laku lakonan ataki-taki, kalanggengan jumboh, wus tan ana
kakange adhine, langgeng maha sucinireng Widdhi, tan kacampur dening, karsa
ingkang huru.
Namung karsa kewala pribadi, pandulu dinulon, lir andulu
paesan ing carmen, mapan tan lyan kang tumingal sami, mung dhawakireki, tan
salayeng kahyun.
Bukak larangan kang wus linempi/t, ngitan ginedhong, ing
kinunci ing ngilmu papake, ing datira sajatining saksi, pan anekseni, ing
pribadinipun.
Pribadining panunggal ing puji, puji kang sajatos,
jatining Hyang iku panunggale, tunggal ajal tunggal abat neki, using sasa diki,
tan ana sisiku.
Tegesing ajal puniku wingit, wiwitan kawaon, tanpa krana
mungguh ing kranane, mring abad tan ana ngareni, tan wit tan mekasi, ananira
iku.
Samya tan ana ingkang dhingini, tan angareni pon, anging
ananira juga dhewe, tunggal kahananira Hyang Widdhi, mulyeng jasat jati, mring
Hyang kang Maha Gung.
Ingkang saksi kalawan pribadi, tan ana wujud ro, anging
ananira purba dhewe, angarani arane pribadi, purba araneki, purba wujudipun.
Purba rupa purba ing pakarti, purba ajal reko, purba abad
purba ajatene, purba tunggal purbaning sih jati, jatine wus siji, mung ongga
kiteku.
Angganira yeku / jasad jati, jatining tan anon, jatining
saksi rupanta kuwe, anekseni namaning pribadi, basa jeneng yayi, dating Hyang
Maha Gung.
Kang tan kontha warnambu raseki, tan arah tan enggon,
datan kena dinuga wujude, kinayapa jrone tekang ati, sabab iku napi, tan kena
winujud.
Dening isbating Hyang iki yayi, kang dat sipat reko, lan
apengal telu iku lire, edat ing Hyang ananira teki, sipating Hyang Widdhi,
ahlinireng ngilmu.
Apengal ing Hyang uripireki, samya isbat manggon, iku
ingkang pasthi ing anane, asmaning Hyang jenenging kang lantip, kang sayakti
napi, ing-aken Hyang Agung.
Sabab kita amrat isbat napi, ing patemon jumboh, paekane
tan ana paene, asmaning Hyang napi ingkang pasthi, nakirah ing Widdhi, mungguh
ing Hyang Agung.
Aran kita iki napi jinis, prabedaning roro, napi jinis
mungguh kita kiye, napi nakirah munggh eng Widdhi, yeku tan sarenti, suhu/lling
Hyang Agung.
Ingkang guwa garba wewah wening, tan samar sumrowong,
ngilminira akathah unggahe, saha sembah matur ki wawasi, nuhun kang pun endi,
ing akeratipun.
Akekating dunya kang utami, Seh Mudha lingnya lon,
akekate dunya sajatine, apan patang prakara
kang dhihin, pan muwus kang manis, aywa kongsi saru.
Kapindhone netepi agami, Islam lanang wadon, kaping telu
kang banget wedine, maring Al[l]ah kang aMaha Suci, kaping pat kang becik,
ngamale kang sokur.
Ngamal puwasaning badan yayi, acegah wiraos, pangucap
kang siya-siya kuwe, lan puwasaning nepsu den-kesthi, cegah sumngah kibir,
myang suka gumuyu.
Cegah wareg nginum turu bukti, de puwasaning roh, cegah
cipta kang ala nelempeng, lawan malih puwasaning budi, cegah nepsu serik,
bongsa kewanipun.
Bongsa setan jajal [l]anat i/blis, cegah kang mengkon[o],
puwasanira apan mangkene, pan acegah tingal kang anilib, kang tan patut keksi,
sirik lawan suwung.
Ragasmara tyasira mawerdi, anut ing sapakon, tan kumelab
salilab kalbune, matur mugi tuwan lajeng neki, tepangipun nguni, wuwulang kang
wau.
Seh Mongraga angandika aris, kawruhana mangko, pamusthine
sembah puji reke, panunggale lan nabiyolahi, tunggal dat sipat ing, asma
apngalipun.
Ananira rupanira iki, aranira reko, panggawenira obah
osike, apan nabi Al[l]ah kang kakiki, muntalek ing Widdhi, sembah pujinipun.
