SUGENG WILUJENG WARSA ENGGAL 1442H (1 Syuro)

0

SUGENG WILUJENG WARSA ENGGAL 1442H (1 Syuro)




Tambanono ngagem keyakinan ingkang dipun tuwuhaken soko telenging ati.

Ombenono nganggo toya sekti kang kaubengan doyonipun pengeran ingkang Moho pancipto.

Seger kewarasan saking kersane gusti pangeran ingkang Moho sakti.

Rahayu sagung dumadi kalis ing rubedo nir ing sambikolo 


Mecaki dino mungkasi warso

Ora kroso umur mundhak tuwo

Ananging tuwo iku nugroho

Paringe kang Moho Kuwoso

Mugo tansah diparingi rahayu widodo

Kalis saking sedoyo rubedo


Roso pangroso dipontho-pontho

Endi sing becik lan endi sing olo

Dadi panglimbanging roso

Sing apik diupokoro

Sing elek dibuwang supoyo ora dadi memolo


Panyuwunku dadio tuwo

Uripe tetep piguno

Tansah pinaringan ayem mulyo

Bagas-waras, bagyo raharjo

Nir ing sambikolo.


Wilujeng ngelampahi Suranagung 1444 Hijriyyah

Ngaturakeun sedaya kalepatan, nyuwun agunging pangaksomo


Mugi sedoyo tansah rahayu, wilujeng, bagas, saras, mirah rejeki, tinebihaken lir sabikolo, beboyo lan memolo


Mugi-mugi kinabulan sedaya kajad lan kaijabah sedoyo panyuwunan dening Gusti Pengeran, Allah SWT.

Gusti Ingkang Murbeng dhumadi

Gusti Ingkang Akarya Jagad

Aamiin.


NYUWUN AGUNGING SAMUDRA PANGAKSAMI KAGEM SEDOYO KALEPATAN KAWULO

Post a Comment

0Comments
Post a Comment (0)