Yeku pamusthine kang sejati, aywa doh Hyang Manon,
paningalira ingkang ngawenteh, sira lan kang murba miseseki, tana antareki,
anunggal ing wujud.
Tunggal solahbawa mana muni, apan wis mengkono, kang tan
weruh adol pangidhepe, saking kadohan kewala wingwrin, aweraning iblis,
anduduga dulu.
Tan wruh yen suksmanira neng / dhiri, nira kang
wong-winong, Hyang aRuhur tan kena wiyange, karsanira roro roning asiji,
sejatining puji, muji dhawakipun.
Basa dhawakira iku jati, jatining Hyang Manon, cipta kang
tan kaselan riptane, ripta kang tan ing budi, budi tan kaselan ing,
angen-angenipun.
Angen-angen tan kaselan cipteki, patiku wus jumboh, suhul
tetep-tinetepan kangsen, kang mangkono paworing sajati, tan dumeh wus bangkit,
akeh ngilminipun.
Tan dumeh wus tapa wus angaji, sembayang linakon, tapaa
den-kongsi kadi golek, ngaji den-kadi jalak gulathik, sembayang den-kongsi,
angambuh ping catur.
GAMBUH
Ragasmara umatur, mring Amongraga tembungira rum, ngong
nunuwun badhe taken kang sayekti, kang pundi wujuding ngilmu, tanpa papan tulis
reko.
Ulun lamineng gunung, dereng manggih murat kang gumathuk,
ngilmu kathong tanpa papan tanpa tulis, mugi paduka sung tuduh, wujudipun kang
samengko.
Mongraga mesem muwus, yayi den aneh temen puni/ku, kang
tinakokaken sawujuding ngilmi, tanpa papan tulis iku, kang kothong ingkang
tinakon.
Padha akekatipun, ngilmu buda lan agama rasul, Ragasmara
umatur sumongga mugi, paduka asunga tuduh, badan sumanggeng sapakon.
Inggih supayanipun, padhang nerawanga ing tyas ulun, pan
punika kawula dereng kadugi, salami dereng amangguh, mila ulun amirangrong.
Mongraga lingira rum, lewih utama ngilmu puniku, yen tan
geseh ing rasa tanggap ing kalbu, yen kapelantrang kepahung, lir kinjeng tanpa
soca non.
Dene sajatenipun, ngilmu tanpa papan tulis iku, iya
Kur’an lan kitab kitab sayekti, semune tanpa sedarum, pan iku pinurih coplok.
Sangking jilidanipun, yen bisa coplok ngalih ing kalbu,
saunining Kur’an wus apil ing galih, myang kitab apil kacakup, campleng coplok
wus ngalih gon.
Kewala aneng kalbu, kalbu wus wujud ngilmu kang agung,
tan kena sat tyas wus pangawak jeladri, mring papan tulis tan ngingus, tanpa
ga/we wus tan kanggo.
Iya yayi kang iku, ngilmu tanpa papan tulis iku, dene ingkang
wong salang surup ing tampi, amengeran dhewekipun, dheweke awake bobrok.
Mung ngengel-engel wuwus, wuwuse ngaku-[aku] amengku,
kang mengkana kapelantrang kawruh neki, mila kedah mrih sumurub, yen kacocol
dadi gecol.
Ragasmara tumungkul, tyasira kakandhangan ing kawruh,
grahitane puthes tan thukul samenir, yen nedya mawali kawruh, malah tyas
mundhak cumeplong.
Panarimane kantun, watesan ing kawruh kang luhung,
Ragasmara ngerpepeh umatur aris, datan anyana salugut, coploking ngilmu ngalih
gon.
Manggon aneng ing kalbu, inggih sanget kasinggiyanipun,
dereng wonten para pandhita kang ngalim, ingkang nampurnaken kawruh, kang
anjarwani mengkono.
Ingkang sampun tertantu, tan kenging nalimpang saking
ngriku, inggih wonten tiyang ahli raos angling, tunggil kang paduka wuwus,
mengku angaku Hyang Manon.
Sanget kalesikipun, nging kaot basa ajar pu/kulun, duk
kawula tamiyan ki Tatasjati, ing pangraos kula sampun, ginondheng temahan
cebol.
KINANTHI
Amongraga ngandika rum, maksih celak kang puniki, tan
nganggo tebeng satuma, galetheke kang sayekti, nyata nyataning anyata, ki wasi
den bibisiki.
Athuk gathuk adu bathuk, tumungkul ki Ragaresmi, tyas
kadya cadhang andhangdhang, lir cintaka minta riris, ris rerasan ngilmu rasa,
wus tan arasani ngelmi.
Liring bibisik puniku, pamedharing ngilmu gaib, kang
linarangan ing sarak, tan kena kawijiling ling, kang wus pupul ngalih titah,
lah kang iki ki wawasi.
Yayi mung eneng manekung, antara ing pitung sasi, meneng
budi meneng solah, meneng nendra meneng bukti, meneng ngucap meneng gonda,
meneng myarsa meneng mosik.
Datan ika iki iku, bleg pleng gemplung bleng uwus nir,
lowong buntu tan pinongku, sajroning bleng amung siji, wiji wijiling kasidan,
sida aku iya urip.
Wiji-wijining puniku, tumanem ing pitung sasi, wijining
nukat wilayat, duryat martabat san kamil, wijining kang dade/yan, asenet neng
pitung sasi.
Sajroning pitung sasi wus, kamurahaning Hyang Widdhi, pan
ing dalem satus dina, palal ing Hyang martandhani, thikil wijiling oliya, nur
buwat waliyolahi.
Ywa kandhek pratandhing ngiku, lajuning dadi ngadadi, ing
dalem wuk pitung wulan, utama kang sangang sasi, jatining wisik tri kecap,
amung ngaku iya urip.
Aku tan roro tetelu, iya prasejen dumadi, urip tan kena
ing pejah, lah iku ya ingkang pesthi, wekas-wekasing kasidan, sida-sidaning
kadadin.
Kang wang-uwung lan kang ngilmu, tanpa papan tanpa tulis,
wus pupul rampung sampurna, kang buntu ing pitung sasi, pan iku mulyaning
tekat, tuwin kamulyaning ngilmi.
Pupul palestaning kawruh, wus sampurna thel kinunci,
tutup wus datan kabuka, kang mantep dennya akunci, iya wasi Ragasmara, sareng
myarsa merbes mili.
Kagungan-dalem serat Susuluk nomer satunggal, jaman
Karaton-dalem ing Surakarta.
Nyandhak kagungan-dalem serat Susuluk ingkang nomer
kalih, anggitan-dalem Ingkang Sinuhun Pakubuwana kaping Sanga ingkang jumeneng
punika.
Utawi abdi-dalem ing Surakarta.
Seratanipun abdi-dalem Kadipaten Anom, pun Ngabehi
Awikrama.
Nomer kalih wau anyandhak nomer satunggal punika. [Lihat hal. no. 166 atas]
Anggitanipun abdi-dalem Kyahi Ngabehi Yasadipura
Posliyun.
PANGKUR
Wanci tengane ywa ringkang, marua ris risang Mudha
Mong-brangti, lumampah amurang ngenu, tejanya kethap-kethap, ya Mongbrongta Tejaswara
kang jujuluk, Makmunuradi lampahnya, sabat kalih datan kari.
Tejaswara murang marga, kapirangu kaesthi kang among sih,
maruta lon ririsnya rum, Tejaswara rambek brongta, Iman Tokit gumeder awawan
padu, masalahe cacangkriman, malah asalang tampi ling.
Ki Tokit asru angucap, payo salin cangkriman kang abecik,
alah apa pak boletus, mara badhenen enggal, siga kalah mulir lambe lawan irung,
Ki Iman nulya ambatang, bekatul punika yayi.
Ki Tokit alatah-latah, nora badhe lambe-mu ingsun pulir,
Ki Iman anulya nebus, puret badhenen apa, pan Ki Tokit ambatang manggar kang
bagus, Ki Iman asru tan rena, pan kedah irung pinulir.
Cangkriman durung kabatang, pan gumerjeg irung
pulir-pinulir, kaparat badhe-mu luput, sira ya luput uga, Dyan Seh Mudha
Tejaswara /mesem muwus, iku kang pinadu apa, sawengi tumekeng enjing.
Ki Tokit matur wotsekar, cangkrim puret binadhe manggar
gusti, Tejaswara lon amuwus, lah Tokit sira apa, pak boletus angger binadhe
bakatul, Seh Mongbrongta angandika, padha beneripun kalih.
Padha batangen priyongga, jer durung wruh karepe
siji-siji, Iman badhenen karuhun, sandika nulya batang, pan bekatul bebakane
beras wuluh, beras pan gabah binebak, gabah asal saking pari.
Pari asal saking sawah, sawahipun ing-olah kebo kalih,
alah dene bener iku, puret kabadhe manggar, lah badhenen pribadi dipun-gupuh,
Ki Tokit suka ambatang, manggar biluluk tumuli.
Pan cengkir dadi dawegan, degan nulya dadi kendho tumuli,
kendho dadi kiring iku, kinlentik dadi lenga, lisahipun ing wadhahan ing
cucupu, saenggen-enggen dokokna, punika pan leres gusti.
Iman Tokit latah-latah, dene padha bener sipta sebdeki,
Tejaswara ngandika rum, Iman Tokit karseng wang, angaliya jujuluk si
Marga-Ewuh, kesantren jeneng-/mu lama, yen sinehat pra maharsi.
Marga Ewuh apa sira, wus nampani ing karsaning sun iki,
Marga Ewuh latah matur, inggih sampun kadhadha, tanpa damel lamun tan batang
wak ingsun, rahaden mesem ngandika, lah babaren karsa mami.
Marga Ewuh aturira, datan ngalih ing batin iman tokit,
lahir sanes maknanipun, pan marga imanira, ing lumampah dene artine kang ewuh,
yen sampun tokid ing driya, datan wonten marga sungil.
Sang Brongta mesem ngandika, nyata wasis cangkriman lahir
batin, yata lampahe andarung, risang Mudha Mong-brongta, apan tansah kapirangu
amangun kung, kaetang purbaning suksma, kang asih sakweh dumadi.
Wanci nunggang ing ngancala, maruta lon sumirir angekesi,
Tejaswara lampahipun, tejanya kethap-kethap, prapteng dhukuh Sidarengga kang
amangun, tapa wasta Ajidarma, janma nom brangti ing Widdhi.
Munajat tengah ing wana, pun alasing dukuh Sidarenggeki,
umeneng ngalul paneku, tan samar ing paningal, pan dumeling jro pana teja
lelaku, tan samar yen ingkang prapta, sujanma winong ing Widdhi.
Ajidarma ris nambrama, te/ja suleksana sarawuh neki, ing
wingking pundi wismeku, paran sinedyeng ngarsa, lawan sinten kang sinambating
jujuluk, kawula tembe tumingal, Tejaswara ris nauri.
Sun yayi wong tanpa wisma, pan ideran saenggone ywan
kampir, kang sotah mastani mring sun, Tejaswara raning wang, ing-ancaran suwawi
lenggah pukulun, karsa ngong yun mawong sanak, dhumateng kang lagya prapti.
Kawula pan tanpa wisma, angandika Seh Mudha
Among-brangti, yayi tan beda lan ingsun, Tejaswara anyipta, mandhapa gung
pamucangan lan sesipun, dahana munggeng padupan, panidon kasah miranti.
Saking gaib ananeka, lawan cipta dinulur sasedyeki, janma
winong ing Hyang Agung, dadi sakarsanira, Ajidarma pupungun mangu mangun kung,
moneng andulu wismendah, ing netya sinamun wingit.
Kalingling purbaning suksma, Tejaswara tuhu janma
linuwih, nyata abadan suksmeku, Seh Mudha Among-brongta, angandika yayi
linggiha sireku, ing wisma yayi lan para, awon sirnane neng siti.
Anulya linggih saksana, Among-brongta resep myat
Darma-aji, Ki Darmaji apitutur, mila ulun pilenggah, aneng Sidarengga
nglampah/i pituduh, ujaring swara paduka, kang kesthi swara dumeling.
Antenana Sidarengga, Tejaswara janma winong ing Widdhi,
kang badhe mulyaken iku, paran sasedyanira, Among-brongta mesem ing
pamuwusipun, anglengkara awaking wang, lumakyan tuk sihing Widdhi.
Sun iki ambeg birawa, anglalana tanpa eninging kapti, tan
pandon ing tingali liwung, tan wrin ing subasita, pindha punggung tar wruh
wekasing awuwus, lir sarah aneng samodra, kombak kentir nut ing warih.